Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

 Samangke kathah tiyang ngingah welut. Caranipun gampil. Tong tilas wadhah aspal utawi tilas wadhah lisah dipun resiki. Lajeng dipun iseni siti lendhut kacampur cacahan dami pantun, rupinipun sampun pleg siti ler-leran sabin.

Sasampunipun makaten lajeng dipun cemplungi bibit welut ageng-ageng sawatawis. Boten dangu welut wau lajeng tumangkar dados kathah. Pakanipun ugi gampil. Cekap ron-ronan, uwuh, dami pantun lan sasaminipun.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Welut kuwi enake diolah apa?
  2. Cocoge welut kuwi kanggo nglawuhi sega sing kepriye?
  3. Lumrahe yen golek welut kuwi ana ngendi?
  4. Yen kowe arep ngingu welut kudu nyepakake lemah sing kepriye?
  5. Apa welut kuwi pakane gampang?


III. Kawruh basa

A. Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, sing cumawis ing ngisor!

1. Trenggana ..... trewelu.
2. Anggone ..... tandurane tumemen, mula wohe mbiyet.
3. Sapa sing ..... dhompetku mau?
  a. ngopeni  b. ngingu  c. ngrawati
4. Layanganku disangkut bocah, bolahe .....
5. Potelotku ..... , dadi aku ora bisa nulis.
6. Gelase sapa sing ..... iki?
  a. pecah  b. putung   c. pedhot

25