Mawar Mawar Ketiga

[ 2 ]St. Iesmaniasita
Mawar Mawar Ketiga [ 3 ]Mawar Mawar Ketiga
□ kumpulan guritan
St. lemaniasita
□ kumpulan guritan
St. lemaniasita
■ Kababar dening
Yayasan Penerbit "Djojobojo"
Jl. Embong Malang 69h Surabaya - 60261
■ Cap-capan ka 1
Agustus 1996
Wewenange pengarang ingayoman
dening Undang-undang
■ All rights reserved
■ Kacithak ing:
PT. Citra Jaya Murti
Jl. Rungkut Industri II/18
ATUR PANGIRING
Sastra Jawa kuwi gudhange puisi. Yen kita semak buku-buku Sastra Jawa kang ana ing perpustakaan musium, bisa kawuningan bab mau. sepira akehe sing wujud crita gancaran lan pira maneh sing wujude puisi (tembang). Malah ing mangsa jayane wingi-wingi, Sastra Jawa sing wujud puisi mau, urip subur sajroning bebrayan Jawa. Akeh karya sastra sing kanggo mat-matan ing satengahing pasamuan. kaya upamane diwaos ditembangake kanggo cegah lek, kanggo wungon jagong bayek, lan liya-liya.
Mula wis sapantese yen dinane iki puisi Jawa gagrak anyar kang katelah aran "guritan", bisa urip ngrembaka. Dadi sarananing pikiran lan pangrasane bebrayan saiki anggone miyak kabut-kabute jaman. Wis sapantese yen kuwagang dadi tali-talining pangerten kita kabeh sajroning nungsung lan nutut lajuning pembangunan.
Mangkono sajroning buku iki sedulur St. lesmaniasita, pengarang kang wis pada kita kenal, ngaturake guritan-guritane klawan irah-irahan kumpulan : MAWAR MAWAR KETIGA
Muga-muga klawan kababare buku kang sajake akeh sing padha ngenteni iki, bisa dadi pratandha yen tradisi puisi ing donyane bebrayan Jawa nyatane isih bisa terus lestari.
Surabaya,
Penerbit
NINININI
I. mulusing rambutmu ngelusi ati nini
putih tumumpang praupan nyaprut
kulit kisut-kisut
kairis garising yuswa urut mangsa
- pirsani polahing angin ibut
ngecupi pipi lan rambut
tumiyung sesuketan ing sikilmu lelaku
pancen lathi lan mripat cekungmu
nyipratake warna-warna anteng
tentrem lan tresna langgeng
II. nininini gelungan sadumil
katon rekasa ogal-agil lakumu
awan srengenge panase ngene
dhewe turut galengan sepi
arep nyang ngendi?
apa sing kokgoleki?
III. pirsani polahe pupus turi
pengin ngrangkuli geger bungkuk
mandheg ing ngarep rungkudan saumbruk
ah, pendhemen gelis saben tangis, ati
singkrihna trenyuh kang luwih-luwih
kareben pitakon katon ig rambut putih
endi putumu ?
nininini kang luru kayu
endi putumu ?
si cukat lumumpat wangan ?
si baud obat-abit arit ?
bocah latar sawah lan pepunthukan ?
ngapa raga kang wis ringkih
isih katindhih gawe adoh kekasih!
1960
MUNGKUR PERTEMPURAN
Kapan jumledhoring pelor wis sirep
kaku dheweke ngadeg njegreg
angeting laras bedhil kang disikep
angeting getih mili saka tatu-tatu
ngileni sarandhuning awake
prajurit kang unggul jurite
Kapan wis mungkur tawuran pertempuran
dirungu sesambat lamat-lamat ngaruara
saka korban-korban kang isih kelaran
saka korban-korban kang wis tanpa nyawa
antarane tunggul-tunggul klapa
tanah ngare ngilak-ilak jembare
dideleng kaya guwa peteng lelimengan
bareng gemontanging tangise
lan eluh kang jumbuh klawan getihe mungsuhe
lan eluh kang jumbuh klawan getihe sedulure
☐ 1964
DADIA TIRAKATMU ANAKKU
Dadia tirakatmu anak-anakku
yen dina iki ora ana upa
kowe padha ora mangan sega
kejaba gegelan tela
tamba ngelih panyuwaraning wetengmu
Dadia tirakatmu anak-anakku
sewengi ngrungu udan kumricih
padha ndekep weteng ngelih
kemul amoh gombalane biyungmu
ing gubug trocoh gubuge bapakmu
Kliwat saking ketesing kringete
Sengkude gawe luluh dina-dina
sengkude bapakmu ngusungi bata.
nggarap gedhong-gedhong ana kutha
nembok gedhong susun sundhul angkasa
wis kliwat saking olehe ngaya bapakmu
(olehe melu mbangun Negara
olehe labuh dadi luluhing Bangsa)
ngranggeh tukone ketela
Dadia tirakatmu anak-anakku
dadia pambukaning nalarmu
dadia marganing kamulyanmu besuk
cingkrang lan kasangsarane wong tuwamu
kang tumpuk-tumpuk
□ 1964
PENYAIR
Dheweke sawijining mitra kang grapyak semanak
tanpa kendhat critane turut dalan
prakara manungsa lan manungsa
surem kekencaring srengenge rembulan lan
lintang-lintang
pegaweyan, idhaman lan sawarnaning kesedhihan
kasaput dening gething campur gumrimising katresnan
Dheweke sawijining mitra kang rumaket
tanpa kandheg critane dina-dina
liwat lambe liwat mripat
ati lan pucuk-pucuking driji tangane
marang kekayon lan mega-mega
marang banyu, watu-watu semono uga aku
Dheweke sawijining mitra kinasih
kang tansah mengani gudhang-gudhang katresnan
senthong-senthong kasedhihan
linambaran ijoning gegodhongan, segara lan langit
kasaput dening wening
lan warna-warnaning kasetyan
□ 1964
KANG LAGI PAPA
dhewe dheweke sumendhe pinggir pesisir sepi
ngudhari gegemaning tangane
mung wedhi kang sumawur
mung wedhi kang sumawur
bola-bali mung wedhi ing dlamakaning tangane
angin anyes ngusapi pipine
cipratan lembut tiba dhadhane
semono adohe kumelip
lintang canthelaning pepenginane
rembulan lancip ing langit
rembulan lancip kang ngrantas atine
wis pira lawase diumbar bae
tatu-tatu lan petenging tetesan kuwi!
sakehing dalan rumpil blethok sing diliwati wingi
disawang ing langit, lintang-lintang lan
rembulan lancip
disawang ing klambine kang pating sluwir
selagine ombak sesempyokan ing pesisir
swarane mobil lamat-lamat tengah kutha
o, sepira adohe kenya-kenya saka sisihe
kelune wedang lan panganan ing restoran
semburat muncrate inuman botolan
gincu ing pesta, guyu ing pesta
dhewe dheweke sumendhe pinggir pesisir sepi
ngudhari gegemaning tangane
mung wedhi kang sumawur
mung wedhi kang sumawur
bola-bali mung wedhi ing dlamakaning tangane
☐ 1964
BARENG SILIRAN RENDHENGAN
dalan prongkalan salajur ndhuwur gunung kapur
kapit uwit-uwit pronggolan
sepira edine manis
rintik-rintiking sinom kang kuning bening
kaya sewu sesotya padha tumempel
nudhung tunggak-tunggak tuwa
kang ngapit datan salajur ndhuwur gunung kapur
sinawang bareng siliran rendhengan
1964
GEGODHONGAN KUMLEYANG
gegodhongan kang padha kumleyang bareng siliran
gegodhongan kuning ucul saka carang-carang
pinandeng lelewane
sepira nratabe rasa ing dhadhane mitra
sepira panase rasa ing mripate
gegodhongan kuning kumleyang bareng siliran
sunggingan kang tansah dielus rina wengi
tulisan kang tansah ditungkuli rina wengi
kawit semburating tajar kawitan
kawit dheweke ngerti tulisan lan sunggingan
lan masrahake urip lan kamardikane
kanggo bumi katresnane
1964
TANI YUTUN
yen tandur sing wingi larut
kerut tlining banyu
daktancebi maneh mbaka siji saiki
turut leleran nganti tutup
tanpa maelu mendhung-mendhung kang tumiyung
tanpa preduli dhuwuring banyu kali!
yen sawah sing wingi daktanduri
saiki rupa lapisan wedhi
mesthi dakpaculi, dakusungi mbaka sapikul
nganti ketemu endhute kang subur
banjur daktancebi winih-winih anyar
tanpa sumelang sawarnaning alangan
kejaba suburing tandur,
suburing idhaman lan setiyar!
jalaran getih kang nlusuri anggaku iki
getih kang tansah edan marang ijoning tanduran
getih kang tansah nresnani sawarnaning pegaweyan
1964
SEPIRA NGLANGUTE
bareng keliping lintang lingsir wengi
dheweke kerep dijarwani wanti-wanti
“Aja kok anti tekaku ya
aku iki pangumbara paling papa cintraka
delengen lawang lan tlundhakan sangarepmu
ungkurna tresnaku kang sumawur dakgawa lelaku
ana galengan sawah, ana kebon tebu
ana grojogan banyu bendungan, wangan-wangan
ana kukusing pabrik-pabrik
ana ketes-ketesing kringet tukang batu
ana emper-empering toko, bioskupan
ana rungkudan, cadhas-cadhas lan kekayon alas
isih akeh yen ta daksebuta kabeh!
aja kok anti tekaku ya,
aku iki pangumbara tanpa ngetung dina”
banjur suminar mripate kaya lintang pajar
dheweke bingar gumuyu mangsuli bola-bali
“Kudu pisah, pancen kudu pisah mitra
ora bakal dakrampas sengseming atimu
warna-warna sing paling edi dakpranguli
tembang-tembang ginurit ing gegodhongan
ukiraning pepenginan lan katresnan tanpa tep!
kareben gedhegku dakrengga suwek-suwekan koran
katimbang ngalang-alangi langkahmu!
Ora bakal dakwaleri pandelengmu
mung srana suwek-suwekan koran!
Saben uwong wenang marang uripe
Kudu pisah, pancen kudu pisah mitra
mega rerampak kegawa angin sumilir
banyu kali santer mili ngener pesisir
aja mandheg tumoleh mitraku
aja mandheg tumoleh!
daksangoni mawar-mawar kang megar wengi iki
daksangoni pujiku kang lumintu..."
Dheweke kerep dijarwani wanti-wanti
dheweke kang mesthi gumuyu mangsuli
dheweke kang sumendhe buku tumpuk-tumpuk
Rambute putih mabluk
Mripate juringan rembulan esuk
Sepira nglangute swara guyune!
☐ 1964
PESAKITAN
mangkono sesebutan kang didarbeni saiki
sinusupake ing mripat abang ngatirah
pakulitan kebrangas panasing dalan-dalan kang diliwati
sinusupake ing bau kang rinasa semplah
pesakitan, pesakitan
sawenehing nom-noman kang nggegem kapaling tangane
sawenehing nom-noman kang mikul kapaling pundhake
tanpa panduwa tumrap sakehing pandakwa
tanpa pambela siji-sijiya
maju ngareping pengadilan
nuli tanpa suwala giniring lumebu pakunjaran
pira lawase ndhekem ing kene!?
ngadhepi jubin adhem lan tembok-tembok kusem!
mbuwangi dina-dina tanpa piguna
selagi brayate kentekan sandhang kasatan pangan
ndhungkili lemah ing tegal garing nela-nela!
sawenehing nom-noman kang nggegem kapaling tangane
sawenehing nom-noman kang mikul kapaling pundhake
ngadeg samburining ruji-ruji wesi
ninggal brayate kentekan sandhang kasatan pangan
ninggal kayu tegoran saiji ing alas jati
dudu kang mubra-mubru kebanjiran bandha
mbedhal mubal saka kaskayaning Negara
dudu kang sarwa kecukupan ngisep kringeting liyan
kang padha merdika sanjabaning pakunjaran!
dheweke kang ngadeg samburining ruji-ruji wesi
sawijining nom-noman
kang wingi konangan sandhing kayu tegoran saiji
kayu tegoran saiji ing alas jati
☐ Jan 1965
KAYA WANGINING CENDHANA
I. kaya wangining cendhana teka
- kaya wangining cendhana tumiyup
gegodhongan kumlawe kekayon obah-obah
atine tumratah
rumangsa dheweke maneh digugah
ganda sing teka tumiyup
swarane sapa!
rungokna sapa lamat-lamat saka kadohan
cedhak ana sandhinge
cedhak ana kupinge
swarane sapa kukuh ngrangkul gulune
nglumpruk sumendhe menyang dhadhane
ah, endhahe tandur ijo lelembak
omah sandhing sawah
pinayung blarak-blarak sing tansah obah
II. kaya wangining cendhana sumrebet
- amrik
nanging dheweke dudu tukang tatah
sung gawe ukir-ukiran adi kayu adi
ngukirake garis-garising dhadhane
ngukirake endhahing pepenginane
ngukirake urip sing tanpa tepi
ana kayu mati
cendhana wangi ngusap-usap ati
ngelingake bumine
ngelingake sawah lan tegalan ing padesan
kalane lemah malih ireng meles
ketiban udan kawitan
kepriye bisane lali gandane bumine!
sing saben-saben didhudhah landheping walukune
kepriye bisane lali wangining bumine!
kembang-kembang ing kebonan
kembang-kembang ing tegalan tekan sawah
gegodhongan kang tansah kumrembyah
udan tiba gita-gita tinadhah
awane ngawe-awe panasing srengenge
kabeh kang tuwuh tumanceb liwat tangane
tuwuh dadi wujuding katresnane
tuwuh dadi wujuding awake
tuwuh ana ing bumine
( frahmen )
SALAM MEI
Bareng tumiyunging wulen pari wulan Mei
dak tungkuli tracak-tracak sepi sauruting galengan
mitraku kinasih
wis sepira tipis-kandeling dlamakan sikil
kang tansah ngelus klawan kasetyan
kang tansah ngelus klawan katresnan
(tekan lemah pecah-pecah tengahing ketiga)
ing gigiring punthuk-punthuk pegaweyan
Bareng kumrisiking wulen pari wulan Mei
dak salami tracak-tracak sepi
salam klawan weninging ati weninging wengi
mitraku kinasih
lintang kang kumelip ana ngakasa
luwih pantes gumebyar ana dhadhamu putih
dhadha kang sugih tresna asihe manungsa
☐ 1966
LINTANG SEPASANG
Lintang sepasang ing langit
ngubengi taun-taun peteng nglayung
saka mendhung kandel tumiyung
mlebu gumulunging mega-mega wingit
ngaca ing bumi kang tanpa warna tanpa rupa
kejaba kepyuring udan lan kanisthan
lawang-lawang padha mineb
dalan-dalan sepi dhedhet
Lintang sarimbit ing langit
ketemu nlusur aluran klawan kasetyan
cahyane tiba ing gegodhongan biru
tiba ing ati-ati kangen rinujit
Mitraku,
lintang sarimbit ing langit kuwi
dak sawang kumelip kaya mripat-mripat urip
isi idhaman lan tuntutan suci
isi genining benci, genining simpati
(sejarah kang bakal ngojahake ing tembe)
jantraning panguripan
panggah bumi obah ngubengi srengenge)
mripate bocah-bocah kang padha gumregah tangi
gumregah tangi esuk iki!
☐ 1966
PANGGRESAH
sepira pintermu nggresah
sesuketan anjrah
sesuketan njeprah
kepriye lemah semene jembare
dhataran subur warisane leluhur
nyimpeni lapisan lumpur wangi
terhah rupa dhapuran alang-alang kaya iki!
sepira pinterku nggresah
dina-dina nungkuli cabutan tanduran gumlasah
trubus-trubus kang kasengkleh
siji, mbaka siji kajujuran sumeleh
ing pengaji lan tetesing getih
tanpa pamrih
nanging sing cetha, omah iki dudu sanggrahan wingi
(papan sliramu nucup banyu sasruputan
tamaning pikiran-pikiran anyar
pajar-pajar pacampuhan lan donya jembar)
pira lawase nganti ora dak sumurupi
kejaba bengahing sapi-sapi powan
ngandhakake apa kang sejatine dumadi
1966
SI TUWA
swara sora
semburat saka mbludhaging kekarepan
sarat klawan rereka lan panguwasa
dirasa pribadine kaya gunung kumelun
ngepyuri kasuburan lumintu
sakeh godhong ijo kumlawe
sakeh napas ing peperengan
dumadi saka panggawene
dumadi saka ketesing kringete
bisa ajur sakala kalebur panjebluge
swara sora
semburat saka mbludaging kekarepan
semburat mburu playuning kekuwatan
swara iki swarane si tuwa
sarat klawan rereka lan panguwasa
lumawan karingkihan
kerut-keruting kulit
garising umur lan lakuning manungsa
kang sejatine ora bakal bisa ditelukake
☐ 1966
KANGGO MITRAKU
turu kuwi pancen becik pangrasaku
katimbang nyebar racuning bebrayan
katimbang wiji-wiji benci
pindha mutyara utawa barleyan
memba lambanging bebenertuhu
turu kuwi pancen perlu panemuku
katimbang omong kosong
kaya adegan-adegan tulisan murahan
obral kamonceran
umuk lelabetan
ing saupama amriking kembang jeruk saka kebonan
sumilir ora katut wujuding lemah bera
gawe santering getih
lemah bera
tembang-tembang tenaga
sengsem mili tekan pucuk-pucuking driji
sengseming petani marang ijoning bumi
turu kuwi pancen becik, mitraku
☐ 1966
APA KOWE NOM-NOMAN?
apa kowe nom-noman?
gunung kang nedheng kumendheng
nyauti mega-mega ngumbara dina-dina
klawan pundhak prakosa
jurang-jurang peteng alas ngrembuleng
nyimpeni banyu panguripaning peperengan
lan dhataran jembar
apa kowe nom-noman?
tuking daya makarya lan tresna
kang santer satengahing mangsa
campuh lumawan rante-rante waja
rante kunjaraning bebener lan keadilan
rante pepalaning kemajuwan
uga rante apusing kamardikan lan kamanungsan
srengenge kang tansah ngulon parane
sawah-sawah tansah ditancebi lan dibabadi
sauruting mangsa lumaku!
mula ayo girang-gumuyu mitraku
beragna atimu mapag pletheking srengenge!
(kariya basuki wengi lan sakehing janji
kariya basuki!
nom-noman iki tuking daya makarya lan tresna satuhu)
☐ 1966
KALUPUTAN
pedhut-pedhut kang ngrebut katentreman
ngrampas napas kabungahan
saben tininggal lumayu
saben dadi arahing laku!
cukat trengginas
ngrampas sipat pengkuh lan angkuh lawas
tanpa welas
☐ 1966
SAWIJINING IBU
dakupamakake sliramu piyambak nungkuli buku
kebak sajak-sajak katresnan tuhu
utawa crita-crita kang ngandhut dudutan sengsem
bola-bali kok biyaki
rina wengi koktungkuli, tanpa bosen
jalaran sajak-sajak mau tansah beda tegese
jalaran crita-crita mau
tansah nyunarake cahya seje-seje
ora ana gela, duka, keduwung, saliyane agunging
katresnan - saliyane agunging katresnan
dakupamakake awakku dhewe
lagi nulisi buku gedhe
mawar-mawar manglung lan ngambar
sikatan padha lelumpatan bingar
sumber seger kang santer saka dhadhaku
adi paraning kidang menjangan ngelak
Najan rikala dakwaca tulisan mau
daktemoni ukara-ukara kang beda
daktemoni surasa-surasa liya
mlangkah tekan cengkah
sliramu pirsa mitraku?
iki ora bakal ngendheg polahing tanganku
kaya larasing napas sawijining Ibu
1966
TAMAN
darbekku kang lawas ketilapan
koktemokake ing kene
tanpa rancangan tanpa petungan
kaya tibaning pepesthen saka Pangeran
darbekku kang lawas daktinggal glanggang
mburu playuning kidang alasan
mburu laguning angin padesan
kamardikan
pakaryan
gegayuhan
dhuh, tembang lamat-lamat kang tansah
undang-undang
dhuh, dalan ngaluk-aluk kang tansah nantang
sepira atosing dlamakan sikilku
ukuren dawaning jangkahku
kandheling dhadhaku
sarta sengsemku marang
polahing kidang alasan lan angin padesan
darbekku kang lawas ilang
kokdumuk ing kene
mitraku lelaku rina wengi
mitra kang ora tau daksapa
kok temu sangisoring kepodhang sepasang lagi pasihan
-bumi ayu, ngendikamu
-klawan mlathi kang isih wutuh wangine
-manawa pager ati-ati waja
-bumi pancadaning katresnan lan gegayuhan
-bumining sedulur sinarawedi!
☐ 1967
ANAK
- ndahiba yen urip iki mung samben
kaya angin nyample gegodhongan
mili kaya kali njugrugi gampeng-gampeng
tanpa rancangan
tanpa kekarepan
sinatang edining impen - alam jembar gumelar
Panguripan wingit, panguripan legi pait
dakkenal praharane paling gedhe
dakkenal tentreming lintang-lintang sarimbitan
dakkenal tekan pucuk pethiting pangrasa
jalaran jangkahe manungsa
kudu nyabrangi panguripan
jalaran sakehing pengalaman
hiya sangu ing bumi kanyatan
Mangkat sowan menyang Ngarsaning Pangeran
kekembange kulawarga
kang ngasri buwana
klawan warna rupa bedhekan
iya berkah peparinge Pangeran
tali-talining karep lan katresnan
kang nyancang marang alam kasunyatan
1967
CATHETAN (1)
Apa mripatku seprene merem?
kerem ing impen-impen nglangut
pananianging dalan ndeder lan ngalukaluk
panantanging jaman wing? lan sesuk
lan keliping lintang nyamut-nyamut
dina-dina nembang putihing tresnane prawan
sauruting lurung ngidung mulusing tresnane jaka
banjur sapa?
jumlarit sakehing panalangsa
pethithing panggrantes
Pepes pugut sing lagi pasihan
jumlarit
jumlarit nandhes
krana eluhku krana tan ganku
panangise sapa?
saka lurung-lurung sepi
saka tepi-tepining pesta lan taman sari
bareng galaking kahanan tetipaking wisa
lumpuh lan rubuhing panjangka
panjangkane sapa?
1965
CATHETAN (II)
aku kang saiki lagi kekandhan karo sliramu, mitraku
dakrasa kaya uga ngandhani awakku dhewe
aku kang saiki lagi tetakon marang sliramu, mitraku
rasane pancen kaya nakoni atiku dhewe
delengen nom-noman kang bungkuk kabotan pepenginan
delengen mitrane kang nguja atine
ing ulegan kasangsayan
(apa aku nguja ati ing ulegan kasangsayan ?
sliramu bungkuk kabotan pepenginan?)
kaya dudu sebaene!
ing ngarepmu rasane aku lagi ngadhepi
awakku dhewe!
□ 1965
MUJIYA SOKUR
sawarnaning kasangsayan
sawarnaning kacuwan
kaya upamane rina kang tansah kepyuran
tajem-tajeming dhuhkita
kaya upamane alas ketiga
siyaga ngobar dahana
o, tumengaa atiku
sapanen jembaring langit kang biru
banjur mujiya sokur
atas sarating pandadaran
kang kapasrahake ana pundhakmu
sawarnaning kabegjan
sawarnaning kabungahan
kaya upamane lintang-lintang kang gumebyar
padha ngliling ayuning rembulan
kaya upamane sijuru mbebedhag
jemparinge patitis ngenani
o, tumungkula atiku
leremna ombaking dhadha ana aruming bumi
(dimen ora kelangan asal lan arahing laku)
banjur mujiya sokur
dene tangan-tangan kang ringkih
pinarcaya nampa nugraha linuwih
□ Agustus 1967
DONYANING PITIK
ana ing cucuk
ana ing jalu
dumunung sadhengah panguwasa
ora mung merga lanturing kluruk
ora mung merga rebutan babon-babon bentrok
senajan slirining kuthuk
kang melu nucuk keceran pangane
tanpa pangapura
diuber sakecandhake
dipendhel sarosane
1968
BEBANDAN
klebus legining inuman
sloki ing tangan
dheweke ngguyu celathu “Ayo! Aja mangu-mangu
lumebu segara madu
urip mung sepisan
uculana sakehing bebandan!
urip mung sepisan!
urip mung sepisan!
gumuruh sajroning slokine
gumuruh sajroning wetenge
apa tenanan urip mung sepisan
selagine bayi-bayi lair
anak, putu, buyut, canggah
lair lan bakal lair gemrayah
nggawa napase wong tuwane
tumruntun ana turunan
nganti kapan?
gilir gumantining turunan
kang padha ndarbeni tuntutan lan sesanggan
wewenang sarta kuwajiban
donyaning brayat donyaning masarakat
lumaku bareng ubenging bumi
donya kang kliwat jembar
katimbang sloki-sloki ing tangan
mitraku,
yen urip tinali bebandan
dakkira legining inuman
uga tali kang nyrimpungt nalar
kapan dohing panyawang lan laladan
mubeng sapala ana legining inuman
1967
KANGGO TINI
ndahiba yen pegaweyan iki uga samben
apa bisa nrancag tengahing panguripan
klawan pengkuhing kapribaden
banjur apa kang tinuju, adhiku?
yen urip mung samben
kabeh mung samben sapala
III. apa udan awu rina-rinaku
apa gerimis ngreceh nyen gkleh kekuncupan
wengi-wengiku
tanganku kang tanpa daya
meksa nyaguhi panedha
satengahing tegal-tegal bera
ora mung samben, adhiku
ora mung samben!
dakregem saben gawe ngawe-awe
mawa tanganku kang tanpa daya
saliyane tresna lan kasetyan
marang kejujuran lan kaluhuran
nrancag satengahing bebrayan lan panguripan
□ 1965
ROMANTIKUS
kaya mengkene
dakenteni rojahrajehing ati
atimu
atiku dhewe
atiku dhewe
nganti sewindu
kaya mengkene
dakumbar sengseming ati
liwat suwiran godhong-godhong gedhang
kumitir ing tepining padesan
tanpa panyapa
sepi kakiwa
apa durung bae seleh sawise rojahrajeh
apa durung bae waleh sawise rojahrajeh
aranana aku ki deksiya!
aranana atiku iki watu!
lambeku ngemu wisa!
aranana sakersamu mitraku
pengkuh lan angkuhing ati kang tansah dakgoleki
kawit rembutlan lagi tumanggal
mung bakal dakwangsuli
"sapira nikmate
necep patting katresnan
kang suluh ing ganthilaning panguji"
temene kudu kaya mengkene mitraku
dakenteni rojahrajehing ati
atimu
atiku
nganti sewindu
tumuli kita padhadene nimbang permati
lagi gawe putusan warnaning tetembungan
sinungging ing kembang lan gegodhongan
sabanjure jumangkah tanpa rangu-rangu
tunggaldalan apa sowang-sowang
□ 1968
PITUTUR
pituwas apa ndedawa crita durakane pepadha
titimangsane rembulan purnama
yen langit tumuli kasaput mendhung
peteng lelimengan
kekes plataran ketiban udan
dalan anjog blethokan
dalan munggah lemah padhas
endi kang ditrabas
selagine urip nyimpeni sawarnaning wewadi
dene manungsa padha nggemboli naluri
gedhening wirang kang wis sinandhang
minangka pidana durakane
apa isih kurang
nuli kautur ing saben rasanan
nuli kanggo sabetan ing saben omongan
klawan pituwas apa!
klawan pituwas apa, anakku!
□ Agustus 1968
POTRET
dheweke mesem, Tiwi
mandeng mripatku abang pendirangan
omongku kang nlutuh angkuh
antaraning para tamu
dhompolan kembang-kembang alum ana cedhake
oyod garing ngranggeh tembok
kebabing landheping angin ketiga
tanpa pangapura
nanging dheweke mesem, panggah mesem, Tiwi
tentrem olehe mandeng
kokgawa menyang ngendi maneh
menyang ngendi maneh mripatku
taman kang semana edi
wis suwe daktilapake
kanthi lila-legawaning ati
kanthi suka-sukuring ati
kari kembang sauwit alum saiki
sandhing potrete
□ 1968
CLINGUS
Upamane ana lampu
kabeh menyang awake tumuju
sunare madhangi saben kerut lan kukul ing rai
miyaki sakehing ayang-ayang winadi
kedhering wulu
keteging getth lumaku
krasa katon trewaca
wela-wela kang sarwa ala
upamane ana mripat
kabeh menyang awake nyawang
nliti saparipolahe
sakumecaping lathine
saisining dhadha lan atine
apa ? kepriye ?
mangka dheweke krasa ngekep memala
(mung ciptaning ati kang sarwa edi)
sandhangan kucem rojah-rajeh
sarwa mesum lan mureh-mureh
dhuh, mripat sayuta
nliti saparipolahe
ngonangi memala lan asoring dhirine
□ 1968
LALI
ngadeg ngadhepi liyan
embuh sangkan lan paran
luwih maneh kuwi sapa
lagi nothoki ati semu cuwa
donya sing kepriye ana dlamakaning sikilmu saiki
mitra sing kaya ngapa ngembati lakumu saiki
apa tanganmu wis ngregem sawarnaning
sesotya kencanarukmi
kang sumunar gumebyar
ngulapake mripat
nilapake sesawangan lan swasana kuna!
donya sing kepriye ana dlamakaning sikilku saiki?
mitra sing kaya ngapa ngembati lakuku saiki?
apa tanganku ngregem sesolya kencanarukmi?
kang sumunar gumebyar
ngulapake mripat
nilapake mitra lan kulawarga kang suwe dak darbeni
krutugen klawan sakehing panyeda
sabeten klawan landheping pangina
yen kowe pancen mitra sejati!
mitramu kang slendhangan kembang kaluputan iki
bakal aweh panarimaning ati
jalaran papacintrakaning manungsa
kang kaidak klawan dlamakaning sikil urut mangsa
jalaran waspadhuhkitaning manungsa
dudu liya-liya!
kang gawe ulap mripate
kaya iki
ora ngerti sapa kang diadhepi
ora ngerti apa kang digoleki
□
KILAT
nyatane pancen ana cumlereting thathit
nembus wengi larut
madhangi mawar-mawar kang nglilir
ngisor tritisan
tritisan mripate penyair
rasane krasa lawang tinothok
rangurangu
kaya obahing tangan
kalane ucul saka luwang putih
apa pancen obahing drijiku dhewe
jogedan mancik undhakaning mesin ketik
nyatane kilatmu nembus kandeling pedhut
ngemu panjelih nesu
geneya dakumbar endahing mawar-mawar,
aruming mawar-mawar
dakumbar
kang tuwuh ketiban tetsing eluhku
□ 1969
IDEALIS
apa pikolehmu kloyongan
selawase iki?
Mung katresnan
Katresnan kang sawarna langit lan samodra
Apa asiling pangudimu
selawase iki?
Mung guritan
Guritan kang nebus sakehing utang
Apa kang kokdarbeni
tembe buri?
Aku ora ngerti mitraku
Aku ora ngerti
Mung Ibu tansah ngendika
yen saben menungsa biyen lair wuda
ora darbe apa apa
□ 28 Januari 1969