Lintang Biru
[ 73 ]

SULISTYANI RAHMAH INDAH P.

SMP Negeri 3 Sewon

Mawar Biru

Semilir angin ing wayah esuk
Gawe tentreme atiku
Nalika kelingan sliramu nate janji
Ngugemi katresnan sejati

[ 74 ]

Ing kene neng pinggir segara
Kangmas uga nate kandha
Menawa katresnan kang suci
Mung kanggo aku kang rayi

Saiki tansah dak antu-antu
Kangmas rawuh ngasta “mawar biru”
Tanda katresnan saka sliramu
Sliramu kang tansah gawe bungah atiku