Kangen Sekolah
[ 85 ]
Ora Apa Apa
Dening : Paundra Pujo Darmawan (9B)

Ora apa apa
Tarik napasmu sing dawa
Sampek dada kerasa rada lara
Sampe kerasa ora ana sing sisa

Ora apa apa
Yen napasmu ora pati dawa
Ora ana sing nyalahke awakmu
Kabeh wong ngelakoni kesalahan



Aku weruh yen iku mung tetembungan
Aku weruh kowe ambegan dawa
Banjur aku ora ngerti jerune
Ora apa apa, aku bakal ngerteni