Kalanjana lan Tebu

Murkane Ibu

[ 31 ]Kalanjana Lan Tebu

Ika Novitasari SMA PGRI 1 Pengasih, Kulonprogo

kd

Ke. biasane, esuk iki Fifi menyang sekolah. Fifi ora keset banget, upa ora sregep banget, nanging Fifi duwe kanca akeh merga dheweke gampang srawung karo wong liya. Kaya manungsa liyane, bocah wadon manis rupa iki, uga akeh kekurangane.

Ing sekolahan, Fifi lan kanca-kancane melu pelajaran kaya biasa- ne. Nalika diterangake, pak guru nggunakake basa Jawa karma, Fifimalah bingung dhewe amarga dheweke ora ngerti karo apa kang dingendikakae pak guru. Sanajan Fifi dhewe kuwi wong Jawa, Fifi mung ngerti yen diparingi tugas, nanging ora ngerti maksude. Fifi duweni akal takon karo kancane. Nanging, kancane ora gelem ngan- dhani. Jebule kanca-kancane Fifi wis sarujuk arep gawe Fifi supaya bingung, sanajan kanca-kancane saying lan tresna karo Fifi.

Fifi meneng sawise kesel meksa kanca-kancane kanggo ngenehi ngerti apa satenane tugas saka pag guru. Ing pikirane, yen ora ana kanca kang ngandhani apa tugase, Fifi wis niyat arep ora menyang sekolah minggu ngarep amarga Fifi ngerti sapa sing ora nggarap tugas bakal diukum. Apa maneh yen mbantah utawa golek-golek alesan, ukumane mesthi ditambah maneh. Mulane Fifi tambah mantep yen dheweke ora arep mangkat sekolah minggu ngarep.

Sawise bali saka sekolah, kaya biasane Fifi banjur maem. Sa- wise iku banjur salin lan terus ngaso teturon. Fifi isih kelingan marang tugas saka pak guru kang ora dingerteni apa tugase kuwi mau. Fifi kepengin bangetmangerteni apa tugas kuwimau. Dheweke rumang- sa salah yen ora nggarap tugase. Fifi tangi banjuur lunga menyang

> “Murkane Ibu” ee 31 [ 32 ]nggone Hana, kanca sakelase. Fifi arep nakokake tugas apa kang diwenehake gurune. Sawise tekan anaing omahe Hana, Fifi ngucap- ake salam.

“Assalamu alaikum!”.

Nanging kok ora ana sing mangsuli. Fifi banjurngucapake sa- lam maneh.

“Assalamu'alaikum !”.

Ora suwesawise Fifi ngucapake salam, banjur keprungu jawab- an salam saka njero omahe Hana.

“Wa'alaikumsalam”, banjur ketokibune Hana bukakake lawang,

“Kulanuwun Bu” kandhane Fifi marang ibune Hana.

“Weee, Nak Fitri, kene, kene mlebu Nak!” kandhane ibune Hana gapyak sumanak.

“Inggih, matur nuwun Bu. Nuwun sewu Bu, badhe nyuwun pirsa. Menapa Hana wonten Bu?” pitakone Fifi.

“Ooo anaNak, nanging lagi wae menyang warung kidul kono. Dienteni sedhela wae Nak, kene lungguh dhisik”. kandhane ibune Hana.

“Kok njanur gunung ki Nak Fifi tekan omah kene, sajake kok penting banget, ana apa Nak Fifi?” pitakone Ibune Hana.

Ditakoni kaya mangkono mau, Fifi mung meneng wae. Ibune Hana banjur ngendika maneh.

“Ya wis yen Ibu ora oleh ngerti ya ra apa-apa Nak”. Ibune Fifi ngendika kaya mangkono karo menjeb lan njiwit lengene Fifi. Fifi banjur mesem.

“Ahh Ibu, mboten wonten menapa-menapa kok. Namung kala- wau wonten kelas, nalika dipunterangaken pag guru ngengingi tugas lare-lare wonten ing pelajaran basa Jawi, kula menika mboten mi- rengaken, pramila kula mboten ngertos tugas menapa ingkang dipun- paringaken pak guru, ngaten Bu. Pramila kula dolan mriki menika badhe taken kaliyan Hana ngengingi tugas kalawau”. Fifi crita karo ibune Hana.

“Oooo, ngonota. Mulane ya Nak, yen ana ing kelas kuwi ya kudu mirengake apa kang diwulangake pak guru, ora mungcrita dhewe! Wis, tak ana mburi dhisik, sedhela maneh Hana rak mesthi wis teka saka warung”. Ngendika mangkono ibune Hana banjurmlebu menyang mburi saperlu nggawekake wedang kanggo Fifi. Ora let suwe, ibune Hana wis ngasta gelas isi wedang the.


832 > Antologi Crita Cekak ee [ 33 ]“Wis, gek diombe Nak wedange, wong ora panas banget kok! Dikepenakake lungguhe ya Nak, ibu dak ana mburi maneh”. Ibune Hana banjur mlebu maneh ana mburi.

Wis meh 20 menit Fifi ngenteni Hana sing jarene menyang warung kidul kono. Nanging Hana kok durung teka-teka. Ibune Hana metu karo ngendika.

“Wah kok Hana durung bali-bali ya, kamangka blanjane ora akeh, tur ya ora abot je! Waduh ana apa ya? Ngene wae Nak, ibu dak nyusul Hana ana warung, Nak Fifi ngenteni neng kene ya?” Ibune Hana katon rada keweden. Fifi banjur ngadeg,

“Bu, menapa kula kepareng ndherek nyusul Hana? Kula mbo- ten sekeca menawi wonten dalem mriki piyambak” kandhane Fifi.

“Walah, ora apa-apa Nak, kaya ana ing omahe sapa. Kowe rak yawis biasa dolan ana ing kene ta? Wis, Nak Fifi lungguhan ana kene dhisik, Ibu daknyusul Hana ana warung kidul kono!” karo ngendika kaya mangkono, ibune Hana banjur gage-gage nyusul Hana.

Fifi mungmeneng wae, karo nyawang ibune Hana tindak, Fifi banjur lungguhan ana ing kursi teras omahe Hana.

Ibune Hana wis tekan ana ing warung sing biasa ditukoni kanggo blanja sedina-dinane. Nanging ana ing warung, Hana kok ora ketok. Ibune Hana banjur takon marang sing ana ing warung,

“Mbak Darni, Hana mau mrene ora? Kok nganti saiki durung bali-bali?” pitakone Ibune Hana marang Mbak Darni.

“Lho, Hana niku pun wangsul Bu, wau pancen tumbas blanjan teng mriki. Mbokbilih sakmenika sampun wonten griya, Bu. Lha menapa panjenengan mboten kepanggih teng mergi napa?” kandha- neMbak Darni karo mesem.

“Oraje Mbak, apa liwat dalan kulon pa ya? nanging cetha yen mau mrene lan wis bali ta Mbak? pitakone Ibune Hana.

“Inggih Bu, wau mriki lan pun wangsul kok, wong kula ugi nger- tos piyambak kok!” wangsulane Mbak Darni.

“Welha, yaw is Mbak aku dakbali, nuwun ya mbak!”

Kandha mangkono, ibune Hana banjur tindak sajak kesusu, kon- dur ana omahe. rasane selak kepengin ngamuk marang Hana amar- ga Hana wis gawe bingunging ibune.

Sakwise Ibune Hana tekan omah, banjur nggoleki Hana. Na- nging kok hana ora ketok. Ibune banjur celuk-celuk.

“Han, Hana!” ibune celuk seru banget.

> “Murkane Ibu” ee 33 [ 34 ]4

“Inggih Bu, kula ten mriki!” wangsulane Hana saka kamare.

Ibune Hana banjur mlebu ana kamare hana. Satenane arep nesu, nanging merga ana Fifi, ibune nakoni Hana kanthi alus.

“Kowemau neng ngendi waeta Han, wongmung neng warung cedhak kono wae kok suwe banget lagi bali. Ibu nyusul ana ing wa- rung, nanging kowe ora ana, jebule malah wis tekan omah”.

“Nuwunsewu Bu, kula critani nggih. Wau, nalika mlampah, arta sing kula bekta dhawah. Kula lajeng mbolak-balik madosi arta ingkang dhawah Bu. Tujunipun mboten wonten tiyangin gkang liwat dalan teng warung, arta, wau tujune kepanggih Bu, gemlethak teng mergi” Hana crita marang ibune.

“Jan sembrono tenan kowe Han, sesuk maneh mbok sing ngati- atita, oramungdlesap-dlesep delehake dhuwit, ya wis syukur yen mang- kono. Wis kono ditutugake anggone jagongan karo Fifi!” Ibune banjur metu saka kamare Hana lan mbacutake gaweyane ana ing mburi.

Hana banjur nutugake anggone ngobrol lan jejagongan karo Fifi karo teturon.

“Eh, Fi, yen ora kleru, dina iki rakana pertandhingan bal-balan ta? Hana takon marang Fifi.

“Iya pa Han? Trusjam pira bal-balane? Ngendi lawan ngendi Han?” pitakone Fifi.

“Yasaiki Fi, yoook delok, mesthi wis meh wiwit ki!” kandhane Hana.

hanalanFifi gage-gage padha menyang kamar ngarep saperlu ndelok bal-balan ana ing TV.

Tekan kamar ngarep, TV-ne banjur distel lan nggoleki stasiun TV singnyiarake bal-balan dina kuwi. Sajrone ndelok bal-balan sakloron padha nguu bebarengan yen jagone bisa nyerang mungsuh. nanging kadhang ya dha gethem-gethem menawa jagone kecolong- an bal. Apamaneh nganti kegulan, rasane kuciwa banget. Kosokbali- ne, nalika jagone nggiring bal lan bisa ngegolake pawange mungsuh, sakloron ngguyu lan mbengok sora banget, kaya-kaya sakloron dadi kelompoke jagone.

Orarinasa, tetandhingan bal-balan wis rampung, Dina wis sore.

“Wah ora krasa kok wis sore ya Han. Wis aku daknjaluk pamit mulih, mengko ibuku mundhak duka karo aku”. kandhane Fifi.

“Yaw is yen ngono, ngati-ati ya Fi! Salam kanggo ibumu!” wangsulane Hana.

84 = Antologi Crata Cekak ee. [ 35 ]“Oh, ya Han, ibumu ana ngendi? Aku dakpamit”.

Hana banjur menyang mburi. Ora let suwe ibune Hana wis ana ngarepan.

“Bu, kulanyuwun pamitrumiyin, sampun sonten”. kandhane

“Iya Nak, bener kowe, bali dhisik mengko ibumu duka lho yen kowe wis sore kok durung bali. Wis ngati-ati ya Nak!”. Ibune banjur ngepuk-epuk pundhake Fifi.

“Inggih Bu. Pareng Bu! Wis ya Han, aku bali dhisik. Assalamu- “alaikum!”

Fifi banjur mlaku alon-alon.

Fifi wis tekan ngarep omahe, banjur uluk salam.

“Assalamu'alaikum!”

“Waalaikum salam!” ibune Fifi mangsuli salam saka Fifi, karo takon marang Fifi.

“Kowe ki saka ngendi ta Fi, kok saka awan mau nganti saiki lagi bali?” pitakone Ibune Fifi.

“Nyuwun pangapunten Bu, kula waku kesusu lan mboten pamit Ibu. Kula wau saking griyane Hana, kanca sakelas kula Bu”. Kan- dhane Fifi.

“Kok sajak kesusu, ana perlu apa?” pitakone ibune Fifi.

“Nggih pengin ketemu Hana Bu, ugi wau ningali bal-balan”. kandhane Fifi.

“Lha mung ndelok bal-balan wae kok nanggone Hana barang, wong ngomah ya ana TV ta?”

“Inggih Bu, panic leres, nanging kulak ok luwih remen yen ningali bal-balan kanthi sareng-sareng”. kandhane Fifi.

“Yawis gekmaem kana, kae wis dakcepakake ana meja, lawuhe iwak sing paling enak 10.”

Fifi banjur menyang meja mburi. Fifi ora kelingan blas bab tugas saka pak guru sing niyate mau arep ditakokake marang Hana, nganti bali malah lali ora takon marang Hana. Sakwise maem, Fifi banjur menyang kamare lan nunggu wayahe adus.

Bengine, kaya adat saben dinane, Fifi ndelok daftar tugas sekolahane.

“Wah, sesuk esuk ora ana tugas sing kudu ditumpuk. Dadi saiki bisa rada sela ki. Tegese saiki aku bisa ndelok TV”, batine Fifi karo sajak bungah banget.

> “Murkane Ibu” ee 35 [ 36 ]Fifi banjur nyetel TV ana kamar ngarep. Lagi wae nggoleki acara sing apik, ibune takon marang Fifi.

“Fi, kok nyetel TV? Apa ora ana tugas pa?” pitakone ibune.

“Boten wonten kok Bu, kula badhe ningali acara Gong Show Bu”.

“Nanging aja wengi-wengi Fi anggone ndelok TV. Kowe kudu tetep sinau lo!” ibune kandha mangkono banjur mlebu ana kamare.

“Inggih Bu”. kandhane Fifi.

Fifi katon asyik banget ndelok acara TV nganti jam sanga. Sak- wise iku TV banjur dipateni lan Fifi banjur mlebu ana kamar. Dhe- weke banjur turu lan ora ngalkoni tugas yen dheweke kudu sinau.

Kaya adat saben dinane, watara jam setengah puti, Fifi wis bu- dhal menyang sekolah. Tekan sekolah, Fifi banjur ditakoni kanca- kancane.

“Kepriye Fi, wis ngerti tugase wingi durung? Jarene wingi sore kowe dolan neng omahe Hana saperlu nakokake tugas?” pitakone kanca-kancane Fifi.

Krungu pitakonan kaya mangkono, Fifi kaget banget. Dheweke lagi wae kelingan yen wingi dheweke lali ora nakokake tugas karo Hana. Dheweke banjur ngapusi kancane.

“Lha aku nanggone Hana mung kepengin dolan wae kok”. kandhane Fifi.

“Ooo, yen ngono dadi ra kepengin ngerti tugase wingi?” pita- kone kancane.

“Ora” Fifi njawab ngapusi kanthi cekak.

Ing atine Fifi jan-jane ya kepengin banget mangerteni tugas saka pak guru.

“Ya wis nek ra pengin ngerti!”

Nalika ngaso, kanthi swara lirih, Fifi takon marang Hana.

“Han, saktenane tugas saka pak guru wingi ki apa ta?”

“Jebule kowe ki pancen ora ngerti tenanta Fi? Dakkira kowe mung gawe-gawe”. kandhane Hana.

“Halahh Han, kayak owe ki ra ngerti aku wae!” Hana banjur ngguyu.

“Ngene ya Fi, tugas saka pak guru wingi yaiku awake dhewe didhawuhinyathet wit-witan sing ana glugute saokeh-okehe. Pak guru kepengin ngerti sepira ta awake dhewe mangerti karo wit-witan sesambungane karo bab sing diterangake wingi.” kandhane Hana karo mesem.

86 = Antologi Crata Cekak ee. [ 37 ]Sakwise dikandhani Hana, Fifi manthuk-manthuk. Dheweke wis ngerti tugas saka pag guru wingi.

“Matur nuwun ya Han, kowe wis ngandhani tugas saka pak guru.”

“Uhhhh..., mulane Fi, yen pak guru ngendika ki ya dirungok- ake”.

Fifi lan Hana banjur ngguyu bareng.

Wusanane, dina kanggo numpuk tugas kasebut wis teka. Pak guru banjur nakokake tugase marang kabeh murid sakelas. Murid- murid banjur padha numpuk tugas kasebut. Salah sijining murid lanang kang jenenge Aantakon marang Fifi.

“Wis nggarap tugas po Fi?”

“Wah ya wis ta” wangsulane Fifi.

Kabeh murid wis ngumpulake. Nanging ana siji sing durung numpuk tugas, yaiku Aan. Aanisih bingung nggoleki kertas tugase singora anaing tase. Aan banjur kelingan yen tugase isih anaing meja sinaune ing ngomah.

“Pak, kula sampun nggarap tugas, nanging kentun ing griya”.

“Aku ora seneng yen ana muridku sing seneng goroh. Saiki minangka ukumane, kowe kudu ngadeg ing sakiwane papan tulis kuwi tekan pelajaran iki rampung”.

“Nanging Pak, kula saestu sampun nggarap tugas kok Pak, saestu Pak”. kandhane Aan semu keweden.

“Wis ra sah kakehan alesan, pokoke kowe saiki kudu ngadeg ana sakkiwane papan tulis kuwi, lakonana!” Pak guru rada ngendi- ka semu nggetak.

Krungu pak guru ngendika kaya mangkono, kabeh murid padha meneng wae, kelas dadisepi. Aan banjur mlaku tumuju ana ing kiwa papan tulis ing kelase kanggo nglakoni ukumane nganti pelajaran rampung, Aan rumangsa isin banget karo kanca-kancane, luwih- luwih karo Fifi jalaran saktenane Aan seneng karo Fifi. Nanging Aan durung wani omong jujur karo Fifi. Yen kepethuk Fifi lan Aan mung unek-unekan.

Sakwise Aan ngadeg ana sakkiwane papan tulis, pak guru ban- jurmbahas tugas. Tugas sing diwaca dhisik yaiku tugas sing digarap Fifi. Ing kertas tugase Fifi katulis KALANJANA=TEBU. Pak guru banjur ngendika.

> “Murkane Ibu” ee 837 [ 38 ]“Bocah-bocah, bapak takon ya, kalanjana lan tebu kuwi padha apa beda?”

“Benten Paaaaak! semaura murid-murid bareng, Mung Fifi sing duwe wangsulan.

“Menawi miturut kula Pak, kalanjana lan tebu menika sami sebab kalanjana menawi sampun ageng lajeng dados tebu, leres ta Pak?”

Krungu Fifi omong kaya mangkono, kabeh murid padha nggu- yu. Nggeguyu omongane Fifi. Pak guru banjur nerangake menawa kalanjana lan tebu kuwi pancen beda. Pak guru banjur nerangake apa kuwi wit kalanjana lan tebu. Sakwise diterangake pak guru, Fifi lagi ngerti tenan. Kedadean kuwi mau jebulna bisa ngowahi sifate Fifi sing ora pati sregep lan ora pati pinter. Wiwit kedadean kuwi, Fifi dadi sregep sinau jalaran ora pengin kisinan maneh.

KK

N Ika Nofitasari, lair nalika tanggal 13 Oktober 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA PGRI 1 Pengasih, Jalan Kembang 7, Margosari, Pengasih, Kulon Progo, telepon (0274) 773188, agamane Islam, omahe ana Kradenan, RT 26, RW 13, Kedungsari, Pengasih, Kulon Progo, nomer hapene 085228304078, senengane nembang, nari, lan maca/nggawe guritan.


838 = Antologi Crata Cekak ee.