Paseduluran Suket

Lintang Biru
[ 82 ]

YUNITA NUR ASTUTI

SMP Negeri 2 Imogiri

Paseduluran Suket

Kaya suket neng papan teles ,
Ayo padha ngrungoake bisikan lembut ati urip
Ngolah nurani lan sinau negesi isyarat saka kiwa
tengen
Ngrangkul bumi karo gandhengan tangan
Ben udan grimis ora amis lan gawe miris

Becike ngresiki pecahan sing pating slebar
Kaya kluwung nyulam serat-serat kang sumuwar
Ben urip iki ayem lan tentrem