[ 66 ]

10
MBARANG

Bocah cilik manis, kakang adhi
runtang-runtung nyang endi-endi
nyangking angklung saka bumbung
mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
runtang-runtung mbarang saparan-paran
ngupa-boga nyambung panguripan sadulitan
nambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu, memelasi
mbukak babad ngenesi ati
koncatan bapa-biyung, dhèwèké tininggal kèri

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
runtang-runtung nyang endi-endi
dina-dina uripé kaliput ayang-ayangané méga

Dyan Annimataya Soer,
1959