[ 75 ]Semar:

Nuwun inggih, dhateng sendika, radèn. É, tholé, Garèng, Pétruk, Bagong, aja adoh-adoh karo bendaramu. Bendaramu arsa kondur nrabas alas Sétra Gandamayit.

Dipunsuluki Ada-ada Wana Wasa. Radèn Pamadi kalampahaken mangiwa kaentas. Panakawan ugi kaentas mangiwa. Kayon kalampahaken geter.

Ki Kodiron, Serat Tuntunan Caking
Pake1iran Ringgit Purwa, Lampahan
Sembadra Larung, Sala, 1962.

12
KUPUKUWÉ
(lagu dolanan)

kupu kuwé 'tak-cekelé
mung aburé ngéwuhaké
ngalor ngidul
ngétan bali ngulon
mrana-mréné ing saparan-paran
méncok cégrok
mabur bleber
,mentas méncok cégrok
banjur mabur bleber