Kidung Megatruh

[ 20 ]KERAMPOKAN

Rama Istriyani

Esuk iku, kaya biyasane, Bu Ning tangi jam lima. Ananging Pak Tomo, bojone Bu Ning, isih kepenak anggone turu. Ora watara suwe, Bu Ning nggugah bojone kang durung tangi kuwi.

“Pak, mbok ya tangi! Sholat subuh dhisik!” tuture Bu Ning mrentah. Ora mangsuli apa-apa, Pak Tomo terus tangi lan sholat subuh. DeneBu Ning nggugah aak-anake.

“Cah, ayo padha tangi. Wisjamlima. Gek ndang sholatsubuh!”

Mangkono akone Bu Ning, Wiwin lan Agus ngucek-ucek mripate amarga isih aras-arasen lan ngantuk, Nanging, ora let suwe Wiwin lan Agus gage tangi, sabanjure sholat subuh jama'ah wong loro. Wiwin iku anake wedok Pak Tomo sing mbarep. Saiki wis kelas loro SMA. Dene Agus putra ragil lan saiki wis kelas siji SMP. Sawise bocah-bocah padha tangi, Bu Ning banjur nandangi gaweyane ing pawon gawe sarapan kanggo putra-putrane sadurunge menyang sekolah.

Ora kaya biyasane, sawise sholat Pak Tomo malah mapan turu maneh. Sajake lagi ora kepenak awake, Ngerteni bojone malah turu maneh, BuNing takon marang garwane iku.

“Jenengan ki ngapa ta, Pak? Mbok apa perlune, Makani pitik- pitike kaelho! Kok malahturu meneh!”

“Awakku ki gek ora kepenekje, Bu. Rasane pating greges kae.

Ora menyang mulang sikik kepiyeya, Bu?”

“Masuk angin napa, Pak?

“Mbuh iiki, kayane panceniya.”

“Mulane, yen adus aja tuman wengi-wengi! Ya wis turu maneh! Aku tak menyang pasar dhisik.”

Pak Tomo turu maneh, DeneBu Ning banjur tata-tata anggone arep lunga menyang pasar. Sawise rampung tata-tata lan gawe sarapan, BuNing tumuju pasar numpak pit onthel karo nyangking tas blanja kang rada gedhe. Ananging sadurunge menyang pasar Bu Ning pamit karo garwa lan putra- putrane.

“Pak...aku menyang dhisik. Nok, Le,...aja lali piringe diasahi!”Bu Ning banjur senthawing lunga. [ 21 ]A

Tekaning pasar, Bu Ning nyelehake pit onthele ing parkiran sandhing pasar. Bu Ning langsung tuku kebutuhan masak. Ndilalah, Bu Ning ketemu karo Bu Sri, garwane Pak Budi. Pak Budi iku kancane Pak Tomoing koperasi. Padha dene anggota koperasi simpan pinjam. Wong loro nuli padha aruh-aruhan.

“Bu Ning, njenengan nggih blanja, ta?” aruhe Bu Sri.“Nggih, niki. Jenengan blanja napa ta, Bu?””Blanja tempe kaliyan jajan pasar.”“Kok kathah sanget, ajeng kangge napa, Bu?”“Kangge yasinan niku lho, Bu.”Bu Ning mung meneng wae banjur ngrewangi Bu Sri anggonenata blanjanane.

“Oo..injih, Pak Tomo sampun mendhet SHU dereng nggih, Bu?” pitakone Bu Sri sajak ngelingke. “SHU napa ta, Bu? Kok kula boten miring, nggih, babagan pembagian SHU. Sajake dereng. Pun seminggu bapake boten tindak dateng koperasi. Anu, margi kathah damelan wonten sabin. Pak Budisampun mendhet, Bu?”

“Sampun kawit winginane, Bu.”

“Angsale pinten?”

“Yen boten klentu kawan atusewu, Bu.”

“Ngantos dinten napa nggih, Bu? Kok kula boten miring babar blas.”

“Sanjange Bapake wingi nika ngantos dinten niki, nanging yen

boten klentu lho, Bu.

Nggih pun, kula ngrumiyini.”

“Nggih, dherekke.”

Bu Sri banjur ndhisiki. Dene Bu Ning isih golek janganan. Pasare sesak banget. Rebutan dalan. Suk-sukan. Akeh banget wong kang padha blanja. Mula Bu Ning golek panggonan kang mada sepi. Kepeneran ana kang sepi, banjur Bu Ning takon regane.

“Bayeme regine pinten sauntinge?” Bu Ning takon. “Menika gangsalatus, Bu.”“Boten angsal kirang napa, Bu?” “Boten tawi, Bu.”Bu Ning langsung wae nyelehake bayem iku lan nerusake milih-milih janganan liyane.

“Menawa sawine pinten niki?”

“Niku pitungatus.”

“Kok larang, Bu?”

“Reginenggih pancen sementenje, Bu.”

Bu Ning milih-milih janganan liyane sing mada apik. Sidane Bu Ning tuku bayem kang dienyang iku mau. [ 22 ]“Nggih, bayemeniku mawon!”

“Pintenunting, Bu?”

“Kaleh unting mawon,” Sing dodol terus madhahake bayem kang, dipilih Bu Ning. Ing omah, Pak Tomo isih ngamar. Ngerteni kaya ngono, Bu Ning age-age nggugah bojone.

“Pak, tangi!”

“Ana apata, Bu? Koksuwe banget, Bu?

“Lha pasare kebak, dadine suwe. Pak, njenengan ki wis njupuk SHU durung?”“SHU apa, Bu? Aku ora krungu yen ana dum-duman SHU, Sing ngandhani sapa?”“Wau gek neng pasar aku ketemu karo Bu Sri, garwane Pak Budi kae Iho. Dheweke kandha yen ana pembagian SHU. Pak Budi wis njupuk wingenane, Lokete mung ngladeni mung tekan dina iki.” “Saiki jam pira, Bu?”“Jam setengah sanga.”Pak Tomo age-age arep menyang koperasi, sanajan awake mada ora kepenak lan aras-arasen. Bu Ning mada kuwatir.

“Njenengan ki kok kesusu, ta? Mbok mengko dhisik, ngombe- ngombewedang anget. Jarene awake mada ra kepenak.”“Saiki dina Jumat, ta? Koperasi iku bukake mung tekan jam sepuluh, Dadi kudu gasik. Aku mangkat dhisik ya, Bu?” pamite Pak Tomo nggeblas marani montore.

“Ya wis, ati-ati neng dalan ya, Pak,” Bu Ning ngelingke bojone singditresnani iku. Lakune Pak Tomo menyang koperasi nganggo pitmontor sing lagi wae dituku enem sasi kepungkur kanthi Cash utawa lunas. Mangkono nek dheweke crita sejarahe montor iku marang tangga- tanggane.

Tekan koperasi, jebule bener apa kang angen-angenke Pak Tomo pas ana dalan, Swasanane rame banget, Pak Tomo antri, oleh jatah mburi dhewe. Penguruse ubeg ngladeni wong-wong kang arep jupuk SHU. Neng kono, Sajroning antri, Pak Tomo ketemu karo Pak Wajiman, kancane nyambut gawe.

“Mendhet SHU, Pak?” Pak Wajiman ndhisiki takon sinambi mundur, “Inggih niki, Pak. Njenengan sampun mendhet?” “Ooo. sampun,” wangsulane Pak Wajiman sisan nggawa amplop warna putih lan sabanjure melu lungguh ing sandhinge Pak Tomo,

Pancen, kadingaren koperasi dina kuwi rame banget. Biyasane dina jumat kaya iku paling-paling mung wong telu utawa papat sing mara, Nanging swasanane pancen semrawut, Pak Tomo katon bingung. Wis sawetara suwene ananging dheweke durung ditimbali. [ 23 ]“Pun dangu kok kula dereng ditimbali nggih, Pak?” pitakone PakTomo marang Pak Wajiman. “Nggih ditengga rumiyin. Kula wau nggih nenggo dangu sanget. Kula ngantrine pun wiwit jam pitu wau.”

Pak Tomo mung manggut-manggut. Batine wis ora kepenak. Bola- bali Pak Tomo ndeleng jam tangane. Dinane wis saya awan. Marga wis kesuwen anggone nunggoni lan ngancani Pak Tomo, Pak Wajiman nedha pamit mulih.

“Nggih pun, kula ngrumiyini, “pamite Pak Wajiman.“Ooo...nggih, dherekaken! Matur nuwun, Pak. Dikancani. Ngatos-atos!”“Nggih, maturnuwun ugi!”

Pak Wajiman banjur metu saka kantor koperasi iku, njupuk pit montore ing penitipan. Pak Tomo saya suwe saya kuwatir. Wektu wis nuduhake jam sanga luwih patang puluh sanga menit. Ananging isih ana waong pitu sing durung diladeni. Pak Tomo katon ora jenjem. Dheweke njenggiratngadeg arep takon marang penguruse.

“Mbak, niki taksih dangu boten nggih?” pitakone Pak Tomo rada sora. “Sekedhap, Pak.”

Pak Tomo lungguh maneh. Marga nunggu kesuwen, awake Pak Tomo tambah pating greges lan ora kepenak. Dhasare mau esuk awake wis mada ora kepenak.

“Dhuh...tobat tenan. Kok ya ora gek cak-cek,” batine Pak Tomo nggrundel. Pak Tomo malah laku mrana-mrene sisan nunggu gilirane. Nanging dhasar Pak Tomo wis ora sabar nunggu, dheweke langsung nyeseg, barisane wong-wong kang ana ing ngarep. Wong-wong ing baris ngarep iku padha muni-muni amarga ora trima yen Pak Tomo nyrubut.

“Ampun ngaten niku, Pak! Antri rumiyin!”

“Kula namung ajeng tanglet, kok,” wangsulane Pak Tomo mbela awake dhewe. Bareng rumangsa ora kepenak karo wong-wong, Pak Tomo mundur. Pak Tomo trima meneng wae tinimbang dipisuhi wong akeh.

Ora krasa wis seprapat jam Pak Tomo nunggu. Isih ana wong loro maneh sing durung diladeni. Ora let suwe, Pak Tomo diundang jenenge dening penguruse.

“PakTomo....!” “Nggih, kula!” [ 24 ]Pak Tomo banjur maju menyang loket. Ing kono penguruse wis ngadhep buku data anggota koperasi simpan pinjam. Penguruse ngulungke tangan njaluk kartu tandha anggota koperasi duweke Pak Tomo. Pak Tomo ngrogoh gembolane. Nanging kok ora tinemu. Pak Tomo dadi bingung. Pak Tomolagi kelingan menawa kertune keri ing meja ruang tamu

“Mbak, kartu kula kantun teng griya. Yen kula mendhet riyin taksih kanthi boten?” “Lha koperasine ajeng tutup niku, Pak,” wangsulane penguruse koperasi.”Namumg sekedhap, Mbak, Ditengga riyin nggih!” panjalukke Pak Tomo.

Penguruse rada mangkel marga Pak Tomo malah ngrepoti lan nyuwen-nyuweni. Ewa semono, penguruse kepeksa tetep saguh ngenteni sanajan karo mbesengut. Pak Tomo gage mulih njupuk kertu anggotane sing keri ing ruang tamu. Pak Tomongebut. Bareng wis tekan ngomah, Pak Tomo kesusu nggoleki kartune ing ruang tamu. Rumangsa ganjil anggone ndelengake lakune Pak Tomo, Bu Ning banjur nakoni.

“Njenengan niku napa ta, Pak, kok katon bingung, kesusu? Sakjane nggoleki apa ta? Pripun, SHU-ne?”Pak Tomo mung meneng wae ora ngrewes pitakone bojone mung ubeg nggoleki kertu anggotane.

“Njenengan ki sakjane nggoleki apa, Pak? Entuk dhuwit kok malah bingung!”“Wis ta,Bu. Aku lagi nggoleki kertu anggota koperasi sing dakdekekake nang ndhuwur meja tamu. Ning kok ra ana. Kowe weruh ora, Bu?”“Oalah nggoleki iku ta? Kartune daksimpen ing lemari.” “Gek ndang dijupukke, Bu, Wektune mepetbanget, ki!”

Tanpa takon, Bu Ning banjur njupukake kartu koperasi kang disimpen ing lemari jatine. Bareng wis ketemu banjur diwenehke marang, Pak Tomo. Pak Tomo gage menyang koperasi maneh amarga kuwatir yen koperasine tutup. Tekane koperasi, jebul isih bukak. Pak Tomo langsung ngulungake kertune marang pengurus koperasi.

“Niki, Mbak,” omonge Pak Tomo menggos-menggos. Penguruse banjur nyathet jenenge Pak Tomo ing buku data anggota koperasi lan terus menehake amplop putih sing isine dhuwit SHU. Bareng wis nampa SHU-ne, Pak Tomo dadi ayem lan lali karo rasa kesele. Dene wis rampung anggone ngurus SHU, Pak Tomo banjur mulih, Pak Tomo njupuk motore kang diselehakeing ngarep kantor koperasi. Motor ditumpaki. Mbhruuuungg...

Ora nggraita apa-apa, ing dalan Pak Tomo dicegat sawijining wong lanang. Pawakanerada enom, kira-kira umur wolulikuran. Wong iku njaluk tulung diterke menyang omahe sedulure. [ 25 ]“Pak, kulanyuwun tulung saged boten?”

“Wonten napa nggih, Mas?”

“Njenengan saged ngeterke kula teng griyane sedulur kula mboten? Kula niki boten ngertos tlatah ngriki, je. Mboten apal,” kandhane wong iku sinambi nuduhake kertas kang isine dhenah.

Tanpa rasa cubriya, Pak Tomo saguh ngeterake wong iku ing papan kang dituju. Bareng wis wetara suwe, kok ora tekan-tekan ing papan kang dituju. Pangrasane Pak Tomo malah mung mubeng-mubeng. Sakjane, Pak Tomo wis ngrasa yen ana kang ora beres. Ananging Pak Tomo meneng wae.

“Taksih tebih Mas, griyane?” pitakone Pak Tomo. “Taksih, Pak.”

Pak Tomo meneng maneh. Sawise tekan papan kang sepi, wong iku ngetokake parang, lan dipenetke ing gulune Pak Tomo. Pak Tomo kaget lan wedi.

“Anaapaki?” “Wis meneng wae, aja nglawan aku! Saiki mandheg!”

Pak Tomo ngendhegake montore ing pinggir dalan. Dheweke mudhun amarga dipeksa karo wong iku. Wong kuwi arep nggawa motore Pak Tomo. Nanging Pak Tomo nyaut, nggendholi tangane wong mau. Tangane Pak Tomo disabet nganggo parang, nganti getihe mancur tekan ngendi-endi. Pak Tomo ora duwe daya maneh. Lemes banget, ndheprok. Wong mau wusanane bisa nggawa mlayu montore. Ngerti montore digawa mlayu, Pak Tomo ngoyak wong iku lan bengok-bengok njaluk tulung sinambi nyekeli tangane sing gubras getih.


“Tulung....tuluuuuuuuuung...!!” bengokane Pak Tomo memelas,

Ora ana wong babar pisan kang krungu, apamaneh nulungi. Ora letsuwe, sasuwene wong sing nggondhol montor mau wisrada adoh, wong- wong lagi padha teka nulungi Pak Tomo. Ore let suwe, Pak Tomo semaput. Getihewis kemocor tekan ngendi-endi. Wong-wong kang padha teka banjur nggawa Pak Tomo nyang omah sakit sacedhak kono.

Tekane omah sakit Pak Tomo dilebokke UGD. Kahanane nemen banget. Salah sijining wong kang nulungi Pak Tomo mau nggawa jakete Pak Tomo kang isi dompet. Ing dompet iku ana KTP-ne Pak Tomo. Wong kang nulungi Pak Tomo iku terus ngandhani keluwargane Pak Tomo. Tekan ngarep ngomahe Pak Tomo, wongiku banjur ndhodhog lawang.

“Kulanuwun!” [ 26 ]Bu Ning mbukakake lawange, ngaturi wong iku mlebu ing ruang tamu. Dikonlungguh.

“Wonten napa nggih, Mas? Ajeng madosi sinten?” pitakone Bu Ning. “Kula mriki ajeng ngabari menawi Pak Tomo sakniki wonten omah sakit” omonge wongmau.”Innalilahi...kenging menapa, Mas?””“Wau dicilakani tiyang, Bu. Nggih sakniki jenengan mrika mawon sareng kaliyan kula.”“Oo..nggih.”

Bu Ning salin klambi banjur mara neng omah sakit diterke karo wong mau. Tekan ing omah sakit, Bu Ning ora tega ndelengake bojone kang lemes ora duwe daya. Pak Tomo mung bisa teturon ing tempat tidur lan tangane diperban. Mbokmenawa iku wis dadi pesthine Pak Tomo. Rekane golek rejeki kang ora sepiroa, nanging malah kelangan montor. Malah saiki kudu mondhok ing omah sakit.

Kocapa, wong kang nyilakani Pak Tomo kasil dicekel Polisi. nDilalahe, sawise nggawa mlayu montore Pak Tomo, wong iku kena cegatan Polisi Lalu-lintas. Amarga ora duwe STNK, wong iku banjur diglandhang neng kantor pulisi. Ing kantor pulisi wong iku diinterogasi dening pulisi cacah loro. Ananging wong iku ora ngaku yen motor mau dudu duwekke. Bareng ditakoni bola-bali, wong mau wusanane blaka menwa montor mau asile ngrampas. Marga kejiret kasus perampokan, waong iku dipenjara.

Ratna Istriyani, siswa SMA N ki,

Jalan A.M. Sangaji 50 Yogyakarta.

Telepon (0274) 565898.

Lair, 19 Maret 1991. Alamat omah Jayan, RT.04, RW.25 Sukoharjo, Ngaglik, Sleman. Telepon 085228954022.

Hobi: nulis cerpen