Mayangsumirat

[ 10 ] owel


sejatiné durung rumangsa tuwuk sumusuping asih

nanging kagégé punggel pradapaning kasutresnan

kaselak sliramu kapundhut pangéran

tanpa pamitan

sepira njontonging ati ireng mbaléntong tengahing pethak

ora ana tembung kanggo ngukir lungiting asih

krana lembuting pangrasa tan kena kinayangapa

nglanguting panggedhawa sing tanpa pada

saupama sliramu kanti ngrangu sumuyuding bekti

kapangku

tak kira ora mentala mugut pupusing rasa kamanungsan

nanging kanyatané tega ngrabuk rudatining kanelangsan

luguné aku éling manawa sliramu sadrema kawasésa

dikayangapa pangendhaking kulawangsa ngetog daya tanpa

guna

lan sliramu ora bakal nalisir garising takdir

sepira njontonging ati sing putus ing punagi

tak tampa runtuhing tulak sarik saru siku

sartaning banjiring bebendu lan panyendhu

tak sangga sakabèhing panyoba lan wisuna

sanajan aku sejatiné ora darbé panjangka [ 11 ] nanging awit tresnaku nyang sliramu tanpa wangenan

sih puja subrataku konjuk ing ngarsa dalem gusti

muga sliramu dada cèthi kacaket ing ati

ndungkap ing mangsa kala tak tungka sungapaning

pangumbara

najan saiki keranta-ranta sing tanpa pada


-000-


karanggeneng, 17 agustus 1985


Djaka Lodang, No. 708 Th. XV

Sabtu Wage 12 April 1986, kaca 35