Omahku (Mareta Agung)

Kangen Sekolah
[ 73 ]
Omahku
Dening : Mareta Agung S. (9D)

Omahku...
Ora megah lan mewah
Ora magrong-magrong
Nanging isa kanggo papan urip

Ing Panggonan iki...
Aku manggon
Aku ngrasakne seneng lan sedhih
Punggonku ngumpul karo kaluwargaku

Nalika bali sekolah
Aku bali ing omahku
Disambut bapak lan ibuku
Aku ngerjakake PR lan tugas ing kene

Omahku...
Anggonku rumangsa aman
Anggonku leren lan turu
Ing kene panggonku bagi carita