Mangsa Rendheng

Kangen Sekolah
[ 38 ]
Mangsa Rendheng
Dening :Rainy Evelina Kamila Triyono (9A)

Byar byur nelesake lemah
Nggawa esem kanggo kembang-kembang
Kang disambut ijo royone kaendahan
Angin sumilir ngiteri kutha
Golek lahan kang narima
Amrih ora dumadi bencana
Rendheng kang nggrujuk kutha
Kasesek mapan ing dalan-dalan
Kapeksa dumadi bancana
Banjir agawe kutha kayata segara
Asebab manungsa padha lelangen
Rendheng kang nggrujuk kutha
Dadi saksi alane janma
Hei manungsa
Ileng-ilengen tumindhakmu
Lestari buwana iki ana ing astamu
Rendheng iki ngenteni welas asihmu