Nunggu Hasil Ujian

[ 111 ]

21

NUNGGU HASIL UJIAN

Dalan gedhé Jatinegara / Kramat Raya pancèn kepétung dadi salah sijining urat-nadhiné kuta Jakarta. Mula ora nggumunaké yèn dalan mau tansah kebak déning sawarnané tetunggangan. Luwih-luwih yèn wayah ésuk kaya ngono kuwi, wayahé wong-wong pada budhal nyambut gawé, sekolah, menyang pasar, lelungan, lan wong-wong kang padha budal ngayahi kuwajibané dhéwé-dhéwé. Yèn ta tetunggangan kang mawa motor tanpa wilangan akèhé, mengkono uga sepédhah lan bécak kena diarani luwih akèh manèh cacahé, Luwih akèh katimbang tetunggangan kang mawa mesin motor kuwi. Mula supaya aja nganti ngganggu lancaring tetunggangan liya-liyané kang luwih gedhé wujudé sarta luwih rikat pla-yuné, mligi kanggo sepédah lan bécak disedhiyani dalan dhéwé, dalan kang mligi kanggo tetunggangan kang lakuné diputer déning sikilé manungsa. Dalan mau dumunung ana sakiwa-tengené dalan gedhé kuwi. Kanggo sepédhah lan bécak kang saka kidul, kudu urut sisih kulon; kosok-baliné kang saka lor, kudu urut sisih wétan.

Nalika semono sepédhah lan bécak kang liwat ing sakiwa-tengené dalan mau jan akèh banget, ulur kacang tanpa ana pedhoté. Lakuné ana sing rikat sajak kesusu, ana kang sedeng, ana kang rindhik sakepénaké.

Ing antarané urut-urutan sepédhah kang ulur kacang tanpa ana pedhoté mau, katon ana nom-noman nunggang sepédhah. Sepédhahé katon wis tuwa, malah kaya luwih tuwa seru katimbang umuré kang nunggangi. Sepédhahé wis ora ketara cèté lan ora nganggo dhinamo. Yèn digenjot keprungu sambaté : kriyet ... kriyet, Nom-noman mau panganggoné pra- saja banget, ya-iku setèlan dril abu-abu kang wis lawas, lungsuran seragam Angkatan Laut, weton pasar lowak Tanah Abang, Sikilé ora nganggo sepatu, ning mung trima dienggoni sandhal japit karèt modhèl Jepang, lan taliné kang wis pedhot disambung nganggo peniti kang wis tainen. Ing sirahé nganggo pèci mahasiswa.

Nitik saka pèciné kang lawas banget sarta buku-bukuné kang digawa cetha yèn nom-noman mau dudu golongané mahasiswa kang mentas ngalami masa prabakti, nanging kagolong mahasiswa kawakan. Nyatané ya mengkono.

Sapa ta nom-noman mau?

[ 112 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/124 [ 113 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/125 [ 114 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/126 [ 115 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/127 [ 116 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/128