Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 5

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Layangan Pedhot
Byakta : Matreng, kesangkut, Tris!
Sutris : Byak, ulur, ulur terus!
Byakta : Adhuh, matik, kalah, Tris!
Sutris : Iya ik. Tak oyake!
Bocah-bocah : Iya ik. Tak oyake!
(Gedebug, gedebug, gedebug!)
Bakul dawet : He, he, he! Awas, awas, awas!
Sutris : Adhuh!
(Grobyak! Krompyang!)
Bakul dhawet : Lha apa ta!
Piye, Le, dhawet numplak, mang-
kok sumyur. Ijoli!
Sutris : Ora njarag, Pak. Adhuh!. Gilo gu-
dras getih. Dhengkulku nglonyom!
Byakta : Klambimu suwek kuwi lho.
Kene, kene, tatumu taktambanane
dhisik.
Bakul dhawet : Lha iki piye, durung kepayon,
numplak. Tempuhi lho, Le.
Byakta : Iya iya, Pak! Ko sik, ja semelang!
Sutris : Wah, kepalu kepenthung, Byak!
Ngoyak layangan ora kecekel, tam-
bah ora karu-karuwan!


B. Wacanen kang patitis, lagune kang trep!

  1. Wah nasib, wis telat tambah mogok pisan!
  2. Wah nasib, potongane elek, sesak pisan!
    30