Niru Lakune Uler

Lintang Biru
[ 62 ]

NURDIYANTO

SMP Negeri 1 Banguntapan

Niru Lakune Uler

Dak sawang gegodhongan ing taman
sajak rekasa,
mikul sakwayah-wayah
nggrogoti, lan mangani godhong

uler kang duweni watak srakah
nggarong godhong kang dienciki
bolong, punthes, lan niba tanpa sisa

daksawang maneh isi uler
rampok kang biyasane nggrogoti godhong,
saiki wus ora ana
wus dadi kepompong
uler tapa, pasa, njaluk ngapura
kanthi lembah manah Gusti
kanthi tanpa uler ilang
wus dadi kupu kang endah
plambang wong ala kang dadi wong iman