Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/22

Kaca iki wis divalidasi

C. Tuladha:

a. Sadurunge (gawa) mulih, prayogane (titi) dhisik.
b. Sadurunge kogawa mulih, prayogane kotiti dhisik.

Tembung ing jero kurung ing ngisor iki wenehana ater-ater tri purusa (dak, ko utawa di) kaya tuladha!

  1. Bukumu apa wis (tata)?
  2. Sariman duwe layangan apik, (silih) ora oleh.
  3. Murti (cekel) pulisi amarga ora duwe SIM.
  4. Asuku rak (kala) ta?
  5. Lawange (cet) ijo.
  6. Pak Rangga kaget, gupuh nampani layang, (bukak) nuli (waca).
  7. Sur, aja sumelang yen utangku ora (saur!
  8. Kowe wingi nuntun jaran, arep (gawa) menyang ngendi?


D. Tuladha:

a. Ana toko buku sing dodolane mung buku-buku anyar.
b. Ana toko buku sing dodolane mung buku-buku lawas.

Gawenen kaya tuladha!

  1. Anake sing wuragil wis cekel gawe.
  2. Sri, apa kowe wis buka?
  3. Maryati bocah jirih.
  4. Dhuwite isih wutuh.
  5. Prapti watake gumedhe.
  6. Sarengat bocah brangasan.
  7. Parine gabug.

12