Kangen Sekolah
[ 49 ]
Pageblug
Dening: JauharotunNafi'ah (9C)

Ing Nuswantara...
Kahanan saya suwe tansaya nggegirisi
Pageblug sing wis sak mangsa
Dirasa para warga sakdonya

Sakanane pegawean
Sakanane kagiyatan
Mati plethes
Sepi mampring

Golek sandang pangan tansaya angel
Sesambate para warga ngaruara
Duh Gusti....
Kapan pageblug iki bakal sirna

Akeh cacahe sing lara
Lan uga akeh sing padha tilar donya
Rina wengi tansah sesambatan

Virus Corona arane
Tansaya sumebyar
Ing tlatah Nuswantara

[ 50 ]

Ora pilih-pilih manungsa

Yen orang ati-ati bakal kepati
Mula padhaa nggatekake
Welinge simbok
Tansah resik
Ngurangi sesrawungan
Lan tansah jaga kesehatan

Mugi-mugi pageblug iki enggal sirna
Gusti kang murbeng dumadi
Namung menika panyuwun kula