Kaca:Puspa Rinonce.pdf/27: Béda antarané révisi

Labdajiwa (rembugan | pasumbang)
Tenger: Titiwaca
 
Rizalsh (rembugan | pasumbang)
Tenger: Absah
Status kacaStatus kaca
-
Titiwaca
+
Absah
Awak kaca (kanggo transklusi):Awak kaca (kanggo transklusi):
Larik 1: Larik 1:
<poem>
Cundhuk karo bab panganggoné tembung ''kita'' kaya kang tumrap ing ukara (1) lan (2) iku satemené durung sadhéngah wong gelem nampa. Ana panganggep yèn tembung ''kita'' ing basa Jawa iku tegesé ‘kowé’ utawa ‘sliramu’ lan kanggoné mung ing basa padhalangan utawa kethoprak. Tembung ''kita'' kang mengku teges ‘aku lan kowé kabeh’ utawa ‘kula lan panjenengan sedaya’ kuwi isih dianggep tembung Indonesia, dudu tembung Jawa.

Satemené tembung ''kita'' kang mengku teges ‘aku lan kowé kabèh’ iku dudu mung darbèké basa Indonesia. Tembung ''kita'' kaya mangkono mau ing basa Jawa uga ana (pirsanana ''Baoesastra Djawa'' anggitané W.J.S. Poerwadarminta, kaca 225), malah wis ana basa Jawa Kuna (pirsanana, upamane, ''Kamus Jawa Kuna-Indonesia'' anggitané L. Mardiwarsito, kaca 146). Kanthi mangkono, tembung ''kita'' kang ateges ‘aku lan kowé kabeh’ kaya kang tumrap ing ukara (1) lan (2) mau ora luput. Bab isih ana rasa durung sreg, isih nggronjal yèn mrangguli panganggoné tembung ''kita'' kaya ing ukara kasebut, mung gumantung pakulinan.

'''KULA SUWUN APA KULASUWUN?'''<br />
'''KULA SUWUN APA KULASUWUN?'''<br />
Ukura, “''Dhimas takjaluk aja grusa-grusu anggoné ngudhari prakara iki''”, bisa dikramakaké dadi, “''Dhimas kula suwun ampun grusa-grusu anggènipun ngudhari prakawis punika''.” Tembung ''takjaluk'' ing ukara iki minangka tembung tanggap utama purusa, temah panulisé ''tak-'' kudu digandhèng karo tembung lingga ''jaluk''. Jalaran, ''tak-'' ing kono kalebu ater-ater, yaiku ater-ater tanggap utama purusa. Tembung ''takjaluk'' mau yèn dikramakaké dadi ''kula suwun''. Sanajan ''kula suwun'' iku mengku teges padha karo ''takjaluk'', ananging panulisé ''kula'' ora digandhèng karo ''suwun'' amarga tembung ''kula'' ora kalebu golonganing ater-ater. Buktiné, tembung ''kula'' iku bisa ditulis ing purwaning ukara, pungkasaning ukara, ing sangareping tembung, ing saburining tembung, lan saterusé, kang beda karo ater-ater salumrahé. Contoné, mangkéné.

:''Kula pendhet barang punika, awit kula pitados yèn barang wau saestu gadhahan kula.''

</poem>