Nalika Tangi Esuk

Lintang Biru
[ 22 ]

EKA SUMARNI

SMP Negeri 1 Pajangan

Nalika Tangi Esuk

Nalika padha tangi turu
sadawaning wektu dina iku
kabeh tindak-tanduk
bakal tinemu sarwa mathuk

Kabeh iku ngemba patrabing unta
esuk njerum
sedina muput gawan bakal kagawa

Nalika surup wus tumeka
unta njerum maneh
pasrah ing ngarsa Gusti