Mayangsumirat

[ 18 ]kawicaksanan


tumiyuping angin saka njaban kutha

ujaré tresna suci ora ngindhit polusi

prawan sunthi pudhakpayung wira-wiri menyang kali

sesindhirin durung wanuh maujuding keadilan

nanging ilanging gancang melaring radhius

prawan sunthi njegreg mentheleng tumambirang

angin kutha ngrabasa ubaling panggodha

tresna lamis dikuras nganti ledhis

wira-wiri nepusi jurang sungiling panguripan

ngluru sungapaning kanikmatan

baud dandan

ngadiraga

wiraga ginawé ngothaki tresna lamis

nuli tumiyupe warta njaban kutha

ganti candhak kulak dol tinuku

adol awak tresna palsu [ 19 ]ujare génerasi sing butuh maju

ora lucu diréwangi padu


-0-


karanggeneng, 31 desember 1984

Djaka Lodang, No. 650 Th. XIV

Sabtu Pon 2 Maret 1985, kaca 35