Ora Saendah Pengangen-Angen

Kidung Megatruh

[ 74 ]ORA SAENDAH PENGANGEN-ANGEN Apri Nur Wulandari

Aku ora nyangka menawa lungaku menyang pasar, Minggu wingi, bakal ketemu karo Ditya, kanca lawas nalika SMA. Mung dak ngetke, dakeling-eling sapa sakjane dheweke amarga aku rumangsa uwis tepung suwe. Aku pangling, dheweke saiki beda banget karo biyen. Nalika SMA dheweke katon resik awake, putih kulite, lan akeh guyune. Ananging saiki, awake kaya ora dirumat, reged, kaya uwong kang lagi nandang sungkawa.

“Mesthi kowe pangling karo aku sing saiki, Nung?” dheweke miwiti omongan karo ngajak salaman. “Apa kowe Ditya, kanca SMA-ku mbiyen?” pitakonku kanggo mantepke atiku dhewe. “Iya bener, iki aku Ditya kanca raketmu biyen! Aku pancen beda karo biyen. Akeh sing njalari aku dadi kaya mangkene.”

“Ditya, atiku seneng banget bisa ketemu karo kowe, kanca raketku mbiyen. Menyang endi wae kowe sajroning patang taun kepungkur? Kok ora ana kabar? Apa sing njalari kowe dadi kaya mangkene?” pitakonku kebak rasa gumun.

“Akeh Nung sing njalari aku dadi kaya mangkene, Kapan-kapan bae dak critani yen dolan menyang omahmu. Saiki aku lagi akeh gawean ngrewangi Ibu nang pawon.””Ya uwis nek saiki lagi akeh gawean, dak tunggu critamu. Ibuku mbok menawa uwis ngarep-arep blanjan iki. Kapan kowearep menyang omahku?”

“Rebosesuk wae kepriye? Koweora kuliah, to?” “Ya ora apa-apa, dina Rebo aku prei, kok!” “Yauwis, Nung. Aku mulih dhisik!”

  1. Ali-atinang ndalan!”

“Ya!”

Nalika ing ndalan mulih seko pasar, aku mikir nasibe Ditya saiki. Pitakon ngapa saiki Ditya dadi mangkono? Isih dadi teka-teki nang pikiranku.

“Kulanuwun!” “Nggih, kok suwe banget anggonmu menyang pasar?” pitakone [ 75 ]0 Ibu saka njero omah. “Kula wau kepanggih Ditya wonten pasar, Bu. Lajeng omong-omong sekedhap.” “Lho, Ditya kanca SMA-mu kae? Kepriye saiki kabare?” “Inggih, Bu. Samenika Ditya benten sanget kalih rumiyin. Kados saweg nandang sungkawa. Ananging kula mboten ngertos punapa ingkang njalari. Benjang Rebo Ditya badhesanjan mriki.”

“O...ngono, ya uwis sesuk Rebo ditemoni, Ibu ora bisa nemoni amarga arep lunga. Menawa bisa kowe mbantu Ditya, sapa ngerti dheweke lagi ana masalah.”

“Inggih temtu, Bu”

“Blanjane digawa menyang pawon, gek diraciki janganane!”

“Inggih, Bu!”

Rebo sing dak tunggu-tunggu uwis teka. Kira-kira jam 9 awan mesthi dheweke teka, rasanku nang ati.

“Kulanuwun.”

“Mangga. Eh Ditya, kene mlebu, lungguha dhisik!”“Ya Nung, nuwun.”“Kepriye mau, ora kesasar, ta?” pitakonku karo ngladekke wedang. “Ya ora, masalahe mbiyen kerep dolan mrene. Ngomahmu kok sepi. Bapak-ibumu tindak ngendi?””Agek padha tindakan. Embuh ana acara apa aku kurang ngerti.”“O...ngono.”“Kepriye?”

“Ngene Nung, kaya janjiku minggu wingi. Menawa aku bakal crita karo kowe babagan kahananku saiki. Nanging kowe perlu ngerti Nung, aku crita iki mung karo kowe, wong liya ora padha ngerti kahananku sing sejatine. Aku percaya menawa kowe bisa njaga atiku. Kowe ora bakal nyebarke karo wong akeh, Aku percaya karo kowe, Nung.”“Iya Dit, aku bakal njaga atimu. Sakjane apa wae kang wis kok alami patang taun kepungkur iki. Jujur, Dit. Ketoke kowelagi wae etuk masalah gedhe.”

“Mengkene, lebar lulus SMA aku karo Ibu melu dadi TKW nang Malaysia nanging ilegal. Aku ngerti menawa risikone gedhe, nanging kepiye maneh. Mumpung ana sing nawani. Aku kepengin banget ngrewangi Ibu golek dhuwit. Sapa ngerti bisa nerusake kuliah nganggo dhuwitku dhewe. Mangkono angen-angenku mbiyen. Ananging kuwi kabeh mung dadi impen. Saiki aku malah kaya mengkene. Awakku rusak, Nung.” tuture Ditya karo mrebes mili,

Aku uga melu mrebes mili. Nasibe Ditya ngenes banget. Sanajan aku durung ngerti kepiye dheweke nang Malaysia kana, nanging aku mbedhek mesti dhewekenang kana dipilara. [ 76 ]“Terus kepiye panguripanmu nang kana?”

“Aku pisah karo Ibuku. Kabar sing dak rungu, majikanne Ibu wongeapikan. Wiwit tekan Malaysia aku durung ketemu karo Ibuku maneh nganti saiki. Aku ora pamit langsung karo Ibuku menawa aku mulih rene. Pesenku mung dak titipke karo kancaku. Mbiyen lebar aku tekan kana, aku etuk majikan sing apikan, ananging mbok menawa pancen uwis dadi nasibku. Majikanku sing apikan mau pindhah tugas menyang Bangkok.

Banjur aku etuk majikan sing gaweane mung nyiksa aku terus. Majikanku wonge arogan banget kajaba kuwi omongane dheweke bebasan esuk dhele sore tempe. Menawa dheweke muni A, aku wis nglakoni apa prentahe nanging dheweke malah muni nek mau prentahe muni B. Mencla- mencle kaya ngono. Menawa wis ngono mengkoaku sing disalahke aku sing dadi sengsara.”

“Dadi kowe saiki kaya mangkene jalaran penggawene majikanmu sing ora nduwe rasa kamanungsan kuwi? Ngapa kowe ora nglawan majikanmu?” “Pancen majikanku sing nggawe aku kaya mengkene. Ora nglawan kepiye? Saben dheweke nglarani, aku nglawan terus, nanging etuk-entukane malah kaya mengkene. Tangan, geger, rai, sikilku dadi korban.”

“Dadi kabeh cacat sing nang awakmu iki amarga penggawene majikanmu. Menawa aku etuk ngerti, kepriye dheweke nyiksa kowe?” “Dak critani, Nung, kepiye rasane disiksa kaya mengkene. Dina kuwi aku kesuwen menyang pasar amarga dhedhel banget pasare. Basan bali, tekan ngomahaku langsung disiram nganggo banyu panas.

Raiku iki sing kena. Rasane perih banget, Nung. Rai iki rasane kaya kobong. Durung rampung tekan kuwi. Lebar aku mlebu, gegerku ijik disiram nganggo wedang panas banjur disunduk-sunduk nganggo wesi. Dadine kaya mengkene Nung. Delenga dadi kaya sisik ula. Wektu kuwi rasane perih, getihe akeh banget. Aku blas ora bisa suwala. Ora mung kuwi sing dak etuk nalika nang kana. Seka perkara cilik ngasi gedhe.

Sapu, kayu, wesi wis mesthi dadi pangananku saben dina. Rong taun dak sabar-sabarke nrima uripku sing kaya mangkono, ananging sangsaya suwe aku mikir, sangsaya lara ati lan awakku. Aku mikir terus kepriye carane supaya bisa minggat saka kana.

Ngasi sajroning dina aku dilarani maneh, iki sing paling lara, sing [ 77 ]mun;

marahi aku dadi pincang, syaraf dhengkulku kena wesi nalika aku nglawan, rasane wis kaya sekarat. Syukur aku isih diparingi Gusti kekuwatan kanggo urip, isih bisa mlaku sanajan pincang. Nalika kuwi aku mikir kudu bisa lunga saka papan kana. Aku mikir kepiye carane, Majikanku nglarani aku maneh, nanging wektu kuwi aku bisa nglawan dheweke.

Aku langsung minggat, aku mung nggawa awak karo dhuwit sing dak duweni. Pokoke wektu kuwi sing dak pikir mung kepiye carane aku bisa lunga saka sajroning neraka. Aku ora mikir arep lapor karo kepolisian Malaysia amarga aku wis ngerti ora ana gunane, mesthi wae polisi mbela majikanku.” mangkono critane Ditya karoaku.

Aku ngasi mrinding nalika weruh gegere sing kaya mangkono, kaya sisik ula, bolong-bolong. Kabeh gegere kaya mangkono blas ora ana sing alus. Sikile saiki pincang. Krungu critane wae aku wis krasa miris, apa maneh menawa ngadhepi langsung. Nasibe Ditya pancen melas tenan. Aku Wis ora ngerti kepiye maneh menawa aku sing ngalami kaya mangkono. Atinedheweke pancen teteg tenan. Kuwatnglakoni urip sing kaya ngono.

Saka critane Ditya aku banjur mikir, nang ngendi wae majikan- majikan kuwi pancen padha arogan, mung gelem mikirke wudele dhewe. Ora ming nang Indonesia, negara liya akeh sing ngono. Muga-muga wae padha etuk ganjarane. Pangarep-arepku ya mung muga-muga wae generasi penerus ora tansah mikirke wudele dhewe. Gelem ngerti lan mikirke nasibe wong cilik. Amrih bangsa Indonesia kuwi bakal maju, ora mung maju babagan korupsi bae.

Bubar crita mangkono, Ditya banjur pamitan. Aku lega, Ditya kancaku saora-orane isih bisa slametan saiki tetep semangat nyambut gawe ing kuthane dhewe. Ditya janji menawa arep terus wiraswasta ora arep nyambutgawe melu uwong maneh. Dheweke wisjinja.

Apri Nur Wulandari, siswa SMAN 2, Jalan Bener 30Tegalrejo, Yogyakarta.

Telepon (0274) 563647, 520079.

Lair 10 April 1990. Alamatomah,

Jatingarang Kidul, RT.47, RW.17, Jatisrono, Nanggulan, Kulon Progo, Yogyakarta. Telepon085228533317.

Hobi: maca buku (teen-lif)