Kembang (Yunita Nur Astuti)

Lintang Biru
[ 81 ]

YUNITA NUR ASTUTI

SMP Negeri 2 Imogiri

Kembang

Taman kang akeh kembange
Kang ambune sumegrak
Marakake atiku trenyuh
Kembange kang warna-warni
Gawe sumringahing ati

Apa ta?
Sing marakake kowe apik
Aku pengin kowe
Kang disenengi uwong-uwong

Nanging apa wangun aku dadi kowe
Mben eneng angin nglawe-nglawe
Ora... ora bisa aku nirokake kowe
Aku tetep aku