Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka

[ Title ]

PEṬIKAN MANTJA WARNA


déning
SLAMET POEDJOWARDOJO lan TARDJAN HADIDJAJA


LAN


KAPUSTAKAN DJAWI ÉNGGAL
déning
SLAMET POEDJOWARDOJO lan R.M. ALIMARSABAN
Pérangan2ing buku waosan basa Djawi


SERI
„Sastra Pusaka”


Bandung

N.V.

Djakarta

Djl. Geredja 3

„GANACO”

Djl. Garut 18

[ Title ]

Rp. 36,—

Mulai dipakai pada tgl.: ........ 19...
Kepala Sekolah: ....................


SERI SASTRA PUSAKA No. 1


PEṬIKAN MANTJA WARNA


Untuk: S.M.A./S.G.A.


oleh:

S. POEDJOWARDOJO

dan

T. HADIDJAJA




PENERBIT „GANACO” N. V.
BANDUNG1958DJAKARTA

[  ]










HAK TJIPTA DIPERLINDUNGI UNDANG2.

DILARANG MENGUTIP.

COPYRIGHT BY GANACO N.V.














[ Bebuka ]Nuwun, serat-serat Djawi punika boten sekedik tjatjahipun, pepak sarta kaṭah ingkang bregas-bregas. Éwa semanten para ingkang sami kawogan nuntun wulangan basa Djawi ing Sekolah Menengah limrahipun sami ketjipuhan anggenipun badé minangkani, djalaran serat-serat wau presasat kantun nama kémawon, ing mangka wiwit achiring djaman pamaréntahan Walandi sumbering anggit Djawi pet pampet éngga sapriki.

Serat waosan punika kadapuk „kembang setaman, inggih urap sari", isi pepetikan mepaki, ing pangangkah sageda njekapi betahing wulangan basa saha kasusastran Djawi. Saleresipun isinipun dèrèng padja-padja saged ngepleki ingkang dados kekudanganing pangimpun, ndapuk serat waosan ingkang isi saha suraosipun laras kalijan betahing para putra ing alam kamardikan, inggih alam lubering raos kabangsan. Éwadéné ing sasaged-saged pepetikan kadamel pepak mawarni-warni, boten kétang namung sagebjaran sageda suka gambaran bab mingsad-mingseding basa saha kawontenan wiwit djaman sugengipun sang pudjangga ageng R. Ng. Jasadipura ngantos dumugi ing djaman Indonesia mardika punika. Pepetikan ngewrat tjarijos saha bab mawarni-warni, kadosta: sempalaning tjarijos babad, dongèng, tjrita tjekak, dongèng sato kéwan, gugon tuhon, roman, ringgit, basa ingkang kanggé wonten ing pakabaran, rembag bab kasusastran lss. Punika wau sedaja menawi kadjinggleng saèstu kados kénging kanggé ungak-ungak alam kawontenaning masjarakat Djawi, sarta éwah gingsiring lelampahan saha lampahing raos pangraosipun bangsa kita Djawi ing djaman saha wekdal ingkang sampunsampun. Wonten ugi petikan ingkang suka gambaran sulak semburating raos saha semangat perge- rakan, perdjuangan sarta kamardikan. Jasan Jasawidagdan saha Padmasusastran, nadyan namung awudjud waosan laré, kados kénging karaosaken wontenipun semangat ngudi dateng kamadjengan, sempelah njawang alam „kamagangan", bosen ngabdi dateng alam „kaprijajèn".

Ing wasana saged kasembadan saha botenipun ingkang dados sedyaning pangimpun éstunipun namung kasumanggakaken dateng para ingkang sudi kasdu ngagem serat waosan sepala punika.

Nuwun.

Surakarta, 11-11-1958.

Pangimpun.

[ 5 ] Peputjuking serat ingkang kadamel gegantjaran, amewahi asrining panglipur, panglipuring manah prihatos, prihatosipun awit kagèndèng saking suraos, suraosipun serat babad Mangir, inggih punika ingkang anama Kjai Ageng Wanabaja ing tanah Mangir; sakelangkung amemudja ing sihipun Pangéran ingkang Murba Wasésa, awit darbé wasijat ingkang sakelangkung ageng kagunanipun, awarni waos ḍapur baru kuping, andadosaken sanget lubèring kapurunanipun, satemah mbaléla boten purun kaerèh dateng Sang Prabu ing Padjang. Mila tansah ambeguguk nguta waton, karana panggagasing manah kuwawi anjembadani guna sektinipun Sang Nata ngantos dumugi karaton ing Ngèksiganda, tansah mogok boten sudi anjembah dateng pandjenenganipun ratu.

 Para kadang-warganipun sami darbé pangrimuk saha pamrajogi, angaturi rembag mugi karsaa sowan ḍateng: Sang Nata ing Mataram, amurih rahardjaning lampah, djalaran sakiwa tengening djadjahan tanah Mangir sampun sami sujud teluk saha atur bulu bekti miwah glondong pangareng-ngareng. Mangka tanah Keḍu, Bagelèn, Paṭi, Djepara, Maḍijun, Keḍiri, Padjang, Semarang inggih sampun sami sujud angabekti, namung kantun Kjai Ageng pijambak ingkang dèrèng angidep ing Mataram, tansah adamel pakêweding ratu, Mekaten malih ing Mangir tanah langkung alit, ing saèstu kirang prajogi katingalan ing ngakatah, pantjèn saleresipun tanah ing Mangir kalebet djadjahan ing Mataram.

 Aturipun para warga : „Kjai, punapa ingkang dipun andelaken, tijang kawon, samukawisipun, mengsah ratu kawon sugih bala, dados sadajanipun kasoran, Binasakaken sampéjan punika Kjai, kados katé angrangsang gunung, tjébol anggajuh langit, kados timun anglawan durèn, paran marginipun saged unggul, sampéjan anandingi Sang Prabu ?”

 Tumunten Kjai Wanabaja amangsuli ambekuh : „Pan Allah, kang andarbèni bumi, aku suwita ing Allah tangala, ora ngawula Sénapati, djer paḍa titahing Pangéran. Aku namung ngukuhi nalika mula bukané, nggoné tjakal-bakal wong tuwaku kang wus suwarga ababad alas sarta matjul ora nganggo njenjambat lijaning djanma, panggarapé luwih saka rekasa, satemah dadi sawah lan tegal. Apa manéh aku ora nedya amanèni sarta njikara pakaraning ratu, tuwin aku ora nedya dadi naréndra, awit aku dudu waris asaling ratu.

 Apa kang dèn-utjap manèh, mung aku wis daknijati, sutik kaerèh marang sesamaning manungsa. Nanging aku duwé pasanggiri: aku gelem ngawula sarta anjembah marang sapepadaku, menawa ana manungsa kang katjonggah anaḍahi marang putjuking tumbakku kang aran Kjai Baru-kuping, pusaka saka leluhurku !”

 Para kadang warganipun sami éram, déné boten mikir ḍateng rembag kang rahardja, amung tansah kumalungkung angandelaken waosipun. Manawi para sentana matur mbebolèhi ladjeng kasentak, [ 6 ]penggalih runtik. Tjinelak tjarijosipun: Kjai Ageng Mangir sampun dumugi ing djandji, mantuk ḍateng adjalipun.

Kotjap putranipun djaler ingkang anggentosi kalenggahanipun saha nama anunggak semi ingkang rama Kjai Ageng Wanabaja, menggah adat watak wantunipun sampun djiblès ingkang rama, malah anggep kumalungkungipun angungkuli ingkang sampun suwarga. Taksih anèm, warninipun ragi bagus, amberanjak ladak angkuh mawi kaduk besus, wantji sampun djedjaka sepuh sarta kéringan ing sesamining tijang, kikis Praga mangalèr dumugi ing Mlarang dipun erèh, mangidul tandes ing pasisir, mangalèripun malih dumugi ing Bantul, ingkang sampun angidep ḍateng Mangir. Mantjapat mantjagangsalipun ing Mangir sampun sami sujud abipraja ḍateng Kjai Ageng Wanabaja. Rinten dalu tansah kasukan ngabotohan boten mawi lèrèh. Kjai Wanabaja nèm ugi amogok boten purun angiḍep ḍateng karaton ing Ngèksiganda, tansah sesumbar boten adjrih atanḍing prang kalijan Sénapati.

Katjarijos Sang Panembahan Sénapati ing Ngalaga ingkang akaḍaton negari Mataram, saweg mijos siniwaka wonten ing sitinggil, pepak upatjara naréndra, ing pagelaran kebak para punggawa, mantri, bupati sapanekaripun sami sowan djedjel sek-sekan. Sang Prabu ngandika aris: ,,Paman Mandraka, ingsun taros, kados pundi prekawis Kjai Gedé Mangir. Sampun tita ngantos dumugi sapunika tansah mogok boten purun séba angidep ḍateng karatoningsun. Punapa boten prajogi énggal linurugan, ladjeng kagebag ing prang, tinumpesan sabrajat kulawangsanipun sedaja, djandji sipat djaler dipun pedjahi ?"

Adipati Mandraka matur: ,,Duh, Sang Nata, kula boten anjuwawèni, dipun sarèh karsa paduka Nata! Sanadyan ing Mangir tanah alit, nanging boten kénging ginagampil tinempuh ing prang, menawi lepat saèstu ambebajani, miwah adamel risaking wadya-bala kaṭah. Mekaten malih nama nista pandjenenganing Ratu teka mengsah bekel panadjungan. Wonten ingkang dados pakèwedipun ing lampah, awit gadah wasijat warni waos dapur Baru-kuping, ampuhipun sakelangkung sanget, senadyan teguh kulit tembaga ingkang atos, balungipun kados tosan purasani, otot kawat akeré prunggu, bilih kadawahan waos Baru-kuping lebur tanpa kukupan. Awit saking timbalanipun ingkang Sinuhun Kalidjaga amisik ḍateng kula: pun Mangir dedamelipun linangkung, boten kènging katulak manungsa, singa ingkang kaḍawahan amesṭi maut, tur sampun tjineta ing riwajat dados pusakaning ratu Djawi, pasanganipun Kjai Plèrèd ing tembénipun, mila sakelangkung rempit. Boten langkung prajogi kabudjuk alus kémawon, menawi sampun kénging waos wau boten wonten wantjak galihipun. Sakarsa paduka Nata kula ḍateng ndjurungi."

Sang Prabu ngandika arum : ,,Jèn mekaten andika rembug rumijin rahardjaning lampah ingkang dipun prasudi, miwah rahajuné sakatahing punggawa, ingkang boten damel nistaning Ratu, nanging sageda pikantuk damel."

Sang Dipati Mandraka énggal matur : ,,Bilih andadosaken kepareng karsa paduka sang Prabu, durjat paduka sang dyah Radèn Adjeng Pembajun dipun lampahaken ing ajuda sarana lampah sandi, pun Adipati Martalaja ingkang rumeksa ing pakèwed, kinen dados ḍalang

6 [ 7 ]ringgit purwa akanṭi kadangipun Tumenggung Djajasupanta, sami rumeksa sang Dyah Retna, lan pun Suradipa dados pandjakipun, pun Tumenggung Botjor sampun ngantos kantun minangka djuru nabuh kempul, Saradipa djuru pangenḍang, Saradula nabuh kenong, njai Tumenggung Adisara dados djuru panggenḍèr. Déné kempul prajogi wasijat paduka Kjai Bitjak, kapendet sawab pangèstunipun, amurih lestantun manggih rabhajuning' lampah, putra paduka Radèn Adjeng dipun akena anak ḍateng Ki dalang ingkang sajektos.”

 Sang aprabu sakelangkung kapinudjon ing galih atampi sandi sedyaning Ki Dipati : „Paman, manira marengi.”

...............................................................................................

 Katjarijos sampun dalu, ing pringgitan anata ringgit kapanggung, ingkang anggendèr Njai Adisara, déné sang Dyah Aju linggih wonten ing sawingkingipun ki dalang, saèmper anak pijambak. Déné ingkang nabuh kempul pun Sandi-upaja, pangenḍangipun Saradipa, Sandi-Sasmita ingkang amutjuki. Sesampunipun dipun putjuki Sandi-Sasmita nunten njuling, angrangkep lan pangrebabipun. Kang nabuh kenong Saradula, sakawit mungel genḍing Gambir sawit, pantes mawi laras patet sanga, muket anglenjet mujeg arum amanis. Sesampuning anguju-uju kasuwuk, tumunten dalang Sandi-Guna angringgit, lampahanipun Pakukuhan, suluk tandukipun pantes, tjarijosipun tjeta, trampiling pangringgitipun ḍawah larasing genḍing, wiramanipun aruntut boten wonten ingkang mbarendjul sakedik, rebabipun kumrampjang angarang, suling dumeling melingi, genḍèr tansah ngepindjal, kempulipun anggemak mungel, kenḍang tinabuh gilig, kenong-gong nggrendem kemireng, tjumeplès ḍawahing wirama, panabuhipun ukur lirih, supados tjarijosipun ki dalang boten kasilep ing gending, njamleng rumengeng kapijarsa. Déné larasé ingkang gending laras nenem djedjer ketiga praptèng gara-gara gumantos. Sirep-kêndel ingkang laras sanga, suda sapatet adamel trenjub, praptèng djedjer gandrung-gandrung, larasipun ingkang gumantos manjura ngantos dumugi éndjing, suda sapatet ngresepaken tumrapipun tijang amarsudi sastra, Jaras nenem ugi upami anglir djanma karenan ngidung, laras sanga sampun kados sumerep tegesing kawruh, laras manjura upami putus tembung kawi sampurna ing djarwanipun mresep tumraping rasa adi.

...............................................................................................

 Kjai Ageng Mangir saja suka pumudjeng latah, gumudjeng winor watjana : „Kakang lamun sami tjonḍong ing pamanggih, kula badé sowan dateng naréndra ing Mataram anjaosaken sang Dyah Retna, menawi karsa angabdèkaken djasad kula, punapa malih lamun karsa nganggep mantu dateng baḍan kula, saha kula baḍé anjembah angaras sampéjan Sang Prabu.”

 Sandi-Guna matur kalijan mudji manadukara : „Menggah saking pamanggih kula, Kjai, sampun anemtokakeén sakalangkung dahat sukarena amarengi Sang Nata kagungan mantu ingkang kados paduka Kjai! Saupami nampika darbé mantu paduka angupadosa salumahing nuswa Djawi ingkang kados paduka, tijang guna sekti tanpa timbang, mangsa wontena ! Saha tedaking atapa ! Karana kula mireng tembang rawat-rawat, titir pinadjarakan djalma, udjaring para. su[ 8 ]djanma : Sang Nata langkung ngudi ngupaja mantu ingkang bagus sarta ingkang gagah prakosa, ingkang saged angentasi pakarjan pradja !"

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Sampun lepas lampahipun, tumunten ngambah salebeting negari. Pangéran Mangkubumi kalijan Pangéran Singasari paréntah ḍateng para wadya pangirid lampahing baris kinèn atata, sami boten kénging kalintu ing prenahipun satunggil-satunggil, adjadjar anggangsal-gangsal awit ngadjeng dumugi wingking, boten kénging dompo lampahipun. Ingkang waos kinèn amandi sarta liniga, tansah prajitna ing pakewed. Sampun waradin wadya ḍinawuhan rempek, lampahing baris sap-sapan arampak awidjah-widjah gumulung agolong pipit, untaping baris kados séla blekiṭi, asrang aselur, busana anéka warna abra sinang, urut kadya prawata agni, sanèsipun kadya wukir sekar, sawenèh asuka bingah, bledug anempuh, kang manganggé petṭk katingal saking mandrawa kados kuntul areraton, sunaring méga-méga araras, soroting lintang ngalih pating pantjorot anggegirisi, ing akasa semu kingkin, bengingèhing turangga asri barungan awor gumredeging lampahipun baris sarta panjeluking djanma nonton, asri kawurjan dados tetingalan ing samargi-margi, istaning lampah anglir andon djajèngprang.

Kala samanten sampun dumugi ing Pamurakan, gangsa koḍok-ngorèk mungel ramé, punapa malih ungeling gamelan saurut tepining alun-alun langkung umjung anglir kapireng ing langit, bedugipun tinitir, swara umjang gumuruh, kados redi gugur katerak ing pantjawora tarik. Kjai Ageng Mangir sakelangkung suka bingahing manah, Tumenggung Wiraguna énggal ameṭuk, alon arum ing aturipun:

„Duh, anak Ki Ageng Mangir, enggèr, paduka baḍé arsa malebet ing kadaton saos sembah pangabekti anguswa padaning marasepuh, ḍasar naréndra agung ing nuswa Djawi. Kula ngaturi pamrajogi ingkang kalampahan pranatan karaton Padjang dumugi Mataram, bilih wonten para luhur baḍé sowan ing nata, kedah anilar upatjaranipun. Mila atur kula, anggèr, sakaṭahing upatjara katilara wonten ing djawi."

Kjai Ageng Mangir anuruti, Pangéran sekawan wonten ing pantjaniti saos wuninga ing Sri Naréndra, bilih Kjai Ageng Mangir sampun ḍateng wonten ing Pamurakan, angentosi ḍawuh timbalan dalem sang Prabu.

Sang Pamasé angandika: „Hèh, botjah anggandèk, timbalana putraningsun Sang Dyah Retna lan lakiné si Djebèng Mangir, ḍawuhana énggal bandjur malebu marang kaḍaton katemu marang ingsun, adja kesuwèn ana ing djaba." Angganḍèk munḍur saking ngarsa nata, gurawalan lampahipun sampun dumugi ing Pamurakan nḍawuhaken timbalan dalem sang Nata :

„Kjai Ageng Mangir, pakenira ingandikan Sri Pamasé kalijan sang Dyah Retna, awit kaarsa-arsa wonten salabeting datulaja, sang Maha Prabu langkung onèng ḍumateng sang Dyah Retna, saha kasesa baḍé wuninga ḍateng pakenira Kjai Ageng, karana Gusti Sang Pamasé [ 9 ]dèrèng naté-naté kagungan putra mantu, mila pakenira timbangi sih katresnanipun Sang Prabu".

 Kjai Ageng Mangir mangsuli: „Hé kantja ganḍèk, manira matur sandika". Déné sang Retna Aju pinetuk ing djempana, ladjeng nitih; Kjai Ageng lumampah ḍarat wonten sawingkinging djempana, Kjai Baru- Kuping boten kénging tebih, santana sami anggrebeg. Sareng dumugi ing pantjaniti, Raden Adjeng Pambajun énggal tumeḍak saking djoli ginarèbeg kang para tjèti, ladjeng minggah ing sitinggil, para kenja salebeting pura sami meṭuk sarta angemu tangis. Dumugi kori bradjanala Adipati Mandraka ameṭuk ḍatengipun sang Dyah Retna, arawat waspa, wusana ngandika:

„Aḍuh njawa wajah ingsun, nini putri, ingsun boja njana jèn isih katemu manèh, sira ingsun ulati nganti lawas ora bisa katemu, nganti anjebar wadya ing Mataram, andjadjah alas gunung tanah pasisir mantja nagara, ora bisa olèh warta, mengko katemu masih rahardja, ija banget suka-sukur ingsun marang Pangéran kang Maha Suktji, miwah marang lakinira, ija Ki Djebèng Mangir, kang bisa nemokaké marang nini putri, saupama boja putu Mangir kang nanḍangi, sira ora bisa mulih marang pradja Mataram."

 Sesampuning ngandika ladjeng sami lenggah, sang Dyah Retna awatjana ḍateng Kjai Ageng Mangir: „Ḍuh kakang, punika prajagung kaprenah éjang kula: Adipati Mandraka, ingkang njepeng pangwasaning tijang nagari Mataram. Kang djeng rama Nata boten njumerepi amis batjin miwah bambang-pangalum-alum, Kangdjeng éjang ingkang amisésani."

 Tumunten Sang Retna angabekti sang Adipati, punapa malih Kjai Ageng Mangir énggal angabekti ngaras pada sang Adipati manembrama manis arum ḍateng ingkang nembé ḍateng.

 Aturipun Kjai Ageng Mangir: Nuwun kapundi".

(Babad Mangir).

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

II. KUMPENI NḌESEK TANAH PASISIR

Sinom

  1. Nulja kondur srinaréndra, sapraptanirèng djro puri, nimbali sang mantri muka, mjang Pangéran Mangkubumi, tan antara gja prapti, adipati kalihipun, ngandika sri naréndra: Marma sira sun timbali, kawruhana jèn praptané kaki Djéndral.
  2. Darbé paminta maring wang, anggaduh bumi pasisir, ingsun ora bisa ondan, kudu sah sadjroning linggih, dadi ingsun nuruti, ing rèh kadesek ing wuwus!" Angungun atur sembah, sira dipati kekalih: „Déné sampun dawuh lilah padukéndra."
  3. Sang nata malih ngandika,: „Ija apa kang pinikir, mung pametuné kéwala, sira rembuga kang nuli, apa ginawé keḍik, apa ta [ 10 ]ginawé agung," Dipati Sinduredja, umatur ing sri bupati : „Ḍuh pukulun dinamel keḍik kéwala.
  1. Kalih leksa saben warsa, „Déné rahadyan Dipati, Pringgalaja aturira : „Kawan leksa saben warsi," Ri sedengnja anggalih, paos pasisir sang prabu, wau ta praptanira, Djeng Pangéran Mangkubumi, ladju marek ngastuti ngarsaning raka.
  2. Sang nata alon ngandika: „Wruhanira Mangkubumi, jèn praptané kaki Djendral, minta anggaḍuh pasisir, sun jaji wus marengi, Kumpeni pamintanipun, wit kapengkok witjara." Djeng Pangéran matur aris: „Ḍuh pukulun déné ta boten kadosa !
  3. Punapa tan kaèngetan, lamun djenenging narpati, mung darma mengku kéwala, bang-bang lum-aluming nagri, jekti wonten pepatih, najaka para tumenggung, tuwin para sentana, punika kang darbé wadjib, amisésa angalangna angudjurna.
  4. Inggih dèrèng wonten adat, ratu pepadon pribadi !" Sang nata alon ngandika : „Ija bener sira jaji, nanging sun duk pepanggih, minta sarèh datan antuk," Pangeran atur sembah: „Djéndral sadjatiné djalmi, sanès buta punapa ngarah ngaletak.
  5. Sajekti tuhu nglengkara, jèn ngroda-paksa Kumpeni, ḍateng pandjenengan nata." Ngandika sri narapati : „Lah kaja prijé jaji, panggawé wus katarutjut, dadi nora amantra, ingsun lawan sira jaji, tan prajoga lamun ngekéhna witjara.
  6. Marma sun mupus kéwala, sumarah titahing Widdhi, ija pira bara béndjang, jèn manggih kaardjan luwih, dé kadangira sami, lamunana ingkang mesgul, réhing pada rumangsa, tinilaran rama swargi,mung sun sarah apa ing sasukanira !"
  7. Anḍeku umatur nembah, Djeng Pangéran Mangkubumi : „Pukulun mangsa wontena, tiwas paduka narpati, tiwas sadaja sami, kang darbe kak amung ratu, sakarsa-karsa tuwan, sinten kang purun mantjèni, kaḍang tuwan mung nedya apes kéwala."
  8. Sang nata malih ngandika: „Hèh jajimas Mangkubumi, mung pametuné kéwala, pikiren ingkang prajogi, aturé si Dipati, Sinḍuredja saben taun, pinapantes rong leksa, si Pringgalaja Dipati, aturira patang leksa saben warsa.
  9. Iku endi kang prajoga, paran rembugira jaji ?" Pangéran umatur nembah Pukulun djeng sribupati, mugi dèn kawikani, siti pasisir sadarum, éstu kaṭah wedalnja, saking banḍaring djaladri, mung punika waragad karaton Djawa. ,
  10. Jèn panudju ing karséndra, tuwan munduta sakeți, réjal batu saben warsa, pétanganing réjal ringgit, boten awrat watawis, kalih atus èwu rupiyah ing sawarsa, tumpraping siti ing pasisir sajektiné Kumpeni amung sumarah.
  11. Awit taksih nama mirah, kaṭah untunging Kumpeni, lamun boten makatena, atis kraton nagri Djawi, siti Padjang Matawis, Bagelèn tanapi Keḍu, njanggi pakarjan pradja, bau lumebet nagari, angladosi barang rèh karsa naréndra.
  12. Punḍi ta ḍaharing nata, bogang arta bogang karja, tangèh lamun saged njait, Bang-wétan mantja-nagari, tijang mantja-nagari, kaṭah waled paosipun." Srinaréndra duk mjarsa, ḍawuh mring Sang nindya mantri : „Hèh Dipati kaja paran rembugira ?"
[ 11 ]
  1. Samja tur sembah kéwala, anḍeku pepatih kalih, lir kadya kondjem pratala, sang nata sampun andugi, ḍawuh timbalan adji, kinèn munḍura rumuhun, supadi bakit wawah, utaminipun pamikir, nembah medal sareng wong agung tetiga.
  2. Sapraptanira ing djaba, Djeng Pangéran Mangkubumi, ladju kondur maring wisma, sang mantri muka kekalih, kondur sareng nèng margi, reraosan kalihipun, Dipati Pringgalaja, ngandika sarwi bebisik: „Kadiparan rembugé Kangdjeng Pangeran ?"
  3. Modjar Dipati Sinḍurdja:„Jèn Pangéran Mangkubumi, ing galih tan angon mangsa, mung ngéngeti ageng inggil, luhuring kraton Djawi, tangèh ènget apesipun, lir rembugé Pangéran, tan djamak tumraping mangkin, wit nirnaken manisé karaton Djawa.

Ḍanḍanggula

  1. Kunèng Djeng Pangéran Mangkubumi, sapraptané sana kareranta, sri naréndra timbalané, dénja kakenan sampun, ing upadi sadu memanis, dadya tansah anggagas, paran wekasipun, karaton ing tanah Djawi, jèn pisaha kalawan tanah pasisir, tan wandé karépotan.
  2. Puteking tyas sanityasa tistis, mangunengi laladan tan ardja, kang djumrunuh ing pradjané, déning mangunahipun, budi longok tan wrin ing wèsti, satemah bakal nista, djenengirèng ratu, jata wau djeng Pangéran, animbali abdinira para mantri, tjatur pangadjengira.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
KANGDJENG PANGERAN MANGKUBUMI LOLOS SAKING PRADJA

Asmaradana

  1. Ngandika sri narapati: „Lah adi sira metua, jaji mas sun timbalané, wusé modjar djawat asta, saksana amit medal, dupi pukul pitu dalu, ingkang raji tinimbalan.
  2. Djeng Pangéran Mangkubumi, agupuh gja mandjing pura, wus marek bjantara katong, ngandika srinara nata: „Jaji sun asung warta, adja susah tyasirèku, sumaraha takdiring Hyang.
  3. Djéndral tur prajoga mami, angelonga lungguhira, ingkang rong éwu tjatjahé, karia ingkang sanambang, santana midji sira, upama sun tan mituhu, sajekti kurang prajoga.
  4. Major mau sun timbali, aturé duk kaki Djéndral, andangu mring patih karo, tjatjah lungguhira sawah, miwah sakadangira, Pringgalaja ingkang matur, prasadja saananira.
  5. Major angungun kepati, upama Djéndral tetanja, maring simajor Gendorop, aturé nedya dèn arah, ajwa kongsi ngelonga, jaji kang dadya lungguhmu, déné rembugé Kumenḍan.
  6. Mengko prajoga nuruti, karsané Gurnadur Djéndral, gampang jèn wus saungkuré, seḍengé kalingan warsa, sun balekken mring sira, ora owah tjatjahipun, maksih genep telung nambang.
[ 12 ]
  1. Narimaa baé ḍingin, jwa kongsi tjuwa tyasira !" Pangéran seret aturé: „Rèhning karsaning narendra, amba datan suwala, nanging ta prajoginipun, kawula paduka butjal.
  2. Ngitjalaken dog satunggil, pinten banggi manggih gesang, supadi paduka katong, sampun ngantos kalépétan, ing labet kang tan ardja, awit paduka pukulun, lawan Kumpeni Walanda.
  3. Sabaḍan sakulit daging, upami tan mituhua, mindak kirang utamané, tuwan ingkang netepana, mbalung sungsum Walanda, déné kawula pukulun, tan nedya durakèng radja.
  4. Mung nedya papa prihatin, paduka anglilakena, dèn éklas ing lair batos!" Kang raka duk amijarsa, tjarotjosan kang waspa, trenjuh ing tyas amargijuh, kétang tresnané mring kadang.
  5. Kang dadya woting penggalih, amung sadjuga punika, kang kenèng tinaros-taros, barang rèh ingering pradja, ambek santa budiman, mangka bebokong pradjagung, pikuwating kraton Djawa.
  6. Dangu sang nata tan angling, Djeng Pangéran matur nembah : „Ulun nuwun lilah katong, sumedya tilar nagara, njarengi angkatira, ing béndjang tuwan Gurnadur, amérang mijat ing djanma."
  7. Sri bupati ngandika ris, pan sarwa anenggak waspa, „Aḍuh jaji kaja prijé, rèhning wus kentjeng sadyanta, sun djurung pudja ardja, muga winongwong Hjang Agung, ingsun sung pamugut tresna.
  8. Gawénen sarana jaji, asung sanḍang lawan boga, ing wadya balanta kabèh, arta telung éwu réjal. Saksana wus tinampan, kang raji umatur nuwun, gja nguswa paḍèng naréndra.
  9. Waspanja Pangran dres midjil, tur sembah mèdal sing pura, praptané padalemané, ḍawuh samekta mring bala, nanging tan kawistara, tjinatur tuwan Gurnadur, ngrampungken sakèh prakara.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
BAḌE ANAMPENI ḌATENGING UTUSAN SAKING SEMARANG

Sinom

  1. Gantya malih kang winarna, Djeng Pangéran Adipati, Sukawati duk sinéba, anḍèr kang para bupati, tuwin kang para mantri, djawi nglebet munggeng ngajun, aglar mantri pangarsa, miwah para mantri wuri, nanging dèrèng tinata tengen lan kiwa.
  2. Dipati Puger nèng ngarsa, sigra kang para bupati, Dyan Rangga Wirasetika, Surjanagara Suwandi, djadjaripun alinggih, Dyan Djajadirdja Tumenggung, miwah Samadipura, Bradjadenta Bradja musti, Sinambungan Tumenggung Reksanegara.
  3. Tumenggung Sutadipura, Ranadiningrat lan malih, Natasingron Suradjigdja, Djajaleksana nambungi, déné mantjanagari, Dyan Pusparana Tumenggung, Bupati Djagaraga, Warung wus ngangkat bupati, sinung nama Tumenggung Kartanagara.
  4. Dyan Tumenggung Wilatikta, ing Balora lawan malih, Ngabéhi Sélanagara, ing Seséla kang palinggih, bupati ing pasisir, Demak
[ 13 ]Pangéran Tumenggung, Gadamestaka lawan, Suranata Adipati, Dyan Tumenggung Djipang Suradimanggala,
  1. Sinambungan pra punggawa, panéwu kalawan mantri, panèket ngabéhi demang, wau ta sang Adipati, Puger umatur aris : „Amba tur uning pukulun, telik kawula prapta, ingkang tugur ing Semawis, pun Kumenḍur mangké nglampahken tjaraka.
  2. Pun Sukarja Èndranata, wus mangkat saking Semawis, kinantèn raji paduka, Kadilangu Pangran Widjil, menawi béndjing-éndjing, punang duta praptanipun, pisah wonten Madjenang, abdi dalem kang manuki, tjatjahipun kekapalan kawandasa."
  3. Djeng Pangéran angandika : „Hèh Kakang Puger Dipati, kaja paran rembugira, kalamun ingsun manggihi, apa sun lenggah kursi, apa lenggah ngisor ingsun?" Dipati Puger sigra, nolih sagung pra bupati: Anak putu kabèh kang para bupatya.
  4. Keprijé pikiré paḍa ?" Umatur kang pra bupati : „Sumangga karsa paduka, sadaja darmi umiring" Puger umatur aris, : „Inggih Gusti penedipun, praptané duta béndjang, paduka lenggah ing kursi, awit saking manggihi dutaning mengsah,
  5. Madjeng mangalèr paduka, ing wétan kang wonten kursi, pun kakang Pangéran Rangga, kursi sesaosan tami, wonten kilèn setunggil, Pangran Widjil baḍénipun, déné ta pun Sukarja, nunggila kawula linggih." Angandika alon wau Djeng Pangéran.
  6. „Apa kakang wus prajoga, pikiren manèh kang wening, Endranata ipéningwang, mbokaju kang dèn rabèni, Ratu Maduretnadi, mbok sinebut deksurèngsun." Matur Puger Dipatya : Sampun kekatahen galih, Djeng paduka satrija dibja sumbaga.
  7. Kangdjeng mbokaju paduka, kula kang dèn garundeli, tan nggepok sarira tuwan, dé Endranata pinikir, amikir tikus mengi, keriga satjindilipun, ginites nggandra pira, mangsa dadosa samenir, Endranata : kakung kuluban katéla.
  8. Endranata beras wutah, kinukup dèn liwet malih, dadi sega sapa dojan, duk berasé wor lan siti, tan kongsi dèn bersihi, ija lamun raganingsun, lalu ngelih kéwala, boja kudu mangan mingin, bok sikepé anak Tumenggung Djadirdja.
  9. Nora mangan pitung dina, suprandéné boja sudi !" Gumer sagung pra bupatya, angling malih sang Dipati : „Basa Endranatèki, njawa masuk ing lelempung, daja lempunga Demak, lempungé wong Kalitjatjing, den anggoa grabah telung dina bubrah.
  10. Patut lamun kaarana, Kartinala Kalitjatjing, adol tiké pinggir dalan, jèn nora ambarang suling, mbebarang gambang kanți, kenḍangan tjangkem kumruwuk, lamun datan mangkana, patut mbarang Durma Midjil, nganggo teken tinuntun malbèng kampungan."
  11. Sangsaja ambata rebah, gudjengé kang pra bupati, Adipati unḍang-ngunḍang : „Hèh sagung para bupati, ija sadina béndjing, wong angon kuda lan lembu, adja na lija paran, pada dadia sawidji, ngulon baé anèng kiwa tengen marga.
  12. Ija dalané utusan, kang prapta saking Semawis, lan kabèh wong sabarisan, sipat lurah para mantri, paḍa nganggoa keling, bebed iket sarta sabuk, alas ing kulon ika, babadana mengko bengi, sun gawéné ija pasar pabéwakan.
[ 14 ]
  1. Sagung sutaning bupatya, kadang kadéjané sami, éndjang paḍa kasukana, lésan panah lésan beḍil, paḍa nganggoa keling, kadangé para tumenggung, anaa kang tetegar, adjar kuda dèn pistuli, amanggona kanan kéring pabéwakan.
  2. Sawétaning pabéwakan, djati sana lan kesambi, tengah pasangana omah, omah djoglo mengko bengi, kabèh mantri pinilih, ngadua gemak lan sawung, anak Djajaleksana, dika nganggo uḍeng gilig, dika nganggo bebed sambodja bras wutah.
  3. Sruwala baludru abang, kang rinénḍa pandji-pandji, èpèk trembalo nganggoa, brengos andika kapidih; „hèh sira si Suwandi, anggokena salorokmu, dina sésuk kéwala, sagungé kantja bupati, saloroké pendok paḍa selangena.
  4. Mring mantri pinilih paḍa, dimèné amemedèni, sianak Djajaleksana, brengosa satjengkang sisih, lan anak Pudakmiring, goḍèga simbar kang patut, dika nggo djangkang kula, dika bebed sarung bugis, ingkang rega limalas darbèk manira.
  5. Lawan paḍa pepajunga, ing sésuk mantri pinilih, sun wus karja pajung kaṭah, ambilen ing ponḍok mami, kang lagi teka wingi, tjatjah pajung pitung puluh, laku lelinggihira, béndjang dèn angadi ragi, ngatokena wanter kenḍel ing ngajuda.
  6. Sagung pra mantri pangarsa, nunggala mantri pinilih, ngadua gemak lan sata, wétan pabéwakan béndjing, wong désa krigen sami, konen paḍa prapta ésuk, jèn duta ing Semarang, lèrèn pabéwakan sami, para mantri dèn kagèt budalan séba.
  7. Kabèh paḍa pepajunga, dyan Dipati sigra midjil, angelar-elar paséban, kang tan patut dèn owahi, Djeng Pangran pidjet galih, agèḍèg sarwi gumuju, suka dènja ngandika: „Njata wegig njata djulig, mangsa ana wong kang kaja kang Dipatya."
  8. Adeku kang pra bupatya, Tumenggung papat tut wuri, Dipati Puger lingira: „Anak pada dika bali, dika ngaḍep Djeng Gusti, lamun masih dèrèng kondur, tyas kula melang-melang, dandanan dèrèng prajogi, saben lawang-lawang sami ingowahan."
  9. Lurah numbak tinimbalan, miwah lurahing saragni, prapta wus pinaréntahan: „Wuwuha kang saos béndjing, sabusananing djurit, nanging dèn paḍa atambuh, saragni lan panumbak, papat silih lawang sidji," Para lurah aturé sami sandika.
  10. Wong padésan wus ngundangan, binajar pitjis waradin, pra samja kinèn pepasar, sahari jwa kongsi mulih, wong angon kebo sapi, djaran dinawuhan sampun, aglar tepining marga, wusnja paréntah waradin, tan winarna ing dalu éndjing putjungan.

Putjung

  1. Kang winuwus, tjarakanira Kumenḍur, lan sarowangira, Arjéndranata wus prapti, pabéwakan panggih lan mantri pangarsa
  2. Djajèngranu, ngaturi kèndel rumuhun, baḍé tur uninga, Arjèndranata ningali, langkung ngungun kuda éwon nèng pangonan,
[ 15 ]
  1. Pasar agung, nèng kiwa tengen delanggung, wong lésan sendjata, miwah wong lésan djemparing, sawétané gumeder kalangan gemak.
  2. Selur anglur, wong tetegar ngalor ngidul, ngulon miwah ngétan, pepinggiring wana wukir, gemah ardja sarinė kaḍi nagara.
  3. Sri gumuruh, wong ngadu sawung lan pujuh, dupi amijarsa, lamun ana tamu prapti, para mantri gita bubar samja séba.
  4. Apepajung, andulur asri dinulu, djadjar apepantan, wong Bali mantri pinilih, ting salemplah uḍeng gilig ana djangkang.
  5. Langkung ngungun, Arjéndranata amuwus: „Adi Widjil paran, terah Mataram punika, saenggoné teka linulutan djalma!"

(Babad Gijanti)


III. ANA ING KABUPATEN MADIJUN

 Kebener anggonku sekolah ana ing ngomah wetara oleh sataun utawa rong taun kangmas sowan rama manèh karo ambekta seraté Kangdjeng marang rama. Surasané, jèn kangmas Surana duwé panjuwun marang rama arep nganti aku ana ing Madijun, pamunḍuté kangdjeng: „rama keparenga". Rawuhé kangmas iku mau ija ngagem kabesaran. Déné bab surasané lajang mau klakon kabèh. Rama kepareng, embok bandjur tata-tata sanḍnganku kang arep dakgawa menjang Madijun. Sakuwaté embok, ija aran tjukup. Nanging sapangkaté awakku dadi putrané rama, sarta bakal ana ing kabupatèn, isih durung padja-padja madjad.

 Kamas rawuhé ing Madijun ndjudjug ing dalemé bapakné kakang Kramaprawira, amarga gerah. Bareng wus sawetara dina kamas bandjur bali sowan menjang kabupatèn, aku ingandikakaké ndèrèk. Sowané bengi. Aku diḍawuhi ngaton ing paḍangan, Nuli kangdjeng ngandika: „Isih tjilik!" Umurku nalika semana watara telulas taun; awakku bunḍer lemu, ḍapurku kusi, wetengku geḍi. Kangdjeng wanguné kagungan penggalih mengkéné: „Wong botjah rupané mengkono baé teka banget-banget temen olèhé andjaluk!"

 Ing Kabupatèn mau wajahé ḍahar djam rolas bengi. Aku oleh sega tjaḍong sepiring, lawuhé rada tjukup dak-pangan, nanging ija enik-enikan. Mengkono kuwi nganti sawetara lawas, nanging wudjudé pangan kang dadi tjadongku sangsaja suda-suda. Wekasan dadi pada karo tjaḍongé panakawan sing asor, mung katjèk setitik. Esuk, jèn aku duwé ḍuwit, djadjan. Jèn ora duwé ija uwis.

 Ḍaharé kangdjeng jèn ésuk roti, ora nglorod marang aku. Kangmas oléh lorodan setitik. Iku diḍahar tjok ana luwihané setitik, bisa tekan ing aku. Awan, daharé djam 2.—. Tibané menjang aku setengah telu, djam telu, utawa luwih. Bengi ḍaharé djam 12.—, tibané menjang aku djam sidji utawa setengah loro. Aku krasa kedjangkring, awakku kuru banget, paḍa karo nalikané ana ing Magetan. Kangdjeng wanguné nggraita. Bareng bajaran, ḍuwit bajaran sakanḍi ḟ 1000,— (séwu rupijah) isih wutuh disanḍing, nuli ngandika: „Aku jèn meng[ 16 ]kéné iki ija duwé ḍuwit séwu rupiah, nanging jèn wus arep bajaran......" Pangandikané mung kèndel semono. Nuli mundjuk marang ingkang ibu, surasané: djaré aku njuwun ḍuwit dak-anggo tuku sarapan. Lebar mundjuk bandjur munḍut ḍuwit ing kanḍi mau rong ringgit, diparingaké aku. Iku bisa dadi sambung umur. Saentèké iku kepeksa bali tirakat manèh.

 Olèhku suwita ana ing Kabupatèn Madijun mau baṭiku: bisa oleh sinau tata-krama, tembung-tembung sarta tjarané ngresiki awak, apa manèh bab kabesusan kang aran patjakan. Nalika kamas njuwun aku marang rama, kabaré nganggo ngaturaké kesagahan arep mulang aku bab nulis sarta lija-lijané kaja ana ing pamulangan. Nanging tibané ora ana kang netes.

 Aku ija sinau sabukan barang. Sabukaku kentjeng tur singset, marga kepéngin mbangkèk, sarta manèh perluné njuda krasané luwé. Jèn bengi paturonku ana ing kamaré kangmas. Ing kono ngisoré ana: Klasané.

 Kangdjeng nalika semana nggalih jasa srimpi rong prangkat: saprangkat wadon, saprangkat lanang, mapat-mapat. Aku diḍawuhi kangmas: manawa ana karsané kangdjeng aku ingandikaké dadi srimpi, aku gelema. Aku ija njaguhi, ora nganggo mikir kedadéané sarta ora ana krasa isin. Ana botjah kantjaku punakawan sidji aran Mas Achmad, putrané swargi bapak Mangunarsa, ija dipilih, ditjalonaké. Nanging ora gelem, sebab santri tjilik mula.

 Aku sida dipilih sarta sida gelem. Sanḍanganku banget ora kopèné, djaritku mung sing enggoné anggawani embok baé, garapané kasar sarta ala tur wis bawuk, Boḍoku semana nganti bisa krasa utawa ngreti jèn iku ala. Nanging aku ora ngresula, ora ngredatin sarta ora duwé karep ndjaluk menjang embok utawa njuwun marang rama. Karo déné manèh ora duwé pangarep-arep oleh saka sapa-sapa. Dadi mung apa anané, iku dakanggo, tanpa pikir mengkéna lan mengkéné. Iku mesṭiné ija kegawa saka keṭulé pikirku.

 Kelakon srimpi wadon diwulang. Lebar wadon bandjur lanang. Tutug djam 12.—. bubar, mangsané ḍahar. Mengkono iku saben soré. Wiwit aku gelem dadi srimpi rada kerep oleh pangandika saka kangdjeng, kang pantjèn aran ketudju ḍéwé. Mauné mung saka katut kang-mas aku sok kesruwé, sabab kangdjeng priksa, jèn kangmas tresna marang aku, mulané kangdjeng ija kudu katut katon tresna marang aku.

 Sega tjaḍongku diunḍaki setitik, lawuhé ija wuwuh, Kangdjeng ḍéwé sok maringi panganan marang aku, arupa geḍang goreng setugel nganggo gula pasir. Manawa penggalihé pinudju dangan, geḍangé sidji wutuh, mung ditjuwil setitik. Nanging aku dèk samana ora rumangsa tampa sih.

 Bab pasinaonku ndjogèd sadjaké katon unggul, kantjané lanang-lanang wanguné bobrok kabèh. Saben ana srimpi wadon lara, lunga utawa alangan lija-lijané srimpi lanang libur, awit aku dibandjelaké marang srimpi wadon. Lawas-lawas bandjur tetéla jèn srimpi lanang ora bisa dadi sarta ora ngremenaké. Déné srimpi wadon sing sidji lara presasat adjegan. Mulané srimpi lanang disuwak, srimpi wadon didadèkaké, saben soré ambal ping pinḍo. Aku adjeg dibandjelaké. Srimpi [ 17 ]kang lara mariné lawas, karo embuh sababé teka ora bali-bali. Kirakira pandjogèdé mung dibandjelaké penḍak aku lara baé.

 Botjah-botjah wadon sing sinau srimpi iku kabèh wus paḍa winajah, sok éplak-èplèk, sarta sregep ngindjen botjah lanang. Aku ija katut diindjen. Nanging aku Boḍo tawa ora Djawa, mulané sepi banget ing tanggap. Jèn soré salah sidjining srimpi wadon mesṭi kudu ngulungaké sampur marang aku. Menawa arep ngulungaké paḍa irèn, nanging endi kang ketiban denggung, mangkate semuné kanți bungah. Senadjan kaja mengkono kaanané, pangrasaku durung tau aku guneman saketjap-ketjapa karo srimpi mau, sarta temen aku ora sesembranan setitik-titika.

 Ḍèk semana wetengku wis wiwit tjilik, takkira saka kurang mangan, tur wajahé mangan lungsé. Karo manèh amarga dak-olah, dak-sabuki kentjeng banget. Wiwit dèk semana kiraku awakku dideleng rada katon ngresepaké. Kedjaba wetengku mari geḍé, awakku rada resik. Daging ing awak isih neḍeng-neḍengé, watara umur patbelas taun. Tjahja isih paḍang-paḍangé. Polataku ora mbesengut. Dadi mungguh awakku awudjud kaju, kaju sing oleh sipatan seraté alus, nanging kajuné pantjèn dudu kaju tjendana. Olèhku bisa ngarani mengkono iku mau kabèh saka gunemé wong setitik-titik, dak anggit- anggit bareng aku wis tuwa. Kangdjeng wanguné sengsem banget marang djogèdku.

 Ana ing pasuwitan mau kang aran pasowanku mung manawa kangdjeng lenggah ana ing buri. Dunungé penḍak karo busana. Palenggahan ing buri mau awangun penḍapa. Kala-kala kangdjeng tjok rada matjokaké aku marang botjah wadon mungsuhku perang. Sepisan rada banget, mengkéné: kangdjeng lenggah ing pengkeran ana ing tengah, aku ana ing pinggir kulon, mungsuhku perang ana ing pinggir wétan. Dadi adoh banget karo aku. Ananging linggihku, lenggahé kangdjeng, lungguhé mungsuhku iku kapinudjon dadi sagaris. Kangdjeng mriksani aku, nuli mriksani mungsuhku, bandjur priksa jèn lenggahé mau ana ing tengah-tengah bener, bandjur mundur karo ngendika sarta gumudjeng: „E, olehku linggih iki mau ngaling-ngalingi!"

 Sepisan aku arep dipanganggoni tjara wadon. Kamas Surana nuli mangsit aku, menawa aku dipenganggoni tjara wadon, gelema. Aku ija nginggihi. Bareng kangdjeng ndangu aku, aku ija njendikani, ora nganggo mikir apa-apa. Bareng tibané arep dipenganggoni tjara wadon, aku katimbalan menjang pengkeran, ing tengah, dadi ana ing papan palenggahané kangdjeng utawa kang ibu. Wong wadon pirang-pirang pada teka ing enggonku. Déné kang menggedèni: kalangenané swargi kangdjeng pangeran. Ana kang ngutjuli klambiku, ana kang mbukak iketku, ana kang ndjupuk djungkatku, ana kang meḍaki. Nalikané iketku dibukak, katon djungkatu sungu tur ala. Nalikané aku didjungkati, digelung, diweḍaki awakku utawa dipupuri, ditapihi, mestiné kantjaku srimpi ija ndeleng kabèh. Nanging aku ora weruh rupané, sebab aku ana ing paḍangan, ing mangka kana ana ing lelinḍukan.

 Sangsaja dadi olèhé ndandani, aku sahgsaja krungu pangalemé wong mau warna-warna, embuh saka pangonggrong, embuh saka temenan. Nanging tumibané menjang rasaning atiku, kaja-kaja temenan. Bareng wis rampung aku nampani sampur, bandjur metu ndjogèd. [ 18 ] Ḍèk semana pangrasaning atiku, kang paḍa didjinggleng prasasat mung aku, awit akèh kang dirasakaké. Déné solahku ndjogèd mau bisa médoki banget. Lebar ndjogèd ambal ping pinḍo, wis djam 12.— bengi, kangdjeng ḍahar. Aku oleh tjaḍong dirampadi telung piring nganggo iwak derkuku, embuh dara, sidji wutuh. Nanging ija mung sepisan kuwi mengkono.

 Ambalèni tjrita setitik. Kakang Djajèngprawira, adiné kakang Kramapawira nalika semana dadi magang Kabupatèn. Sadjroné aku ndjoged matjak tjara wadon mau, kakang Djajèngprawira iku ngundjukaké lajang marang kangdjeng njuwun tapak asta, didangu mangkéné: „Kuwi sapa ?" Ndangu mangkono iku karo nuḍingi aku. Sawusé aku ditamataké rada suwé, bandjur mundjuk: „Ngapunten dalem, kados kagungan dalem srimpi énggal." Bareng diḍawuhi jèn aku, bandjur ditamataké, saking kagèté, presasat nggeblak.

 Ésuké nganti tekan awan wanguné wong-wong isih paḍa ngungun éling marang malihé rupaku dèk benginé. Dadi kerep nggunem ngrasani, aku. Awan iku mau seraté penju kangmas Surana ndikakaké maringaké marang aku. Kamas oleh paringan manèh, geḍé sarta betjik banget, watara rega fl. 10.—.

(Serat pèngetan. K.w. Pusaka Djawi).


IV. PAMARSUDINING KAWRUH BASA INGKANG MLÈSÈD

 Ing dusun-dusun utawi ing ponḍok-ponḍok terkaḍang wonten tijang ingkang ahli negesi tembung. Ingkang kaanggé lelanḍesaning negesi: swaraning paketjapan. Tijang-tijang ing sadjadjaripun, menawi mireng anggènipun negesi tembung-tembung wau sami gumun sarta ngalem ḍateng kawasisanipun tetijang ingkang mekaten wau. Ingkang dipun gumuni, anggenipun trampil, sarta ketingal trep, utawimatis, tjotjog kalijan kawontenanipun. Tjoba kapriksanana:

(wong) tuwa = untuné dawa-dawa.
(wong) tuwèk = untuné dèwèk-dèwèk.
tjangkir = nantjang pikir.
wédang = gawé kadang.
wangsalan = njawang angsal-angsalan.

 Tjara negesi mekaten punika nglantur-nglantur tanpa peḍot. Setunggal-tunggaling tembung dipun tegesi, kaèmper-èmper sagedipun radi matuk kalijan kawontenanipun. Upami wonten ingkang pitaken mekaten: „Lah batur punika tegesipun kados pundi ?"

Wangsulan : „kebat, jèn ana pitutur."
Pitakèn : „Kok dipun kramakaken réntjang?"
Wangsulan : „Kuwi pantjèn ora réntjang, beneré rintjang;jen diiri, gantjang !"

 Mekaten tjaranipun. Menawi djudeg, ladjeng nglepataken ḍateng tembung ingkang sampun wonten. Dipun éwahi sekeḍik utawi kaṭah, [ 19 ]murih saged negesi. Dalah tembung mantja dipun tegesi mawi tjara Djawi. Kadosta :

 Pitakèn : ,,Selènder punika tegesipun kados pundi ?”  Wangsulan : Kuwi nèk selèn ora bunder,”  Mekaten punika sampun nékad sajektos, éwa semanten meksa di- un alem, amargi saking lantipipun. Kalantipanipun wau ladjeng sok dipun anggé pamêran. Njoal dateng ingkang sami mirengaken : ,,Kowé apa pada weruh wong tuwa sok diunèkaké : gerang daplok ?”

 Wangsulan : ,,Boten sumerep.”  Panggelar kawasisan : ,,Kuwi rak gampang baé: Gegeré kaja geger urang, dadané arep ditjaplok !”. e ;  Pitakèn : ,,Lah ajam katé, punika werdinipun kados pundi?”  Wangsulanipun mawi notjogaken :: ,,Pitik katé iku rak tjilik ta. Ija apa ora ? Dadi wis genah, prasasat wis ngarani. Pitik katé :mula- né diarani mangkono, sebab tegesé: ênjêng pangangkatê !” sampun-sampun, kula djudjug semanten kémawon. Mindak saja kepandjang-pandjang rembagipun. Bab tjara negesi. ingkang mekaten wau, wonten ingkang mastani nganggé kawruh : kêratabasé, wonten ingkang mastani : nganggé kawruh djarwa dosok. Wonten ingkang milah-milah mawi :. djarwa suta, djarwa sota, djarwa sita; sarta. sa- nès-sanèsipun, Mangka saking “kadjengipun tijang ingkang Temen nganggé tjara. mekaten wau anggènipun negesi mawi kawruh: ety- mologie, Para ahli basa ingkang sami marsudi basa sarana sinau, ing- . gih marengaken, mekaten wau kawastanan miturut :. etymologie, na- “mung mawi dipun wewahi sekedik, dados etymologie-padusunan,. uta- wi: volksetymologie.

 Menawi wonten tijang kalih utawi tiga ingkang sami ngrungkebi tjara utawi ngélmu ingkang kasebut ing nginggil pinudju nglempak “ing pedjagongan, punika sok ramé, gumjek, utawi udur-uduran; Se- manten wau menawi gèsèh-gèsèh anggênipun negesi salah setunggaling tembung. Anggènipun merdèni pijambak-pijambak, dipun wastani sam- pun trep, saé, utawi matis. Déné anggenipun merdèni tijang sanès, dipun wastani kirang trep, taksih dèrèng matis. Kados ta merdèni tem- bung ,,kursi”. Ingkang setunggal mastani : angger wong mungkur, isi, Setunggalipun : ukur sidji. Mekaten ugi bab nama ,,salak”. Ingkang setunggal negesi : ngreksa galak, setunggalipun :: seselané telak. Mekaten wau dipun udur, dipun bantah, ngantos gumjek, kénging kanggé isên-isênipun pedjagongan. Ingkang mirengaken : wonten ingkang seneng, wonten ingkang boten patos remen, wonten ingkang pegel, kados mirengaken gramapun utawi radio tanpa muter. Menawi wonten sedèrèk ingkang tlatos, karsa nglempak-nglem- pakaken tembung-tembung mawi dipun tegesi mekaten punika, kada- pur kados bausastra, ladjeng kakintunaken dateng Panjebar Semangat utawi Kedjawên, bokmenawi saged ngindakaken lengganan, sebab ing ngriku pantjèn dipun wonteni papan kanggé lelutjon, temtu ingkang jaan sami kaken wetengipun, amargi saking anggènipun anèh utawi utju. Wonten malih tjara negesi tembung kaurut saking ngadjeng sarta saking wingkinging tembung ingkang badé kadjarwakaken. Makaten

19

[ 20 ]wau tumrapipun tembung Kawi utawi Mlaju utawi tembung ja

laka LAN ampjak kémawon kados tijang andjala.

 Kados ta:

 1) para marta. Para marta punika wontenipun Ing basa Djawi ladjeng nggadahi teges pijambak, dipun sukai teges: nga- pura, burus, namung menawi ladjeng dipun pila ah anggènipun negesi, kapedot-pedot dados : para lan marta, puni a sampun wiwit boten leres. Kedah saking parama kalijan artha".

 2). Asistèn Résidèn : Tembung a s i s t è n dipun tegesi : bakal, dados asistèn Reésidèn djarwanipun : “bakal résidèn. Asistèn wadana : bakal wadana. .Negesi mekaten wau sadléréngan sampun matuk sanget, sarta tumrapipun ingkang mirengaken. inggih sampun adjeng, sebab motak- matuk. Namung ndjarwani ingkang mekaten wau boten awewaton kawruh, namung ngendelaken lepasing angen-angen kémawon. Ing batos mungel mekaten : wong pantjèn wudjudé bakal dadi résidèn, “bakal dadi wedana, tembung. asistèn duwé teges apa menèh, lijané bakal ?

3). Ing Pamulangan Djawi-wonten sêrat waosan: tjara Mlaju;-na- | manipun ,,Serba Neka” punapa ,,Empat Serangkai”; punapa :,,Dua: Se baja” kula kesupèn. Ing ngriki wonten. ungel-ungelan ;mekaten : “Lam-e. pu itu pada gahibnja berisi minjak, Ngleresi Opsiner mriksa pamulang-- an, gurunipun ing ngriku nerangakén “ungel-ungelan -wau mekatena. lampu iku ing blenduké isi lenga. Anggènipun ndjarwani mekaten. wau. boten awewaton kawruh; namung. ngendelaken “kinten-kinten. Ka- urutaken ukaranipun inggih mèmper. Namung ““botén_ andadosaken anawi guru wau kirang. marsudi. Ang-danganing opsiner. Ketawis m genipun negesi namung ngaras-aras saking swaraning : tetembungan -: galib, swaranipun kok- u l e m pantes menawi dipun: tegesi : blen-duk:......

(Ra. KH Pisah Djawi).

V. “BUSANANING BASA

Ingka kula wastaningn busananing basa punika tetembungan utawi punika, ingkang ing Terengganing basa kémawon, inggih puniki, kama pasa / land inipun dipun wastani : beeldspraak. a : gamar. Wimbar Ing ngriku kadjengipun gam- Jeh mi ngan, upami: tijang ingkang remen , dipadanani : djembar segarané ; djembaring karsaa andjembargken Pean aing ladjeng wonten tetembungan : mugi pangapunten utawi samodra angah AAN gada pi ya pad 1Jang njenjangga barang awrat mawon, kedah ngatos-atos, bote Kala melan, tetanggelan ; sanès baèn-baèn, ring.n kéngin ak saged sasekétjanipun ke mirang-miring, Mila penda- mgkang boten kénging” ginagampil;ngaken : boten kénging sinangga mi- Sesanggèn, unika katembu

20
[ 21 ] Bingah tuwin susah kagambar kados sanḍangan, inggih punika kasléndang ing ukara: bubuhaning manungsa kaslenḍangan bungah lan susah.

 Ukara-ukara ingkang mekaten wau, ing basa Djawi kawastanan ukara saged ndjogèd. Ing nganḍap punika panunggalipun ukara ingkang saged ndjogéd, peṭikan saking serat Pustaka Radja purwa:

Mijarsa pawartos pepekenan (bebaratan), saking asranging samirana, asraking ampuhan, lepasing gunḍala, bebasan: tutur kelantur, pawartos katular, udjar pinadjaraken djanma, .......... tegesipun mireng pawartos ingkang déréng pinitados.
Delap kawula mugi kalilana anuwila-ganda, tembung ngawu-awu, lepata ing saru sesiku, déné kumawani (kamipurun) rumengkuh angraket krama ḍateng paduka. Sajektosipun kawula punika, tebih-tebih taksih kantenan prenahipun, lamat-lamat inggih ketingal kukusipun (taksih kantenan tetalaripun), tegesipun : njuwun pangapunten déné kamirupun njenjebut raka, saéstu taksih saḍèrèk, senadjan sampun tebih.

 Menggah tijang nglairaken krenteging manahipun, pikadjenganipun utawi raosing manah, wontena ing pawitjantenan, wontena ing serat, sesaged-saged mesṭi murih tjeṭa, tètèh, luwes, manis, urut, boten worsuh. Awit saking punika pamilihing tembung-tembung kedah patitis, kedah runtut, mapan utawi lenggah, utaminipun resik.

 Kedjawi mekaten, ingkang besus ing sastra ugi mawi tetembungan utawi ukara minangka reranggan, supados sakétja tuwin nengsemaken ḍateng ingkang sami miḍanget. Tetembungan punika ingkang kula wastani:b u s a n a n i n g b a s a.

 Busananing basa punika wonten pinten-pinten warni, wonten ingkang kanggé wonten ing pawitjantenan padintenan, wonten ingkang namung kanggé ing serat-serat, tuwin wonten ingkang kanggé ing paḍalangan. Ing ngriki ingkang kula tjariosaken namung busananing basa ingkang kawastanan pepinḍan.

 Pepinḍan punika tetembungan utawa ukara, ingkang njebutaken punapa-punapa, menawi dipun samèkaken utawi katanḍing kalijan sanèsipun, limrahipun mawi tembung : kaja, kadya, kados lir, lan sapanunggilanipun. Kadjengipun ingkang nganggé tetembungan wau terkaḍang namung mewahi katrangan, terkaḍang kanggé njangetaken, terkaḍang namung kanggé rerengganing basa kémawon.

1.PEPINḌAN INGKANG KANGGÉ PAWITJANTENAN PADINTENAN

 Menggah tulaḍanipun :

dledjag-dledjeg kaja adjudan 1). Irengé kaja minangsi; anggepé kaja prijaji ; ketjuté kaja asem ; paité kaja brata-wali; leginé kaja gula; ambuné kaja baṭang ; djeroné kaja segara ; paḍangé kaja awan ; abangé kaja dubang ; akèhé kaja semut ; anggoné turu kaja baṭang.

 Pepinḍan wonten ingkang dados paribasan, upami : tjar-tjor kaja wong kurang djanganan (tjlebang-tjeblung) ; kaja klinṭing disampar


1) pepinḍan punika méntjokipun tumrap kaladjaman pepréntahan Welandi. [ 22 ]kutjing (djuweèh) ; kaja keṭék ditulup (lingak-linguk) ; kaja mimi lan mintuna (boten pisah) ; kenṭang-kenṭang kaja ranḍaning bupati (boten padjeng sémah malih) ; dikempit kaja wadé (dipun pilala) ; bungahé kaja wong nunggang djaran èbèg-èbègan (tanpa taha-taha).

 Pepinḍan-pepinḍan ingkang kasebat ing nginggil punika sami nganggé tembung ,,kaja" ; boten sedaja pepinḍan makaten, wonten ugi ingkang tanpa tembung ,,kaja", nanging mawi swanten swara irung, kadosta: ,,andami aking" ; tegesipun : kados dami aking, panunggilanipun kadosta: ambanju-mili  ; ambata rubuh ; njéla tjendani ; andadamar kanginan ; nawon kemit ; ngombak banju.

2. PEPINḌAN INGKANG KANGGÉ ING SERAT-SERAT

 Ing serat-serat kaṭah pepinḍan ingkang ing pawitjantenan boten naté kanggé. Kadjengipun pepinḍan wau wonten ingkang mewahi tjeṭanipun ingkang dipun tjariosaken, dados katingal gawang-gawangan, wonten ingkang kanggé njangetaken. Déné limrahipun dados rerengganing basa. Awit saking punika serat-serat ingkang kaṭah pepinḍanipun serat waosanipun tijang sepuh, langkung malih serat-serat ingkang mawi sekar.

 Ing nganḍap punika pepinḍan-pepinḍan ingkang asring kanggé ing serat-serat gantjaran, tuwin ing serat-serat ingkang mawi sekar :

 Wutahing wadya bala kadya trunaning udaja, kadya samodra kinebur ; kang putih kumpul paḍa putih kaja kuntul neba, kang abang kumpul paḍa abang kaja gunung kobar (kaja kembang palas), kang ireng kumpul paḍa ireng kaja ḍanḍang reraton, kang kuning kumpul paḍa kuning kaja kepoḍang reraton ; ingkang séta kadi kuntul sakeṭi lumrang ; ingkang abrit kadi wana katunu. Busana manéka warna kadya sekar ing udyana ; tandangé kaja wong mendem gendjé ; suraking bala kaja ampuhan ; awaké andedel kaja diububi. Raosing manah kados kasiram ing toja sawindu ; bekosé lir sima lodra mangsa bebajangan ; polahé kaja manuk sikatan ; kaja wangan mungsuh segara ; pangamuké kaja sima arebut daging (kaja bantèng ketaton). Angkuhé kaja kumendur angadjawa 2). Kaja Kamadjaja lan Ratih. Pesating mimis kaja lintang alihan (kaja udan geni) ; Peteng kukusing obat kaja ṭaṭit sarawungan.Bungahé kaja nemu inten sagunung. Gumuruh wadya wurahan lir kotjaking samodra (lir hérnawa bentar). Kèhing djanma maledug lir gunung kapuk. Nglumpruk lir kapuk. Budiné lir menjan kobar. Paguting tingal gapjuk lir kupu tarung. Tandangé kaja gadjah meta (kaja djangkrik mambu kili). Polahé kaja prendjak tiambalabar lir samodra tanpa tepi. Gumuruh swaraning gubar lan bèri kadya ambelahna langit. Kèhing pepati kaja babadan patjing. Para putri sirep kabèh kaja iwak tinuba. Prigelé kaja keḍasih njampar banju. Mujeging ronronan kaja rerengganing gelung. Sumbaré kaja bisa mutungna wesi gligèn. Gilapé kaja njuremna soroting srengéngé. Senggaké ngeḍasih. Ombaké ngembang glagah. Geṭingé tanḍes ing balung.


2) ugi kados no. 1


22 [ 23 ]3. PEPINḌAN INGKANG KANGGE ING PAḌALANGAN

Ing paḍalangan katah sanget pepinḍan ingkang namung dados rerengganing basa. Tembung-tembungipun sanès tembung limrah, kapilih ingkang pèni utawi kawi, kadosta :

,,Duka" katembungaken mekaten: lir sinebit talingané, djadja bang mawinga-winga (asumung-sumung, lir sinetjang, lir wora-wari), kadya bel metu dahana, sarira mangutug kadya agni, nétra andik angatirah (angondar-andir), kumedud padoning laṭi, kang idep mangada-ada.

Kula nuwun Sinuhun, wonten ing djawi guguping manah kula kados tinubruk ing mong tuna, sinamber ing gelap lepat, upami kambengan salamba pinandjer ing alun-alun sakelangkung kumedjot kumitir tjaruk awor rumaras. Sareng sampun wonten ngabjantara dalem, boten anggaḍahi manah ingkang kumarasan.

Kinanda, jata Srinata ingkang kondur angaḍaton, kèndel wonten plataraning srimanganti, amengkeraken warana, angadjengaken régol dana pratala. Srinaréndra sarwi aningali rerengganing gapura, putjak sinung kumala sawohing djenggi agengé, inebing gapura gedah tinulis Sang Hjang Kama-Ratih, jèn menga kadi béḍang asemajan, jèn mineb kadi pengantèn kepanggih.

Kinanḍa sireping gara-gara, ana mas tiba saking wijati, jèn emasa mas képon, jèn slakaa slaka tjèlèng. Sinten ta ingkang melik-melik kadya dingklik, mentjorong kadya gentong, ora maido tédjané bendarané, ija Kjai lurah Semar.

Lampah ḍaḍap anor raga ngrepèpèh kadya sata mrijembada. Dasar satrija bagus, rinengga ing busana, sasat Hjang Asmara angédjawantah. Wanodya neḍeng diwasa aju warnané, rinengga ing busana, amim-buhi raras-aruming nétya kadi murtja kinedèpna.

Pranjata sri naréndra sirna kamanungsané, sasat sang Hjang Brama angédja wantah; rep sidem premanem ing paséwakan, tan ana bawané walang ngalisik, sanadyan gegodongan tan wonten ébah, kénging pangaribawaning naréndra, namung swaraning panḍé gending, kemasan, ingkang taksih sami njambut karja, imbal raras jajah lir pradangga (mandaraga).


4. PEPINDAN INGKANG KAWASTANAN „TJANDRA”

Ing basa Djawi wonten pepindan ingkang dipun wastani: ,,tjandra", punika ugi tetembungan utawi ukara ingkang njebutaken punapa-punapa, kasamèkaken barang sanèsipun, limrahipun namung wonten ing gagasan kémawon.

Ingkang dipun tjandra limrahipun: 1) tijang ingkang saé ing warni, 2) kawontenan. (natuur, alam.)

1. Tjandraning tijang, punika pepiridaning warni:

a) Tjandra ingkang nganggé tembung: ,,kaja, lir," lan sanès-sanès-ipun kados ta: tjahjané nglajung kaja rembulan, rurus kang salira kadi ingongotan, wadana kadya binubut, kadi gambar wewa[ 24 ]ngunan, wenes idjo kang sarira kadya kentjana sinangling, wadjanja lir mirah (mutyara) sinundukan, sinomé lir lunging pakis kabaratan, untuné rata putih lir ombaking warih, kang tjahja lir basanta.

b) Tjandra ingkang tanpa tembung,,kaja, kadya," lan sanès-sanèsipun, kadosta : kuningé nemu giring, punḍaké nradju emas, baṭuké njéla tjenḍani, aṭi-aṭi nguḍup turi, rambuté ngembang bakung, rambuté nganḍan-anḍan, untuné amidji timun, pipiné andurén sadjuring, lambéné anggula satemplik, lengen angganḍéwa gaḍing (angganḍèwa pinenṭang), lémbéhané amblarak sempal.

Pepinḍan-pepinḍan ,,tjandra" ing nginggil wau sadaja boten kénging dipun éwahi (dipun anggit). Kedjawi mekaten, menawi kamanah-manah mula bukanipun utawi sebabipun, asring boten andungkap, upami:

Baṭuk saé katjandra : njéla tjenḍani. Punika kados pundi sebabipun déné kasamèkaken kalijan séla tjenḍani; boten kasumerepan, punapa waradinipun, punapa lumeripun? Mekaten ugi tjandra utawi pepinḍan-pepinḍan sanésipun, upami: Kaja wangan mungsuh sagara, budiné lir menjan kobar, paguting tingal gapjuk lir kupu tarung, pangungrumé lir bremana ngisep sari, pipiné andurèn sadjruning.

2. Tjandraning kawontenan:

Punika limrahipun njrarijosaken punapa-punapa, sarana katembungaken utawi kaèmper-èmper kados tijang, kadosta:

Sesanḍonan senggal-senggal atri,
obahira tjemara ing arga,
kadi kajungjun ésṭane,
mring para sura wadu,
kaju manis singrub kaèksi,
sinomira ngrembaka,
lengeng ésṭanipun,
lir kadya bisa ngutjapa,
anambrama arum ingkang anjar prapti,
gumlar ing wana-wasa. (Wiwaha Djarwa).

Tjandra ing nginggil punika wonten pepinḍanipun : ébahing wit tjemara kados kasmaran, ron kados-kados saged ngutjap, kados ambagèkaken para widadari.

Pethikan saking serat Bratajuda tjekakan:

,,Sakaṭahing kalangenan urut margi, ingkang dipun ambah prabu Kresna, semunipun sami prihatos, ébahipun goḍonging wit waringin semunipun kados tijang djaler kasusahan, amargi ketjuwan anggènipun baḍé karon djiwa. Putjaking gapura èmperipun kados ngadjeng-adjeng énggaling rawuhipun prabu Kresna. Baunipun ing gapura kados baḍé njembah ingkang rawuh. Epanging wit tjepaka sapininggiring margi katempuh ing angin, semunipun kados astanipun Dèwi Banu[ 25 ]

wati angawé-awé apitakèn ḍateng prabu Kresna, punapa Radèn Ardjuna anḍérèk. Swaraning ratanipun sang nata, sarta gebjaring sesotya rerengganipun, kados anjauri sarta angudjiwat ḍateng ingkang pitakèn.

Wondéné sauripun : "Si Djanaka ora milu ngiring, isih kari ana ing Wiraṭa, kadang-kadangé sidji ora ana sing milu !”
Epang kanginan èmperipun kados tijang méngo, boten kadugi ing wangsulan wau, awit Radèn Djanaka boten nḍèrèk ḍateng nagari Ngastina andjabel nagaripun. Sekar-sekar ing margi èmperipun kados baḍé rentah ing djurang, wit-witan ingkang wonten ing pinggir margi katempuh ing angin, goḍongipun abosah-basih, semunipun kados tijang prihatos, déné Panḍawa boten wonten tumut ............ Tjandraning kawontenan wau kénging kaanggit.

5. pepindan ingkang kawastanan sanepa

 Ing basa Djawi wonten tetembungan ingkang kawastanan : sanépa, punika ugi pepinḍan, nanging wonten bédanipun sawetawis, inggih punika njebutaken punapa-punapa, katanḍing kalijan sanèsipun, nanging langkung saking ingkang dipun upamèni (upamèkaken), upami : èsemé pait kilang, èsem katanḍing kalijan kilang, kilang kaanggep pait, taksih legi èsemipun, tegesipun : èsemipun manis sanget.

 Sanépa sanèsipun kados ta : èsemé pait madu, tingalé pait madu (kilang), ambuné arum djamban, tatuné aran krandjang, rinḍik asu digitik, renggang gula kumepjur pulut, lanḍep ḍengkul, bening leri, londjong botor (mimis), tjumbu laler.

(Serat gantjaran warni-warni
ing djaman sapunika. Ingkang
ngimpun R.L Mellema.
)


VI. PÉNGETAN ADJALIPUN MAS NGABÉI WIRAPUSTAKA

 Nalika dinten Senèn Wagé kaping 1 Pebruari 1926 wantji djam 8 éndjing, Mas Béi Pradjapustaka, Panéwu-garap Kapatihan Surakarta ingkang sampun pensiun atilar donja, dumugi umur 86 taun (taun Jawi).

 Para maos bokmanawi kaṭah ingkang katambetan ḍateng Mas Ngabéi Pradjapustaka wau. Mas Ngabéi Pradjapustaka punika bangsa Djawi ingkang marsudi kasusastran Djawi, kaṭah serat-serat anggitanipun ing bab kasusastran Djawi, tuwin tjarijos gantjaran, punapa déné serat anggitanipun sardjana sudjana ingkang kawedalaken, sarta sumebar ing ngakaṭah.

 Serat anggitanipun pijambak : Parama basa, Urap sari, Warna basa, Tembung betjik, Rangsang Tuban, Tata tjara, Paṭi basa, Hariwara, sarta taksih wonten panunggilanipun malih. Ingkang dédé karanganipun pijambak, sekar-sekaran : Burat wangi, sarta sapanunggilanipun malih taksih kaṭah, punika ingkang ngedalaken Mas Ngabéi [ 26 ]Pradjapustaka. Nguningani dateng serat-serat punika, pandjenengan bokmenawi ladjeng terang sinten Mas Ngabéi Pradjapustaka punika, ing ngadjeng nama Mas Ngabéi Wirapustaka, saha nalika taksih mardika nama Ki Padmasusastra.

Djaman alitanipun Mas Ngabéi Pradjapustaka dèrèng djaman pamulangan, nanging wiwit ngumur 6 taun sampun pinardi ing sastra ḍateng bapakipun, dumugi ngumur 9 taun saged maos sarta njerat Djawi tuwin Melaju (Latin). Djaman semanten dados pangéram-éram tuwin adamel gawoking akaṭah. Umur 9 taun wau dipun sèlèhi kalenggahaning bapa dados mantri geḍong kiwa anama Mas Ngabéi Kartadirana, dipun parabi Gus Béi.

Ngumur 19 taun minggah pangkat dados mantri sadasa (panéwu djaksa anèm) nama Ngabéi Bangsajuda. Saladjengipun kapetik njambut damel ing Kantor Kapatihan. Wusana sareng sampun sawetawis taun minggah dados panéwu djaksa geḍong-kiwa anama Ngabéi Kartipradata. Watawis ngumur 43 taun kèndel anggenipun dados abdi dalem, dados tijang mardika, nama Ki Padmasusastra.

Samanten Ki Padmasusastra dipun kanți tuwan van Der Pant, guru ing pamulangan Gymnasium ing Betawi, kapurih nenuntun tètèhing paketjapan Djawi sesaminipun ing bab basa Djawi. Wiwit samanten Ki Padmasusastra alihan gegrija ing Betawi, sarta ladjeng srawungan kalijan para sardjana bangsa Èropa. Awit saking punika katetangi manahipun marsudi basa Djawi. Berkating taberi sarta tlatos ing pangudinipun kasembadan ing sedya ladjeng sumerep ḍateng alang udjuring basa Djawi.

Ingkang kaping kalih Ki Padmasusastra dipun kanṭi ḍateng tuwan Walbeehm, wasana dipun kanṭi tuwan de Nooy. Nalika tuwan de Nooy perlop ḍateng nagari Welandi, ki Padmasusastra kaadjak. Wonten ing nagari Walandi Ki Padmasusastra kirang djodo hawanipun, kasrepen, ladjeng ketjanḍak ing watuk, mila boten dangu énggal mantuk ḍateng tanah Djawi. Éman sanget namung sabrèbèt durèn wonten ing nagari Walandi.

Wangsulipun saking negari Walandi, Ki Padmasusastra ladjeng tetep mantuk dateng Surakarta. Wiwit titimangsa punika Ki Padmasusastra ladjeng malebet ḍateng pabarataning djurnalis, dados djuru ngarangipun serat kabar Djawi Kanda"; kala samanten ketingal ramé djagading serat kabar. Kedjadi dados djuru ngarang ing serat kabar, inggih ngedalaken serat warni-warni, anggitanipun pijambak, sawenèh anggitanipun sardjana sudjana ingkang inganggep dados, dwidja waranipun, kados ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil. Serat-serat anggitanipun Ki Padmasusastra pijambak sami gantjaran, déning rumaos ḍateng iketaning kidung kirang, namung tumindak, boten timbang kalijan iketanipun gantjaran, pantjèn ngrumaosi boten kedasaran dateng kidung.

Nalika Kangdjeng Radèn Adipati Sasradiningrat ingkang kaping IV (sumaré ing Imagiri), jasa bibliotik winastan Radya Pustaka ing taun 1899, ingkang tinanggenah njepeng Ki Padmasusastra, kapangkat mantri. Wiwit semanten Ki Padmasusastra wangsul dados abdi dalem malih, kapateḍan nama Wirapustaka. Kedjawi nglempakaken serat tuwin ngimpun kawruh2 Djawi, semanten awit saking usulipun Mas [ 27 ]Ngabéi Wirapustaka, Radya Pustaka ngedalaken tijdschrift (kalawarti) Djawi, ngewrat kawruh-kawruh Djawi, nama S a s a dh a r a, kaliyan Tj a n d r a k a n ṭ a, ingkang dados djuru ngarang inggih Mas Ngabéi Wirapustaka. Sarta ing pawingkingipun ingkang kawedalaken pijambak: W a r a d a r m a. Sasadhara serat kabar wulanan Djawi ingkang rumijin pijambak, kapétang dados kadang sepuhipun Pusaka Djawi.

Nalika taun 1920 minggah pangkat dados abdi dalem panéwu garap, kapateḍan santun nama: Ngabéi Pradjapustaka. Mas Ngabéi Pradjapustaka sampun sepuh sajektos, kekijataning baḍan suda katah sanget, nanging kataberènipun njerat boten suda, pamanahipun ḍateng basa Djawi boten kemba. Awit saking taksih kanggé ing damelipun, mangka kagalih sampun rekaos ing lampah, Nagari paring parimirma kalilan boten sowan, kaḍawuhan njambut damel ing grija. Salebetipun taun 1924 Mas Ngabéi Pradjapustaka nanḍang sakit rekaos, winimbasara ḍateng putu-putunipun ingkang sami dados ḍoktér. Kabekta saking sampun lungsé ing umur, sareng sampun saras, sampun boten saged tuminḍak njambut damel. Saking keparengipun Nagari ladjeng kapènsiun. Dumugi tilar donjanipun wau boten wonten antawis sangetipun.

Karangan tetilaranipun Ki Padmasusastra mèh sadaja nudju kabetahaning ngakaṭah. Déné ingkang pinèngetan dados tetunggulipun :

  1. Bau sastra Djarwa Kawi, nisihi bausastra anggitanipun tuwan C. F. Winter (kaudal sarta kawewahan saking serat Kawi warna-warni).
  2. Ensiklopèdi Djawi kawerdénan Djawi, kanamakaken Bau-warna, émanipun saweg kaetjap setunggal djilid, aksara „ha". Kaping kalihipun déné dèrèng angsal bijantunipun para sardjana sudjana. Ensiklopédi dédé jasan tjlimèn-tjlimènan, sagedipun samekta dados primbon, sarta boten mangsulaken pitakénan kedah kaembat ing para sardjana awarni-warni golongan.
  3. Utjal-utjalan bausastra Djawi: Gericke — Roorda kawerdénan basa Djawi, tjalon dados bausastra Djawi-Djawi, ingkang dados pangadjeng-adjenging ngakaṭah. Emanipun dèrèng ngantos rampung, saweg dumugi aksara „nja", nunten ginandjar sakit, kaladjeng boten saged angladjengaken.

Ki Padmasusastra anggèning kapatedan santun nama Mas Ngabéi Pradjapustaka dèrèng nama lami, anggitanipun sami keladjeng katjirènan nama lami, mila ing wingking aruming nama anggenipun dados sesuluhipun basa Djawi. kaanggé sekar latinipun para marsudi basa Djawi, kasebut Ngabéi Wirapustaka, utawi Ki Padmasusastra.

(Pusaka Djawi)

VII. WULANGAN MAOS DJAWI ING ABAD KAPING XIX

Nalika dèrèng kaṭah pamulangan kados ing djaman sapunika, anak-anakipun para prijantun, jèn sampun umur kalih welas dumugi nembelas taun, limrahipun dipun wulang maos bapakipun pijambak, utawi kapasrahaken sanak sedèrèkipun ingkang saged maos.

Namung patrapipun amulang maos para bapakipun laré ing dja[ 28 ]man semanten, béda sanget kalijan ing wekdal sapunika. Awit saking serat-serat ingkang kanggé gegaranipun mulang maos dèrèng wonten. Sanadjan sampun wonten satunggal kalih, nanging para sepuh dèrèng sami priksa, déné ingkang dipun anggé mulang nebdet saking serat-serat waosan mawi sekar matjapat ing sagadahipunn, kados ta Serat Ménak, sapanunggilanipun. Punika dipun pendet sapada utawi kalih pada ingkang dipun remen, ladjeng kapurih ngapilaken dateng laré dalah sasekaripun, kadamel ura-ura. Inggih katuntun dalah sasekaripun. Menawi sampun saged ura-ura sapada, ladjeng kawewahan samanut sasenengipun kémawon, wonten ingkang wiwit saking sekar Sinom, sekar Pangkur, tuwin sanès-sanèsipun.

Déné patraping anggènipun tijang sepuh mulang dateng anak makaten : laré kapurih anirokaken anggèenipun ura-ura. Umpaminipun seratipun Sera Ménak-laré, punika ingkang limrah karuminjinaken sekar Sinom, inggih punika :

Tuhu panguntjanging sukma,
Kalana Djajadimurti,
solahira anèng taman,
tamanira sri bupati,
samana duk upeksi,
naga geng tutuk manguntur,
buka sri kanantéra,
sisik kuma rinukmi,
apan arsa mijat tutuk naga praba.

Manawi sampun apil saha sampun mantun dipun tuntun, inggih ladjeng dipun wewahi sapada malih urutipun. Mila makaten djalaran kamanah manawi namung sapada punika kémawon seratipun dèrèng pepak, pamulangipun inggih kados ingkang rumijin. Manawi kalih pada punika sampun apil sajektos, tandanipun : sampun saged ura-ura piuran apilan malih, nanging santun sekar. Santunipun wau inggih sasenengipun ingkang sepuh. Déné ingkang limrah kasantunaken inggih punika sekar Dandang - gendis, mendet saking tjarijos : lelabetanipun Patih Suwanda, patihipun prabu Sasrabau ing nagari Maèspati, inggih punika uran-uran ingkang dipun senengi tijang katah dumugi sapunika, makaten :

Jogjanira kang para pradjurit,
lamun bisa samja anulada,
kadi nguni tjaritané,
andelira sang prabu,
Sasrabau ing Maèspati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun.
kang 1 kinelun tri prakara.
guna kaja purun ingkang dèn antepi,
2 Suwanda trah utama.

1 ingkang limrah : ginelung.

2"": nuhoni trah utama.

28 [ 29 ]Uran-uran punika inggih ladjeng kapurih angapilaken malih. Panuntunipun inggih saking sapada lingsa, awongsal-wangsul kados ingkang sampun. Menawi sampun apil, pamulangipun wonten ingkang deli. Wewahipun kaangkah ing tembé kalijan mlampah. Manawi infkang mulang saget njerat, uran-uran wau inggih kaserat, ladjeng kaanggé mulang. Menawi ingkang sepuh wau boten saged njerat, inggih ladjeng seratipun kémawon ingkang kadamel mulang, patrapipun mulang makaten :

Tijang sepuh : ,,Tolé, iki lo lajangé kang muni kaja apalan mau, mara delengen !

Laré : ,,Inggih.

Tijang sepuh (kalih-kalihipun sami nganggé tuding, sada sasaminipun) : ,,Iki kang muni ,,tuhu panguntjanging sukma , saandegan iki diarani : sapada lingsa. Padané lingsa : iki, (kalijan nudingi pada). ,,Tuhu , kang muni ,,tu, iku djenengé aksara ,,ta, ,,Hu, iku aksara ,,ha, tenger kang mangisor iki (,,u), djenenge sukon, utawa suku. Titènana sakabèhing aksara, kang disandangi ,,suku, uniné ,,u (metjuju). ,,Ta disuku tu. ,,Ha disuku ,,hu, sapituruté. ,,Panguntjang , tenger (ٝ) iki djenengé sandangan ,,tjetjak. Sakabèhing aksara kang ditjetjak iku unné ,,ang, mangap. Dadi ,,pa ditjetjak uniné : ,,pang. ,,Ta, ,,tang, ha, ,,hang. Nguntjang iki djenengé aksara ,,nga, disuku, jén disuku baé unine ija ,,ngu : nanging rèhné uruté iku ana aksara tumpuk, kang duwur iku djenengé aksara ,,nja, nanging mati. Dadi ,,nga disuku mau matèni ,,nja uniné ,,nhunj. Kang ngisor iku djenengé pasangan ,,tja, iku dtjetjak, uniné ,,tjang. ,,Nging iki aksara ,,nga maneh. Sandangan ana ing duwur aksara, bunder tjilik, iki djenengé wulu, mangka ditjetjak. Dadi ,,nga, diwulu-tjetjak, uniné ,,nging , jè ,,ta , ija ,,ting.

,Sukma  : Iki djenengé aksara ,,sa, disuku, nanging uruté ana aksara tumpuk manèh. Kang duwur iku mati, djenengé aksara ,,ka. Dadi kang disik iku aksara ,,sa, disuku, matèni ,,ka, uniné ,,suk. kang ngisor iku djenengé pasangan ,,ma, uniné ija ,,ma.

Kados makaten pamulangipun, saben angsal sapada lingsa dipun kèndeli. ngantos laré saged ngédja pijambak, saweg dipun warahi sapada malih, saladjengipun.

Sinau maos mawi lampah kados ing nginggil wau ingkang katah ing dalem 6 wulan kémawon laré sampun njerat. Déné para laré anggènipun saged njerat punika inggih namung saking madjenging manahipun pijambak, uran-uran wau katurun, wongsal-wangsul. Déné tijang sepuh awis ingkang saged nuntuni patrap-patrapipun njerat, djalaran inggih boten saged njerat pijambak.

Wonten malih tijang sepuh mulang maos mawi lampah sanes, makaten : laré kasumerepaken aksara legena, sadjangkepipun 20, inggih punika tjarakan ,,ha na tja ra ka, saladjengipub dumugi nga, punika kapuriha ngapilaken walikanipun : nga ta ba ga ma, saladjengipun dumugi ,,ha, manawi sampun awil, ladjeng kawulang pasangan, ugi sasjangkepipun. Ladjeng kawulang sandangan, limrahipun saking [ 30 ]wulon: hi, ni, tji, ri, ki, saladjengipun, ladjeng sukon: hu, nu, tju, ru, ku, saladjengipun: taling, taling-tarung, pepet, tjakra, wignjan, tjetjak, lajar, péngkal, keret. Ladjeng sanḍangan rangkep, wulu lajar, sapiturutipun.

Ing saben adjar, mawi ladjeng kapurih njerat, punapa ingkang kawulangaken wau. Manawi sampun saged sadaja sanḍangan, punika saweg kawulang pedjahan, ingkang rumijin pedjahan legena, ladjeng medjahi sanḍangan, saladjengipun.

Mulang maos mawi sarana réka makaten wau, samangsa sampun saged, inggih saged dalah panjeratipun, nanging ingkang katah boten saged njekar, danguning sagedipun inggih mèh sami kémawon. Nalika semanten tijang èstri satunggal kalih, inggih sampun wonten ingkang saged maos Djawi, nanging boten saged njerat. Déné sagedipun wau inggih namung saking getok tular. Para èstri ingkang kadereng kepéngin maos, ing djaman samanten èngetanipun inggih pantjèn sampun langkung, awit pijambakipun sampun anggaḍahi kepéngin maos serat-serat tjarijos, babad Isp. Déné ingkang sami dipun remeni, limrahipun serat Ménak-laré, Ardjuna Sasrabau, tuwin serat Rama. Manawi tjarijos purwa, namung serat Parta krama, tuwin serat Tjèkèl, nanging purunipun maos seru menawi sampun ngumur. Awit wekdal wau, para sepuh tuwin rajatipun, taksih dèrèng sami rena menawi wonten tijang èstri saged maos, awit kamanah temtu kadunungan watak tjalak, lantjang tuwin kumini.

Murih senenging manahipun para laré, ingkang saweg sinau ngédja, tijang sepuh wonten ingkang andamelaken uran-uran para laré, supados dipun apilaken, inggih punika adjaran angédja, sinawung ing sekar Asmaradana, kados ing ngandap punika :

  1. Ha diwulu uniné „hi”
    ha dilajar uniné „har”,
    ha ditaling uniné „hé”,
    ha ditjakra uniné „hra”,
    ha péngkal uniné „hja”,
    ha disuku uniné „hu”,
    ha diwignja uniné „hah”.

  1. Ha dipepet „he” kang uni,
    ha dikeret „hre” uninja,
    ha taling-tarung muni „ho”,
    pa keret „re”, ha tjetjak „hang”,
    nga lelet „le” uninja,
    re, le, dadi lirunipun,
    ra lan la kang kapepetan.

Kados makaten piwulangipun maos para sepuh ing djaman samanten.

(Serat gantjaran warni-warni
ing djaman sapunika. Ingkang
ngimpun R.L. Mellema.)

VIII. WAWASAN BAB MEKARIPUN BASA DJAWI (I)
(Mawas Kados pundi kawontenanipun:
„Basa Djawi ing salebetipun 30 taun”.)

Kula nuwun, ing ngatasipun mawas, ébah-éwahipun basa namung kawatesan salebetipun 30 taun, punika kénging kawastanan satjlérétan, [ 31 ]awit saking tjijuting tjenḍéla ingkang dipun anggé ungak-ungak, temtunipun inggih namung baḍé angsal sawangan njlingup, kirang bablas; saupami tjenḍélanipun dipun blakaken, sampun tamtu saged langkung bawéra.

 Kawuningana, umuripun basa punika pandjang sanget, sami kalijan umuring bangsa ingkang nganggé basa. Lampahing basa tansah mingsat-mingset manut ébah-éwahing pamikir saha raosipun bangsa, runtut kalijan lampahing kamadjenganipun. Basa punika dados embananing raos lan pikir, boten kénging jèn kapisahna, salampah djantraning raos lan pikir tansah binungkus ing basa. Saulah kriḍaning pikir, temtu kababar mawi basa. Basa ugi dados titikan kasusilaning bangsa, amargi sadaja kabuḍajaning bangsa kénging winaḍahan nganggé basanipun.

 Sarèhné kamadjenganing raos lan pikiripun bangsa punika alon sanget, amila lampahing ébah-éwahipun basa inggih alon, ngetutaken lampahing kabuḍajanipun, saking alonipun, prasasat boten ketawis jèn mingsat-mingset, ananging pundi wonten barang donja boten éwah-gingsir, namung rikat (ngegèt) kalijan alon (boten ketawis).

 Lampahing kamadjenganipun bangsa (evolusinipun) punika boten kraos, boten sakeḍap santun, sakeḍap gantos, kados gambar hidup, sontan-santunipun katingal tjeṭa, nanging kamadjenganing gesang anggremet boten ketawis, baji ingkang dipun tungkuli saben dinten, inḍakipun boten kasumerepan, mangké sumerep-sumerep sareng sampun ageng, sampun lutju. Makaten lampahing kodrat.

[[tab}}Basa inggih makaten, ébah-éwahipun saben dinten boten ketawis, sumerep-sumerep sampun santun. Upaminipun basa Djawi kina malém-baripun ḍateng basa Djawi anjar, boten wonten tijang kina ingkang mligi nijat mèngeti ébah-éwahipun basa saben dinten, ananging pun basa tansah lumampah ngantos santun dados basa anjar kados samangké punika, boten sumerep.

 Leres basa Kawi punika inggih basa Djawi, nanging kawontenanipun sampun gèsèh sanget kalijan basa Djawi djaman samangké. Tijang-tijang sapunika sampun boten wanuh, malah kaṭah ingkang mastani Kawi punika sanès Djawi, amargi tetembunganipun béda, tataning panjerat inggih gèsèh, iketaning ukara ngalèr ngidul, amila sanadjan Djawi sami Djawi, sampun boten gepok sénggol (asing). Bokmanawi basa kina punika boten namung Kawi, malah kénging dipun gagapi, saged ugi basa Djawi sadèrèngipun Kawi kinten-kinten sampun naté wonten, dipun anggé gineman tijang Djawi klutuk saderengipun wonten bangsa-bangsa sanès ingkang sami mriki. Ananging kados pundi sipatipun, tembung-tembungipun, paketjapanipun, sarta laguning swaranipun, boten wonten ingkang sumerep, djalaran tijang Djawi djaman samanten dèrèng saged njerat, dados boten damel tjatetan punapa-punapa, amila lelampahanipun sirna tanpa tilas, itjal latjakipun. Ingkang kala mangsa saged kepanggih namung balung- balungipun, tjumplung sarta barang-barang damelanipun. Punika para ahli barang-barang kina saged andugi-dugi umur-umuranipun, sarta gesangipun nalika djaman punapa. [ 32 ] Jèn makaten njinau keahlian barang kina ageng sanget paédahipun amargi kénging kanggé nglatjak gesangipun masarakat kina, ladjeng saged kanggé mewahi tjeṭanipun serat-serat babad utawi babading bangsa. Makaten ugi para ahli basa kina, Kawi sasaminipun, inggih ageng sanget pigunanipun, amargi saged maos serat-serat tetilaranipun tijang-tijang kina, ladjeng saged sumerep lelampahan utawi kawruh- kawruh kina ingkang dipun simpen wonten ing seratan. Wasana inggih saged mewahi tjeṭaning babad kasusastranipun.

 Basa ingkang sampun boten dipun anggé gineman, ngarang-ngarang, njenjateti, kintun-kinintun serat, punika kawastanan basa pedjah, sampun boten éwah malih, tetep kados wontenipun ing seratan kémawon, dradjadipun kados museum, dados pasimpenanipun kawruh-kawruh kina, babad tata tjara masarakat ingkang sampun kapengker, amila sinten ingkang baḍé ngawuningani punapa ingkang dipun simpen ing serat wau, kedah saged ambikak, inggih punika sarana njinau ḍateng basanipun, makaten punika ingkang minangka kuntjinipun. Sanadjan boten kaṭah tjatjahipun para ingkang njinau jektos ḍateng basa kina, ananging wonten ingkang ngantos bontos, saged ngawuningani isi suraosing seratan-seratan kina pedjah, amargi inggih punika wau, sampun boten dipun pigunakaken déning umum.

 Déné basa Djawi kados samangké punika nama basa gesang, sabab taksih sami dipun anggé gineman, pradjandjian, tetakèn, ngarang-ngarang, tetembangan, ngrumpaka sasaminipun; saged njampeti polahing gagasanipun masarakat, malah boten ngemungaken dipun anggé gineman tijang sami tijang kémawon, malah nglandjak dumugi dipun anggé ḍateng para lelembat, para roch, danjang, peri perajangan, déwa-déwa, nenuwun ḍateng Pangéran, inggih mawi basa ingkang gesang.

 Basa gesang punika watakipun tansah éwah, amargi kanggé ngruntutaken lampahing raos lan pikir, soka raos lan pikir saja madjeng, saja minḍak pinter, saja sugih kabudajan, basanipun ngetutaken. Inggih anggenipun saged ngetutaken sapari-polahing raos lan pikir punika ingkang nama mingsat-mingset ébah-éwah.

 Ebah-éwah salebetipun 30 taun, punika ing ngatasipun kamadjenganing bangsa prasasat. adjeg, dados dèrèng ketawis. Manawi nitik sawangan ing Djawi, gagraging sanḍang panganggé, wewangunan tjakriking grija dalah prabot-prabotipun, béḍanipun sampun katah sanget, kawontenan makaten wau sampun madjeng, srawunganipun bebrajan sampun sanès, sadaja wau inggih sampun temtu andajani ḍateng basanipun, ananging ingkang kedajan punika saweg ing djawi kémawon, ladjeripun dèrèng punapa-punapa.

 Sampun temtu kebandjiran tembung-tembung mantja ingkang awudjud tembung aran, tembung krija lss. Wonten ing basa Djawi ladjeng dipun anggé makaten kémawon, terkaḍang inggih dipun rimbag-tjara paramasastra Djawi; jèn namung makaten kémawon dèrèng nama ngéwahaken ḍasaring basa Djawi, malah minḍak terang ingatasipun tijang ingkang ngertos ḍateng tembung mantja wau. Mangké manawi sampun dumugi ngrembag bab risaking basa, baḍé kulu djèrèng sawatawis. [ 33 ]Mangsuli bab éwahipun basa, sarèhné namung kawatesan 30 taun, manawi kaétang munḍur, dados kirang langkung ing taun 1923. Manawi sami kapareng njatitèkaken, sumangga kula aturi mriksa karangan wedalan taun 1924, ladjeng taun 1925 saladjengipun urut-urutan ngantos dumugi taun 1953, dèrèng kraos gèsèhipun, punapa bab ḍapukaning ukara, punapa bab léléwanipun basa, taksih adjeg. Déné kala mangsa wonten ingkang boten kulina ḍateng basa Djawi, sareng gineman ladjeng nganggé tembung-tembung mantja kaslunḍingaken wonten ing ukara Djawi, terkaḍang iketanipun tjéngkok ukara mantja, wontenipun ing ukara Djawi ketingal kakèn utawi sanès ukara Djawi, punika meksa dèrèng kénging katetepaken ngrisak basa Djawi, tijang inggih kerep dipun akèni sadèrèngipun gineman, bilih tijang wau boten lebda ḍateng basa Djawi. Bab punika mangké inggih baḍé katut karembag pijambak. Déné tembung-tembung ingkang Djawinipun boten wonten, malah ladjeng langkung tjeṭa tinimbang dipun prusa kadjawèkaken. Rumijin naté wonten ada-ada baḍé andjawèkaken tembung ingkang sanès tembung Djawi, nanging ingkang pantjèn Djawinipun boten wonten, ladjeng dipun otak-atik, inggih punika: fiets (sepéda) dipun Djawèkaken: „pada jantra" inggih dados gergeran, temahanipun inggih meksa boten gesang; menang pun pit utawi sepéda. Sanadjan kala mangsa wonten ingkang ngandika, „pada jantra" sadjak namung kanggé gegudjengan ngemutaken nalika samanten.

Nalika ing taun 1923 bangsa Indonésia dèrèng lair, basanipun Indonésia inggih dèrèng wonten, lairipun basa Indonésia sareng kalijan bangsa Indonesia, kaot sakeḍik sepuh pun bangsa. Ananging suku-suku bangsa sampun wonten, sarta sadaja inggih sampun sami gaḍah basa pijambak-pijambak, nanging basa manut namining bangsanipun, kadosta: basa Sunḍa, tegesipun basa ingkang dipun anggé suku bangsa Sunḍa, basa Djawi tegesipun basa ingkang dipun anggé déning suku bangsa Djawi, makaten sapiturutipun, dados namaning basa punika manut namaning bangsa. Awit njatanipun inggih pantjèn sepuh pun bangsa tinimbang pun basa. Ing ngriki tetéla basa punika dados kaperluaning bangsa, boten walikanipun, bangsa dados kaperluaning basa.

Nalika tahun 1923 suku-suku bangsa wau taksih dados bangsa djadjahan. Soka bangsa punika dados djadjahan, tegesipun dados batur, gesangipun inggih kados gesangipun tijang dados batur, boten gaḍah adji, bebasanipun: „Adji godong djati aking". Bangsa Djawi inggih dados djadjahan, boten béda kados bangsa-bangsa sanèsipun. Anggènipun dados batur punika boten namung bangsanipun, ananging dalah kabudajanipun pisan katut boten gadah adji; sarèhné basa punika inggih nama kabudajan, amila inggih ladjeng tanpa adji. Ingkang boten ngadjèni punika sanès bangsa ingkang gaḍah basa, ananging bangsa ingkang ndjadjah, déné ingkang sinungga-sungga punika kabudajan sarta basanipun kaum pandjadjah.

Ing ngriku bangsa-bangsa ingkang dipun djadjah ladjeng ojak-ojakan sami njinau basanipun kaum pandjadjah, sabab kadjawi angsal berkah pangadji-adji inggih nggampilaken angsalipun pandamelan, dados gegandéngan kalijan ekonomi (sanḍang teḍa), amila pangojakipun ḍateng basanipun madjikan anḍerpati, amargi dasaripun ngojak [ 34 ]panggesangan. Njatanipun sinten ingkang saged ḍateng basanipun djikan, gesangipun kénging kawastanan sakétja, malah terkaḍang dumugi mukti wibawa turun-tumurun. Kawontenan ingkang makaten wau andadosaken pepénginanipun tijang-tijang sakiwa tengenipun, boten anèh manawi laré-laré pangojakipun basaning madjikan kados balapan, rikat-rikatan, ungkul-ungkulan rebat ondjo, kabekta saking anggènipun sami ngupados panggesangan utawi kalenggahan.

Inggih nalar ingkang makaten punika ingkang kawawa njababaken boten kapénginipun ḍateng basa Djawi, dados boten tetéla ndjarag baḍé ngrèmèhaken, ananging pun basa Djawi ladjeng télé-télé kados nanḍang kanin, namung saking boten kopèn (kapiran). Dangu-dangu saja suḍa déréngipun tijang-tijang sami njinau basa Djawi déning tjara daganganipun boten madolaken. Pepesṭènipun basa Djawi ladjeng boten wonten ingkang ngurus, gesangipun bebasan: namung sagesang-gesangipun pijambak, amargi kaum madjikan pantjèn boten maélu, boten migatosaken, déné putra-putra Djawi sami katut boten maélu, namung ingkang sembada, mladjeng mangilèn ngojak sjaratipun kawibawan; wondéné basanipun Djawi prasasat kapasrahaken dateng bangsanipun ingkang sami „buta wetenschap".

Para putra pladjengipun mangilèn saja tebih, wasana letipun kalijan basanipun Djawi saja ndjenggowah, ngoblah-oblah. Achiripun sareng laré-laré wau sami mantuk, kaken srawunganipun kalijan basanipun pijambak. Sarèhné basa Djawi namung kaampil déning tijang-tijang ingkang buta wetenschap, sarta inggih boten dipun upakara, wudjudipun ladjeng memelas, malah kaṭah ingkang mastani basa Djawi risak, kedah dipun bangun malih, Swara makaten punika sampun dangu, sarta salebetipun 30 taun sapriki kerep wonten ada-ada baḍé ambangun basa, grombolan kasusastran pating djreḍul, mawi nama warni-warni, kadosta: mardi basa, marsudi basa, grombolan kasusastran, Taalraad, lss. Angkahipun sami baḍé ndandosi basa, ananging sarèhné boten wonten ingkang njembadani wragad sarta kawruh tjaranipun marsudi basa, temahanipun kirang kuwawi, ladjeng burtjangak. Wonten tilas-tilas anggenipun sami rerembagan, kadosta dipun èwrat wonten ing organ-organ basa, buku-buku sawatawis, ananging boten saged dipun klempakaken dados satunggal, kénginga kadamel bahan kanggé ngladjengaken ingkang kantun-kantun.

Manahipun para tijang ingkang tresna ḍateng basa Djawi saja karanta-ranta, dasar buta wetenschap, tur mbalung peking boten wonten ingkang tjawé-tjawé, baḍé ndjagèkaken pitulungipun para ahli wetenschap, inggih rekaos anggenipun badé mitulungi, kabekta saking sami rumaos buta basa Djawi". Lah rak kodjur pepestènipun basa Djawi, nemahi. lelampahan ingkang élok. Pun basa pijambak taksih gesang, bangsa ingkang gadah basa inggih taksih gesang, mangka pun bangsa boten nijat njia-njia pun basa, lah kok nemahi lelampahan apes. Déné sabab-sababipun makaten jèn dipun taliti larah-larahipun, djebul unḍeranipun saking anggenipun pun bangsa kedjadjah déning bangsa sanès. Punika bibit kawitipun, ladjeng sadaja ingkang nama kabudajaning bangsa Djawi katut boten mbedjadji, amargi pantjèn boten dipun betahaken déning kaum madjikan. [ 35 ]Bangsa boten saged ngekahi kalenggahaning kabudajan, terus apes, mlepes tanpa daja dumugi ḍasaring siti, kadosta ingkang awudjud seni, seni tari, seni drama, seni ḍalang, seni swara, boten wonten ingkang kadugi ngopèni; satunggal kalih para ingkang keḍuwitan; déné djedjeripun boten ganḍéng kalijan kabangsan utawi baḍé ngopèni kabudajan, nanging namung pirantos kanggé seneng-seneng jèn nudju lega panggalihipun. Déné para ingkang sami purun njinau inggih bangsanipun para: „buta basa mantja," terkadang „buta huruf", punika ingkang prasasat mbélani dados waḍahing kesenian (de drager). Sajektosipun kita wadjib sami ngaturaken panuwun ḍateng para saḍèrèk ingkang sami ngampil kesenian wau, amargi saupami para saḍèrèk wau boten purun njinau, sampun lebur rumijin-rumijin. Leres sedyanipun pantjèn boten nijat mbélani bangsa sumedya anggonḍèli kabudajan, bakunipun inggih namung kanggé sambèn pados pangupa djiwa, luwung kénging kanggé tjagak tuwak, tijang nalika samanten seni barang-barang punika inggih boten mbedjadji angsal-angsalanipun. Amila sukur déné sapunika Pangéran paring pitulung, para seniman seniwati angsal pangadji-adji, pamedal nglegakaken, minangka ulih-ulihipun nalika tanpa adji kala samanten.

Sarèhné samangké bangsa Indonésia sampun mardika, suku bangsa Djawi ugi katut, punapa kabudajan sarta basa inggih taksih kawuri, tegesipun adjeg dinèkèk wingking, alias boten dipun opèni. Anggènipun kesakit-sakit sampun dangu, sareng kalijan kasangsaraning bangsa; sarèhné sapunika bangsa sampun mardika, punapa pun basa inggih taksih lestantun ketula-tula?

Limrahipun bangsa sampun mardika punika kabudajanipun inggih ndèrèk wibawa, damel kuntjaraning bangsa. Prakawis dipun wangun malih, dipun dandosi, dipun éwahi, punika sampun samesṭinipun, djer dados kabetahanipun bangsa ingkang nganggé, sampun temtu dipun padosi sagedipun sreg.

Sajembara karangan. Djawatan Kebudajaan/Tjabang Bag. Bahasa. Jogjakarta 1953.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
IX. WAWASAN BAB MEKARIPUN BASA DJAWI (II)
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Wawasan bab mekaripun basa Djawi salebetipun 30 taun sapriki, grebanipun wiwit ing taun 1920.

Ing ngadjeng sampun kapratélakaken bilih sabibaripun perang Dipanagaran ing taun 1830, ladjeng salebetipun abad kaping 19, wiwit wonten pangetjapan mawi aksara Djawi; ngembrahipun buku-buku tjap-tjapan ingkang sumebar ngakaṭah; timbulipun para linangkung nganggit-anggit, amewahi tjatjahing kapustakan Djawi, tur isinipun salaras kalijan lampahing djaman, dados betahipun ngakatah, kadosta: Serat Kalatida Ranggawarsitan, serat sekar-sekaran saha gérongan Mangkunegaran, Bausastra kawi-djarwa saking Winter, buku piwu[ 36 ]lang-piwulang saha tjarijosipun wajang sapanunggilanipun. Ing djaman wau ugi wiwit wedalipun serat kabar saha kalawarti; ing saben taun maéwu-éwu sumebaripun almenak basa Djawi; Paréntah Walandi bribik-bribik ngadani Balé Pustaka; kaṭahipun tijang marsudi basa Djawi saja minḍak-minḍak. Kados makaten punika ngantos ngantjik ing kawitanipun abad ingkang kaping 20.

Ing pamanggih, salebaripun kraton Mataram sapriki, inggih ing djaman wau mekar-mekaripun basa Djawi (Sasampunipun 1855 dumugi watawis ing taun 1912). Samangké wiwit mawas ing mangsa sampun njelaki taun 1920.

Ing semu teka wiwit wonten raos-raos ingkang boten sakétja, kadosta: Awit saking ada-adanipun Paréntah Walandi damel Balé Pustaka punika djebul ladjeng kaṭah buku-buku Djawi ingkang kaserat mawi aksara Latin. Pantjèn Paréntah nijat mlaksana, dalah pamulangan-pamulangan ugi dipun-ḍawuhi, supados laré-laré kawulang basa Djawi kaserat Latin. Bab punika dados rembag ramé, wonten ingkang gaḍah panḍakwa, bilih Paréntah Walandi baḍé medjahi basa Djawi.

Para saged Djawi mastani boten dados punapa, nanging ngakatah sampun kaladjeng gela, malah dumugi sapunika, taksih kaṭah bangsa Djawi ingkang rumaos wegah maos buku Djawi kaserat ing aksara Latin, langkung malih ingkang mawi tembang, boten rila sanget kaserat mawi aksara Latin.

Ing taun 1912 pamulangan rakjat angka I wiwit mawi wulangan basa Walandi, malah ing taun 1914 sadaja pamulangan wau kadadosaken H.I.S., inggih punika pamulangan Walandi-Djawi. Ugi ing wektu punika wontenipun pamasésa, wulangan basa Djawi dipun kawonaken kalijan tjara Walandi, liripun: bidjinipun murid ing basa Djawi angsala 8 utawi langkung, manawi bidjinipun tjara Walandi kirang saking 5, murid wau boten kainggahaken klas utawi tamat pasinaonipun.

Kados makaten punika para ingkang tresna ḍateng basa Djawi mesṭi mlenggong, nanging ingkang manah ḍateng panggesangan, mangajubagja sanget madjengipun basa Walandi, amargi nalika samanten pantjèn dados dedamel ageng, sinten ingkang saged basa Walandi, gampil sanget angsal panggesangan.

Para murid sami sengkud pasinaonipun, nanging limrahipun ladjeng boten nggatosaken dateng wulangan basa Djawi, ngantos wonten guru basa Djawi ingkang sambat, djalaran rumaos dipun sapèlèkaken. dipun wastani; „Tjara Djawa ora paju dol-dolané. Wa gembung didol Pa' pintjang, sabribil 3".

Menggah babaranipun laré-laré saking H.I.S. ndemenakaken, medal djedul boten susah magang, ladjeng saged dados punggawaning Nagari, blandja pantes.

Perlu njelani rembag bab panggesangan, amargi wonten gajutanipun kalijan bab basa, malah ugi ngéngingi kabudajan, makaten:

Nalika samanten ngakaṭah — langkung malih ing Surakarta — sami taksih gaḍah panganggep, bilih mulja sarta sakétja-sakétjanipun ngagesang punika, boten kados tijang dados prijantun; punika kedah dipun saranani magang, ngréntjangi ngiras sinau njambut damel, boten [ 37 ]tampi pituwas punapa-punapa. Dangunipun watawis 5—6 taun, terkadang ngantos 10 taun dèrèng tumandja.

Para ingkang gegrija tebih saking kiṭa, sarana monḍok-monḍok. Sadaja wragad pijambak saking tijang sepuhipun, Ing kiṭa Surakarta atusan para mula ingkang sami magang, wonten ing kraton, kantor Kapatihan, kantor Kadipatèn saha Kabupatèn sanèsipun.

Saweg ḍatengipun kémawon, para muḍa punika sampun kedah ngrepèpèh-ngrepèpèh sumerep ing tatakrama, amargi sanguning batos: kedah anḍapasor; saged ngétjani tyasing sesami; saged nudju prana inggil-inggilanipun. Sawenèh wonten nènèman ingkang nalika pangkatipun, turut margi ngapalaken uran-uran welinganipun ngasepuh makaten: (tembang Ḍanḍanggula 2 pada karingkes dados 1, menḍet sarinipun.)

  1. Pawitané wong urip puniki, pan sadasa lamun tan bisaa,
  2. nista kutjiwa dadiné,
  3. ḍingin karem ing ngèlmu,
  4. kaping kalih bisa angadji,
  5. ping tiga bisa matja,
  6. ping sakawanipun,
  7. limpat pasanging grahita,
  8. wruh sasmita trapsila akrama niti,
  9. budaja miwah sastra.

Pramila salebetipun magang wau, para muḍa gesang wonten ing kiṭa ageng, kaṭah srawunganipun, gampil ngiras marsudi bab warni- warni, upaminipun:

  1. Ngudi lemes luwesing trapsila saha tatakrama.
  2. Marsudi kawruh sarta ngèlmu warni-warni lair batos.
  3. Matengaken basa Djawi, maos saha kasusastran.

Tansah mulat saha nitèni lelèdjeming polatan inggil-inggilanipun, ngantos limpat ḍateng pasanging grahita; sampun malih ingkang tineḍah sarana tembung, saweg dipun kedèpi kémawon, sampun ngretos dateng sasmita punika.

Tjekakipun djalaran saking sugih srawungan wau, prasasat mbek-sa, nggérong sarta kabudajan sanèsipun, kalijan mlampah saged pijambak. Dados magang punika ugi wonten saénipun. Ratjakipun manawi pamagangipun punika sampun 5—6 taun, ladjeng katetepaken dados djadjar, blandja 6 rupiah sawulan; tiga kawan taun malih djangkep 10 taun, dados djuru serat pembantu: 10 rupijah.

Lah punika prijantun sagedipun namung tjara Djawi. Tata krama djangkep, sakeḍik-sakeḍik ngertos ḍateng kabudajan, ingkang prelu saged gesang kalijan masarakat.

Samangké dipun tanḍing kalijan laré wedalan H.I.S. Medal djeḍul tanpa magang, ladjeng katetepaken dados punggawaning Nagari, upaminipun wonten ing kantor pos, ladjeng gadah blandja 30 rupijah. Tjara Kepatihan Surakarta, laré wedalan H.I.S. djedul bebasan dèrèng saged sila, njerat Djawi dèrèng djangkep, dados djuru serat pembantu [ 38 ]blandja 10 rupijah sewulan, malah ladjeng tampi wewahan 15 rupijah adjining diploma H.I.S.

Ngakaṭah ladjeng saged nggambar, kados pundi raosipun djuru serat pembantu ingkang sampun njambut damel lan magang 10 taun, ingkang sagedipun namung tjara Djawi.

Raos-rumaos makaten punika ngantos dumugi ing taun 1920.

Raos-rumaos utawi kamèrèn boten susah kamanah, djalaran tarung kalijan sanak pijambak, saboten-botenipun inggih bangsa pijambak, nanging ingkang dados korban punika basa Djawi.

Njandak taun 1920, laré-laré tamatan H.I.S. ingkang ladjeng boten njambut damel, manawi baḍé ngladjengaken sinau, kaṭah marginipun, kadosta dateng:

MULO, pamulangan tjalon opsihter bagéan jejasan, bagéan ilèn-ilèn toja saha bagéan mesin-mesin.

Kultir, pamulangan tetanèn saha babagan wana.

Saha sanès-sanèsipun malih, ingkang satamatipun ladjeng gaḍah pangkat kados Walandi, blandjanipun tikel tinimbang pangkat Djawi.

Nènèman wedalan MULO, manawi ladjeng njambut-damel, tjara Kasunanan Surakarta, diplomanipun dipun adjèni 30 rupijah. Dados upami saweg dados djuru-serat blandja 15 rupijah, tampinipun 45 rupijah sawulan.

Saking MULO ngladjengaken ḍateng pamulangan tengah A.M.S. 3 taun. Medal saking A.M.S. manawi purun njambut damel, sampun wonten gaḍanganipun blandja 100 sawulan.

Wongsal-wangsul njarijosaken balandja, sasat sadaja mawi ukuran arta. Pantjèn! Nalika samanten néḍéng-néḍéngipun sugih betah; kabetahan lair kepara ngadjeng. Ḍasar nalika samanten kaṭah lan pepak sanget pepénginan, kadosta: ingkang awudjud panganggé warni-warni bebadénipun ladjeng kadadosaken kemédja, dasi lempit lan dasi pandjang; topi sawarnining modèl topi; manṭol saha djas hudjan saben tijang mbetahaken.

Saking banteripun mbudjeng makaten wau, ngantos kasupèn migatosaken basa saha kabudajanipun. Inggih boten sadaja kados makaten, tanḍanipun para muḍa ingkang saged tjara Walandi, ngedegaken pakempalan nama Jong Java, punika pakempalan kabangsan.

Para djedjenggul sepuh ngwontenaken konggrès kabudajan, sarta ing taun 1924 ngwontenaken konggrès basa; éwa samanten ugi boten dados palijasing kala benḍu.

Njarengi kala mangsa, para gegémbong saha ahli politik, ing batos saha kanṭi lampah kendel-kèndelan, ngudi kamardikan. gaḍah pamanggih, bilih bangsa Indonesia umumipun, bangsa Djawi chususipun, boten sajuk rukun dados satunggal, saéstu boten gampil nggajuh kamardikan. Menggah ing bangsa Djawi pijambak, bangsa luhur kalijan rakjat limrah punika tebih sanget reraketanipun. Wosipun ladjeng wonten Panitya Kabangsan; warganipun pakempalan ingkang ageng-ageng, Budi Utama, Sarékat Islam, Narpa Wandawa, inggih punika pakem-palanipun para santana kraton Surakarta; pakempalan Darah Mangkunegaran, sarta sanèsipun malih saking Ngajogjakarta. [ 39 ]Panitya Kabangsan (Komité Nasional) punika naté damel parepatan wonten ing Surakarta. Putusaning rembag ingkang perlu kapratélakaken ing ngriki : para luhur saha santananing ratu punika kedah ngraketi rakjat, katingala dados satunggal.

Bibar makaten punika sanés wulan pantjèn wonten sesorah bab ,,pamoring kawula gusti". Suraosipun : para gusti (para luhur, pangageng, para darah) sampun wiwit tumelung nedya gegandèngan kalijan para kawula. Mila para kawula inggih nglanggatana.

Manawi pamoring kawula-gusti sampun kalampahan, saèstu badé santosa, minangka sarana ndjundjung daradjating bangsa.

Adjak-adjak makaten punika dumuginipun para ingkang saged tjara Walandi, wedalan H.I.S., Mulo, A.M.S., dumuginipun para ingkang sawed dados mahasiswa, sakawit katingal adamel pakèwed. Dangu-dangu sareng dipun pèpètaken kaadjak pinanggih para gusti, wangsulanipun : ,,Wegah, mundak tiwas olèh sesiku ora bisa laku dodok, lan dièsemi ora bisa dalem-dalem !"

Pantjèn praktikipun kados mekaten punika ! Saja para luhur ingkang boten nggalih kamardikan, manawi kataman klinta-klintuning tata krama, gampil sanget ndawahaken sesiku. Klintuning basa, dipun gegudjeng.

Ingkang adakan punika panganggénipun tembung dalem. Para emban, inja, para njai saha abdi ingkang ketjelak pijambak kalijan para luhur, panganggénipun tembung dalem kaanggep ngokonipun aku ; upaminipun :

Dalem njuwun pamit,

Dalem dèrèng naté sumerep.

Sumebaripun ing djawi, ngakatah ladjeng tiru-tiru basanipun para njai. Mangka dalem punika ngokonipun panambang mu.

Upaminipun :

asta dalem reged = tanganmu.

abdi dalem = baturmu.

raji dalem = adimu utawi bodjomu.

Upami wonten nénéman kepanggih prijagung luhur, kadangu : ,, Rupamu ko mèmper Gitawatjana !"

Wangsulanipun : ,,Inggih, Gitawatjana punika bapak dalem".

Hla, klintu ! Dipun èsemi, dipun gegudjeng !

Leresipun aku (tijang kapisan) punika kramanipun : abdi-dalem kula (dados tijang katiga), katjekak adalem kula utawi adalem kémawon.

Aku kepéngin mèlu = adalem kepéngin ndèrèk

Omahmu adoh = grijanipun adalem tebih.

Bodjomu wis mangkat disik, mengko bodjoku nusul = garwa (raji) dalem sampun tindak rumijin ; mangké sémahipun adalem nusul.

Makaten gawat utawi angèlipun basa mawi tembung dalem. Mila njarengi pamasésanipun ing basa. Paréntah Mangkunagaran, ing taun 1940, tembung dalem ingkan ateges kula punika ugi dipun plaksana " boten kénging dipun anggé. Makaten ugi tembung abdi dalem kula,

39
[ 40 ]adalem kula utawi adalem, ugi kasuwak, tjekap kula kémawon.

Ngrembag basa Djawi, ingkang dados pamanahan punika menggah ing lair, kawon balapipun kalijan basa Walandi. Wonten leresipun dipun wastani : Ora paju dol-dolané.

Dalah rembagan Pamoring kawula gusti, ngangkah raket rukun mamrih santosa, minangka sarana ndjundjung dradjating bangsa ngudi kamardikan, ketingalipun teka basa Djawi katut ngalang-alangi, prakawis tembung dalem.

Dèrèng tjekap samanten, ing wingking taksih wonten rembag angèlipun basa Djawi.

ANGELIPUN BASA DJAWI

Ing taun 1930 para muda ingkang saged tjara Walandi, ing pawitjantenan saben dintenipun, migunakaken basa Walandi ; sakawit kanggé ngulinakaken, dangu-dangu dados kalimrahan, katjarijosaken witjantenan mawi basa Walandi punika langkung mardika, boten kekatahen unggah-ungguh, ndjalari langkung rumaket, sumanak.

Sareng pakempalanipun para muda ,,Jong Java santun dados Indonesia-Muda, warganipun kénging bangsa-bangsa saindengipun Indonesia, pawitjantenanipun para muda mawi basa Walandi utawi basa Indonesia.

Nalika samanten sampun katah para muda Djawi wedalan pamulangan luhur, dipun takèni punapa kèngetan basanipun Djawi, wangsulanipun kirang langkung makaten :

,,Pantjènipun kula sampun gadah remen dateng basa Djawi. Wiwit alit kula sekolah Walandi, boten naté kambetan piwulang basa Djawi. Saged kula tjara Djawi namung saking kulina witjantenan kalijan para réntjang wonten ing grija. Saladjengipun kula sekolah dateng nagari Walandi, ngantos angsal sebutan Mr.

Kula sampun naté sinau tjara Djai dateng pak Mantriguru. Saweg dipun terangaken bab unggah-ungguhing basa, kula rumaos wegah, angèl temen. Kalijan malih kok makaten punika, gèk kanggénipun punapa ? Rak sampun boten laras kalijan djamanipun. Njarengi katahing padamelan, kula ladjeng neda kèndel boten sinau basa Djawi ; sapriki boten kober-kober badé sinau malih ..........."

Bab angèlipun basa Djawi punika, sinten-sintena ingkang kulina mulang basa Djawi dateng Walandi utawi tijang mantja panunggilanipun, mesti mastani bilih angèl sajektos. Tjobi dipun-ontjèki sawatawis bab unggah-ungguh kémawon :

1. TEMBUNG NGOKO, punika basa baku, upaminipun :

Aku, obah, dalan, pangan.

2. TEMBUNG KRAMA, basa ingkang taklim :

kula, ébah, margi, teda.

40
[ 41 ]Katjarijos, tuwuhipun tembung krama punika miturut katranganipun Prof. C. Berg, bribik-bribik wiwit ing djaman Demak.

Ing djaman Mataram (Sultan Agungan?) dipun santosani wontenipun. Ing panginten, para ingkang kapatah ing damel, boten kirang kangélan anggènipun pados kramanipun satunggal-satunggalipun tembung; pakèwed pandamelipun waton, trekaḍang nempuh ingkang aneh-aneh kados babadipun tembung, ,,kuda, djaran-kapal", kados ingkang sampun kapratélakaken ing ngadjeng.

Samangké pangalaman angèlipun mulangaken tembung krama, ingkang aneh-anèh terkadang lutju, kadosta :

Wonten ingkang gampil:

Tembung ingkang wekasanipun ti, kramanipun tos.

Djati — djatos.
gemati — gematos.
piranti — pirantos.
Nanging : mati — pedjah, boten matos.
Nanging malih : kepati — kepatos (Tilem kepatos).
Prihatin — prihatos.

Ula kramanipun punapa? Katrangan saking Prof. C. Berg malih: Sasampunipun madosaken kramanipun ula ing sawatawis dinten, dumadakan wonten wanita, sengkangipun pinudju dipun dandosaken; bolonganing kuping nganggé uwer, inggih punika djanur dipun leker-leker, punika uweripun ḍawah, kumlawèr. Mangka ula punika damelipun ngleker kados uwer. Tembung uwer saking wod: wer. Wiwit punika ula dipun kramakaken sawer.

Baé kramanipun kados pundi? Kasambutaken rumijin tembung Kawi utawi Sangsekreta, dados kéwala, gampil dipun kramakaken kémawon.

Tjalatu = witjara, — witjanten.
golèk = upaja, — upados.
asu, bangsanipun srenggala — segawon.

Taksih kaṭah panunggilanipun, angèl anggènipun damel wewaton, mangka kadjengipun satunggal-satunggaling tembung ngoko kedah wonten kramanipun.

Déné manawi kepeksa boten saged, inggih kadamel krama-ngoko, tegesipun kramanipun inggih ngokonipun, kadosta :

peteng — padang — rosa — woh — pentil — sapanunggilanipun.

3. tembung krama dusun

Djalaran saking angèlipun madosi tembung krama, boten saḍéngah tijang saged mumpuni, punapa malih para saḍèrèk paḍusunan, manawi djèni dipun djak ngendikan para pengageng, saking anggènipun baḍé ngajèni, malah gugup anggènipun pados tembung krama. Sampun dados tembung krama dipun kramakaken malih. Kadosta :

Djaran — kapal — kèpèl.
udan — djawah — djawuh.
djeneng — nama — nami.

[ 42 ]Déné ingkang dipun wastani tembung krama dusun punika, kadjawi mawi tembung-tembung kados inginggil, tjéngkokipun mèmper tembung madya, sarta ugi wonten tembung-tembung sawatawis, kadjengipun tembung krama, kadosta :

Sembados, kadjengipun sembada.

wutjalan, kadjengipun wulangan.

wedos, kadjengipun wedi.

sapanunggilanipun.

4. TEMBUNG MADYA

Tembung madya punika ing antawisipun ngoko kalijan krama, dipun pigunakaken tijang ngadjèni sanget-sanget inggih boten, boten sanget-sanget ngantos mawi basa ngoko, ugi boten.

Upaminipun satunggiling asistèn-wadana :

Dateng lurah-lurah ingkang langkung sepuh tur sadjak mrijantuni, badé nanduki basa ngoko : pakéwed ; badé mawi krama, ing manah boten kedugi ; lah punika ladjeng mawi basa madya.

Basanipun boten katah, kadosta :

Dika —— ampun (adja) —— empun (wis) —— kepripun —— krijin —— niki, nika, niku, —— samang pendet (kodjupuk) mekoten, sapanunggilanipun.

Tjak-tjakanipun : é, aké, né, sarta ater-ater di, boten dipungkramakaken. Upaminipun :

Dika adjeng dibektakaké sawung kalih.

Niki mengké samang sukakaké sémah dika.

Empun ta, empun, wajah ngèten niki betjiké mantuk mawon.

5. TEMBUNG KRAMA INGGIL

Tembungipun ingkang adakan kanggé, dalah laré-laré mèh apal, watawis wonten 100 warni ; ingkang awis-awis kanggé kirang saking samanten.

Ingkang adakan kanggé wau kadosta :

Dahar —— saré —— wungu —— tindak —— asta —— mustaka —— tutuk —— réma —— rais —— mundut —— sapanunggilanipun.

Ingkang awis-awis kanggé upaminipun.

Pranadja —— sundulan (embun-embunan) —— tembung (tjameti) —— ngulik (métani) —— megeng (njapih), sesaminipun.

Gampil ngepalaken tembung krama inggil ; namung panganggénipun karep wonten pakèwedipun. Ing wingking badé kapratélakaken.

Amrih tjeta saha katinggal béda-bédanipun, unggah-ungguh 5 warni punika prajogi kadamelaken ukara tjekak, kadjèdjèr urut-urutanipun : 1). ngoko, 2). krama, 3). krama dusun, 4). madya, 5). krama inggil. Makaten :

1. Manawa kowé sida lunga nunggang djarané sapa ?

2. Manawi sampéjan saèstu késah numpak kapalipun sinten ?

3. Menawi sampéjan sijos késah, numpak kèpèlipun sinten ?

42 [ 43 ]
  1. Nèk dika sida lunga, numpak kapalé sinten ?
  2. Manawi pandjenengan saèstu tindak, nitih kapalipun sinten ?

 Tembung krama inggil ing angka 5 namung kanggé ngalusaken tembung krama. Punika basanipun para nénéman ḍateng para sepuh, utawi sor-soran ḍateng inggil-inggilanipun.

 Tembung krama ingkang mawi krama inggil makaten punika dipun wastani: Muḍa krama.

 Déné ukara angka 5 punika manawi kadamel krama inggil sewetahipun, dados: Manawi pandjenengan dalem saèstu teḍak nitih kapalipun sinten ?

 Punika kanggé basa ḍateng para prajagung bupati-anom minggah, sarta santana dalem bujut (grad 3) minggah.

 Njelani tjarijos salah satunggiling pakèwed.

 Tetepangan kalijan saḍèrèk énggal, utawi gaḍah perlu badé pinanggih pangageng ingkang dèrèng naté sumerep prijantunipun, punika asring pakèwed anggènipun baḍé nandukaken basa, punapa krama wantah, punapa krama inggil, punapa mawi dalem-dalem sesambatipun? Upaminipun makaten:

 Gaḍah perlu baḍé rembagan kalijan satunggiling prajagung-pangkat bupati. Sampun mangretos bilih mangké mawi basa krama inggil, dalem-dalem. Ndjudjug ing kantor, ingkang lenggah ing ngriku prijantun bregas, sembada dipun kinten punika ingkang bupati, hla dipun basani dalem-dalem. Djebul punika namung mantrinipun Kabupatèn. Boten dados punapa, setun namung dipun gegudjeng anggènipun ketjélik.

 Sareng ngantos, dados prakawis ? Makaten:

 Wonten prijantun énggal, pangkatipun tjekapan, gaḍah perlu baḍé pinanggih satunggaling pangéran ; sowan ḍateng dalemipun. Ingkang pinanggih wonten ngadjengan : tijang namung sarungan kasuwelaken, ḍawul-ḍawul boten mèmper. Mila dipun kinten abdi (batur), dipun takèni mawi basa ngoko :

 ,,Hé, apa Kangdjeng ana ing dalem ?"

 Boten nginten babar pisan bilih tijang wau putranipun Kangdjeng Pangéran, sampun apangkat rija. Sanalika maṭènṭèng kalijan mangsuli sengak :

 ,,Anggepmu apa ora basa hè ? !”

 Hla dados prakawis ngantos gigat-gigatan.

 Bab unggah-ungguhing basa punika dèrèng rampung namung 5 prakawis kasebut nginggil, wonten malih basa kaḍaton. Para ganḍèk punika manawi aḍeḍawuh taksih mawi basa kaḍaton :

 ,,Manira puniki besaos” = aku iki baé.

 Basa kadaton sawatawis kadosta :

 Enggèh (inggih) — seta (dojan) — kadi pundi (kados pundi) — ḍawak (déwé) — pakenira (kowé, ko) — modjar (tjarijos) sapanunggilanipun.

 Kadjawi punika tembung ngoko, krama saha madya punika petjah-petjah malih dados nigang warni, manut tjamboranipun basa, unggah-ungguh sanèsipun. Supados katingal béda-bédanipun, ing ngan[ 44 ]dap punika kadamelaken tulada ukara njatunggal, miturut buku ,,Warna basa" karanganipun Ki Padmususastra.

Tembung ngoko, petjah dados :

1. Ngoko lugu :

Kowé muliha disik.

2. Antya basa :

Sariramu tak-aturi kondur disik.

3. Basa antya :

Sariramu takaturi kondur rumijin.


Tembung krama :

1. Wreda krama :

Milané pun anak mlebet ing nagari, punapa wonten karsané kang prelu. (Ater-ater di saha panambang-é,-aké,-né, boten dipun kramakaken).

2. Muda krama :

Mangké manawi pandjenengan kondur, kula badé ndérék njarengi.

3. Kramatara :

Mangké manawi sampéjan mantuk, kula badé tumut njarengi.

Tembung madya petjah dados :

1. Madya ngoko :

Dika napa arep?

2. Madya krama :

Sampéjan napa kersa ?

3. Madyantara :

Lo, si paman ! Kang sarira wau saka ing pudi déné awan-awan?

 Tjekap semanten andaran bab angèl saha ruwedipun basa ingkang badé saha dipun-anggep damel pakèwed, saha rekaosipun bangsa Djawi ingkang migunakaken basa wau.

 Makaten punika ugi ladjeng dados pamanahipun para gegémbonging kamadjengan. Witikna kados pundi, manawi satunggaling bangsa njingkur, agengipun ngantos ngemohi basanipun pijambak ? Langkung malih ingatasipun basa Djawi, basa ingkang sampun inggil kabudajanipun. Maèwu-èwu buku Djawi ngemot kawruh lair batos, ingkang kina-kina saha ingkang énggal-énggal.

 Bangsa Djawi ingkang nular basa Djawi, mesti ladjeng boten saged ngangsu kawruh saking buku-buku wau, temahan kemadjenganipun badé mundur pinten-pinten taun, amargi sanadjan mempenga pangudinipun kawruh mawi basanipun énggal, ingkang ngéngingi kabatosan lan kabudajan, mesti boten laras kalijan kodratipun lair dados tijang Djawi wonten ing masarakat Djawi.

44 [ 45 ] Para gagémbonging kamadjengan wau inggih ladjeng ngedagaken Panitya malih, pangarsanipun ugi Paheman Radya Pustaka ing Surakarta ; warganipun para wakil utawi utusanipun karadjan-karadjan saha gegrombolaning kasusastran. Wosipun badé niti priksa sabab-sababipun basa Djawi ngantos kesingkur ; saladjengipun tumunten badé ngéwahi, ndandosi basa Djawi, ingkang ngantos saged mekar malih.

 Mireng badé ada-adanipun panitya mekaten punika, katah para sepuh pamanggih kina ingkang suka pepènget kanti ......... pangadjrih-adjrih, gemblenging tembungipun : ,,Tembung Djawi dalah aksaranipun punika tilaranipun tijang kina. Satunggal-tunggaling tembung punika isi kadjeng ingkang lebet. Satunggal-tunggaling aksara, tjorèkipun wonten kadjeng ingkang sinandi, boten béda kalijan alif aksara Arab. Mila sampun ngantos dipun éwah-éwah, malati.

 Nanging pamanggih makaten punika ladjeng gampil dipun saponi déning nénéman ahli sastra, sedjarah saha kawruh kina, sarana katrangan makaten :

 ,,Basa saha seratan Djawi punika damelanipun tijang kina. Leres ! Nanging ingkang dipun wastani kina punika djaman kala punapa ? Amargi Kartasura, Mataram, Madjapahit, djaman purwa inggih kina. Upami ingkang jasa aksara saha basa Djawi punika para déwa, para resi lan pandjenenganing nata ing djaman Djenggala ; nanging dumuginipun djaman Madjapahit, teka tetijang boten ngertos saha boten saged maos jajasan wau ? Katjarijos djalaran sampun dipun-éwahi, dipun-bangun, dipun dandosi saking sakedik pados prajogi saha saénipun. Dados tegesipun basa lan aksara punika dumuginipun sapunika sampun dipun éwahi wongsal-wangsul.

 Manawi ingkang sampun-sampun tetijang wani ngéwahi, kénging punapa tijang djaman sapunika boten kénging utawi boten wani ngéwahi. Tembung kuwalat malah dados witjaksana, sumerep ing prelu, ngertos dateng lampahing djaman".

 Panitya kalampahan ngadeg. Gampilanipun, sesampunipun mupakatan ngakeni angèl lan pakèwedipun bab unggah-ungguh, prelu kedah dipun-prasadjakaken, para warga bibaran, badé rembagan kalijan golonganipun pijambak-pijambak rumijin.

 Ingkang kepareng ramé rembagipun punika grombolan kasusastran Mangkunegaran, amargi ingkang djumeneng kapareng tumut njarirani parepatan pijambak.

 Rembag ingkang perlu : Bab mrasadjakaken unggah-ungguhing basa punika sakawit namung kadamel ngoko lan krama-inggik, dados manawi witjantenan dateng tijang ingkang perlu dipun adjèni, makaten upaminipun :

 Apa sariramu mengko sida tindak menjang Ngajogja ; titih apa, njaré apa ora ?

 Kalampahan dipun tjobi. Sdr. Mr. Daljana ingkang nalika samanten suwita wonten Mangkunegaran, ngedalaken kalawarti mawi basa ngoko.

 Sanès wulan Ki Adjar Dewantara sowan dateng Mangkunegaran. Sesorah bab mrasadjakaken basa Djawi. Ing Mangkunegaran ladjeng damel putusan, kaundangaken medal pepréntahan, kados ingkang

45

[ 46 ]sampun kapratélakaken ing ngadjeng : Basa ngoko namung kanggé gineman padintenan wonten ing grija. Déné resmi utawi wonten panggénan umum, mawi basa krama.

Malah tembung kula, boten kénging dipun kramakaken : dalem, adalem, abdi dalem. Tjekap kula kémawon.

Bab mrasadjakaken unggah-ungguh punika wonten kepireng malih rembagipun golongan Katolik, Swara-tama. Katjarijos njuwun pamanggihipun tuwan Dr. Zoetmulder (samangké Mahaguru ing Gadjah Mada), wangsulanipun tuwan Dr. Zeotmulder ,,Manawi kula, prajogi tjara Djopati".

Wasana dèrèng wonten putusaning Panitya, kaselak gègèr perang donja ingkang kaping II, tanah Djawi kebrokan Djepang.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Sajembara karangan. Djawaran Kebudajaan/Tjabang Bag. Bahasa Jogjakarta 1958

X. KASUSILAN DJAWI

Kala semanten gerbong sepur ingkang kula tumpaki kepara kebak. Nadyan boten djedjel rijel kados kala ing djaman Djepang utawi kala djaman Republik 1945-1948, nanging tijang linggih ing bangku ladjuran sami ketingal èmpèt-èmpètan.

Boten tebih saking panggénan kula linggih wonten laré èstri kekalih udakawis murid S.M.A. utawi S.G.A Ing satjelakipun ngriku katah laré djaler, sami ngempal linggihipun. Kilap punapa ingkang karembag, nanging nitik gumering gudjeng, gar-ger ambal-ambalan, tjeta menawi rembagipun gajeng lan gobjos sanget. Wonten satunggal ingkang dasaripun tjutjut kasembuh baut mirjara ; lah inggih punika ingkang suka grengseng sarta damel gajeng anggènipun sami rerembagan. Boten pedot kapireng gudjeng kaworan panjengès dateng salah satunggaling putra wau. Sanèsipun ingkang sami mireng, ingkang leresipun boten sami tumut-tumut punapa-punapa, asring kémawon keprodjol èsemipun, malah katah ingkang ladjeng udu gudjeng.

Ing salebetipun gudjeng angombak toja ambal-ambalan wau, wonten ingkang tetep panggah, boten ketarik tumut udu èsem, sampun malih kok tumut gumudjeng. Linggihipun anteng, prasasat boten mobah boten mosik, keplasing paningal tumudju dateng buku bikakan kaadep ing pangkonipun. Gar-ger saha gumering gudjeng babar pisan boten angrégoni pandjingglengipun buku ingkang nembé kawaos. Nadyan kala mangsa ketawis menawi ing batos sami sadjak ketjipuhan, éwasemanten babasan salugut pinara sasra, boten ketawis jèn badé kegliwang tumut anggapé dateng gumering gudjeng. Menggah sedjatosipun sinten ta ingkang anteng ruruh tadjem polatanipun, boten mobah linggihipun punika ? Boten sanès inggih namung putri kekalih ingkang kula aturaken ing ngadjeng.


46
[ 47 ]Kula mangertos punapa ingkang dados panguneg-uneging manahipun putra-putri kekalih wau. Ing batos kula ngalem sanget dateng tatag teteg sarta tadjeming polatan, ruruh, panggah boten kéguh ing gar-gering gudjeng mawantu-wantu ambal-ambalan. Sedjatosipun lutjonipun para putra-putra ingkang sami gajeng gegodjègan wau resik, babar pisan boten wonten ingkang tjengkah kalijan anggering tata-krami tuwin suba sita wétanan, utawi minggahipun malih ngantos keladuk kesupèn jèn ing satjelakipun ngriku wonten putri sesarengan kekésahan ; dados saupami putri kekalih wau ngantos boten saged ngampet gudjengipun, kados inggih boten nggumunaken sarta boten wonten awonipun. Nanging sadjakipun putra putri kekalih wau sami mangertos bilih lèdjeming polatan utawi keprodjoling èsem punika asring damel kutjeming sarira. Awis-awis ingkang mangertos saha saged tumindak makaten. Ingkang katah sami mirah ing gudjeng, kirang djatmika, polatan kirang ruruh sarta tadjem.

Tumraping laré èstri pantjèn katah sawan saha awisanipun. Keladuk ing gudjeng, kesoran ing pangandika, kekésahan pijambakan, punika sedaja asring nuwuhaken alangan ageng menggahing para putra-putri. Katah ingkang sami boten mangertos bilih kepara wingit lanwerit, kapeksanipun kepara njenjengit, punika malah dados pasrèn utami saha rerengganing putri Djawi. Langka ingkang saged kados sang Kusumaningdyah Banontjinawi :

putri éndah ing warna, prasadja ing busana, kaduk ruruh tadjempasemoné, ajem anteng polatané, djatmika solah bawané, datan rètjèh ing watjana, kepara wingit lan werit, éwa déné Radèn Ardjuna sor prebawa ..........

Makaten tjarijosipun ing padalangan. Mugi-mugi punika dadosa katja benggala sarta tepa palupi tumraping putra putri Djawi. Langkung-langkung ruruh djatmika sarta prasadja, punika mugi katanema wonten ing manahipun laré èstri, dadosa taneman èdi, pasrèn utami menggah ing kasusilan Djawi. Prasadja ing tembung, prasadja ing solah bawa, ing panganggé, tjekak ing samudajanipun. Sok sintena prasadja ing tembung, temtu inggih boten badé umuk, boten badé angkuh utawi anggep. Soka prasadja ing pangandika temtu sabar sarèh, burus sarta purun ngawon ing ginem. Ingkang prasadja ing solah bawa boten badé kumawasa kumedah-kedah ngeblak nélad lagak lagéjaning sanès bangsa, boten kasesa ngémba patjakaning tijang mantja, boten badé daja-daja niru padatan saha tata tjaraning bangsa ngamantja, jèn kamanah kirang laras lan raos wétanan.

Dèrèng dumugi anggèn kula ngenut lampahing gagasan, sepur sampun dumugi ing setasiun. Sepur mandeg, kula mandap. Ing salebetipun mlampah medal saking plataraning setasijun, manah kula kumedah-kedah nglambrang malih, gentos ngrembag bagéaning para muda. Nanging dèrèng ngantos angsal pantjataning rembag, kaselak angsal betjak.

(Pradapa).

((r|47}} [ 48 ]
XI. KERANTA-RANTA

„Wis setengah pitu ngéné Prijana apa durung mulih Ti ?”

„Durung kuwi Mas !”

„Menjang ngendi ta dolané ?”

„Ora ngerti aku, tangga-tangga kéné ija wis dakubres, nanging ora ana sing weruh”.

Mekaten pitakènipun Prijanggana dateng aḍinipun èstri nama Prijati. Prijanggana mèndel, manah-manah, ing batos sadjak getun déné ngantos kumlawé tanganipun, keladjeng purun nḍawahi tangan aḍinipun ingkang alit, nama Prijana. Ing kang sampun-sampun Prijanggana momong sanget dateng aḍi-aḍinipun, tijang dasaripun pantjèn sabar, sumepuh lan gumatos sanget. Dinten punika wau pijambakipun radi kemuriten, telas sabaripun. Menawi dipun manah mekaten pantjèn inggih aḍinipun pijambak ingkang kesangeten, tansah wonten-wonten kémawon pokalipun ingkang damel muringipun, malah mentas kémawon ngrisakaken gambar Bhinneka, ndadak mbebéda Prijati ngantos damel lan nangisipun.

Prijanggana mapan linggih wonten ing penḍapi, ḍeleg-ḍeleg, manah-manah lelampahanipun sampun lola, momong aḍi kekalih, ing kang ageng èstri nama Prijati, sekolah wonten ing klas I S.M.A./A., déné ingkang alit djaler, Prijana, wonten ing klas II S.M.P. Bapak saha ibunipun sampun boten wonten, anggènipun pinunḍut ing Pangéran mèh sarengan wekdalipun, sami déné ing salebetipun taun 1950. Ingkang ngrumijini ibunipun, awit saking nratab saha was ing manah ngémuti tiwasing anak kekalih. Anak ingkang pembadjeng makaten, inggih punika kamasipun Prijanggana, sampun nama genah pamuwungipun; malah èstunipun adamel agenging manah, amargi tiwas awit saking labuh nusa ndepani pradja. Ingkang damel atising manah punika rak anakipun ingkang angka tiga, inggih punika adinipun Prijanggana tjer, djer tilaripun amargi saking ambek sijaning wadya Welandi. Kala samanten kita Sala dipun broki ing tentaranipun Overste Slamet Rijadi, inggih punika ing wulan Agustus 1949. Minangka pamales ukum dateng para wira taruna anggota T.N.I. anggènipun sami kumawani saha kumawasa ngrebat kita, tentara Welandi bebasan ladjeng itjal kamanungsanipun, njendjata lan ngedrèl sawenang-we[ 49 ]nang tanpa mawi mawang tijang. Sok sintena asipat warga Indonesia, badéa pemuda utawi pemudi, anggota Tentara utawi P.M.I., uger kumliwer tentu dados lésaning mimis, langkung-langkung ingkang woten ing satjelakipun Paken-sekar. Inggih kala semanten punika adinipun Prijanggana anggènipun manggih tiwas, pedjah dipun sendjata ing wadya Welandi, awit kaleres wonten ing pos P.M.I. ing Kampung Kusumadiningratan sawétan Paken-sekar.

Boten let dangu sesampuning ibunipun ngadjal, gentos bapakipun ketjandak ing sakit sanget, wekasan ladjeng nusul ing djaman kalanggengan. Boten kotjap sedih saha anglesing manahipun ingkang sami katilar, pinetot ing katresnaning ibu, pineget ing pangajomaning bapa ; ing mangka kala semanten Prijati saweg ngumur 10 taun sarta Prijana 7 mlampah. Nadyan kapétang dèrèng djangkep ing umur, kala semanten Prijanggana ladjeng rumaos dados tijang sepuh ; nadyan asipat djaler, ladjeng rumaos dados ibu, nadyan taksih laré ladjeng kedadak dados bapak ; nadyan dèrèng naté njambut damel, tijang dasaripun laré kepama, ladjeng rumaos daja-daja énggala angsal panggaotan, awit dados saka guruning brajat. Prijanggana boten sambat boten ngresula, amargi ngrumaosi menawi kedah suka penglipur dateng adiadinipun.

Angsal kamirahaning Pangéran gesangipun Prijanggana saadiadinipun boten sanget-sanget kesrakat ; wonten-wonten kémawon Gusti Ingkang Maha Mirah anggènipun maringaken sih kawelasan. Ingkang anggumunaken punika déné karang kitrining pekawisanipun, ing salebetipun pensiuning bapa dèrèng mandap, ambijet wohipun, satemah kénging kanggé anjampeti betah saben dintenipun.

Prijanggana sakelangkung tresna saha gumatos dateng adi-adinipun. Katresnan saha gumatosipun nglangkungi katresnaning ibu, saha pandjaginipun dateng sadèrèk-sadèrèkipun ngeplegi pandjagining bapa. Adi-adinipun inggih sami ngrumaosi jèn sampun lola, rukun, nrimah tuwin mbangun turut dateng kamasipun. Neda kirang boten naté sambat, njandang nganggé lungsed, agengipun suwèk sewatawis boten naté ngresula. Boten kepénginan kados wataking laré alit, dateng tetingalan boten naté ketarik, tjekakipun namung sarwa mèndèl lan narimah. Kala-kala menawi kemasipun kaleres katingal sedih, deleg-deleg ngulir budi ngupados margi, kados pundi sagedipun damel senenging adi-adinipun, Prijati ladjeng sumela : ,,Mas Na kok susah, ana apa ta Mas ? Apa gerah ......... ? Apa mikir ........ anu-anuku .......... ? Aku ora luwé kok Mas ! Lan Prijana mau ja wis akèh lèhè mangan !"

Mireng tembung ingkang mekaten punika Prijanggana sanget keranta-ranta ing manah, gulu ngondok-ondok, kumedah-kedah mbrebel medal eluhipun. Ing batos sanget ing panuwunipun dateng ingkang Murbèng Gesang, mugi-mugi énggala gadah pamedal kénginga kanggé srana ngopèni adi-adinipun. Pijambakipun boten sambat, émut bilih bibar djawah temtu ladjeng terang, bibar peteng ladjeng padang.

Mèh sarengan lan mandaping pensiunipun bapa, Prijanggana angsal padamelan wonten ing Djawatan Sosial. Kados punapa kémawon bingahing manahipun boten saged kabèbèr ing ngriki. Malah kami-

49

PETIKAN MANTJA WARNA [ 50 ]haning Pangéran boten namung mandeg samanten kémawon. Menggah terangipun mekaten:

 Bapakipun Prijanggana punika rumijin satunggaling prijantun ingkang ahli gending saha sungging. Langkung-langkung gambaranipun ringgit dipun gandrungi tijang katah. Sambènipun nggambar saha njungging ringgit suka pamedal ageng dateng brajatipun, adamel djedjeging gesangipun. Satilaring bapa katah tijang nembung, murih kawit Prijanggana godjag-gadjeng, nanging danguning dangu tjobi-tjobi njorék gambar ringgit kados pakulaning bapa. Lan wohipun ...................? Prijanggana pijambak ndjenger kawon lan bapakipun prigelanipun. Tijang-tijang sami alok jèn boten kawon lan bapakipun. Sadaja sami ngalem anggénipun gesang. Gampilipun kémawon gambaripun Prijanggana dipun adjengi sanget, ngantos nampik-nampik pedamelan.

 Ngadjengaken pitulasan Agustus 1956 katah tijang ingkang ndandosaken bendéra, pandji saha gambar garuda (bhinneka). Wekdal sampun njlepeg, ndadak wonten gambar bhinneka ingkang dipun soki mangsi Prijana. Pramila boten anggumunaken jèn ing dinten punika Prijanggana muring-muring dateng adinipun, kasembuh Prijana pijambak wongsal-wangsul mbebéda mbakjunipun. Gampilipun Prijanggana kemuriten, itjal sabaripun, sarta ladjeng kumlawé tanganipun. Déné ladjenpipun ..... sampun tjeta, Prijana nangis, bibar nangis ladjeng mak klépat késah.... Wiwit sijang ngantos dumugi djam setengah pitu sonten punika dèrèng wonten ketingal wangsul.

 Nalika Prijanggana saweg deleg-deleg makatên punika kepireng wonten swanten kula nuwun; Prijanggana gita ngatjarani tamunipun: „Mangga Pak, kula aturi pinarak!“

 Ingkang dipun bagèkaken punika bapa pamanipun, grijanipun ing kampung Kepatihan Kilèn, datengipun klajan ngirid Prijana. Sesamipunipun tata linggih wonten ing kursi tamu ing pendapi, Prijanggana ngladjengaken tembungipun:

 „Sonten-sonten kok kepareng rawuh, wonten kersanipun punapa Bapak?”

 „Anu Na,” makaten wangsulanipun, „aku iku mau rak njandet adimu Prijana. Siré mono nggoné menjang nggonku rak mung sedéla, djaréné ja mung mligi tilik, réhné wis suwe ra sowan, ngono kandané. Djebul bandjur daksambat nganti tekan soré iki mau.”

 „Boten dados punapa Pak, uger larénipun saged kémawon, malah kaleresan; dipun dawuhi punapa?”

 „Ja kuwi durung dakomongké baé Na. Ibumu kuwi rak kepéngin mbatik Kakrasana lan Narajana, kanggo pasrén témbok. Mula bareng weruh klébaté adimu, djadjal-djadjal dakatag njoba njorék, wong aku déwé ra isa apa-apa. Djebul ora lidok! Tjekaké ...... urip tenan tangane adimu! Wis, djibles Kamas swargi, malah dakkira bésuk jén wis dadi, tjorékané luwih betjik adimu ketimbang Kamas bijén. Saiki isih ketara jén tangan botjah, kurang ngremit, nanging sing kaja ngono mau rak mung marga kurang latihan lan pakulinan. Mula botjahé daktjandet nganti sasoré bendé iki mau. Léhku mréné iki tjetaa mono rak [ 51 ]arep nembung njilih adimu, ja ora kétang wis dakbedog disik. Mestiné dadi pangarep-ngarep ja Na, adimu mau?”

 „Inggih sawetawis pak, nanging boten dados punapa, tijang larénipun inggih asring dolan makslenter mekaten kémawon.”

 „Jati ki kok ora kétok! Rak ora ana apa-apa ta lé?”

 „Angsal paringipun pangèstu boten punapa-punapa pak ! Larénipun wonten ing wingking kalijan mbok Ta.”

 „Mbok Ta abdi lawas kaé apa? Ja sukur ta jèn isih setya.”

 „Sesampunipun gineman sawetawis ngrembag bab mawarni-warni, bapa pamanipun Prijanggana ladjeng pamitan wangsul, Ing grijanipun Prijanggana sampun sepen malih. Prijati sinau Perantjis, Prijana nguteg-uteg garapan ukur, déné kamasipun njrempeng nggarap bhinnéka. Muringipun dateng adinipun sampun itjal blas, ing batos malah ngalem adinipun, déné boten purun wewadul agengipun purik. Anggènipun késah wau inggih namung mligi ngésahi grija; inggih nama limrah, manah laré kedawahan srengen ladjeng késah sawetawis.”

 Djam setengah sedasa ing grijanipun Prijanggana sampun sepen. Adi-adinipun sampun dangu anggènipun mapan tilem, kantun Prijanggana pijambak ingkang taksih njambut damel njrempeng gambar bhinnéka. Ing manah radi kemrungsung, tijang sampun tanggal gangsal welas Agustus, katik taksih kirang tiga. Bawaning manah kemrungsung, badan kesel pikir sebel, lampahing pènsilipun rendet sanget. Raos-raos matjet tanpa angsal wewengan, dangu boten wonten kain-dakanipun. Awit saking sebeling manah Prijanggana malah ladjeng mapan tilem, sedaja garapan taksih kaglétakaken wonten ing mêdja, ing pangangkah dalunipun badé dipun wangsuli malih. Sakedap kémawon sampun wonten ing alam pengimpén, pules tilemipun.

 Ing salebeting ngimpi kados-kados adinipun djaler dados beban daning Welandi, nanging rahajunipun ladjeng kénging karebat malih, mila sanget ing bingahipun, kados-kados badé mbengok-bengoka awit saking bingahing manah. Wusana pijambakipun kagèt, nunten nglilir amargi mireng swanten watuk-watuk wonten ing kamar tengah. Prijanggana tangi alon-lonan, mlampah djindjit-djindjit murugi médja panjeratan, papanipun njambut damel. Kados punapa kémawon kagèt sarta gumunipun sareng njumerepi, bilih ingkang watuk-watuk wau adinipun wragil. Mila mekaten awit sareng sumerep bilih kamasipun sampun tilem kepatos, Prijana ladjeng ndjruntul dateng médja panjerataning kamasipun, tjeg njandak potlot lan mori ingkang gumlétak ing mêdja, ladjeng ureg-ureg ....... damel ngéngréngan bhinnéka. Nadyan mripatipun sampun arip, punapa déné malih anggènipun njorèk sadjak namung klajan sasekétjanipun kémawon, nanging lampahing pènsil kados sampun tjinitak, istingarah sadawah saha satjorèk-tjorèkipun sarwa kaleresan, amila sakedap kémawon sampun angsal ngéngréngan garuda kalih. Tjorèkanipun widjang, gambaring garuda ngengreng amrebawa, sampun djiblès gambaraning bapakipun rumijin.

 Prijanggana dangu ngadeg wonten ing wingkingipun, mèndel, boten mobah boten mosik, namung mripatipun ingkang ngetutaken lampahing tanganipun Prijana. Adinipun sekedik kémawon boten nglegéwa, jèn wonten ingkang nenggani, kala-kala watuk awit kala [ 52 ]semanten asrepipun sanget. Sareng sampun sawetawis anggenipun nenggani, tanganipun Prijanggana ladjeng kumlawé alon-lonan, ing kang kiwa njepengi pundaking aḍinipun, ingkang tengen ngelus-elus sirah kalijan witjanten lirih „Wis Pri, mapana turu, sésuk kowé rak sekolah ta?"

Aḍinipun namung kèndel kémawon, keplasing pandulu tansah namataken kamasipun klajan ngemu adjrih, Ing telenging manikipun saged kawaos getering manah keduwung, medal saking manahing laré, taksih murni, resik wening. Prijanggana mangertos ḍateng maknanipun, wusana ladjeng kawedal tembungipun seret, sadjak sumumpel ing gulu ,,Gagé Pri, énggal turua, aku wis ora nesu ........... !"

Aḍinipun namung mèndel kémawon, ladjeng mlampah alon-lonan murugi papanipun tilem. Kamasipun ngetukaken, mrenahaken anggènipun tilem, mawi ngemuli punapa nganggé sarungipun pijambak, sarta ladjeng tenguk-tenguk linggih wonten ing sanḍingipun, nenggani anggènipun tilem, ngantos sawetawis.. Sareng sampun tjeṭa jèn aḍinipun sampun kepatos saweg kémawon purun sumingkir murugi kamaripun pijambak, mripat akatja-katja, manah mbeḍeḍeg ketjampuran raos keranta-ranta.

(Pradapa).

XII. KABENAN

Kaleres ing tengah-tengahing mangsa rendeng, djawahipun nggedjeg rinten dalu prasasat tanpa kèndel. Katah tijang ngresula déning teka boten kados adatipun. Boten sanès sababipun amargi saking tjugag lan kagoling pikadjengipun. Katjarijos sampun antawis tigang dinten tigang dalu djawahipun deres sanget tanpa menḍa. Tijang ing paḍekahanipun Ki Kasan Ngali ketingal tintrim sami mempen wonten ing grija amargi saking asrep bengkeresen, aras-arasen kumréngkang. Deresing djawah angwontenaken peḍut peteng ngantos njilepaken paningal. Sareng sampun pikantuk tigang dinten leres, ing wantji bakda asar namung kantun grimis kremun-kremun, nangingmendungipun taksih anggameng ngadjrih-adjrihi, langkung-langkung ing iring lèr wétan, langitipun ngendanu peteng kados baḍé nangkebnangkeba ing bumi: Kumruwuk swaraning djawah wonten katebihan, binarung gumalegaging benanipun lèpèn Seraju, adamel saja kekesing manahipun tijang ingkang dedunung urut sapinggiring lèpèn. Mila sok ugi wonten tijang ngengakaken kori, ingkang tjelak lèpèn namung ngungak, ingkang tebih nedja nuwèni. Ing wekdal punika ladjeng kepireng sambatipun tetijang ingkang sedih: ,,O Allah, apa arep kijamat apa pijé !" Sawenèh mungel: „Jatallah, udan kok ora terang-terang Namung laré-laré alit ingkang ketingal bingah ing latar, tjiprat-tjipratan atjikrak-tjikrak, pladjengan pating djlerit, kados kapal bigar mentas ontjat saking kereman. Tijang ingkang boten tégan ketak-keték anguwuh anakipun kapurih mantuk.

Kasan-Ngali ketingal medal saking grijanipun murugi ing pinggir lèpèn, kèndel sekedap, gèḍèg-gèḍèg ningali agenging toja sampun papar ḍaratan. Sakedap ningali lèpèn, sekedap njawang pémahanipun, [ 53 ]kados saweg nanding inggilipun. Ketawis ing semu menawi kuwatos sanget, mak gligap nglinguk ngiwa kados tijang kèngetan punapa-punapa, tumunten lumampah urut pinggir lèpèn, nrutjuk manginggil murugi sanganḍaping uwit elo. Manḍap sekeḍik njemplung ing lèpèn ngantos wates bangkékan, gogoh-gogoh ing nganḍap elo leres, ladjeng mentas anggèrèd baita, kauger malih wonten ing tjelak buritan, sanganḍaping uwit eso.

Kala semanten mbok Kasan-Ngali kaleres menḍet kadjeng ing kang katumpuk wonten ing ambèn-ambènan sawingking lumbung. Sumerep ingkang djaler langkung dipun pitakèni: „Niku Kjainé saking pundi ?”

Ingkang djaler rèhning suwau boten sumerep ḍateng bodjonipun, nolèh setengah kagèt: „Anu, mentas ngentasaké prau kaé apa! Wong kaliné kok geḍé temen, rada njilik-njiliki ati.”

„Angsalé boten adjeng ageng pripun, wong udané kaja ngoten, nèk boten kebener inggih minggah tenan banjuné, kaja ḍèk taun embing ngrika nika.”

Ingkang djaler murugi ing kanḍang maésa, ngolak-alik beḍijang, dipun tjuliki mrambutipun ingkang teles, ladjeng tjeluk-tjeluk kepénakanipun èstri: „Sah, Ngaisah, Ngaisah !”

Kepénakanipun sumaur saking pawon: „Kula pak!”

Kasan-Ngali: „Nggawaa senik kana, epèkna mrambut njang lesung, ning miliha sing garing.”

Ingkang èstri kala semanten sampun wonten ing pawon, njelani witjantenipun ingkang djaler,: „Niki mawon si Dakim, kadjengé menḍet mrambut enggih, wong Ngaisah seg ketanggungan ngratjik sambel.”

„Apa Dakim anang kono? Lah ija ta! Endang gelis Kim, geniné selak sirep.”

Dakim wau pangèn. Sareng mireng préntahing lurahipun mangsuli. „Enggih” njandak senik, tumunten medal ḍateng lesung, ḍikut anggènipun ngeruki mrambut, milih ingkang ragi garing, djalaran mèh waradin teles sedaja. Sareng kebak sasenik netel, kabekta ḍateng kanḍang, dipun urugaken ing beḍijang. Lurahipun ngelokaken: „Lah kok teles kabèh ngono ........... hè ?”

Wangsulanipun: „Enggih; wong garing-garingé mung niki, lintangé empun toja etok.”

„Damèné lèhmu tando dèk anu kaé isih akèh apa ?”

„Empun telas dèk wingi sonten nika. Niku sing kula pakakaké: angsal kula ngarit éndjing wau.

„Dadi ........ udan kaja ngana deresé ki .......... kowé ngarit ngono?”

„Lah witikna pripun, napa enggih kula enengaké mawon !”

„Wélah bagus tenan kowé, ija .......... suk Bada taktukokaké klambi ireng sing apik ja !”

Dakim mèsem kalijan mangsuli: „Enggih kjai!”

„Lah Dipa karo Nala pada anang ngendi ?”

„Sami wangsul, wong turéné grijané keleban toja, napa ngoten niku wau”.

Ing wantji ngadjengaken mahrib sampun katah laré ḍateng pating [ 54 ]ting ketiplik badé sami ngaos, djalaran sampun tigang sonten djawah kémawon, dados namung sekedik laré ingkang sami mriku.

Sareng ragi terang, gumrudug kados dipun welingaken. Bakda sami makmum salat mahrib, ladjeng ramé pudji-pudjian sesarengan, swaranipun rampak minggah mandapipun, anenarik lamlaming manah. Ron pisang ingkang ragi sèngklèh katempuh ing angin, ébahipun kados tumut ḍikir ambagèkaken swaranipun pudji-pudjian. Taletoking toja djawah ing ron, pangraos atut runtut kalijan lagunipun pudji-pudjian. Mekaten ngantos dumugi mandjingipun salat ngisa. Bakdangisa ladjeng ramé pating tjrowèt sami ngapil-apilaken wutjalanipun, ingkang ngédja sami ngédja, ingkang ngaos kur'an sami anderes, namung laré alit-alit ingkang taksih ngaos apal-apalan, swaranipun pating djlerit dipun antep, ngantos ambrebegi. Ewa semanten swaranipun Kasan Ngali ingkang saweg mutjal inggih meksa katawis njelé sarta genah boten bawur kalijan laré-laré. Sekedap ndjengèk njentak, sekeḍap ngglajem, semunipun kados dipun sambi amanah prekawis sanès.

Wantjinipun sirep tijang, djawahipun deres malih. Saking agengipun ngantos kados dipun esokaken. Kasan-Ngali djaler èstri taksih linggih pating trenguk wonten ing ngambèn, njanḍing anakipun tilem. Pun Ngaisah linggih ing nganḍap léndéan saka, ngantuk teklak-ţekluk, dipun atag kapurih mapan, boten purun. Kasan-Ngali raosan mekaten: ,,Lah kijé embokné, ora pénaké omah nang pinggir kali. Wis pendak dina kijé ora bisa turu. Pidjer melang-melang baé".

„Nah enggih niku, sijèn mula kula edjak ngalih teng ḍusun, ngenggèni tilasé kjainé ngrika, lah sampéjan mopo. Nah enggih nèk ngoten niki krasané !"

Kasan-Ngali saweg kémawon kumetjap baḍé njauri ingkang èstri, kagèt ningali Ngaisah menjat kiprah-kiprah kalijan mungel : „O Allah banjuné mlebu, teles kabèh djarité !" Wewah-wewah mawi mireng tangganipun tjelak alok: ,,Bandjir. . . .. . .ban. . . . .bandjir tulung-tulung !"

Kasan Ngali trengginas angengak-engakaken kori, badé nuwèni ing djawi. Djoganing grija tojanipun sampun lambah-lambah. Wenganing kori sareng kalijan panjempjoking toja lumebet ing grija, pun Ngaisah mlumpat ing ngambèn njampé adjug-adjug, dawah dilahipun sirep. Kasan Ngali alok sora : „Wut, blai! Embokné, bopongen anakmu. Entènana nglawang kéné, tak-ndjupuk prau. Adja lunga-lunga disik lo !"

Kasan-Ngali muk-mukan bingung kesasar-sasar, anggluruh, mila Kasan Ngali medal angrubjuk, toja sampun sadengkul. Sarèhning peteng ndedet manah bingung, wah malih mireng swara pating glembor pating djlerit, kumrubjuk tijang sami ngili, wonten ingkang nangis, sambat anak bodjonipun, wonten ingkang anggluruh, milaḍap-keḍap dawah karéngkangan kaléjob ing toja. Ngantos dangu keanggènipun manggih baitanipun, tumanten dipun tuntun kabekta mantuk kalijan tjeluk-tjeluk : ,,Embokné, embokné.... embokné Sajidi ?!" Nanging boten wonten sabawanipun tijang mangsuli. Mangka toja sampun wates lakang. Swaraning tijang sesambat tuwin alok sampun angawis-awisi, namung wonten pating djareṭot pating

54 [ 55 ]kreteg, kados grija badé rebah. Kasan-Ngali sampun itj i nginten menawi anak sémahipun sampun ngili palaka A ag ian: srantos angentosi. Ewasemanten dèrêng pitados, taksih djelah-djelih lumebet ing grija mak-makan anggrajangi samukawis, Sareng mlebet ing sentong. tanganipun njemak petèn, Ing sakala kèngetan, menawi

etèn wau isi sesimpenan barang pangaos, énggal dipun djundjung kadèkèkaken ing baita, Sareng sampun tita boten pinanggih, mangka toja sampun wates dada, trengginas numpak baita, dipun welahi. Sarèhning petengipun ndjlimet boten sumerep dateng pundi purugipun, asring medun, baitanipun katuntun, djalaran kerep ketanggor-tanggor ing kekadjengan. Purun-purun numpak sareng toja dumugi ing wates tenggak. Nanging manahipun sampun itjal, tjat ènget, tjat boten, dja- laran saking sangeting bingungipun: kèngetan dateng anak sémahipun. Djulalatan ngiwa nengen kados wonten ingkang dipun upadosi. La- "djeng tjeluk-tjeluk, gumremeng witjanten pijambak, sekedap. malih njebut sora, njuwun pangapunten.

Gebjaring kilat ingkang pantjènipun. saged tedah margi, malah njirnakaken angen-angenipun, djalaran samukawis ingkang ketingal, rumaosipun santun sipat angadjrih-adjrihi. Mila saben gebjar : ang- gènipun maos tangawud andjengèk sora, kalijan merem boten mentala ningali. Galegeking toja, jèn keleres sareng kalijan djedoting baita natab kekadjengan, kados tijang mbanting mungel: ,,Heeh”, saking gemesipun. Asring kémawon Kasan-Ngali kongseb tuwin kalenggak, déning itjaling kekijatan, kabekta saking susah. Tanganipun gura- gapan, ambengoki anak-sémahipun. Jèn sampun kèngetan, sebutipun andruwili. Sangsaja kagèt malih sareng baitanipun mradjang kadjeng rungkad. Saking santering toja, tjumloroting baita lumebet ing sela- selaning pangpangipun;, kados dipun balangaken. Kasan-Ngali kesem- pjok ing godong tuwin ketampeg. ing epang; dawah kalenggak, léndé- léndé sirahipun angsal katiring. baita, welahipun. mrutjut katjemplung ing toja, tanganipun babak bunjak kekalih pisan, saking sangeting sakit, kala ,,betipun”, sumaput ngantos. sawetawis dangu anggènipun, dawah. Sareng èngêt gereng-gerêng anggluruh sambatipun melas asih. Namung èngetipun ramjang-ramjang angantjik alam supena, Tangan- ipun ingkang kemeng awrat sanget Jèn ta kanggéa angglawalt, rumaos- ipun djimpé saweg mangku anakipun ingkang nembé pinanggih ka- entasaken saking toja mumpal-mumpal. Panggegesing manah kawedar ing supena ,,angguguk raosipun saweg neter angambungi anakipun.”

umijuting angin kepireng kados tangisipun ingkang èstri, ingkang ketingal gurawalan kapang-kapang lumadjeng angrubjuk ing toja san- ter, surawéan nêdya ngrangkul anakipun. Mingsering baita margi sa- king ingseding kadjeng kabekta ing toja, rumaosipun grijanipun badé rebah katempuh ing bandjir, énggal angangkat tanganipun, éstanipun kados tijang anjenjandangi, amargi supena anakipun ketjemplung ing toja, Ngantos sora anggènipun mungel : Anakku enggèr!” Anggèn- ipun mungel mekaten punika kalijan menjat tjekékalan, tanganipun surawéan anggrawuki ron. Ing sakala ngriku kèngetan sajektos. Sora anggènipun anjebut asmaning Pangéran, Ladjeng tumungkul nangis angguguk, karanta-ranta ing manah.

55

[ 56 ]Baitanipun Kasan-Ngali lestantun kesangsang ing kadjeng ageng, kombak kombul ing toja, boten saged anguwalaken, djalaran welahipun itjal. Kalijan malih saupami boten mekatena, kados mutawatosi sanget, djalaran saged ugi kèrem ing sanalika, saupami katenḍang ing sarah utawi ketanggor ing kekadjengan. Wontena welahipun pisan tumunten kados punḍi anggenipun baḍé nglampahaken, tijang petengipun alimengan, djawahipun deres, anginipun banter sanget.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
x Punika bena ageng ing tanah Banjumas kala taun 1861.

(Mrodjol selaning garu).


ХІІІ. ОТО MOGOK

„..............djuḍeg aku!" Punika angluhipun satunggaling prijantun, ngadeg, tjantjut, wonten ngiringanipun motoring oto, ingkang sampun kabikak tutupipun. Wironipun kablesekaken manginggil, ngantos tjlananipun katingal sakeḍik, djasipun sampun kabikak, kantun nganggé rangkepan. Patjaking baḍan matèntèng radi mbungkuk. Nering paningal tumudju ḍateng motoring oto. Sadjak migatosaken sanget ḍateng kawontenaning motor punika.

Nitik tètèsing kringetipun saking baṭuk tuwin saking gulu, dalah telesing rangkepan ingkang wingking, tjeṭa jèn prijantun wau sampun kapara dangu tumanḍang damel awrat. Saboten-botenipun inggih kaésuk ngongsronging manah.

Prijantun wau umuripun udakawis sèket taunan, nanging kabekta saking saéning baḍan, lan saged ugi saking anggenipun boten alitan manah, ketingalipun saweg umur kawandasa taunan.

Ing salebeting oto wau ingkang linggih ing bak wingking sisih kiwa, prijantun èstri, umur tigang dasa gangsalan taun; ingkang wonten sisih tengen ugi prijantun èstri watawis saweg pitulas taunan.

Mèmperipun prijantun èstri ingkang wonten sisih kiwa punika bodjonipun, ingkang wonten sisih tengen anakipun.

Ing salebetipun prijantun wau utek madosi ingkang ndjalari mogoking otonipun, ingkang èstri ketingal suntrut. Tanganipun tengen seḍakep, baḍan kasèndèkaken ing tjagaking ténda, sirahipun kabantalan tangan kiwa. Kados boten mokal jèn ta kawastanan saweg sisah manahipun.

Nanging anakipun boten mekaten. Linggihipun senḍèn, ketingal sadjak sasekétjanipun; sumèlèhing pasemon kénging dipun wastani mèsem adjegan. Tanganipun tansah ngolak-alik katjunipun sutra ingkang sinulam pèni.

Ngantos sawatawis dangu prijantun tetiga wau boten sami tjetjrijosan, dumaḍakan ingkang èstri sumela sandjang ḍateng ingkang djaler semu netah : „Ta, pak! Bijèn mula aku rak wis kanḍa, jèn wong ngingu oto iku akèh kasusahané !" [ 57 ]„Hem! Ibuné mono wasis jèn mung nutuh !”

Anakipun njelani: „Jah, ibu ki! Punapa inggih oto menika namung murugaken kasisahan tok ? Wong lagi sepisan wé dingendikaké akèh !”

„Lah ja kuwi Tin nèk ibumu.”

„Njatané nèk kaja ngéné iki prijé hara? Mangka nèng tengah bulak, wis djam setengah nem, katik atisé kaja ngéné. Gunung Sumbing wis kemul ampak-ampak, dalah ing Kléḍung ja wis mèh putih, ḍasar dalané sumengka, kok djebul otoné bobrok !”

„Jah ibuné ki ta! Rak ja lumrah ta jèn oto kuwi sok mogok, ora kok bandjur bobrok ngono. Iki rak mung saka ana adon-adon sing durung maṭuk utawa mlèsèt saka mesṭiné. Ana oto isih kintjling-kintjling ngéné djaré diarani bobrok !”

„Ingkang risak menika menapanipun ta pak? Mangké gèk dipun paéka ing sopir ingkang mentas medal menika.”

„Mèmperé ja ngono Tin, mung baé bapakmu ora priksa.”

„Hara ta ibuné kuwi, rak tanduk manèh olèhé nutuh.......! Nèk pangiraku wis ora. Sabab metuné kuwi djalaran ḍèwèké dadi lurah désa, tur manèh nèng djadjahanku, dadi mesṭiné ora gelem gawé wisuna menjang aku.”

„Ngono-ngonoa kaé njatané! Nèk kaja-ngéné iki bandjur prijé hara.”

,,Sawisé keprijé, lah ja kudu nrima! Mengko jèn ana oto saka Wanasaba, utawa saka Parakan sing wis ngglénḍang, ja pada nunggang kuwi waé."

„Inggih pak, terkadang mangké wonten saèstu, namung kémawon séwanipun inggih ladjeng awis.”

Ibunipun njambeti :

„Prakara laranging séwan kuwi dudu barang-barang, balik anané waé durung karuwan! Mangka dina iki ora kebener pasaran-Kreteg utawa Parakan, katik wis wajah ngéné, bisané ana saka ngendi?” Wedaling witjanten mekaten wau kanti sugal, mratandani saja sanget anjeling manahipun lan kados déné sampun telas pangadjeng-adjengipun.

Boten dangu ladjeng grimis. Anakipun alok:

„O, grimis, pak; mbok sampun mangga, lenggah nglebet kémawon, pak !”

„O, ha kok ija! Ja wis nrima disik!”

Prijantun wau ladjeng mlebet ing oto, linggih ing bak ngadjeng. Ingkang èstri njambeti kalijan sadjak mbéda.

„Hara ta rasakna! Ora grimis kuwi anaké sapa! Wong mendungé kaja ngana kandelé.” Tjarijos makaten wau kalijan mbenakaken rimongipun kanggé kuḍung lan kaubetaken ing gulu, ngantos rapet, kupingipun boten ketingal. Linggihipun manengah ladjeng sila. Makaten wau perlu kanggé namèngi pangamukipun hawa ingkang sakalangkung atis.

Mogoking oto wau wonten ing tengah-tengahing bulak, kaprenah sanganḍaping ḍusun Klédung. Déné Klédung punika dumunung ing papan ingkang inggil, kaleres èrèng-èrèngipun redi Sumbing lan Sindara, wonten saantawisipun Parakan (Temanggung) kalijan Kreteg [ 58 ](Wanasaba). Saking Kléḍung ḍateng Parakan utawi Kreteg sami tumurunipun.
 Ing Kléḍung punika misuwur atisipun. Ḍasar anginipun sumribit, sinembuh grimisipun tanpa kenḍat, sampun temtu atisipun tikel, Sampun ingkang kados kawontenan kasebut nginggil wau, saweg ing wantji djam kalih welas sijang, tur surjanipun djumeprèt kémawon hawanipun meksa atis. Langkung-langkung tumrap para tijang ing tanah ampah.
 Kala samanten ing salebeting oto boten wonten ingkang sami tjetjrijosan, namung sami seḍakep, awit kedjawi ngraosaken atising hawa, inggih saja djuḍeg manahipun. Boten kantenan tudjuning kadjeng, sadaja namung sami ngetut lampahing gagasanipun pijambak-pijambak. Pinten-pinten lelamunan. Nanging boten wonten ingkang saged mbirat èwed-pakèwedipun, destun namung malah saja ngimbeti ribeding manah.
 Namung anakipun ingkang ketingal boten patos sisah. Sakeḍap ningali redi Sumbing utawi Sindara, ingkang saja dangu namung katingal ngregemeng kémawon. Sakeḍap ningali paḍusunan ing lengkèhing redi Sumbing. Sawenèh wonten ingkang ketingal pe ṭak déning ampak-ampak, sawenèh namung pating krompol kados tijang sami nḍoḍok ningali prijantun tiga ingkang wonten salebeting oto wau. Sakeḍap malih ningali raining ibunipun, ingkang ngenḍanu kados menḍung. Ing batos ngèsemi, déné sampun sepuh teka kirang sabar ing manah. Dangu-dangu kepéngin gineman, takèn dateng ibunipun:
 "Bu, bu! Nuwun sèwu inggih bu! Ibu kok ngendikan klesak-klesik menika ngendika kalijan sinten ta, bu? Menapa saweg ndonga?” Anggènipun pitakèn makaten wau kalijan gumudjerig sarwi nutupi lambénipun mawi katju. Bapakipun njambeti kalijan mèsem :
 "Nengna wé rak uwis ta Tin! Ibumu. kuwi lagi mudja semèdi, kok.”
 "Kowé mono Tin, botjah ora Djawa, wong kuwi rak ija sabisa-bisané, nenuwun menjang sing Gawé Urip ta.”
 "O, inggih sukur ta bu!”
 Ṭik-ṭiking sekon dados menit, klempaking menit dados djam. Sareng sampun sawetawis djam anggènipun wonten salabeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng, grimis lan angin ngidit, dumadakan katjaning ténḍa ingkang wingking mak bjar, katingal paḍang.
Paḍangipun terus ḍateng katja ngadjeng, njrambahi salebeting oto. Sadaja sami nolèh ḍateng wingking. Ingkang wonten bak wingking ngindjen saking katja, ingkang wonten bak ngadjeng kapeksa manglung ḍateng djawi, nanging namung sakeḍap ladjeng mlebet malih, amargi sapisan ing djawi taksih grimis, kaping kalih silo déning soroting lentéra ingkang ḍateng.
 Anakipun gugup, sandjan ḍateng bapakipun kalijan ketingal bingah ing manah : "Hla menika wonten oto mriki, pak!"
 "Ija pak, djadjal dienḍeg, mbokmanawa taksi barang,”
 "Ija, nanging kiraku dudu taksi, awit jèn taksi lumrahé lentérané ora..............." Saweg dumugi samanten kapunggel déning suwara........ Hrrrrrrrrrr - Ssssssssst ! Oto wau kèndel ing wingking leres. [ 59 ] Kenèking oto manḍap rumijin nggandjel roḍa wingking, awit wonten ing margi sumengka. Lentéra ngadjeng kalih pisan dipun pedjahi. Zuklicht dipun gesangaken, punapa déné motoripun inggih taksih dipun gesangaken prelu kanggé nggesangaken zuklicht.

 Sopiripun ladjeng meḍak, murugi oto ingkang mogok. Sanadjan wekdal samanten taksih grimis, boten karaosaken. Sareng tjelak, sopir ladjeng takèn, tembungipun anḍap-asor ;

,,Kados pundi ndara, kèndel wonten ngriki ?”

 Prijantun djaler wau ladjeng meḍak saking oto lan maspadakaken ḍateng tijang ingkang takèn. Ing manah kèwedan anggènipun suka wangsulan, awit ingkang takèn wau radi ngoḍengaken manah. Sabab larénipun bregas, tata-kramanipun djangkep. Jèn kaanggepa sopir limrah boten pantes. Nanging saupami sanès sopir taksi, lah punapa. Awit sanadjan tjlananipun bregas, nanging sami katingal pating dlemok tilas kénging lisah, tur rambutipun morak-marik, mèmper jèn namung sopir taksi. Langkung-langkung manawi ngèngeti anggènipun njebat ndara. Ewadéné ing manah dèrèng sreg. Baḍé nggenahaken sinten pijambakipun, inggih kirang sakétja, boten tjunḍuk kalijan empan papanipun. Mangka anggènipun takèn wau baḍé suka pitulungan. Mila murih sakétjanipun ladjeng menḍet palih-palih. Suka wangsulan mawi tembung madya, makaten :

,,Rèwèl, mogok boten purun mlampah !”
,,Ingkang rèwèl menapanipun, ndara ?”
,,Kula kirang terang.”
,,Menapa dalem kapareng nuwèni ? Mbokbilih saged ngleresaken.”
,,Kénging ! Wé lah kleresan !”

 Sadangunipun sopir tumandang, prijantun èstri kalih ingkang wonten wingking sami katingal bingah. Gaḍah pangadjeng-adjeng baḍé sumingkir saking kasisahan.

,,Na, Na, Kasna !”
,,Kula.”
,,Hara djadjal iki kabèh bukakana !”
,,Enggih.”

 Sareng sampun dipun bikaki sadaja, ladjeng dipun tingali. Sarèhaning soroting zuklicht saking wingking boten saged ḍawah ing motor mogok, anggènipun ningali inggih boten patos terang, mila ladjeng neḍa sumerep ḍateng prijantun ingkang gaḍah :

,,Menapa sedaja sampun resik, ndara ?”
,,Jèn bab resik kula tanggel, nanging renggang-rapeté satélan kula boten ngretos, wiwit rumijin boten kula éwah-éwah.”
,,Bab renggang-rapetipun kados sampun tjekapan, sadaja sampun dalem gagapi.”
,,Pantjèn wingi-wingi enggih boten naté rèwèl,”
,,Slingeripun wonten pundi, ndara ?”
,,Niki onten ngriki.” Kalijan nedahaken bak ngadjeng.
,,Na, kaé slinger djupuken”
,,Engih.”
,,Sarèhning grimisipun taksih, mangga ndara lenggah nglebet kémawon !” [ 60 ]„Boten dados napa.”

„Boten ndara mangga lenggah kémawon, adalem sampun kulina ḍateng djawah lan bentèr, pandjenengan dalem kirang prajogi.”

„Ning kok raosé kirang sakétja, wong ditulungi kok malah ngénak-énak.”

„Boten ndara, sampun kagalih kadospundi-kadospundi. Jèn pandjenengan dalem boten lenggah nglebet, ngrendeti padamelanipun dalem, amargi manahipun adalem ladjeng kirang tentrem, déning sumerep pandjenengan dalem kegrimisan tur wonten ngriki, papan ing kang hawanipun asrep.”

„Inggih ta jèn ngoten.”

„Wis, Na, puteren sing adjeg ja, Na!”

„Enggih.”

Sareng sampun kaputer kinten-kinten samenit dangunipun sopir ladjeng matur malih :

„Menapa kapareng dalem bikak?”

„Mangga, mangga!”

„Na, oborana nganggo rèk ja Na !”

„Enggih.”

„Nanging ngati-ati adja ketjeḍaken, awit tèngé waḍah bènsin oto iki ana ngarep, jèn ana pipa sing botjor barang.”

„Enggih pun.”

Sareng sampun kabikak sarta dipun tingali, ladjeng préntah ḍateng kenèkipun.

„Na, ndjupuka gombal!”

„Enggih.”

Prijantun ingkang gadah oto njelani:

„Kadospundi?”

„Boten menapa-menapa, ndara. Kintenipun adalem, samangké saged gesang.

„Sukur ta !”

„Niki lo gombalé”.

„Resik ora, Na ?”

„Resik sanget, tijang niku halsduk kula.”

„Halsduk kok kaja ngéné?”

„Kantenan blatjo adjeng kula damel kotang boten sida.”

„Kok ora sida ana apa ?”

„Tijang tasih kirang.”

„Hla tuku kok nganti kurang ?”

„Tijang niku boten tumbas, kok. Ḍèk bapak pedjah nika ulesé turah, ha enggih niku turahané.”

„Wis iki nja !”

„Pundi, ngriki, adjeng kula anggé kuḍung, wong taksih grimis. Kula niki sok mumet nèk kegrimisan.”

„Pambekanmu kaja ndara menggung. Wis iki businé pasangen. Sing kentjeng ja!”

„Enggih.”

Busi ingkang kabikak sampun kapasang malih, sarta sanèsipun sampun kentjeng sadaja, kekeping motor dipun tutupaken malih, sopir ladjeng sandjang. [ 61 ]„Samangké tanggel gesang motoripun ndara!”

„Wah, ketrima banget, kuwi Tin dompètku ana ngesak kuwi djupukna.”

„Mangga pak !”

„Ndara, mangga dipun stater”.

Oto dipun stater ladjeng gesang, lentéra bjar paḍang.

„Sampun ndara, mangga ladjeng tindak, amargi sampun djam sadasa.”

„Niki lo!” Sandjang makaten wau kalijan ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta.

„Sembah nuwun ndara, mangga ladjeng tindak kémawon, adalem ndèrèkaken ing wingking.” Sopir terus murugi otonipun pijambak kalijan nggèrèd rambutipun Kasna, awit Kasna mlongo déning lurahipun boten purun nampèni arta. Mangka sajektosipun sampun kumetjer sumerep tanganipun prijantun isi arta wau. Mila ing semu gela sangetdéning mlèsèd pangadjeng-adjengipun tampi panduman. Satemah namung ngingetaken kalijan mlongo. Nanging dèrèng ngantos kasumerepan déning ingkang baḍé suka gandjaran kesesa dipun sèrèd sopir ipun.

.........................................................

MEKSA GAGAL

Oto kalih-kalihipun ladjeng sami biḍal. Lampahipun saé, swantenipun motor boten wonten gèsèhipun, mratanḍani oto ingkang risak sampun pulih kados waunipun.

Prijantun tetiga wau bingahipun boten kénging winiraos, Rumaos tampi kanugrahaning Pangéran, ontjat saking raos pegel, àtis lan sumelang. Ingkang èstri sandjang ḍateng ingkang djaler kanţi bingah, katitik saking lagu lan swantenipun :

„Kuwi mau sapa ta, pak?”

„Embuh ja, bu.”

Anakipun njambeti: „Ḍateng bapak kok matur: ndara. Sadjak sampun sumerep.”

„Kiraku ja uwis, nanging aku durung weruh. Ajakna sopir taksi.”

„Ah kiraku dudu pak. Wong botjahé bagus, ki, polatané djetmika.”

„Apa sopir taksi kuwi ora kena duwé rupa bagus lan polatan djetmika ?”

„Ajaké nèk manut ibu, rupa bagus kuwi dadi monopoliné prijaji Paduné ibu kuwi mung arep ngalem wać, dumèh gelem nulungi !”

„Ja ora ngalem mono, wong njatané. Kono pikiren: ing ngatasé durung nganti diendeg kok manḍeg ḍéwé! Ora didjaluki tulung, bandjur nulungi. Duwé pangéman menjang bapakmu, déning kegrimisan, tur tembungé kaja ngono mau, hara ta, andak watak kaja ngono mau dumunung ana angger uwong?” [ 62 ]„Nanging ija bener kanḍané ibumu kuwi, Tin. Apa kowé ora weruh nomeré oto buri mau, Tin ?”

„Menika wau terang wonten bordipun: huurauto, AA nomer 1013.”

„Apa dudu taksi Parakan?”

„Kados sanès pak, sadangu kula wonten Parakan dèrèng naté sumerep ḍateng sopir punika. Menapà malih taksi Parakan ingkang kaṭah Dodge, sareng menika wau mèrek: Buick.”

„Diparingi persèn kok ora gelem ja, pak?”

„Hla ja kuwi !”

„Kiraku kurang, pak !”

„Mau arep takwènèhi seringgit; rumangsaku wis mèmper. Nanging sopir mau durung nganti weruh pira anggonku arep mènèhi. Dadi tetep jèn ḍèwèké ora gelem nampani. Ja mèmper, wong iku jèn bagus, ḍasar wataké alus, mesṭi sugih kaprawiran !”

„Ah, bapak ki saiki ngalem, tiru-tiru ibu”. Jektosipun anakipun ing batos ngleresaken tjarijosipun bapak lan ibunipun. Nanging limrah, kenja punika boten purun ngalem ḍateng djaka wonten sangadjengipun tijang ingkang dipun rikuhi.

„Wis ngéné waé, mengko jèn tekan Parakan dienḍeg, utawa samangsa ḍèwèké manḍeg, endang kanḍaa aku!”

„Inggih, pak.”

„Ija pak, aku rudjuk. Lan manèh diimbuhi seringgit engkas, minangka patukoné kaprawirané lan pangémané menjang kowe”.

„Ija, karepku ja ngono kok bu.”

Lampahing oto kekalih wau remben sanget, djalaran sasampunipun nglangkungi dusun Kléḍung, marginipun tansah mandap lan rumpil, tur kaṭah énggok-énggokanipun ingkang njikut, ḍasar ing wantji dalu tur grimis. Sanadjan lentéranipun boten kirang padang, nanging kala-kala kasaput ing ampak-ampak, ndadosaken rekaosipun para pangemudi oto. Versnelling kalih kerep dipun ginakaken, menapa malih péḍaling rèm tansah ing dlamakan. Makaten wau namung rumeksa wiludjenging lampah.

Sanadjan Buick wau pantjènipun saged mlampah rikat, déning sopiripun sampun kulina sanget ḍateng margi ingkang dipun langkungi, nanging kapeksa sabar, amargi ing mangsa punika saweg rumeksa oto Overland alit. Ndjagi alanganing lampah sanèsipun malih. Rembening lampah saèstu kados prabu anom Gatutkatja nalika ngiring ingkang raji satrija Plangkawati R. Abimanju nalika dipun kèngkèn madosi pandung ingkang mlebet ing taman Kedilengeng. Mangka jèn boten saged njepeng, badé kadamel pangéwan-éwan wonten ing nagari Ngastina. Lampahipun manḍeg-mangu, saking rubeding manah, wusana ladjeng mrebes mili. Satrija prabu anom Gatutkatja boten tlompé, énggal njelaki sarta ambombong murih gambiraning manah.

Boten dangu saking katebihan katingal soroting lampu-lampu margi, sumorot manginggil, kados wana kabesmèn. Mratandani bilih sampun mèh dumugi ing kiṭa. Ingkang makaten wau inggih kajektosan, let saprasekawan djam oto dumugi Parakan.

............................................................. [ 63 ]
NGADJARI KAPAL

 Dinten Minggu tjanḍakipun, langitipun ketingal sumilak resik. Dalunipun mentas djawah, dados wit-witan sami katingal seger, ronipun ngrembujung idjem rijep-rijep, adamel sakétjaning paningal. Margi-margi katingal resik boten mbleṭok. Hawanipun sakétja, mila prajogi sanget kanggé ngénggar-énggar manah.

 Dèn bèi Asistèn-wadana sakalijan tuwin anakipun medal ḍateng margi ageng, lampahipun alon-lonan, sadjak baḍé sandja.

 Rapingun sumerep dèn bèi Asistèn-wadana sakalijan tuwin anakipun késah, manahipun seneng sanget. Ladjeng ngungak ḍateng margi ageng, dèn bèi Asistèn-wadana sampun boten ketingal. Énggal-énggal madosi réntjang èstri pun Salijem. Sareng pinanggih saweg njapu wonten èmpèr wingking, dipun takèni:

„Jem, Jem!'
„Wonten menapa, mas Rap ?”
„Ndara setèn wau tindak pundi ?”
„Kala wau ndara dèn aju ngendika baḍé tindak kemantrèn guron.”
„Jèn tindak sandja niku asring dangu napa boten ?”
„Adaté ngantos setengah kalih welas saweg kondur.”
„Dados ngantos dangu ?”
„Enggih ! Ndara dèn aju menika awis-awis tindak. Nanging jèn sampun kersa tindak, inggih sok mrèmèn-mrèmèn kados alang-alang kobong.”
„Tiwas kebeneran !”
„Dospundi ta ?”
„Boten napa-napa.”

 Rapingun késah, mlebet ḍateng kamaripun. Boten dangu medal, nganggé sruwal dril idjem tjekak, rasukan namung rangkepan, dipun tjantjutaken dumugi sikut, gulonipun dipun bikak tjara Amérikan, mawi njangking ḍaḍung bago ageng, pandjangipun nem mèter; tanganipun kiwa njangking sarungan kenḍali, kabekta ḍateng geḍogan. Ladjeng wangsul malih menḍet pisang, perlu kanggé makani Hèl kados adat saben.

 Hèl sampun wanuh ḍateng Rapingun. Mila sareng Rapingun ḍateng, ladjeng gereng-gereng, enḍasipun dipun anglungaken ing slarak kalijan ngambus-ambus tanganipun Rapingun, déné pisang dèrèng dipun tedahaken. Rapingun ladjeng mèpèt ing geḍogan. Sirah lan badanipun dipun ambus-ambus sadaja, kados adat saben. Hèl gentos dipun elus-elus saking tjiṭak ngantos dumugi ing djalakipun. Samangké tjeṭa bilih Hèl boten namung wanuh kémawon kalijan pijambakipun, nanging kénging dipun wastani sampun andjilma.

 Kreta sumerep, gumun, witjanten :

„Wah gumun aku, Hèl kena digunani mas Rap !"
„Ta ngandel boten saniki sampéjan ?”
„Enggih empun !”
„Guna bisa niku sing mandi ḍéwé : sambang serawungan, bisa nudju prana.”

Hèl dipun ulungi pisang sauler, terus dipun mamah. Saben telas [ 64 ]dipun sukani malih. Sadangunipun Hèl neḍa pisang, gulunipun dipun puk-puk, dipun djak rembagan mawi tembung manuara, dipun sukani ulat manis. Mila sanadjan kapal banḍol, Hèl inggih ladjeng tutut, mèndel kémawon kalijan neḍa pisang.

Rapingun ladjeng ngetrapaken ḍaḍung ing gulunipun Hèl kanţi lon-lonan. Sadangunipun Hèl neḍa pisang, tjangkemipun dipun lebeti kenḍali kalih, très lan pangèn. Sareng sarungan baḍé kaetrapaken ing gitok, Hèl baḍé budi, nanging ladjeng dipun arih-arih lan dipun elus-elus, sarta boten kendat dipun sukani pisang, satemah ladjeng anteng malih. Sareng sarungan sampun kaetrapaken, tangsul uwang dipun angslupaken, ing timangan. Ḍaḍung ladjeng kaslobokaken ing gelanganing kenḍali kiwa tengen, kaubetaken malih kalijan ḍaḍung ingkang saking gulu, murih gelangan boten mlèsèt ngiwa utawi nengen. Ranténing kenḍali très dipun pasang.

Sareng Hèl kraos tjangkemipun kaerèh ing kenḍali, ladjeng budi, palanging geḍogan dipun péngkali. Nanging sarèhning sampun dipun wékani, mila boten ngutjiwani. Polahipun Hèl kados baḍé mlumpat-mlumpata, nanging slarakipun dipun kerepi manginggil, mila namung gidro-gidro kalijan nenḍang-nendang kémawon.

Kreta sumerep polahipun Hèl kados makaten wau adjrih, maras, sumelang.

„Empun mas Rap, empun. Rijin mawon dilimani, kok saniki adjeng diidjèni. Blai mangké !”

„Diidjèni pripun, ta? Rak enggih diloroni ta kalih sampéjan.”

„Ah boten djandji! Kula boten saguh lo mas Rap. Rijin mawon sing tijang katah kula boten wantun; mung mendetaké lapak tok. Saniki malih mung sampèjan idjèn, wantuna. Mangka sampéjan kulinané mung kalih oto sing boten saged méngkal. Boten, boten èstu lo !”

„Sampéjan mung njekeli mawon, kula sing nglapaki.”

„Boten ah, boten! Rijin mawon sing tijang katah kuwalahen; kula malih bisaa !”

„Enggih, ning nèk sampéjan sing njekeli, mesti nuruté.”

„Ah, boten èstu lo mas Rap. Wong njawa mung sidji djaré arep dienggo dolanan. Gumampang sampéjan niku.”

Rapingun namung gumudjeng kémawon mireng wangsulanipun Kreta kipa-kipa wau, Kreta tansah ngulataken Hèl, uger mbekos, Kreta kagèt, sadjak baḍé mladjeng kémawon. Ing batos Kreta nemtokaken jèn Hèl mangké baḍé utjul lan dados damel. Boten wandé pijambakipun meksa tumut ngrekaos, mila manahipun tansah sumelang kémawon.

Tangsul bago ingkang saking kenḍali, dipun wedalaken nglangkungi sloroking konten, terus kaulur, katangsulaken ing wit sawo manila ingkang sampun ageng, kaprenah satengen geḍogan. Sloroking konten wonten tiga. Slarak ingkang ngandap pijambak dipun bikak. Slarak nginggilipun pantèkipun dipun lolos, nunten slarak kabikak sareng. Sami sanalika Hèl mlumpat saking geḍogan kados sima nubruk mangsan. Makaten ugi Kreta, énggal mladjeng nebihi geḍogan, ḍateng panggénan ingkang boten mbebajani, Manahipun trataban, tangan lan sukunipun sami ndredeg.

Dumugi plataraning geḍogan Hèl bigar, baḍé terus mbanḍang, [ 65 ]nanging boten saged, djalaran ḍaḍung kenḍali lan witipun sawo santosa sanget.

 Rèhning anggènipun baḍé mbanḍang ketjuwan, Hèl ladjeng nglumba-nglumba, nenḍang-nenḍang, nubruk, milar ngiwa-nengen ngubengi wit sawo. Rapingun ladjeng murugi wit sawo, ḍaḍung kada- mel longsor klowonganipun. Hèl mubeng-mubeng, ḍaḍung boten saged nggubed. Polahipun Hèl ngédab-édabi sanget. Sakeḍap kémawon plataran sakubengipun wit sawo sampun dados patjulan.

 Rapingun ketingal bingah. Saben polahing Hèl katingal kendo ladjeng dipun opjak-opjak mawi wilah pandjang. Sampun temtu kémawon Hèl ladjeng ngetog karosanipun malih. Satengah djam kémawon Hèl tandangipun ketingal radi kenḍo. Ḍaḍung ladjeng katarik mèpèt wit sawo. Sareng tjongoripun Hèl sampun mèpèt wit sawo, ladjeng kaerut mèpèt, ngantos Hèl boten saged nḍangak utawi nḍingkluk.

 Hèl ketingal tutut, ladjeng dipun epuk-epuk, wiwit saking sirah ngantos dumugi ing djalak. Sareng tangan dumugi ing geger, Hèl kraoskeri, baḍé nggiwar, nanging boten saged. Dados namung suku wingking ingkang minger adegipun. Awit ingkang makaten wau mratanḍani bilih Hèl badé angèl dipun abah-abahi. Rapingun ladjeng nindakaken réka-daja. Sukunipun Hèl ingkang ngadjeng sisih kiwa dipun tjepeng, kadjundjung, katekuk mèpèt kalijan pupunipun, ladjeng dipun tangsuli. Dados Hèl adegipun namung kasanggi suku tiga.

 Hèl polah, baḍé uwal, nanging inggih namung mugat-muget kémawon, amargi suku ingkang tumapak namung tiga, tur tjongor sampun mèpèt wit sawo. Mila prasasat boten saged ébah.

 Kreta sumerep kawontenan wau suda sumelangipun, lan pitados jèn Hèl baḍé kénging dipun abah-abahi déning Rapingun pijambak.

 Rapingun ladjeng menḍet slébrak, katumpangaken ing gegeripun Hèl. Hèl mèndel kémawon. Lapak ladjeng katumpangaken, kapèpètaken madjeng, murih boten ngéwahaken kentjenging amben. Amben katangsulaken ngantos kentjeng, karangkep kalih. Ladjeng dipun rangkep malih mawi amben génḍong. Sanadjan Hèl ngetog budinipun, amben boten saged kenḍo lan boten sumelang jèn pedot.

 Lis ingkang satunggal kaetrapaken ing kenḍali pangèn ingkang dipun slurupi ḍaḍung wau; satunggalipun malih kaetrapaken ing ken-ḍali très. Sanggawedi kaukur tjekapan pandjang tjekakipun. Lis katangsulaken ing gelangan pongoling lapak. Ḍaḍung ing gulu ingkang kaslurupaken ing kenḍali pangèn, ingkang katangsulaken wit sawo, dipun utjuli. Hèl kraos longgar saking wit sawo, ladjeng baḍé budi. Nanging ladjeng meksa boten saged, djalaran sukunipun ingkang satunggal dèrèng tumapak, taksih katekuk, dipun tangsuli. Ḍaḍung ladjeng kaubedaken ing gulu.

 Rapingun wiwit tata-tata baḍé numpak. Lis kapenḍet saking gelangan lapak, katjepeng tangan tengen, tangan kiwa njenḍal tangsul wangsul ingkang ngerut suku kalijan pupu. Sukunipun Rapingun sampun tumumpang ing sangga weḍi. Sareng lan tumapaking suku ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpang ing lapak, suku tengen mantial sanggawedi sisih tengen. Tangan kalih njepengi lis. Sami sakala Hèl nglumba, ndjondil kalijan nendang, nggiwar ngiwa-nengen, nubruk-nubruk lan baḍé mbanḍang. Amargi sadangunipun Hèl dipun abah[ 66 ]abahi, punika prasasat ngaso, dados napas pulih kados waunipun malih. Mila baḍé bigar malih. Nanging lis kapekak, dados kadung, namung nglumba-nglumba kémawon. Rapingun kedjawi ngèngeti rupaking papan, djalaran wonten pekarangan, mila kadjarag supados Hèl suda kelijatanipun dèning anggénipun nglumba-nglumba, awit baḍé ngam- bah margi ageng, kaṭah tijang-tijang mlampah. Samangsa kekijatan- ipun suda, tandangipun inggih suda, dados boten patos mbebajani. Lan malih kanggé andjagi sampun ngantos Hèl peḍot napasipun. Awit kaṭah kémawon kapal Sandel ingkang mbanḍang ladjeng ambruk terus pedjah. Makaten wau djalaran saking lepatipun ingkang numpak, déning kirang dugi-dugi, dumèh kapalipun kijat mbanḍang kémawon.

Kreta sumerep Rapingun kabekta nglumba-nglumba Hèl, manah- ipun geter, badanipun ngoplok, kuwatos mbokbilih Rapingun katjilakan. Sarèhning boten saged nulungi, tur Rapingun inggih boten betah dipun tulungi, Kreta namung ngetut wingking saking katebihan kémawon.

Sareng Hèl anggènipun nglumba-nglumba lan bigar sampun radi kendo, lis dipun inger. Hèl terus dateng margi ageng, ngener mangalèr dateng Tjandirata. Lis dipun kendoni, Hèl mlumpat ladjeng njong- klang medar, badanipun nguler kilan, mbanḍangipun dipun etog sa- èstu. Kreta nututi dateng margi ageng, nanging namung sumerep sageblasan. Rapingun sampun boten katingal.

Ing ngriku ugi kaṭah tijang ingkang sami ningali. Sanadjan Ra- pingun sampun boten ketingal, tijang-tijang boten énggal sami késah, malah sami rembagan ngraosi tindakipun Rapingun wau. Wonten ing- kang nglepataken, wonten ingkang nutuh. Nanging ingkang kaṭah sami ngalem. Ewadéné sadaja wau boten sepen was-sumelanging manah. Langkung-langkung Kreta, namung tansah kaworan maras ṭok, boten ngertos kados pundi murih Rapingun saged wiludjeng.

Mbanḍangipun Hèl sampun angsal tigang pal, dèrèng ketingal kendo. Rapingun pantjèn saged ngerèh dateng kapal, dasar tatag tur prajitna. Mila sanadjan mbanḍangipun Hèl kados mimis, tur wonten margi ageng ingkang sanadjan boten nama ramé nanging inggih boten sepen, inggih wiludjeng.

Sareng lampahipun njandak kawan pal, lis kapepeg, Hèl purun kendo, ladjeng mlampah drap. Angsal saepal malih lis dipun pepeg malih, lampahipun dados adéan. Tindak makaten wau minangka kang- gé ngasokaken Hèl. Sareng lampahipun dumugi distrik Tjandirata, kringetipun kados dipun sokaken, sami urut suku. Nanging wantering manahipun Hèl dèrèng mantra-mantra suda, katitik saking raosing lis.

Saking pangangkahipun Rapingun, lampahipun Hèl baḍé dipun kendokaken malih. Lis ladjeng kapepeg malih. Nanging boten kenḍo, malah baḍé mbanḍang. Rèhning ing ngadjeng marginipun baḍé nekuk sanget lan ndjuleg tur wonten kretegipun tjijut, panjepengipun lis kendali très dipun rosani. Hèl nglumba, mèh ngadeg djedjeg, kuping- ipun ndjepiping, mbekas-bekos kalijan gebrès-gebrès, mratandani jèn muring. Panjepengipun lis terus dipun pepeg, awit ngèngeti rumpiling margi. Sareng lampahipun sampun nglangkungi margi ingkang ndju- leg lan kreteg ingkang tjijut, lis dipun longgari, malah dipun geḍeg [ 67 ]sawetawis. Hèl ladjeng mbanḍang. Marginipun tansah minggah manḍap. Saben baḍé minggah, lis dipun geḍeg. Sampun temtu Hèl ngetog kekijatanipun. Sareng lampahipun angsal tigang pal malih, Hei ketingal kenḍo. Sanadjan kasereg, lampahipun inggih namung drap. Ing ngriku njata jèn Hèl sampun lemper saèstu. Sakeḍap malih lampahipun Hèl dados aḍéan. Dumugi onderdistrik Bèdjèn purun dipun kèndelaken. Rapingun ladjeng meḍak. Hèl dipun epuk-epuk lan dipundjak witjanten mawi tembung manis.

Boten dangu Hèl katingal gambira malih. Rapingun énggal njéng- klak. Lis kaputer, baḍé wangsul. Hèl lampahipun drap, nanging kala- kala taksih purun ngosog. Sanadjan makaten, sareng lampahipun angsal tigang pal, drapipun inggih ladjeng kenḍo, dados drap alus. Boten dangu dumugi Tjandirata malih.

Saking Tjandirata marginipun majat. Saking kadjengipun Rapingun, murih Hèl kapok anggènipun purun mbanḍang, lis ladjeng dipun geḍeg. Hèl inggih ladjeng mbandang. Dèrèng angsal tigang prasakawan pal sampun malih drap. Hèl dipun gedeg malih. Ladjeng mbanḍang malih. Nanging saweg sawatawis tebihipun inggih dados drap malih. Makaten wongsal-wangsul, ngantos Hèl ketingal lemes. Wiwit punika Hèl kalampahaken lon-lonan ngantos saepal tebihipun, minangka kanggé ngaso. Jèn mentas mlampah lon-lonan, ladjeng dipun drapaken. Makaten gantos-gantos. Sareng mèh dumugi Ngadiredja, saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mladjeng metukaken. Kala samanten lampahipun Hèl adéan. Sareng kapetuk Kreta, Hèl manḍeg greg. Rapingun panjepengipun lis mawi tangan kiwa, tanganipun tengen mendet katju kanggé ngusapi kringetipun ingkang pating dlèwèr ing rai lan ing gulu, kalijan mèsem-mèsem.

Kreta pitakèn semu gugup :

"Rak boten napa-napa ta mas Rap?"
"Enggih napa-napa mawon".
"Lo, rak boten onten alangan napa-napa ta?"
"Onten mawon alangané".
"Jah mas Rap ki, ditakoni tenan kok gegujon."
"Lah pripun ta?"
"Napa boten manggih kasangsaran?"
"Nèk kasangsaran boten. Mung alangané, teng Bèdjèn pantjèné kula ngelak banget, nanging boten bisa tuku wédang."
"Nèk mung ngoten mawon nggih boten dadi napa. Kuwatos kula boten kanten-kantenan kok."
"Ndara setèn napa empun kondur ?"
"Saweg mawon.
"Napa boten ndangu?"
"Ndangu, malah kula didawuhi ngrumijini; ndara setèn adjeng mapag nganggé oto.'
"E lah, empun kula ngrijini mawon."

Hèl angsal ngaso sakedap, dipun dedet lisipun, ladjeng drap me- met. Sareng mèh dumugi sadjawining dusun, Rapingun sumerep oto Overland ḍateng, nanging ladjeng mandeg. Boten dangu ketingal dèn bèi asistèn wadana meḍak saking oto. Hèl dipun pepeg, lampahipun dados matjan nubruk. Dumugi ngadjengipun dèn bèi asistèn wadana, [ 68 ]Hèl dipun enḍegaken. Upas kalih ingkang sami nḍèrèk mlongo, taksih linggih ing wingking. Dèn bèi asistèn wadana préntah supados Rapingun terus wangsul. Lis ladjeng kaḍeḍet, Hèl mlampah, ngentrag, sontan-santun kalijan matjan nubruk. Tijang-tijang sami tjingak déné Rapingun saged wangsul kanti wiludjeng. Punapa malih sumerep lampahipun Hèl sadjak gumagus. Mangka lampah makaten wau namung tumrap kapal ingkang sampun mbangun turut lan sampun dipun adjari.

Jektosipun mèh sadaja kapal Sandel ingkang wanter manahipun, temtu saged mlampah makaten punika, uger ingkang numpaki prigel anggènipun ngolahaken lisipun, saged andjumbuhaken kalijan panggraitaning kapal.

...............................................................

(Ngulandara)

XIV. TAKSIH SALEBETIPUN PEPETENG

Katjarijos, kala sapengkeripun Radèn Mas Rijanta, Radèn Aju Nataséwaja ladjeng utusan ngupadosi ing salebeting kita ing pundi adat pasabanipun Radèn Mas Rijanta, dipun padosi sadaja pinanggih sepen. Sawenèhing djuru pétang tjarijos, jèn purugipun Raden Mas Rijanta ngalèr ngilèn. Radèn Aju inggih ladjeng njebar tetijang dinawuhan anglatjak purugipun Radèn Mas Rijanta, ananging sedaja sami boten angsal damel. Sareng sampun watawis setengah wulan, Radèn Aju ladjeng ènget dateng mitranipun swargi ingkang raka, ing kang anama Dipati Pramajoga, inggih punika ingkang rama Radèn Adjeng Srini ing Tamansari. Radèn Aju ladjeng utusan animbali mawi kapetuk ing kréta, Dipati Pramajoga sagarwa putra ladjeng sami sowan.

Kala semanten amarengi ing wantji sonten. Radèn Aju Nataséwaja pinarak ing dalem gadri wétan, Dipati Pramajoga sagarwa putranipun sami dateng. Radèn Aju Dipati tuwin putra kekalih terus marak ing ngarsanipun Radèn Aju, sang Dipati lenggah wonten ing pandapi, boten dangu tumunten katimbalan malebet.

Raden Aju Nataséwaja ketingal suka pirenaning galih angatjarani tamunipun. Ing ngriku ladjeng satata lenggah, Raden Adjeng Marsam angadep tjelak Radèn Adjeng Srini tuwin Radèn Adjeng Nèstri, ing ngandap para abdi emban, para njai tuwin abdi pandèrèk. Sesampuning bagja-binagja Radèn Aju Nataséwaja ladjeng angandika:

„Kakang, anané saliramu sakloron dak-aturi mréné kedjaba aku kangen, ija ana preluné setitik.”

Raden Aju Pramajoga sumambung: „Gusti, adalem inggih sanget kangen, watawis dèrèng dangu adalem inggih mentas raosan kalijan pun kakang baḍé sowan mriki. Ananging sareng baḍé mangkat ladjeng boten èstu, amargi pun kakang angot napasipun.”

Kjai Pramajoga punika kagungan sakit napas, ananging saklangkung tjutjut, jèn ngandika nggumudjengaken, ladjeng sumambung kalajan watuk-watuk, tanganipun ingkang kiwa aseduwa, ingkang [ 69 ]tangenngen anjanḍak ketjohan: „Uh, uh, uh, o gusti, adalem punika wau rak pantjèn dèrèng saged sowan. Hem saking punapa: napas tansah ngangsur, mila inggih, hem, hem, uh, uh, uh !”

Ingkang raji nolih ladjeng ngandika: „Hara, pakné ki ngko rak pidjer gowak-gowèk baé.”

Raden Aju sumambung: „Karebèn ta, mbakju, keprijé, hla wong lagi mangsané watuk, dikapakaké ? Apa sliramu kersa ngundjuk pokak ta kakang, karebèn rada anget? Kaé, Sam !”

Radèn Adjeng sampun anggraita, énggal ngengakaken lemari, ladjeng angedalaken plentuk tuwin gelas, nunten lumados, gelas sampun dipun iling, punapa déné wédang tuwin ḍaharan.

Kjai Pramajoga ketingal rahap ladjeng anjanḍak gelas kalijan witjanten „Hla gilo ibuné, iki apa ora presasat kaja prabu Baladéwa, kala arep njirnakaké mungsuh kaḍang ḍéwé ?”

Radèn Aju Nataséwaja ndangu: „Sapa kakang?”

Wangsulanipun: „Anu, Gusti, Sang Arja Wresniwira, punika ta, jèn lampahan alap-alapan Setyaboma. Wah punika inggih mawi ngundjuk.”

Gelas ladjeng kaundjuk, pangandikanipun: „Tobat-tobat ibuné, njamleng pokak iki, boboté lagi entèk sagelas, pangrasaku kok wis kaja sang Kapiwara Anoman, kalané dinuta sang Prabu Rama njang Ngalengka!”

Ingkang garwa amangsuli: „O, nèk kaja Anoman duta isih kenomen pakné !”

Pangandikanipun Kjai Dipati: „Hla apa kaja Prabu Sugriwa utawa Subali kalané mikut mungsuh ing Guwa Kiskenda?”

Wangsulanipun: „O, ija isih kebregasen, pakné!”

Pangandikanipun Kjai Pramajoga: „Hla kaja sapa? Kabèh-kabèh kok durung mèmper.”

Wangsulanipun: „Nèk patuté: kaja Kapi Djembawan.”

Ingkang raka mèsem angandika: „E, hla, kurang adjar kowé kuwi, katik ana bregasé kaja ngéné dipaḍakaké ketèk bangkok baé.”

Radèn Aju Nataséwaja sanget karenan mirengaken anggènipun gegudjengan Kjai Dipati kalijan ingkang garwa, ladjeng ngandika:

„Kuwi Sam, gelasé edjogana manèh! - Mula anu mbakju, nèk suwé ora ketemu ki sok dakarep-arep karo daksemantakaké, kok kakang Dipati ki suwé temen ora réné-réné, awit sing dakkangeni ija nèk tjrita wajang ngono kuwi.”

Radèn Adjeng Sam ngilingi gelas, Radèn Aju tansah ngandika: „Hla, rak ja ngono, mengko uwakmu rak bandjur suluk.”

Kjai Pramajoga ngandika: „O, bendara Adjeng ki ora meningi swargi bijèn. O pijé ta buné, bijèn swargi Kangdjeng Pangéran kuwi ija ngono. Něk aku sowan, diadjak lenggahan ing geḍong panjeratan, ija karo keng garwa iki, manḍak gustimu ki ija karsa ngladèni pijambak. Kangdjeng ngasta gendèr, aku sing suluk. Wah, hla kuwi gubjes nganti ketug wengi, terkaḍang nganti teka bjar ésuk, awit ḍèk semana kraton ija lagi wiwit-wiwité angudi wuwuhing genḍing-genḍing, laguning suluk-suluk, pakem-pakem sarta betjiking jejasan wajang. Mangka [ 70 ]para luhur wis ora ana sing ngungkuli sagedé kaja swargi, tingarah apa sing diasta mesṭi betjik, aku nèk ngrasakaké sok nganti djuḍeg. Eeh, Gusti ki menjang samubarang kok sarwa mumpuni ; déné enggonku kasihan bijèn marga saka, ḍemenku suluk."

 Ingkang garwa njelani : ,,Pagéné kowé saiki wis mari ḍemen suluk ?”

 Wangsulanipun : ,,O, keprijé enggonku isih ḍemen suluk. Hla wong kedjaba swara wis bléro, saiki kabèh mitra-mitraku sing ḍemen wajang wis ora ana. Saikia kaé ija isih ana sidji loro, nanging ora kaja ḍèk isih swargi. Mula bareng swargi ngontjati, pet sepréné mari tukku ḍemen genḍang-genḍingan.”

 Radèn Aju Nataséwaja angandika : ,,Daksawang sliramu kok rada susut, kuwi apa pantjèn mentas gerah, apa ija mung saka watuk baé ?

 Wangsulanipun : ,,Anu Gusti, adalem punika pantjèn gaḍah sakit napas, nanging rekaosipun boten kados samangké, djalaran radi kasok saweg antawisipun setengah wulan punika.”

 Ingkang raji nambungi : ,,Anu kok Gusti, kasok anggénipun mentas tandang grija kabesmèn, tur mèh katjilakan.”

 ,,Katjilakan keprijé, mbakju ?”

 Aturipun : ,,E hla Gusti ki rak durung priksa ! Anu Gusti, adalem punika rak mentas kétjalan anak.”

 ,,O, o, sapa mbakju ḍing ilang ?”

 ,,Inggih pun genḍuk punika !” Mekaten kalijan anolèh ingkang putra. Radèn Adjeng Srini mèsem sarwi tumungkul.” ,,Wah, toblas Gusti, manah kula punika rak ngantos boten kanten-kantenan.”

 ,,Kuwi ḍèk apa ta ?”

 Wangsulanipun : ,,Punika ta Gusti, kala wonten kumiḍi ing alun-alun kabesmèn menika. O, toblas, kados pundi ta Gusti, sareng dilah ngalad-alad, wah, polahing tetijang punika rak ngantos salang tundjang boten kanten-kantenan.”

 Radèn Aju ndangu: ,,Sabandjuré keprijé ?”

 ,,Inggih punika, sareng pun kakang tuwin adalem sampun medal, ing ngriku pun kakang baḍé nulungi tetijang sagedipun énggal medal, pun genḍuk ngganḍuli, nanging ladjeng pisah, amargi kesuk ing tetijang kaṭah, temah ladjeng katilapan. Amung kémawon rahajunipun Gusti, ladjeng wonten ingkang welas, wonten tijang nénéman setunggal anganṭi pijambakipun, ladjeng kabekta medal saking ing alun-alun. Eh tobat, tudjuné kok ora ketjepit-tjepit nguwong !”

 Radèn Aju Nataséwaja ladjeng mèsem ndangu dateng Radèn Adjeng Srini : ,,Ija Sri ?” Radèn Adjeng mèsem kémawon. Radèn Aju ngandika : ,,Saiki saja geḍé kok saja kétok ajuné Srini kuwi ! Embok ija diombé wédangé kuwi ta Sri ! — Kuwi ta mbakju wédang karo ḍaharané disambi, karo tutugna dongèngé Srini. Sam, kaé Sam !”

 ,,Kula."

 ,,Kaé djupukna krokèt ngloḍong ḍuwur médja kaé, uwakmu rak karsa. Keprijé mbakju sapa djaré wong sing nulungi mau ?"

 Radèn Aju Pramajoga ngladjengaken tjarijos : ,,O, tijang boten kantenan kok, Gusti ! Saking tjariosipun pun genḍuk : sareng dumugi ing rumah makan Kreteg-gantung, pun genḍuk ladjeng dipun adjak kèndel sakeḍap. Sareng pun genḍuk mireng slomprèting kréta ingkang [ 71 ]dalem tumpaki langkung ing ngriku, genḍuk ladjeng medal nguwuh manḍheg. Sesampuning kréta manḍeg, genḍuk énggal narantjag, adalem sanget kagèt, margi boten nginten jèn genḍuk, tur ladjeng ngrungkebi klajan nangis.

 Wah, punika kados punapa kémawon tjumeplonging manah kula, idjab rasa kaja dak-untal-untala mana. Ing ngriku ladjeng dalem bekta mantuk."

 Radèn Aju ndangu : „Apa sadjroné bebarengan mau ora takontinakon djeneng lan omahé, Sri?”

 Wangsulanipun Radèn Adjeng kalajan njembah : „Boten.”

 Radèn Aju ndangu : „Sing nemu kowé kuwi wong lanang apa wong wédok, Sri?”

 Aturipun Radèn Adjeng : „Tijang djaler.”

 „Isih enom apa wis tuwa ?”

 „Sampun sepuh.”

 Ingkang ibu sumambung: „Hlo, saiki wis malih tuwa ! Djaré isih enom, bagus mrak-ati !”

 Radèn Adjeng mbekuh ririh : „Ah, sibu ki kok, sing kanḍa isih enom ki sapa?” Sareng Radèn Adjeng matur mekaten sedaja sami gumudjeng, amargi Radèn Adjeng ketingal kekah kawelèhaken ingkang ibu. Radèn Adjeng Srini ladjeng ketingal katjipuhan sarta sanget ing lingsemipun, kalijan matur: „Sampun sepuh Gusti.”

 Radèn Aju mèsem angandika : „Ah, apa ija? Hem, énggané aku dadi djedjaka nemu wong aju kaja Srini ngono, é, bandjur dakgonḍol mulih baé !” Sedaja sami ger-geran gudjengipun, awit kedjawi seneng anggènipun anggegarapi, Radèn Aju seneng angraosaken lelampahanipun Radèn Adjeng Srini, punapa malih resepipun ningali ḍateng warninipun, amargi sasolah bawanipun Radèn Adjeng sarwa pantes aprak-ati, sanadyan sasamining èstri sedaja gaḍah kepéngin ningali warninipun Radèn Adjeng.

 Radèn Aju Nataséwaja ladjeng ngunandika : „Dadi lelakonku ki paḍa karo lelakoné mbakju ! Sliramu rak ija wis mireng warta lungané Rijanta ta, mbakju ?”

 Aturipun : „Késah kados pundi?”

 „I, ngamplah anéja ! Ana wong saomah sasat kepatèn ngéné kok mbakju ki ndadak tambuh.”

 „Hlo kados pundi ta, Gusti ?”

 „Anakmu Rijanta rak wis nembelas dina iki lunga ora pamit.”

 „Sanalika Kjai Dipati sekalijan ndjalenger. Sang Dipati ladjeng matur : „Eluh, dados ndara Mas késah?” Kok anèh ta !”

 Radèn Aju ngendika asemu suntrut : „Mula ja kuwi kakang ! keprijé gèk tukku ora ngenes ngatasé anak mung sidji ṭil, teka téga ninggal wong tuwa. Déné enggonku nggolèki wis ngentèkaké nalar.”

 Kjai Dipati ngantos ndjegreg, ladjeng matur : „Boten ta Gusti, prajogi kasabaraken rumijin, boten-botenipun jèn boten kondur ! Namung kémawon kados pundi bebukanipun, déné putra dalem ngantos mekaten ?”.

 Radèn Aju ngandika : „Sekawit ija sarèhning anakmu kuwi wis diwasa, hla wong saka pétungku anakmu kuwi wis umur selikur mlaku iki, ta kakang, mula saka karepku dakpurih omah-omah, supaja adja [ 72 ]duwé karep embjang-embjangan. Kuwi ora kakang, kedjaba ora manut ing rembugku rina-wengi malah ora tau saba omah. Déné tukku tutur kuwi ija sarana alus, awit botjah wis geḍé. Kuwi ora, manḍak saja ndaluja, gèk keprijé tukku ora pegel! Saka pegeling atiku, bandjur daketog pisan, ora dak-aruh-aruhi, karepku supaja nuli nduwèni kenḍak. Apa ana? Manḍak saja lunga tanpa pamit. Ora liwat kakang, aku njuwun pitulungmu, keprijé anakmu bisané tumuli mulih, aku wis pasrah sliramu."

Aturipun Kjai Dipati : „Inggih Gusti, sasaged-saged inggih kalajan kula esti tumuntena saged pinanggih putra dalem. Namung saking panjuwun kula, mugi panggalih dalem ingkang lega-legawa, sampun sumelang sarta sampun nggalih ingkang boten-boten. Bilih katarimah panuwun kula, bokmenawi boten dangu putra dalem nunten saged pinanggih."

Kala semanten Kjai Dipati Pramajoga sekalijan ladjeng sami pamitan. Sampun rinilan, namung Radèn Adjeng Srini kalijan Radèn Adjeng Nèstri katjandet ing Radèn Aju supados kantun wonten ing ngriku.

(Serat Rijanta)


XV. PRIHATOS


Satunggiling tijang nénéman kados pun Darba, djembar sawanganipun, sampun saged nanding milih, panimbangipun ing samubarang prakawis mawi nalar-nalar ingkang premati, punika pantjènipun sampun kénging dipun etjulaken, kados pundi pamilihipun lampah baḍé gesangipun. Nanging manahipun Darba tansah peteng, dèrèng saged manggih tékad ingkang dipun antepi. Bab punika boten anggumunaken, amargi gesangipun bangsa Djawi nalika samanten wonten ing mangsa baḍé santuning djaman. Gagrag énggal ingkang awewaton pamanahan patitis, manawi kesangeten tjengkahipun kalijan kawontenan lami, inggih ladjeng nama boten laras kalijan djaman. Leres sanget tembungipun serat Kalatida, ingkang mungel: éwuh aja ing pambudi." Pramila ing sabarang pandjangka, Darba remen sanget mintokaken pamanggihipun ḍateng para wadjib, perlunipun ladjeng sageda angsal karampungan ingkang kénging dipun antepi, kados nalika Darba dipun ojak-ojak kapurih rabi, pamanahipun Darba pantjèn taksih tebih sanget, anggènipun damel sabab ugi patitis, sapisan: Anggènipun dèreng gadah pamedal pijambak. Kaping kalih : badanipun pijambak kémawon nama dèrèng kantenan, teka baḍé dipun rangkepi bodjo. Kaping tiga manawi kelampahan émah-émah, mesṭinipun ladjeng gaḍah anak, satunggal, kalih ......... Gèk ladjeng kados pundi, mestinipun ladjeng boten sampurna gesangipun.

Tijang sepuhipun nerangaken, limrahipun kedah makaten, amargi ingatasipun Darba sampun njanḍak umur 22 taun, punika nama kasèp.

Limrahipun, manawi gesang punika namung manut kémawon kalijan ingkang lami, djamanipun nama boten madjeng. Kaṭah-kaṭah [ 73 ]anggènipun mabeni Darba, wekasan telas-telasaning rembag para sepuh anggèning damel sabab : njumelangaken manawi Darba keselak kénging goḍa (rojal).

Darba bingah ing manah, amargi saged sumingkir saking sabab wau, sarana aprasetya temen-temen baḍé boten nglampahi tinḍak ingkang dudu. Tijang sepuhipun inggih narimah, djalaran pantjèn boten wonten titikipun Darba gaḍah tinḍak makaten. Dados karampunganing rembag, bab émah-émah kénging béndjing-béndjing.

Samangké ingkang tansah dados pamanahan, bab baḍé pangupadosipun padamelan. Sampun mesṭi kémawon wontenipun Darba ngantos dumugi ing kaonderan, punika pantjèn wiwit alit dumugi sekolah saha magang, ingkang kadjangka namung anggenipun baḍé dados prijantun. Nanging makaten punika Darba namung katut ombjaking ngakaṭah, liripun anak prijantun limrahipun dados prijantun, mangka nalika pamagangipun Darba angsal tigang taun, sampun kaḍeḍeran raos boten sakétja, saja malih sareng Darba minḍak-minḍak seserapanipun, déning remenipun maos buku-buku saha serat kabar, tetéla bilih kaprijantunan punika inggih satunggaling sarana kémawon kanggé ngupadjiwa, teka dipun anggep mulja pijambak, punika jektosipun dèrèng kantenan. Samukawis menawi wonten sakétjanipun, mesṭi wonten pait getiripun. Wewah-wewah Darba mentas mireng rembagipun Onder saha djuru-djuru serat bab panjepengipun papréntahan, manahipun saja minḍak sempelah, batosipun : Sesawangan makaten kaṭik béḍa temen kalijan kajektosanipun. Wudjudipun njepeng pepréntahan, katingal andjegeḍag dipun adji-adji, kinéringan ing sesami, ingkang nglampahi djebul rumaos prasasat dipun srimpung, ing sabarang tinḍak sarwa pakèwed.

Darba saja tetep kepénginipun njambut damel ingkang mardika, liripun ingkang sakeḍik sangkutanipun kalijan pangageng ; namung kados pundi marginipun, punika ingkang dèrèng angsal wewengan, amila Darba sakelangkung prihatos, sarta tansah njenjuwun ing Gusti-Allah.

Pangintening ngakatah, anggenipun Darba prihatos makaten punika, saking ngadjeng-adjeng tumuntenipun tetep dados djuru serat, boten wonten satunggal-tunggala ingkang sumerep, bilih njatanipun malah nijat nilar kaprijantunan babar pisan.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 


ANAK KALIJAN BIJUNG

Kadang kulawarganipun Darba, ingkang kaṭah sami boten najogjani ḍateng sedyanipun Darba, nanging kedjawi embokipun, tumrapipun Darba boten dados pamanahan, amargi sadaja punika gampil dipun telukaken sarana rembag ingkang patitis. Balik embokipun, manawi rembagipun boten keleresan, saged ugi rumaos kepeḍotan tresna, utawi putung manahipun. Pramila sasampunipun Darba rerembagan kalijan Onderipun, ladjeng kintun serat ḍateng tijang sepuhipun makaten : [ 74 ]Serat saha ingkang pangabekti, mugi katur ing pandjenenganipun bapak ki mas Najapada sakalijan.

Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wijosipun, kula ngaturi uninga, kawontenanipun badan kula wiludjeng, boten kirang satunggal punapa, pamudji kula, bapak sakalijan embok ugi makatena. Wondéné bab anggen kula nglampahi magang dumugi dinten punika sepen ing pawartos, kados pundi kaparengipun nagari kula boten mireng punapa-punapa. Nanging bab punika malah ladjeng boten kula gagas, amargi kula sampun manggih kekentjengan ing manah, baḍé ngupados padamelan sanès.

Mugi bapak sakalijan embok sampun kaget ing galih, sadaja ihtijar kula punika ugi mawi ngèngeti, sarta murih ndadosaken ḍanganing panggalih pandjenengan sakalijan. Amila terangipun, béndjing Sabtu sonten ngadjeng punika kula baḍé mantuk mriki, ngrembag babpunika.

Wasana mugi ndadosna kauningan.

Katur kaping 5 Desember 1902.

Ingkang putra pun

Darba.

Seratipun Darba ing nginggil punika pantjèn kadamel samar, perlunipun namung supados tijang sepuhipun kisénan rumijin, dados samangsa Darba ḍateng, sampuna tata-tata, Saupami sadaja sedyanipun punika dipun pratélakna ing serat, Darba sumelang manawi ndjalari klintu serap. Manawi sampun makaten, amesti tijang sepuh angèl dipun eluk. Para maos baḍé sumerep, kadospundi pangangkah-angkahipun Darba ngrembag bab punika, amurih ḍangan saha leganipun tijang sepuh.

Ing dinten Sabtu sonten, surja sampun boten ketingal, lentéra-lentéra ing margi ageng salebetipun kiṭa Surakarta, wiwit dipun sumedi. Ki Mas Najapada, ingkang èstri saha Darja, waunipun sami djagongan wonten ngadjengan, sareng sampun peteng ladjeng sami mlebet ing grija. Boten antawis dangu kepireng ramé swaranipun keréta langkung, mratandani bilih sepur wekasan saking Ngajogjakarta sampun ḍateng. Najapada njrantosaken ing sawatawis, awit adatipun Darba boten naté nganḍong. Sajektos, ing pakiwan wonten swaranipun tijang-wisuh, sakeḍap malih Darba mlebet ing grija. Sasampunipun tata lenggah bagé-binagèkaken, Darba takèn ḍateng kakangipun.

  1. — „Bakju kok ora mréné mas?"
  2. — „Ora, tekaku mau rada kesusu."
  3. — „Kesusu keprijé ?"
  4. — „Lagi djam lima iki mau olèhku nampani utusané bapak, ditimbali mréné. Takarani ana perluné apa, mulané bakjumu ora takdjak."
  5. — „Tolé wis bisa apa ?"
  6. — „Wis adeg-adeg antep."

Salebetipun makaten, mbok Najapada ngedalaken wédang saha patjitan katata ing médja anḍap, nunten sami ngombé saha matjit. Darba sumerep pasemoning tijang sepuhipun, kados énggal kepéngin [ 75 ]mireng, punapa rembagipun Darba. Pramila Darba inggih ladjeng mbukani, tembangipun ḍateng Darja:

 ,,Nèk kowé krungu, mas, keprijé kabaré Kapatihan ?”

 Darja: ,,Prakara awakmu apa?”

 Darba: ,,Ija.”

 Darja: ,,Kok sepi ora ana kabar apa-apa. Aku wingi keṭemu pak bèi Pradjasusastra, kok ija ora ngandika apa-apa !”

 Darba ḍateng bapakipun: ,,Kadospundi, pak, mangka anggèn kula wonten kaonderan sampun sawatawis wulan.”

 Najapada: ,,Lah kaprijé, upama kowé gawé paturan.”

 Darba: ,,O, boten bapak, manawi makaten kula isin, amargi wonten kula ḍateng kaonderan punika dédé kadjeng kula”. Darba njawang embokipun, wiwit rembagan njanḍak badanipun, polatanipun pantjèn sampun peteng, bokmanawi kisénan seratipun Darba anggénipun ngupados padamelan sanès. Darba ladjeng witjanten alon kanṭi sumèh, tembungipun: ,,Kados pundi embok, saupami kula punika keladjeng boten kagalih ing Paréntah”.

 Mbok Najapada: ,,Mongsok ora digalih, lah nèk kowé rikuh gawé paturan, lah bok ketemu pakmu bèi Pradjasusastra.”

 Darba: ,,É, mangké inggih embok, kula punika baḍé matur upami ḍateng pandjenengan. Anggèn kula baḍé dados djuru serat punika nama dèrèng kantenan. Saupami sapunika wonten ingkang njukani padamelan blandjanipun langkung ..........".

 Dumugi samanten witjantenanipun Darba peḍot dipun selani embokipun. Nalika mbok Najapada mireng tembungipun Darba ...... ,,........ dèrèng kantenan. Saupami ..........“ mripatipun sampun wiwit abrit, sareng witjanten luhipun tjarotjosan, tembungipun: ,,Langkung limalas, salawé, sèket, kowé rak arep dadi tjarik pabrik, ta?”

 Najapada saanakipun sami kagèt, witjantenipun Najapada: ,,Lo, alon ta, embokné, kowé kuwi kok bandjur ngono, rak ija dirungokaké ḍisik kanḍané anakmu kuwi, djenengé dirembug.”

 Darba: ,,O, embok, kula inggih sampun sumerep manawi panggalihan pandjenengan makaten: mila sadaja ihtijar, ingkang kula èngeti kudangan pandjenengan. Tjarijosipun rumijin kadjengipun: kétok”.

 Mbok Najapada: ,,Lah kok arep dadi tjarik pabrik”.

 Darba: ,,Ingkang tjarijos sinten? Kula sasampuna matur, bilih boten. Saupami temena, punapa tijang pabrik punika asoring asor ?"

 Mbok Najapada: ,,Ija ora, nanging mangsa ngungkulana wong dadi prijaji”.

 Darba: ,,Punapanipun ?”

 Mbok Najapada: ,,Kadjèné, lungguhé”.

 Darba: ,,Setatir pabrik, kalijan Asisten résiden punika kok sekétja kémawon”.

 Mbok Najapada: ,,Lah wong Landa".

 Darba: ,,Boten dupèh Walandi mekaten. Punika mesṭi wonten sababipun.”

 Ki mas Najapada pantjèn kaṭah pandjomplangipun ḍateng Darba, mila ladjeng numpangi witjanten: ,,Sababé keprijé? Anu mbokné, [ 76 ]kandané anakmu kuwi rasakna,sarta timbang-timbangen. Nèk pantjèn ora bener, ija pada digondéli Wis Darba tutugna kandamu!"

 Darba : ,,1jobi; saderingipun kula badé matur rumijin bab dados prijatun kalijan boten dados prijatun. Dumugi samangké leres tja- rijosipun embok, boten kados dados prijantun. San ajan ka prijantun punika sami pinter-pinter, apesipun saget Béda kalijan para pandé, sudagar, para tani kang sagedanipun namung mligi tumrap padamelanipun. ai Keh “tansa kasor ing prabawa kalijan ingkang sami dados prijan a : pakan sa- punika katah pamulangan, béndiing wetawis taun malih, sa66 ugi ingkang dados djuru serat. punika upaminipun wedalan. pamu angên angka I, ingkang dados pandé malah wedalan "pamulangan angka 1, ing kadjènipun- mesti gumantung. wonten katahing pamedal; ingkang dados prijantun temtu boten wani lanjak-lanjak dateng ingkang dados pandé.

.............................................................................................................................

 Sadangunipun mifênpaken, mbok Najapada-: tansah suntrut pola- tanipun, witjantenipun alot, tembungipun: ,,Nèk Djawa. apa bisa kaja ngono ? Lah wong sing wis sugih ing Kauman Jan ing Lawijan kuwi pada ngaja-aja tuku kaprijajèn; nganti pirang-pirang- èwu Trupijah; perluné ija mung golèk kadjèn.”

 Darba : Leres dawuh pandjenengan, embok; tumrap djaman punika pantjèn kesinggihan sanget. Kaparenga kula matur; inggih, mbok, ingkang sami kamanah punika badan-kula, kados pundi badé- nipun, tegesipun "kadadosanipun ing béndjing, Béndjing. punika dèrèng kelampah, mila sapunika sami karembag, supados a kambe Loten manah piduwung. Sinten ingkang saged sumerep. sabarang ingkang dèrêng kelampahan, boten wonten, Nanging manusa wadjib manah- manah saha nanding-nanding punapa déné nenjtêni. Pandjenengan mesti pitados, bilih djaman Kartasura punika béda kalian di rakarta, djaman larénan pandjenengan, béd k; Jah djaman Su- nawi makaten, padamelan ingk Waa 2 kalijan larénan kula. Me- kalian Tnilan PAD aman. mbang dipun lampahi bapak, mesti béda kalijan ingkang badé kula lampahi. Nitik nalar- ; i ing tijang badé boten nam ; r-nalar, embok, kadjèn- Bagian A ng saking dados prijantun kémawon.” pareng nggaduh bumi, dadi Pah iku sida kelakon ora ke- pametu, bakal digeguju marang , kiraku mungguhing

 Darba : ,,0, mas Daria, 1 Jalan para sudagar.” Ja, upama para sudagar iku ing saiki pada nduwênana kawruh kasan ija kadjèn, t1 bisa ndunungaké adjining diri, we-

 Anu embok, sinten kadjèn, Punika Pa ngadh, aga kasinungan arta lan arti, inggih mesti para saged, sarta bab punika bin kula, namung nirokaken leh ripun ingkang tijangipun 51 4 sampun tuminda wonten | . I, titèni kémawon, ine b mpun madjeng-madjen “en Ing panggenan Kn irika ah éndjing sinten ingkan, 40", Wangga sami dipun wa Lk Na. kéringan, bkang asinungan arta lan arti,

 Pak Najapada : ,lja, pantiê ; amané :embokné, nèk aku ngadepi para Dim a salin. Lah kaé ta, Sing pada remen matja

76
[ 77 ]lajang kabar. Olèhé ngrasani lan ngadjèni marang sing sesinglon Djaka

Wijadi, kuwi kaja ora menjang sapepadané, ora sumurup nék Djaka Wijadi iku sadjatiné anakmu si Darba."

  Sajektosipun tembungipun Darba katah-katah tumrapipun embok Najapada radi kinggilen, ngantos mbok Najapada ladjeng boten masoh urun rembag, djalaran sakedik mangertosipun. Ewadéné inggih wonten tembung-tembung sawetawis ingkang damel pamarem, wewah-wewah pak Najapada saha Darja sami numpang rembagipun Darba, mila ulatipun mbok Najapada ladjeng radi padang.

  Pak Najapada batosipun ngalem dateng Darba, déné saged rem- bagan ka os mekaten, kur kanti nalar-nalar saha pamanggih ingkang patitis, mila inggih ladjeng mamung pitados, dateng ihtijaripun Darba. Saja bingah malih manahipun, sumerep ingkang èstri radi padang ulatipun, nunten. ngladjengaken rembag, “witjantenipun : ,,Lah saiki kaprijé karepmu ? Kasebut lajangmu kepungkur iki djaré kowé arep golèk pagawéan lija ?”

  Darba ladjeng nerangaken anggènipun tetêpangan kalijan tuwan masinis, saéning panganggep, sarta anggènipun badé. suka pitulungan. Wekasan tembungipun mekaten : ,,Dados anggèn kula badé dateng Semarang punika, nijat kula sinau, déné panjambut damel kula punika malah nama sambèn, pamedalipun kénging “kula anggé wragad anggèn kula sinau wau.”

  Mbok Najapada : ,,Upamané kowé bésuk wis pinter, bandjur arep dadi apa ?”

  Mireng pitakèn punika, Darba kanggeg boten saged mangsuli, awit saupami tjarijos badé dados tukang besi utawi masinis, sumelang manawi embokipun kagèt malih. Dilalah Darja sumerep ing semu, éng- -gal njambeti kanti pangangkah ngétjani embokipun, tembungipun : Gampil, ta, embok, manawi Darba sampun gadah kasagedan. Saupami sampéjan karsakaken kedah dados abdi dalem, ladjeng mlebet dateng Kartipura, utawi Kabupatèn Kalang, mesti mak- bleng kémawon, malah boten susah magang”.

  Mbok Najapada : ,,Lah, kowé ana Semarang kuwi nèk ana suker sakité, gèk kaprijé ?”

  Darba : ,,Prakawis makaten sampun pandjenengan galih sanget- sanget, embok. Anggèn kula gadah kekentjengan medal galêng aa mantja punika sampun mawi sabab warni-warni, sapisan : perlu ngu- Pados kasagedan, Kaping kalih: wonten kula ing Semarang wonten ingkang kula gondèli, inggih punika tuwan masinis. Kaping tiga: pan. Jenengan sakalijan bapak sampun wonten ingkang kaga ig, Punika mas Daria saha mbakju tuwin sanak-sadèrèk sanèsipun. Kalijan malih sapinten tebih- malih djaman sapunika, Sala-Semarang punike sapinten tebih IPun ; manawi wonten perlu semangsa-mangsa, éndjing dang télégram sonten sampun sami saged pepanggihan. Manawi sami tuwi, sadinten sag ulak,”

  Pamanahipun Pak Najapada, rembag punika nama sampun padang , pramila mituruti sedyanipun Darba Jaleah bok wi ngga- Najapada meksa boten saged ketingal bingar, punika mbok sakedik ja Bas anggènipun badé pisah kalijan anak, kanti pangowel sa ,

77

[ 78 ]Darba sampun mèh dados abdi dalem tjarik-onder, baḍé katilar. Pak

Najapada ladjeng akèn tata neḍa, tumunten sami neda, sinambi omong- omongan bab sanès. ...............................................................................


SALEBETIPUN TAUN WALANDI 1903 DUMUGI 1908

Tékadipun Darba nilar kaprijantunan, punika dados gumunaning ngakațah. Nalika samanten ing Surakarta pantjèn dèrèng sapintena kațahipun laré wedalan pamulangan. Dumugi taun 1903 wontenipun pamulangan Djawi namung tiga, inggih punika pamulangan angka 1 satunggal ing Kapatihan, saha pamulangan angka II kalih ing Pasar Kliwon saha Mangkujudan, Pamulangan angka I klasipun gangsal, pa- mulangan angka Il, sekawan, Ing Mangkunagaran kagungan pamu- langan pijambak anama: Siswa. Kedjawi punika ugi wonten pamu- langan partikelir sawetawis, ingkang wulanganipun kénging dipun wastani namung sinau : matja lan nulis, Tetijang Djawi dèrèng ngga- tosaken dateng pamulangan, anggènipun sami njakolahaken anak nama namung tumut grubjug, Nalika badé adegipun pamulangan angka 1 ing Kapatihan kala 1898, Nagari mawi paring wara-wara daterig para abdidalem, suraos paring priksa, bilih badé jasa pamulangan kanggé njaloni para ingkang sami badé dados Narapradja, amila para abdi- dalem kadawuhan, kedah njakolahaken anakipun, apesipun satunggal. Para prijantun sami adjrih, kepeksa ngintunaken: anakipun dateng pamulangan Kapatihan, ingkang wudjudipun limrah kados pamulangan angka I. Para luhur sami nglebetaken putranipun “dateng pamulangan Walandi, nanging sami medot banjon ; ingkang ngantos tamat, ageng- ipun ngladjengaken dateng pamulangan ingkang langkung inggil, pu- nika prasasat boten wonten, Tetembungan : ,,anak prijaji kuwi rak - mesti ija dadi prijaji,” punika nalika djaman samanten lampah sanget, ”— Pantjèn ketingal tjeta sanget garis watesanipun prijantun kalijan ingkang dédé prijantun. Para sudagar, nadjan ketjekapan, sami rikuh linggihan kursên ketingal saking margi, amargi adjrih menèk ingéwan- an ian memba Prijahiun, ;

” Lara abdidalem tedanipun tampi gaduhan siti, dipun paosi dénin bekel. Nalika dadosipun bekel mawi asok bekti, “Nha sia Dri kantun ne, utawi ing karaton wonten kraman, bekelipun katamtokaken mbajar : minangka urun utawi pa- sangon sowan pasamuwan karaton, Déné bekel wau sagedipun ngwon- tenaken arta, sampun mesti kémawon saking urunanipun tijang alit. Ing saben 8rebeg, bekel katemtokaken sowan dateng prijantun Jlelurah- ipun, kanti mbekta kuli sawetawis, perlu ndèrêkaken pasowanan grebeg. Tatengipun mbekta angsal-angsal uwos, djuwadah binuntel ing dja- nur djené, sésamimipun apepikulan, Sawenèhipun prijantun ingkang boten burus manahipun tansah ngudi kalepataning bekel perlunipun manawi saged kakèndelan, ladjeng santun bekel, tampi “bekti malih. Sadaja bab punika mahanani raos, bilih tijang alit punika wonten tekemaning prijantun

78 [ 79 ]  Nalika samanten dèrèng wonten pakempalan-pakempalan kepareng ngadani kamar bolah (soos) nama Abipr£ja, nika taa kénging dados warga namung para abdidalem. Sasrawunganing tijang boten sapintena tebanipun, kempal-kempal manawi wonten damel, ke- sripahan, manton, tetakan sasaminipun, punika ingkang mesti leng- gahipun miturut pangkat. Prijantun sami prijantun, manawi béda asuwitanipun, kedjawi ingkang sanak, boten saged djaruh, upaminipun abdi dalem Kasunanan kalijan prijantun Mangkunagaran, punapa déné punggawa Gupernemen, Sadaja sami rebat unggul. Pakurmat- anipun para alit dateng para luhur taksih sanget, upaminipun wonten kangdjeng Pangéran langkung, tetijang ingkang kepetuk sami ndodok ngapurantjang wonten sapinggiring. margi, dalasan para punggawa Walandi sami remen nganggé pakurmatan Djawi. Satunggiling panga- geng kantor, lenggahipun kursèn, manawi djuru seratipun ngaturaken serat kedah lampah dodok.

......................................................................................

  Petikan ing nginggil punika lowung kanggé antjer-antjer, kados pundi kawontenan saha pamanggihipun tijang nalika djaman gangsal welasan taun kepengker. Tetéla tetijang Djawi ingkang mengertos, gadah nijat ébah. Déné tetijang ingkang remen maos.serat kabar, sam- pun mesti Tindak djémbar seserepanipun, saha sumerep dateng ébah- ing djaman, langkung malih ingkang -sami maos serat kabar Malaju. Serat kabar Malaju ingkang radi sumebar ing Surakarta, kados ta: "Slomprêt Malaju”. wedalan “Semarang, djuru ngarangipun tuwan . Appel. ,,Tamansari” wedalan Batawi, djuru ngarangipun tuwan Wig- gers. Serat kabar ,,Medan Prijaji” wedalan Bandung, djuru ngarang- ipun R.M. Tirtaadisurja. Wonten malih serat kabar minggon wedalan nagari Walandi, dipun pangandjuri tuwan-tuwan Brouson saha Abdul Rifai, namanipun ,,Bintang Hindia”, punika rinengga ing gambar saé |, sanget, Inggih Bintang Hindia punika ingkang ngébahaken sajektos dateng tetijang Djawi, ingriku tukulipun tembung djaman kamadjuan, Kaum muda saha kaum kina. Manahipun tijang Djawi ketarik sami epéngin ngintunaken anakipun sinau dateng nagari “Walandi, malah nalika tanggal kaping 6 Juni 1906, ingkang Sinuhun Kangdjeng Su- suhunan ugi ngangkataken putra tetiga dateng nagari Walandi inggih punika bandara Kangdjeng Pangéran Arja Adiwidjaja, bandara Radèn as Sumèh, saha bandara Radèn Mas Irawan.

  Katjarijos wonten satunggaling prijantun dokter Djawi Ing Jogjakarta, nama Mas Ngabèi Soedirausada, punika sanget aba . nipun amurih madjengipun tijang Djawi, dipun labeti ngedalaken sera abar Djawi-Malaju nama Retna Dumilah. Malah pandjeneng ampun ladjeng lelana mubeng tanah Djawi, manggihi para Bupati saha pa- Ngageng sanèsipun, nggelaraken pemanggih : Saupami iket paijan tun sasaminipun purun urunan sekedik-sekedikipun setangsul sawulan, amesti klempaking arta kénging kanggé ngragadi tijang pinten Pratea asinaokaken dateng nagari Walandi dateng babagan kawru Ak anèn, ,Patukangan, kawruh pangadilan, pamelikan, dagang sapanungg6Ii ian aan Ing tembé tetijang ingkang dipun ragadi wau kadadosaken panuntun-

79

[ 80 ]ipun bangsa Djawi. Manawi sampun kalampahan makaten, kakinten

Tah pan dados panarik kamuljanipun bangsa Djawi.

Nanging ihtijaripun Mas bèi dokter Sudirausa E punika boten gampil tumindakipun, amargi sapisan Sawen Img pangageng malah ndakwa, dokter Sudirausada badé mbibrah tata tentrem. Kaping kalih: ingkang katah tetijang Djawi dèrèng djembar sese- repanipun, bebasan kados kodok kinureban batok, kang-kung, rumaos- ipun ngebaki djagat, boten sumerep manawi langitipun namung saku- rebing batok. Amila ing sawetawis taun Mas bêi dokter wau kèndel boten wonten benèkipun ; teka ladjeng tanpa tilas: boten, tandanipun ladjeng fukul pakempalan : Budiutamá ingkang ngadani kawitan para. murid dokter ing Batawi, Jadjeng para murid-murid pamulangan tjalon prijantun, murid tjalon guru. sasaminipun. Dangu-dangu para sepuh tumut-tumut, kelampahan kala. tanggal kaping 5 Ocktober 1908 ing Ngajogjakarta wonten parepatan ageng (congres), dipun datengi saking pundi-pundi ing satanah Djawi tuwin Madura. Inggih Budiutama pu- nika pakempalan Djawi kawitan, tumrap tetijang tanah Djawi saha Madura sadaja.

Adegipun Budiutama, sakawit gadah epang wolung panggénan, taun tjandakipun wewah dados sangalas; Ewa déné katahipun ingkang lumebet dados warga, manawi katimbang kalijan tjatjah-djiwanipun tanah Djawi, boten-sapintêna, mila dajanipun inggih boten rosa, we-. kasan rembag-rembag ladjeng namung ngerog-erog. Pamaréntah Wa- landi, sarana ngaturaken panuwun saha pamrajogi. Ingkang langkung sanget punika panjuwunipun- dateng babagan pangadjaranipun tetijang siti. Nalika semanten pamulangan ingkang nama kanggé tijang Djawi punika namung : pamulangan dusun, pamulangan angka Il saha ang- ka I, pamulangan tjalon guru, tjalon prijantun saha jala. dokter. tja tjahipun boten sapintena. Kelampahan Nagari ladjeng boten kendat amewahi katahing pamulangan-pamulangan angka I, kawewahan pi- wulang tjara Walandi ladjeng dados H.I.S. dumugi samangké katah sanget warni-warnining pamulangan, saha -mèh sadaja : kenging dipun lebeti laré Djawi. sadaja pamulangan

(Kirti ndjundjung dradjat)

XVI. SANGKAN-PARAN

Ing Wanji dJam sekawan sonten srengéngé sampun suda bentèr- Diran kawi. 1 ap MA tijang sami reresik : njapu latar ngisèni djem- padik KN awi ku ah badé kadamel adus, argi ageng ing Mataram Baal dn aa JJê Aan katah tijang langkung, sekedap-sekedap ke- sarwi ghêkanêkoh, turah A saha, panganggénipun sarwa singset, sarwi abebangkol,tanganipun kiwa njepengi apus, ingkang tengen amandi waos, wangunipun angadjirihi, ing semu kados tijang badé mangsah djurit.Nanging manawi dipun waspaosaken,ingkang wonten putjuking waos wau dédé lelandep, awudjud ubel ubel sindjang ka[ 81 ]wangun saé, inggih punika ingkang nama watang, regenging margi saha raméning kiṭa boten anggumunaken, amargi nalika semanten pinudju dinten Sabtu, para satrija, para sénapati saha para ingkang kalebet golonganing pradjurit, sami watangan wonten ing alun-alun.



Ing alun-alun kaṭah tijang; ingkang sami numpak kapal wau tata djèdjèr wonten satjelaking ringin kurung, sawenèh wonten ingkang mijambak. Ing wingking rantap para santana utawi abdi, ugi sami numpak kapal, pratandanipun satrija utawi pangageng saking mantja nagari, boten dangu kepireng wonten monggang, ingkang Sinuwun Kangdjeng Sunan mijos, ladjeng lenggah wonten ing bangsal pang- rawit.

Tengara kaungelaken, nunten wiwit watangan. Para ingkang numpak kapal anggebrag kapalipun, mider akekalangan, miling-miling ngupados tanding, sareng sampun angsal ladjeng ubeng-ubengan kados sawung èrèk, sarta tansah wawas-winawas, apusing kenḍali katjangkolaken ing bangkol, ladjeng angunḍa-unḍa watang. Tumunten ingkang satunggal angingeraken kapalipun, nradjang anamakaken watang, ingkang kaangkah ḍaḍa. Satunggalipun prajitna, dawahing watang tinangkis sami watang, kumropjak adamel kagèting kapal, sanalika ku- pingipun andjepiping, mripatipun murub, ing semu kados murina, déné bendaranipun kaḍawahan ing dedamel, ambekos kados akèn tumunten amalesa. Ingkang numpaki sabar ing manah, dèrèng nijat males manawi dèrèng patitis ing pamawas. Kados makaten sagolongan-sagolonganipun ingkang sami adjar tanding, watang-winatang awis-awis ingkang saged angéngingi, sadaja sami katingal wegig-wegig, adamel senengipun ingkang sami ningali.

Wonten sawenèhipun satrija anama Radèn Pandji Sumirang, punika namung tansah anjadjakaken sarira, panganggénipun sarwa mom[ 82 ]pjor, alis pinidih, apupuran lamat-lamat, kapalipun asesirig, dèrèng angsal tanḍing. Tijang katah kepéngin baḍé sumerep, dumugi tempuking damel, punapa punika inggih mitajani.

Katjarijos, wiwit ing gladag tetijang sami pijak sumingkir tebih, amargi wonten kapal mbanḍang, ingkang numpaki djedjaka ugi badé tumut watangan. Sanadjan kapal wau ambandang sarosanipun kabekta saking bigar saha mempengipun badé lumebet ing pabarisan, ingkang numpaki ketingal ajem. Pantjèn wudjudipun sembada, badanipun kasasaban kotang, namung baunipun ingkang ketingal, kentjeng akijeng, mratanḍani manawi rosa, mripat agilar-gilar minangka tandaning kendel sarta teranging budi, soroting polatan dados gambaripun manah saé.

Dumugi pabarisan kapal taksih ambandang lumebet ing kalangan, boten kénging kapekak, malah ladjeng badé nradjang ing pagelaran. Sang djaka wiwit sumelang ing manah, boten sandé adamel kagètipun Sang Prabu, mila ladjeng angetog kasudiran, kapal piniting ing wentis kekalih, sanalika kapal manḍeg greg, badanipun gumeter, ladjeng kénging kaingeraken, lumampah lonlonan. Sadaja tijang sami tjingak aningali. Ingkang Sinuwun Kangdjeng Sunan andangu: „Iku botjaḥ ngendi, lan sapa arané ?” Wonten sawenèhing bupati matur: „Punika Radèn Sangkan, anakipun Tumenggung Gadjah alit”.

Radèn Sangkan sumedya damel bingahipun para ingkang sami ningali. Sareng kapalipun sampun aring napasipun, énggal kineteg. Saweg badé lumadjeng ladjeng dipun pekak, kapal ngadeg anglumba, suku nggebrag, ladjeng malumpat, suku wingking njépak, mekaten ngantos adamel mirisipun ingkang sami ningali, kuwatos mbok bilih ingkang numpak ḍawah. Nanging Sang Djaka kraket kalijan gigiring kapal, mratanḍani bilih ahli numpak kapal, boten ambruk jèn boten sareng kalijan tumpakanipun. Radèn Sangkan angenḍoni apus, sanalika kapal rumaos dipun udja, ladjeng njander lumadjeng angubengi kalangan, pladjengipun sakalangkung banter. Ing nalika punika Pandji Sumirang saweg kèndel wonten ing pinggir, kesliring pladjengipun Sangkan, Radèn Pandji nepsu; wiwit kala wau pantjèn sampun éwa ing salebeting batos, mila ladjeng nututi sumedya ngajoni, kapal kasanderaken. Sangkan sumerep, sareng mèh ketututan, kapal ingkang saweg ambandang kapekak mandeg greg, Radèn Pandji keplantrang. Sareng méngo, mengsahipun katingal wangsul sampun tebih. Ramé surakipun ingkang ningali.

Pandji Sumirang saja bentèr ing manah, ladjeng ngantjak anamakaken watang. Sangkan anangkis, kalijan ajem kémawon. Kawatang malih katangkis sami watang. Wongsal-wangsul pamatangipun Radèn Pandji, nanging boten ngéngingi. Radèn Sangkan sumedya males, kapal kasanderaken sakelangkung gambira, mripatipun sumorot, naradjang sumijut pladjengipun, suri arémbjak-rémbjak anggegirisi. Pandji Sumimiris amiré-miré, sareng sampun tjelak kapalipun milar. Pandji Sumirang ḍawah kados kababitaken. Suraking tijang ningali kados ampuhan, sinarengan djengkaripun Sang Prabu kondur ngeḍaton. Abdinipun Radèn Pandji kumrubut ḍateng, nulungi bendaranipun, Radèn [ 83 ]Sangkan inggih tumunten anggendjrit mantuk, sumelang manawi kados déné bebasan: gegujon dadi tangisan.

 Wantji djam pitu sonten dalemipun Radèn Tumenggung Gadjah Alit sampun sinumedan dilah akentjar-kentjar, Kjai Bupati lenggah ing panḍapi, kaadep para santana dalah abdinipun. Pun Matram, abdi kekasih matur, njarijosaken watangan sonten punika wau, Radèn Sangkan dados gumunan, malah Sang Prabu ngantos ndangu. Tumenggung Gadjah alit sanget lega ing galih, ndangu punapa putranipun dèrèng ḍateng? Matram mangsuli sampun, saweg wédangan wonten ing tengganipun. Boten dangu Radèn Sangkan inggih ladjeng ngaḍep, pasemonipun adjeg, kados mentas boten wonten lelampahan punapa-punapa.

 Sareng sampun ing saantawis, Kjai Tumenggung ngandika: „Tolé, Sangkan, kaja-kaja wis tjukup anggonmu marsudi kasantikan lan kawidjajan; iki mau wartané Kangdjeng Sunan andangokaké kowé, ora suwé mesti kowé kaabdèkaké. Nanging karepku: adja ḍisik, tolé! Sumurupa, kabèh sing koparsudi iku lagi ngèlmu lair, mungguh ing kabatinan durung sapiraa kawruhmu, mulané pamikirku, iku udinen ḍisik supaja kowé mangertia apa karepé ngaurip, bisaa kadunungan alusing bebudèn, ngèmperi sipating Pangéran, maha welas lan maha asih, wekasan kowé bakal ora kéwran marang patrap agal alus, ing kono kowé lagi tetep kamanungsanmu”.

 „Nuwun Rama, kaluhuran sanget dawuhipun rama, pantjèn kula pijambak rumaos taksih tlonḍo. Anggèn kula marsudi dateng kasanto-saning badan, pangèstunipun rama kula saged langkung saking kantja-kantja barakan kula, ngantos kula saged ngeluk tosan gligèn, ingkang mestinipun kedah dipun tandangi tijang langkung saking sedasa. Nanging menawi pinudju mekaten, manah kula ladjeng asring kesupèn, njepèlèkaken dateng sesami, gaḍah patrap ingkang angéwak-éwakaken. Sampuna kula kerep tampi paring pepèngetipun rama, amesti kula keladjeng dados tijang remen gegendungan, remen kibir lan tekabur”.

 „Ija mengkono, ṭolé. Satemené akèh wong sing ora ngélingi, jèn kawula iku asipat lali lan apes.”

 „Samangké saking pundi saged kula kadunungan luhuring budi, miwah sutji ing manah, boten sanès kedjawi namung andjagèkaken paring piwulangipun rama. Rinten dalu boten sah anggèn kula anjenjadong lumunturing sihipun rama.”

 „Ora mangkono, ṭolé, wong tuwa kaja aku mono mung awèh wewengan lan tuduh dalan, awit anak-anakku dakkudang pada duwéa kaluwihan ngungkuli aku. Aku duwé prasanakan, manggon ing dukuh Madjalima, kaprenah ana sikiling gunung Merapi kang sisih wétan, iku wis mungkur marang kadonjan, banget anggoné ngabekti marang Pangéran, patut dadi pandam pangajomané para nonoman, Karo déně manèh, ṭolé, ngèlmu iku panggajuhé kudu sarana laku, liré: ora gampang manungsa bisa nampani kawruh pangulahing budi, manawa ora nglakoni angeningaké tjipta. Udjaring wong witjaksana: witing katarima iku saka paneda, tumaneming paneda saka hening, dadining tyas hening saka heneng, bisané humeneng saka ngasepi. Mulané jèn dadi karepmu, kowé bakal dakpasrahaké marang saduluranku mau. [ 84 ]Ana ing pratapan lereba ing sawetara mangsa, supaja bisaa wening tjiptamu.”

 Radèn Sangkan ing sawetawis kèndel kémawon, ing batos sanget keraos-raos ing manah, semanten katresnanipun ingkang rama, namung tansah amurih kasaénaning putra, wekasan matur sandika sarta samangsa-mangsa kadawuhan, éndjing utawi sonten tumunten baḍé pangkat.

 Gampiling tjarijos, ing satunggiling dinten Kjai Tumenggung dawuh tata-tata, tijang wolu ingkang ambekta angsal-angsal kaḍawuhan biḍal rumijin, Radèn Sangkan baḍé nututi.


PARAN

 Ing èrèng-èrèngipun redi Merapi ingkang sisih wétan wonten dukuh nama Madjalima, sakelangkung asri kawurjan. Ing salèripun wonten punṭuk alit, tanemanipun kaṭah, dados pasabanipun peksi-peksi, sami mungel pating tjaruwèt, amewahi asrinipun paḍekahan.

 Ing sisih kilèn wonten lèpènipun ageng andjurang, sawétaning dukuh tjaket wonten tuk, tojanipun sakelangkung bening, ilinipun kumritjik mangidul sakedik ladjeng anggubed mangilèn andjog ing lèpèn. Ing dukuh wau wonten grijanipun ageng satunggal, langgaripun munggul, ingkang manggèn ing ngriku satunggaling prijantun sampun sepuh, kala rumijin dados punggawaning pradja Mataram, saha katah lelabetanipun. Wiwit sasédanipun Kangdjeng Sultan Agung, ladjeng magawan, tansah angabekti ing Pangeran, sinambi amulang ngèlmu bab agami Islam. Kaṭah murid-muridipun lurugan saking mantja nagari; para murid wau ing wantji sonten sami wined jang ngèlmu, sijangipun pinardi anggarap sabin, warni-warni tanemanipun, mila ḍukuh Madjalima saja lami saja mindak redja.

 Ing wantji ngadjengaken tengangé, ketingal wonten djedjaka medal saking grija, kauntapaken ing tijang sepuh, inggih punika kjai guru. Dumugi ing ngadjeng régol manḍeg gineman ngantos dangu, tembungipun kjai guru :

 „Kulup, Paran, aku saiki walèh ing kowé, amarga kiraku ija iki wekasané anggonku ketemu karo kowé. Sumurupa kulup, kakèkmu si Karanglo bijèn olèh djandji saka Kjai Ageng Pamanahan, nalika mangkat arep nampani alas Mataram, kakèkmu ketrima anggoné njuguh petjel pitik, dawuhé Kjai Ageng Pamanahan marang kakèkmu :„Saturun-turunmu bisaa tjeḍak karo turunku.” Mulané utjulmu saka aku iki, kena diarani wis mangsané kowé nagih djandji mau. Nanging diprajitna kulup, sadurungé katutugan sedyamu, kowé bakal kena tjoba geḍé, ing Mataram bakal ana dahuru, digeḍé bektimu marang Pangéran, supaja tansah pinaringan éling; iku kang bakal anuntun kowé marangkarahajon. Wis kulup énggal mangkata!”

 Lepas lampahipun ki djaka, samargi-margi tansah kagagas-gagas ing manah, tembungipun kjai guru ing Madjalima wekasan punika malah adamel koḍeng ing dalem batos. Nijatipun sekawit pantjèn ladjeng baḍé dateng Mataram, ngupados pasuwitan, nanging samangké pakèwed; awit menawi pantjèn badanipun tinakdir sampun dumugi [ 85 ]ing mangsa tjinelakaken ing ratu, perlu punapa déné mawi njengèl- njengèl pados pasuwitan supados ketingala. Punapa déné malih menawi angèngeti badanipun pijambak, boten kekirangan anggènipun ulah kapradjuritan saha saliring kawignjan, amila siripun sapunika: baḍé damel lelabetan ingkang melok, supados ladjeng katarik dados pung- gawaning pradja. Nanging punapa ingkang minangka srana. Punika ingkang dados petenging manahipun ki djaka.

Srengéngé sampun ndjomplang mangilèn, bentèripun sanget, djaka Paran kèndel ngaub wonten sangandaping wit kesambi, ngiras angeningaken gagasan. Ladjeng wonten pikiran nḍatengi: kénging punapata déné ngagesang keraja-raja kedah suwita ing ratu, punapa boten wonten panggesangan ingkang langkung sekétja, upaminipun dado sudagar, pijambakipun ha rak inggih mangertos. Punapa malih menawi purun tumut adagang lajar ḍateng sabrang, upaminipun ḍateng Bandjarmasin, Makasar, saged ugi ing béndjing dados nangkoda."

Kados mekaten pikiranipun djedjaka mentas saking puruhitan, molak-malik dèrèng saged gumatok. Wasana Paran angèngeti sedyanipun sekawit saha piwelingipun tijang sepuh, inggih punika badé suwita ing ratu, punika ingkang kedah badé dipun temeni. Menawi boten mekaten pijambakipun tetep nama tijang boten santosa ing budi. Nanging ingkang baḍé kanggé djalaran punika punapa? Paran ladjeng ngadeg njat angladjengaken lampah, ing pangangkah badé pados sasmitaning Pangéran, mila wiwit punika anglampahi ambisu sarta ngampet hawa nepsu. Swaraning peksi ing wana boten kamirengaken,tetingalan ingkang adi aèng boten karaosaken, namung tansah tumungkul aningali margi, kepéngin neḍa saha ngombé: kaampet.

Srengéngé sampun mèh tumpak redi, lampahipun Paran ngambah wana tarataban, dumadakan nalika punika wonten sabawa ingkang boten kados adat saben, rengeng-rengenging pawèstri sinenggakan tijang djaler pating gelembor pating braok, inggih punika tijang baḍé ambarang djanggrungan ḍateng padusunan., Tlèḍèkipun setunggal,ingkang mikul gamelan tiga ingkang lumampah ngalenṭang kalih,semunipun pangendang saha lurahipun.

Sareng pun tlèḍèk sumerep djaka Paran, saking katebihan sampun mungel: Wé lah, ana satrija liwat". Kantjanipun njambeti: ,,Hé,hé manḍeg satrija, manḍeg!"

Paran sumerep, ladjeng njimpang sumedya njingkiri, nanging pun tlèḍek énggal mladjengi sarta ngaḍangi ngadjengipun, nglilingliling kados prabu Mènakdjingga, witjantenipun tjara menawi pinudju ngringgit :

,,Tédja-tédja sulaksana, tédjané wong anjar katon, wingking pundi kang pinangka, ngadjeng pundi kang sinedya ?"

Paran rumaos amanggih goḍa anggènipun pinudju nglampahi, mila kèndel kemawon, sarta tansah ambudi sagedipun angladjengaken lampah, nanging baunipun kalih pisan dipun tjepengi tlèḍèk, malah mawi katjuwol pipinipun, tijang djaler sanèsipun ladjeng sami angrubung. Pantjèn makaten watakipun tijang asor ing budi, samangsa dipun kawoni utawi rumaos menang sekeḍik, anggènipun patrap njawijah saja mempeng.


85

[ 86 ]Lurahipun ingkang nama Titang pitakèn: ,,Mas, pundi dalané

teng Surawana ?" Paran gadah tjipta prajogi suka sumerep kanti sas- mita, mila tanganipun ladjeng kumlawé, nudingi prenahipun dusun Surawana! Lugunipun Ṭiṭang sakantjanipun namung pados dadakan- ing paben, amargi sumerep bilih Paran angempit duwung saé, punika dipun méliki, mila ladjeng witjanten malih kalijan briga-brigi:

,,Déné iki ija ngreti marang tjaturaning wong, katik nganggo meneng baé, apa pantjèn aku iki dudu uwong. Sumingkira kantja, dak- tandangané, jèn daktjuwik nganggo kerisku iki ora sambat, ija pantjèn bisu".

Paran taksih dipun rubung ing tijang gangsal, nenem tlèdèk, saupami anglawana, mesti kepeksa ngedalaken nepsu, dados badé batal anggènipun nglampahi, mila nijat baḍé lumadjeng, sarana mijak te- tijang ingkang ngrubung awakipun. Ingkang wonten ngadjeng Titang saha pangendang, kaduwa déning djaka Paran sami dawah pating karéngkang nanging Paran saweg badé lumadjeng, tijang ingkang wonten wingking mențung gares srana pikulan. Paran ḍawah, énggal dipun tubruk déning pangendang, kalumahaken sarta dipun tumpaki wetengipun. Ṭiṭang ngadeg malang kerik angidak rainipun Paran ka- lijan sesumbar kemruwuk.

Paran ngeres ing manah, boten nginten jèn ngantos semanten ke- dadosanipun, wekasan merem pasrah dateng Pangéran.

Nalika punika wonten djedjaka dateng numpak kapal, kairing- aken réntjang setunggal, inggih punika Sangkan kalijan Matram. Sangkan pitakèn: ,,Niki napa kantja?"

Para pandjak sami ngawasaken Sangkan, boten dangu Titang mangsuli dora tjara, tembungipun: ,,Wong nonoman niki banget eng- goné niawijah teng kula. Kalih déné malih tlèdèk diadjak ambarang golèk duwit, siré adjeng dibekta."

,,Lah enggih, nanging niku dédé patrap, rai teka dika idaki !" ,,Dika mélu-mélu napa, lah wong siré adjeng wani teng kula!" ,,Enggih ta, dika pilara enggih dika pilara, nanging ampun me- katen!"

Anggènipun witianten mekaten punika Sangkan kalijan mandap saking kapal, amargi kaselak boten tahan ningali patrap sawenang- wenang kados mekaten, kapalipun kapurih njepengi Matram, ladjeng murugi Ṭiṭtang.

..Eloh, sampéian adjeng ngréwangi! Awas kantja !" Pandjak ingkang tiga sami ngangkat pikulan sumedya tumandang, Sangkan mandeg, manteleng sarwi mingkis rasukanipun, ladjeng aba ingkang sakelangkung damel girising mangsah ,,Mandeg, jèn wani madju sapetjak, sida petjah endasmu".

Tijang tetiga wau inggih tanpa ébah sajektos, awit sanget adjrih- ipun, kados sumerep simo gémbong anggemprong badé nubruk. Sangkan djumangkah, tanganipun njandak guloning pangendang ing gitok, ta- nganipun kiwa ngrangsang Ṭiṭang kénging gulon leres ing tenggak. Titang kasendal, pangendang ingkang numpaki Paran katarik, pating karontjal. Ṭiṭang njongkoli bau saha badanipun Sangkan, nanging malah kraos sakit pijambak, amargi badanipun Sangkan atos kados

86 [ 87 ]tosan, ladjeng badé narik ḍuwung. Sangkan mulat ladjeng santun njepeng kala mendjing. Titang pandelikan, boten saèstu saged narik ḍuwung, Matram gumudjeng kekel, witjantenipun: ,,O lah wong ben- dara kula teka dimungsuh, tau taté njekel gadjah ngamuk!"

Paran ladjeng tangi lon-lonan, inggih taksih tansah pakèwed ing manah, witjanten punapa boten, wusana ladjeng menḍak minangka pratanḍa panarimah dateng Sangkan, tumunten késah ngladjengaken lampah mangidul. Ṭiṭang sakantjanipun sami matur kapok ḍateng Sangkan, sarta inggih sampun kautjulaken. Sangkan murugi kapalipun kalijan njawang lampahipun Paran, gèḍèg-gèḍèg ladjeng mèsem. Sa- reng sampun njèngklak kapal, nunten angladjengaken lampah manga- lèr ḍateng Madjalima.

Mitra Darma

XVII. RANDA DJULIG

Ing nagara Purwakanḍa ana sudagar geḍé, djenengé kjai Guna- witjara, komuk kasugihané, betjik atiné, ḍemen wèwèh menjang wong mlarat, dialem ing wong akèh. Kjai sudagar mau nudju lara panastis, turu ana ngambèn, ditunggoni bodjoné linggih ing ngisor.

Kjai sudagar tjalatu: ,,Mbokné ṭolé, laraku kiji ajaké ora bisa waras, atiku wis krasa arep mati, dibetjik 'saungkurku."

Njai sudagar bareng dituturi sing lanang mengkono banget ka- gèté, bandjur nangis senggruk-senggruk, tjalatuné mengkéné: ,,Gèk kaprijé, bapakné ṭolé, nèk aku kotinggal, wis ora ngemong anak, kowé ora ana, angur aku andisikana."

,,Wong dituturi kok nangis, lara pati kuwi rak ora kena didjaluk, kabèh-kabèh wus karsa Allah, menenga ta, rungokna kanḍaku. Jèn aku sida mati, kowé sing ati-ati, adja kaja botjah, sing gemi, sing se- titi, lan adja ngebrèh. Adja dumèh akèh tinggalanku, kajata: Omah telu geḍé-geḍé, barang mas inten sapirang-pirang, duwit ija akèh, saput prantining omah wis pepak kabèh, malah nganti turah pating kledèr, kabèh mau bisa sirna ing dalem saedjam. Kajata: kemalingan, kaapus-apusan, utawa kobongan, kuwi jèn panggarapmu ora pinter. Nanging jèn pinter, malah wuwuh-wuwuh mangsa entèka, mulané di- éling wekasku mau, Awit aboting abot kuwi ora kaja wong mlarat, sèwu lara sèwu susah nglumpuk dadi sidji, utang selang menjang sanak sadulur utawa tangga teparo ora diendel, malah sandjan baé disigèni, jèn ana wong kélang-kélangan ditarka ing batin, kodjuré bandjur ditjog-gemol baé; sédjé karo wong sugih, nglakonana pang- gawé ala ija kalis ing tarka. Mulané adja nganti kowé wani-wani sem- brana nglirwakaké wekasku mau, awit jèn wis kebatjut, angèl tutut- tututané!"

Kjai Sudagar sawisé memekas mengkono, bandjur mati. Njai su- dagar banget susahé, kaja karubuhan gunung, kontrang-kontring po- lahé kambi nangis anggrijeng, tangga teparo, sanak saduluré lan ka- dang karuhé sadjroning nagara paḍa teka nglajad, para kadji rahab

87

[ 88 ]pada njalataké, sawisé dibresihi, bandjur dilebokaké ing tabela, ka-

rengga ing djarit sutra putih semuwa banget; angkating lajon diiring ing wong akèh, nganti tekan ing makam pisan, bandjur dikubur, gawé ngeresé atiné sing paḍa nungkuli.

Saiki sing kotjap ganti njai sudagar, sapatiné sing lanang ora bisa tentrem atiné, mari laku dagang, njambut gawé lijané ija ora, kasengsem matja lajang-lajang piwulang anggitané para bisa, lan an- deres kuran tuwin kitab-kitab tetinggalané sing lanang, awit mung kuwi sing bisa nglalèkaké prihatiné. Saja akèh wewatjané saja djembar ka- élingané, osiking atiné mengkéné: Sabeneré manungsa iku ora ana geḍé, ora ana tjilik; ora ana lanang ora ana wadon, anggeré kalah pinter, ija diparéntah lan kena dipèk amalé. Nanging lumrahé wong iku sutik kalah, kajata: wong lanang sutik kalah karo wong wadon, ora duwé kapinteran, ija golèk ḍaḍakan lija. Wong tuwa sutik kalah pinter, ija diparéntah lan kena dipèk amalé. Nanging lumrahé wong geḍé banget lumuhé kalah karo wong tjilik, oraa duwé kapinteran ija ngaku luwih.

Njai Gunawitjara arep njatakaké panemuné mau, gawé lajang uniné kaja sing wis dikandakaké mau, dipasang ana tebeng lawang ing djaba, supaja disurupana ing wong akèh. Sawisé kelakon meng- kono saben ana wong liwat, lèrèn angunèkaké, lan éram menjang njai Gunawitjara, déné wong duwé panemu mengkono.

Kotjapa ana sudagar sugih, djenengé kjai Surawatjana, lunga- njlamur tanpa réwang, panganggoné sarwa luwas, njangking teken wuluh gading nganggo suh, ing djero diisèni duwit dinar karo wang kretas, kèhé saleksa rupijah, arep golèk dagangan mas inten; déné olèhé manganggo sarwa luwas mau, pamrihé diinaa ing wong. Sabab adaté wong kuwi, nèk ana wong menganggo ora mingsra, ora diadjèni, jèn takon dagangan sing akèh regané, ora disauri, nèk djuwet di- sentak lan ditjlatoni mengkéné: ,,Wong dapurmu mengkono baé kok takon barang sing akèh regané. Kuwi arep kokapakaké, dé arep kokutil. Mara enjoh barang kiji rega satus rupijah, duwitana sèket baé aku awèh. Nanging nèk mengko kowé ora djégos anduwiti, bandjur tak- gitiki pisan, lan bandjur takaturaké njang Préntah. Sabab kowé njata wong arep ngutil, réka-réka arep tuku barang, temené ora."

Kang mengkono mau mèh saben wong duwé pambekan mengkono, sanadyan bakul utawa prombèng ija sok ngina wong. Dadi pangarahé kjai Surawatjana mau mung diinaa ing wong. Kjai Surawatjana bareng tutug ing panggonané wong rubung- rubung, lèrèn karo takon mengkéné: ,,Sing paḍa dika rubung niku napa ?"

Wong sing ditakoni mangsuli: ,,Nonton tulisan duwur niku napa, daweg ta, dika milu ngunèkaké, ngriki sing rada tjeḍak !" ,,Enggih, tjoba mengké kula milu ngunèkaké, nèk onten unèn- unèné sing betjik."

Kjai Surawatjana bareng matja tulisan kuwi, banget ing pamu- ring-muringé, kalalèn olèhé laku njlamur, kélingan tau diadjèni ing wong akèh saka kasugihané, wusana ana wong wadon duwé panemu angrèmèhaké menjang wong lanang. Bandjur takon manèh menjang

88 [ 89 ]wong sing ana kono mau ora basa, tembungé mengkéné: ,,Sapa, é, sing duwé pokal gawé tulisan kuwi ?" Wong sing ditakoni mangsuli: ,,Duga kula enggih sing duwé omah". ,,Djenengé sapa, lungguhé apa ?" ,,Djenengé njai Gunawitjara, karan njai ranḍa sugih, tilas bo- djoné kjai Gunawitjara sing empun adjal"." 99 ,,Dubilah sétan, déné kuwi kok dudu ndara, utawa prijaji, mung djamak manungsa kaja aku baé, kok tjatjah-tjutjah menjang wong lanang.'

Kjai Surawatjana sumedya nemoni menjang sing duwé omah njai ranḍa sugih, arep dikrawus, bandjur mlebu nglatar, tjeluk-tjeluk, tjalaṭuné mengkéné: ,,Endi sing duwé omah kiji? Njai, njai, dika metu sadéla mawon, adjeng kula takoni sing gawé lajang niku, nèk boten wong owah pikiré, mangsa duwéa pokal mekoten, muni sage- lem-gelemé!"

Njai ranḍa dèk samana lagi ambeneri ana ing gandok, linggih ing klasa pasir ana ngambèn, nunggoni baturé sing paḍa olah-olah. Krungu ing lataré ana wong tjeluk-tjeluk, nganggo ngudjar-udjari ala bab unining lajang sing dipasang ing lawangé, osiking atiné mengkéné: ,,Wong tjeluk-tjeluk karo nesu kaé, ajaké dudu wong sembarangan, utawa wong bodo, amesti wong pinter, tandané bisa ngerti uniné lajang kaé, nanging brangasan, betjik taktemonané sadéla, apa sing dikarepaké, utawa betjik taktembungané alus".

Njai ranḍa nuli metu mapagaké kjai Surawatjana; bareng ka- temu bandjur mendak, sumèh ulaté, andap-asor solahé, lan memelas tembungé, tjalaṭuné mengkéné: ,,Kula nuwun, anggèr bendara, kula njuwun pangapunten ingkang ageng, kalilana kula gadah atur ing sampéjan, njuwun pitakèn punapa ingkang dados kalepatan kula, déné sampéjan ngantos duka ingkang sakalangkung sanget, kula mugi ka- paringana sumerep".

,,Kena apa dika gawé lajang muni sagelem-gelemé, dika lumrahaké onten ing lêlurung, niku boten bener banget. Tjoba kula mawon sing ngajoni njatakaké kapinteran dika boten susah wong luwih, ang- geré kula empun kalah, dika enggih njata pinter temenan, lan bakal kula guroni".

,,O, dados duka sampéjan wau djalaran saking ungelipun serat ingkang kapasang wonten ing konten? Leres anggèn sampéjan duka, mangké kula matur ingkang terang. Sumangga ta, kula aturi malebet ing grija rumijin, tingal kula sampéjan kados mentas tindakan tebih, prajogi ngaso sawetawis, sedeng sampun éjup, kondur. Ngangkah pu- napa malebet sudung kula, palenggahan awon-awon sampun kula sedi- jani, pawidjikan toja ing djembangan sampun kebak, pinten banggi karsa angentosi sesegah kula, sawerni-werninipun rak sampun mirantos, Sukur bagé sèwu sampéjan karsa ngaken tijang sepuh dateng kula, ranḍa tur miskin".

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjalaṭuné njai ranḍa kaja mengkono mau, sanalika ilang nepsuné, lan éram menjang njai ranḍa bisané nampani ḍajoh, ganep tatakramané, sumèh ulaté, kasembadan betjiking omah sarerenggané.


89

[ 90 ] Tjalaṭuné mengkéné: ,,Wau kula mentas ngunèkaké lajang dika, rasaning ati kula bandjur muring-muring mawon, boten saranta kula malebu ing latar, ngundang-undang si bibi tjipta kula: “Anggeré si bibi kétok, bandjur kula krawus, wusana boten mekoten, nesu kula ilang kabèh awit patrapé si bibi: betjik; boten luwih mung maklumé si bibi mawon sing kula djaluk. Sing empun enggih empun, sing buri mawon ditutugaké betjiké, mung lajang dika mawon bandjur dika buwang, lan kepripun nalaré, déné si bibi duwé panemu mekoten ?"

 ,,Sampun anggalih ingkang kaṭah-kaṭah, rak sèwu mokal bilih tijang èstri angawonaken tijang djaler, pandugi kula laré-laré awon nganggur ingkang damel serat wau, kula ingkang rumaos kalepatan, mangké sakeḍap kula butjalipun. Sumangga ta, malebet ing grija rumijin”.

 ,,Gumrining temen omahé si bibi, rerenggané adi-adi, ḍasar bisa sing nata”.

 ,,Brekah sampéjan anggèr, kula saged mekaten, sadaja punika tilaranipun paman djengandika. Mbok lukar agem-ageman rumijin ta, nggèr, saha ladjeng siram ing djamban”.

 ,,Inggih, bibi, awak kula ḍasar prungsang, kadjengé rada ajem seṭiṭik, djambané gik pundi, bibi ?”

 ,,Ing wingking, nggèr. Gaṭul !”

 ,,Kula”.

 ,,Ḍèrèkna ndaramu menjang pakiwan”.

 Kjai Surawatjana: ,,Ajo, lé, tuduhna !”

 ,,Mangga”.

 Njai Gunawitjara: ,,Konjil !”

 ,,Kula”.

 ,,Nèk wis rampung lèhé olah-olah si Rasakarja, nuli tataa mangan, ḍépokan baé; nèk wis, paturon djrambah kuwé tebahana”.

 ,,Enggih”.

 Kjai Surawatjana: ,,Bibi, lèh kula adus nganti aras-arasen, empun banjuné lubèr kimplah-kimplah, wah anjep, ḍasar djambané bregas angresepaké”.

 “Inggih, nggèr, ragi dipun prelokaken resikipun, amargi djamban punika panggènan rereged, menawi damel djindjanipun ingkang siram. Sumangga, nggèr, kula aturi ḍahar sawontenipun”.

 ,,Enggih, bibi, engga bareng mawon”.

 ,,Bok mangké kémawon ta, nggèr, kula neḍa lorodan kalijan laré-laré".

 ,,Boten, bibi, bareng mawon, kadjengé énak lèh kula mangan”.

 ,,Enggih sumangga kula ḍèrèkaken. Punika rékanipun kados semur, sumangga kaḍahar".

 ,,Enak bibi, semuré, kabeneran bumbuné”.

 ,,Inggih kados saweg nudju, awit abdi sampéjan ingkang olah-olah pantjènipun dèrèng patos saged angabeni bumbu olah-olah ingkang seḍengan. Punika nggèr, oporipun kambangan kaḍahar”.

 ,,Enggih, bibi, tjoba kula itjipané bumbuné mawon, iwaké kula boten pati dojan, apeké tesih krasa mawon. Lo, kok énak banget bibi, bumbuné”. [ 91 ]„Sumangga, nggèr, kadugèkaken, sampun wigih-wigih.”

„Empun tutug, bibi lèh kula mangan, napa kula ndadak isin, rak boten.”

„.Konjil, undurna ḍaharan kijé, nuli ḍaharané wowohan ladèkna.”

„Inggih.”

„Pangundjukan lan pawidjikan kuwi, adja ko-unduraké disik, mengko nèk wis ḍahar ḍaharan baé undurna.”

„Sumangga, nggèr, ḍahar djambet klampok arum, kongas gandanipun wangi, punapa pelem sengir Begelèn, utawi djeram Patjitan tulèn.”

„Enggih, bibi, nanging mangan djambu klampok arum niku, kudu akèh.”

„Ngangkah punapa ta, nggèr, tijang sampun katjawisaken, malah ḍaharan sadaja punika kawradinana, boten kétang sakedik-sakedik manah kula lega, sukur karsa ḍahar ingkang katah.”

„Mangga, ta, mengké kula kemlakaren; empun, bibi diunduraké kabèh, kula empun wareg temenan.”

„Konjil, ḍaharan kijé undurna kabèh, dalah pangundjukané pisan; jèn wis, waḍah ses lan panggantènan kaé, ladèkna mréné.”

„Inggih!”

„Sumangga, nggèr, eses utawi anggantèn rumijin; bilih sampun sawetawis dangu, ladjeng angasokaken sarira saré sakedap, mangké wungu saré, ladjeng kundur, seḍeng sampun éjup.”

„Enggih, bibi, kula empun nggawa ḍéwé rokok Djawa, nèk wangèn kula boten pati dojan, mung kala-kala mawon. Kula andjaluk lilah adjeng turu saḍéla, kula niki empun kepatuh saben mentas mangan awan, bandjur amblijut.”

„Sumangga, nggèr, lakar sampun dipun-seḍijani.”

„Amit, bibi !”

„Inggih.”

Kjai Surawatjana bandjur mapan turu, krasa nikmat, wusana turu kepati, tekené wuluh gaḍing disanḍing turu, diseler menjang njai Gunawitjara, ora weruh, lan bandjur didjupuk isiné; bareng wis, dibalèkaké sanḍing turu manèh. Kjai Surawatjana bareng nglilir bandjur pamitan mulih, ora lali njangking tekené, nanging ora nitèni jèn teken kuwé èntèng boboté, bokmanawa lagi tangi turu: durung papak angen-angené. Barang lakuné wis adoh, lagi krasa jèn boboting tekené èntèng, béda karo mau-mauné. Bareng dibukak, temen jèn koṭong ora ana isiné ḍuwit. Kjai Surawatjana andjenger ora bisa tjalaṭu, njipta kabilaèn geḍé saka panggawéné njai ranḍa djulig, énggal bali gegantjangan, bingung kaworan nepsu, sedyané arep masésa menjang njai Gunawitjara. Satekané njai Gunawitjara katemu linggih ana ing ambèn, kambi matja lajang, bandjur ditudingi lan diudjar-udjari ala, nganti kamisosolen tjalaṭuné: ,,Eh, gento, kètju, maling, asu gerang, endi ḍuwitku, mesṭi kowé sing njolong ḍuwitku ana teken kiji, ḍuwit dinar, ḍuwit kretas, gunggungé ḍuwitku saleksa rupijah, kotjolong. Něk ḍuwitku ora kobalèkaké, mesṭi ketiban tanganku, lan takbanda takaturaké menjang Préntah. Bakal dilebokaké ḍublongan lan bandjur dibuwang sadjegmu urip, ngaku apa ora ?"

Njai Gunawitjara diunèni mengkono kuwé ora gugup, sarèh [ 92 ]amangsuli lan ora basa, tjelaṭuné mangkéné: ,,Mengko ta, kowé kuwi mendem gendjé, apa édan, karuhané lèhku ngelokaké. Ngendi ana teka-teka bandjur nesu, tjotjoté urab-uraban, polahé briga-brigi kaja bangsat, kaja diwedènana mana. Sing ko-amèkaké ḍuwit kuwi ḍuwit apa, tegesé kaprijé, apa kowé kélangan ḍuwit, apa kowé andjaluk duwit; sing sarèh ta, aku ora mlaju lan ora wedi karo dapurmu, lan takudja sabudimu, prakaran wani, rukun gelem."

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjelaṭuné njai Gunawitjara entèk atiné lan sarèh nepsuné, mangsuli memelas, tembungé basa: ,,Milanipun énggal wangsul, bibi, amargi kula kétjalan jatra wonten salebeting teken wuluh gading punika, warni dinar kalijan wang kretas, gunggung saleksa rupijah, kula kinten pun bibi ingkang ambebédung ḍateng kula, mendet jatra wau."

Njai randa ora pisan anggragap, mangsuli sarèh lan mari nganggo tembung ngoko, ganti anḍap-asor kaja sing uwis, tjelaṭuné: ,,E, dados kula punika sampéjan terka mendet jatra, wonten salebeting teken wuluh gading punika! Ewed, nggèr, manawi kula mangsulana pitakèn sampéjan punika, awit nalar mekaten punika dédé gegudjengan, lepat-lepat ing salah satunggalipun, manggih bilahi; kula purun mangsuli menawi sampun wonten ngarsaning Paréntah. Wangsul kula pitakèn ḍateng sampéjan, sampéjan ngaken kétjalan jatra ngantos samanten kaṭahipun wau, punika sinten saksi sampéjan, kadosta: sapisan saksi ingkang njumerepi nalika pandèkèk sampéjan jatra wonten ing teken, tètès kados tjarijos sampéjan. Kaping kalih saksi ingkang njumerepi salampah-lampah sampéjan ingkang boten naté pisah. Kaping tiga : saksi ingkang njumerepi panjolong kula. Manawi tigang prakawis wau sepen, kikijatan sampéjan andakwa ḍateng kula punapa ? Mangka nalika sampéjan ḍateng, boten pratéla ḍateng kula bilih sampéjan mbekta jatra, malah ngantos mantuk, inggih boten wonten reraosan bab jatra. Wusana sareng sampun antawis dangu sampéjan wangsul ngaken kétjalan jatra, wah mawi briga-brigi baḍé masésa ḍateng kula. Ingkang mekaten punika malah kénging kula wastani tijang ngawug awar, tuwin boten sumerep ing kasaénan, tegesipun sampéjan ngaken kétjalan jatra semanten wau nama mokal, katitik saking solah bawa sampéjan boten mantesi. Kadosta: panganggé sampéjan sarwa luwas, késah ḍarat tanpa réntjang, andupara jèn sampéjan gadaha jatra ngantos éwon. Wangsul kula: sampun kondang nama randa sugih, dasar sugih sajektos, dados pangungsènipun tijang mlarat, amargi saking balaba kula, tur inggih mantesi. Kadosta: grija kula ageng-ageng, rerengganipun adi-adi, panganggé kula saé-saé, kaṭah aosipun, kréta kula kaṭah bagus-bagus, rakitanipun sami kapal pepilihan, lumbung kula kebak pantun, saben dinten Djumuwah kula dedana ḍateng tijang pekir miskin, misuwur nama kula saé, mangka sampéjan dakwa anglampahi kadurdjanan njolong. Punika sungsang namanipun, pintenbanggi sampéjan narimah kasaénan kula, kok malah njenjérongi awon, punika boten saé, nggèr."

Kjai Surawatjana pegel atiné tansah diurugi tjatur. Tjelaṭuné mengkéné ,,Sanadjan pun bibi mukir, tuwin baud paben kados bètèt sèwu, inggih kula terka menḍet, djer sajektos kula kétjalan jatra. [ 93 ]Kalijan salami kula gesang boten gaḍah watak amitenah tijang, ngrubagini inggih boten, milanipun kedah boten, kula tempahaken dateπng pun bibi, amargi kula boten rumaos kèndel wonten ing pundi-pundi malih, kedjawi namung wonten ngriki, mila mesti sampéjan ingkang menḍet jatra kula, kala kula tilem."

„O, saja boten leres karsa sampéjan punika, nggèr, lepat-lepat sembiripun, sampéjan malah kula gugat matang tuna numbak luput, punika sampun kasebut ing angger Nawala pradata, boten sanḍé sampéjan dipun-denda saprakawisipun. Aluwung menawi sampéjan mi- turut kadjeng kula, tuwin purun ngaken tijang sepuh, punika bokmanawi kula saged adamel bingah sampéjan, pinten banggi saged pulih kasusahan sampéjan. Déné manawi sampéjan pugal, kedah adamel prakawis anggugat ḍateng Paréntah, inggih sakadjeng sampéjan, kula baḍé boten tjolong plaju, malah kula taḍahi ḍaḍa, sabudi sampéjan kula kembari."

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjalatuné njai ranḍa, banget andjenger, suwé olèhé meneng ora bisa tjalaṭu. Osiké: „Angur tak turuta karepé, bokmenawa bisa runtuh atiné, gelem ambalèkaké ḍuwitku, oraa kabèh separo utawa kurang, aku trima, tinimbang prakaran, mangsa menanga, awit aku ora duwé tanda saksi, dalah anak-bodjoku ḍéwé ora takwèhi weruh pandokokku duwit, dadi wis inaku ḍéwé, saka ngapa menanga prakaran."

Bandjur tjelatuné: „Inggih ta, bibi kula namung miturut sakarsa sampéjan, mangsa gèk sampéjan andjalomprongaken boten, saksi lan said Allah, sinten ingkang tjidra, inggih boten manggih wiludjeng, tumpes kélor saanak putu sadaja."

Durtjara ardja.

XVIII. LELAMPAHIPUN RADEN UDAKAWIMBA
Katjarijos Rd. Udakawimba karemenanipun anenepi ḍateng ing redi-redi sarta ing djurang-djurang, pinambeng ḍateng ingkang rama Kjai Wulusan boten kénging. Galihipun Rd. Udakawimba kados rinudjit kèngetan sariranipun ḍumawah ing papa, sanḍé dados gegaḍanganipun satrija ingkang binaḍé radja. Ing wantji bakda sembahjang Ngisa nilapaken ingkang rama késah nenepi ḍateng ing redi kados ing sabenipun. Nudju wulan purnama hjang sitaresmi kataweng ing imalaja nipis rumamjang ketingal lumampah baḍé ontjat saking pepeteng; lintang-lintang sami surem sorotipun kados déné kenjaring sasangka ruḍatos angemu susah, Lampahipun Rd. Udakawimba dumugi suku- ning radi Kanaka, wonten guwanipun panepèn, angongkang djurang ngubengi redi. Redi Kanaka boten patos ageng nanging mengger, antawis namung saepal mubeng, lambungipun redi ingkang kidul medal tojanipun ladjeng mili mangilèn angontjori pasabinan ing Sumber-redja, ingkang eler kalètèkan djurang mbambing. Radèn saré wonten ing guwa alèmèkan ron palasa aking, akadjang sirah tugelan kadjeng sempu; sedalu amerem melik boten saged saré [ 94 ]

ngantos méh gagat endjing, boten amanoni utawi boten angsal sasmita punapa-punapa, kaken galihipun ladjeng saré pisan. Wantji bjar hjang aruna njoroti lawanging guwa, Rd. Udakawimba wungu saking saré kagèt aningali saḍasaring djurang njremomong kados wana kawelagar, dipun waspaosaken tetéla jèn mrengangah abrit déning kasorotan paḍanging srengéngé. Radèn éram ing galih déné wonten ketingal anèh ing salebeting djurang, sekunging galih baḍé kanjatakaken ḍateng ing ḍasar. Raden Udakawimba ladjeng muḍun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih unḍak-unḍakan séla tjenḍani sampun katutup ing rumput merakan. Radèn éram ing galih, déné unḍak-unḍakan wonten ing djurang, ladjeng gampil uḍunipun, namung kantun mijak rerungkudanipun. Dumugi ing nganḍap Radèn Udakawimba sumlengeren aningali wedinipun abrit kawowóran emas oré sarta sesotya amantja warni, ketingal pating karelip, saha éram malih tetéla jèn ingkang ketingal abrit wau tutuping kori gapuraning kedaton: tembaga sari kagemblèng, wonten sorogipun ageng taksih mandjing/Kori ladjeng kawengakaken gampil kémawon. Bjar katingal tjanḍi keḍaton salebeting guwa. Kados punapa kémawon éraming galihipun Rd. Udakawimba, saha éram malih déné salebeting guwa kados kaswargan, saged paḍang kados kapaḍangan ing diwangkara, boten sumerep bilih sampun wonten pinten-pinten bolongan margi angin ambekta pepaḍang saking djawi. Radèn Udakawimba ladjeng mlebet ḍateng keḍaton. Dumugi kori ageng kèndel aningali rerengganing kori, tutuping kori gemblengan selaka peṭak, tinatah ing kanaka angrawit, tebenging kori wonten seratanipun Budakala, mungel: Sang Prabu Kalapardha, ija Sang Kala Werḍati, gegunungan utawa ratuné para diju raseksa kang dedangka saubenging guwa sarta gunung-gunung talatah ing nuswa Djawa, kang angrenggani sarta akeḍaton ing Tirta-kanḍas.

 Radèn Udakawimba saweg sumerep jèn punika keḍaton ing Tirta-kanḍas. Ing galih radi adjrih bilih taksih raseksanipun, nanging ing serat pepakem tjarijos purwa prabu Kalapardha sampun tumpes sawadya-balanipun, kala andusta Déwi Érawati déning Wasi Djaladara sarta Radèn Pamadé, Amargi saking njenjetipun boten wonten sabawa kepireng, nélakaken suwenging kedaton, mila Radèn Udakawimba sirna sumelangipun, korining keḍaton ladjeng kasorog menga; sanget éraming galih déné boten wonten ingkang ketingal repit, sedaja taksih wetah ajam, rerengganing praba-sujasa emas. Radèn ladjeng ambikaki geḍong-geḍong ing salebeting keḍaton, sedaja kuntjinipun taksih sami mandjing ing incbipun pijambak-pijambak, pinten-pinten radjabrana kraton taksih pepak, tuwin bekakas ḍahar sarwa emas tuwin selaka, wusana ambikak geḍong radja-brana, ing ngriku klempaking dunja-arta emas arta selaka pinten-pinten kulah, emas oré sampun kawaḍahan ing entjèh ageng: pinten-pinten kaṭahipun. Radèn Udakawimba ngandika ing salebeting galih: „Jèn radja brana iki lestari kaduwé ing aku kabèh, kasugihanku angungkuli para ratu ing ngalam donja kang misuwur ḍéwé. Nanging jèn luput-luput sembiré nganti kauningan ing ratu kang ambawahaké padukuhan ing Sumber-redja kéné wurung Sugih, radja brana kadarbé ing lijan, awaké ḍéwé malah kaparéntah."

 Radèn Udakawimba sampun katjarijos ing ngadjeng jèn lantip

[ 95 ]jejasan pakartining krija, kagungan osik jèn saputjaking ardi baḍé kadamel keḍaton, saubenging redi kapasangan bètèng, djurang ingkang minangka larènipun; djurang kenaka kabobol andjog ing keḍaton, mawi pipa ingkang maḍangi margi, dados radja brana lestari kantun wonten ing ngriku, namung kapenḍet saking enggenipun kémawon. Ḍasaring djurang dados pasimpenan radja-brana agung. Taksih kaṭah malih galihipun Radèn Udakawimba, ladjeng medal saking djurang ladju kondur kepanggih ingkang rama. Kadangu déné ngantos sijang saweg wangsul, Radèn matur bilih katileman wonten ing djurang. Antawis dangu Radèn Udakawimba matur ḍateng ingkang rama jèn anggenipun asring nenepi angsal kamirahaning Pangéran, saged njipta wedi dados emas oré.

Kjai Ageng kagèt mireng aturipun ingkang putra: „Tjoba enggèr, njatakena kawruhmu iku, amestṭi aku lan kowé dadi wong misuwur.

Ingkang putra matur: „Punika boten kénging kasat mata ing sanès, rama, kedah mawi salat kadjat wonten ing redi namung klajan idjen, Menawi kepareng, rama namung narimaha nampèni saking kula satjekapipun karsa sampéjan, sarta sakadjeng kula. Nanging menawi kepareng rama sampun mawi amemantjèni kadjeng kula anggèn kula baḍé angwedalaken wragad kaṭah, angredjakaken ḍukuh Sumber-redja."

„Ija enggèr, aku bakal nurut ing sakarepmu, nanging njatakna kanḍamu iku, dadi ora kaja tjaturané wong ngimpi."

„Mangké dalu kula wangsul nenepi, éndjing kula wangsul, ambekta kasagahan kula wau."

Bakda Ngisa Radèn Udakawimba tindak kados sabenipun, sarta ambektą kanḍi ageng. Dumugi ing guwa ladjeng saré kémawon, éndjing muḍun ḍateng ing djurang malebet ing guwa keḍaton, ambikak geḍong radja-brana menḍet emas oré sakanḍi ngantos kebak, ladjeng kondur kepanggih ingkang rama. Ingkang rama gita meṭukaken ingkang putra sarta ladjeng dipun adjak malebet ḍateng dalem, pratingkahipun kadamel wados. Bebektanipun ingkang putra ladjeng dipun sokaken wonten ing bèri salebeting geḍong. Ingkang rama andjenger déné wonten mas oré semanten kaṭahipun, nanging ingkang putra boten pisan-pisan ketingal tumut éram. Éramipun sampun katilar wonten ing djurang keḍaton, ingkang taksih winados. Ingkang putra ladjeng rinangkul, sarta ladjeng dipun pangandikani: „Enggér, kowé lan aku bakal misuwur sugih radja-brana peparinging Allah; aku kang bakal anglebur emas iki sarta andadèkaké dandanan kang akèh pengadjiné."

Katjarijos Radèn Udakawimba ladjeng angirup tijang krija sami dipun djak gegrija ing paḍukuhan Sumber-redja, dipun tjekap kabetahanipun. Boten antawis wulan paḍukuhan Sumber-redja dados negari. Karsanipun Radèn Udakawimba dipun leksanani: njitak banon pinten-pinten keṭi, ngobong gamping pinten-pinten lumbung, tando wedi ngantos kados redi, kasareng panggaraping bètèng sarta pangeburing redi, punapa déné pangrakiting keḍaton, tuwin margi ageng, margi terusan lan margi simpangan. Dalasan taneman rerengganing keḍaton miwah pepeṭètaning margi-margi wau ingkang murih aub; [ 96 ]

kadjeng kenari, tjemara tuwin asem, wringinipun katanem ing prapatan, kagalih sarenga dadosipun. Amargi saking kawasisanipun Radèn Udakawimba dadosing negari breng kados negari tiban, uparengganing keḍaton sarwa kentjana, kori djeplakan ingkang mandjing guwa ḍasar winadi, sumingit ing lengkonganing paningrat panepèn, tinatanan rerengganing pamudjan asarwa kanaka, bilih kabikak, bolonganipun bunḍer pinḍa pipaning margi angin. Wonten timbanipun besatan tarikan sarta uluran kawat bleḍèg, sakeḍap saged dumugi ing nganḍap, sakeḍap sampun wangsul dumugi ing nginggil, senadyan tukangipun ingkang sami nandangi boten sumerep kadjengipun, sarta boten sumerep ḍasaring guwa.

 Wedaling prabéja sadinten-dinten ambèr kados udaling umbul ing mangsa renḍeng, tetijang alit ingkang sami njambut damel sadinten-dinten tanpa witjalan; kaṭah ingkang ladjeng sami andjrak tumut gegrija ing paḍukuhan Sumber-redja. Erèng-èrènging redi satjelaking margi ageng kasipat kadamel pakampungan, traping grija aṭarik-ṭarik tiningalan anglam-alami.

 Katjarijos Kjai Ageng Wulusan tansah ngalembana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, boten njana bilih paḍukuhan Sumber-redja énggal dados negari agemah rahardja, mirah sanḍang pangan, para djuragan sampun kaṭah ingkang sami ḍateng saha adamel pamonḍokan ageng. Tjiptanipun Kjai Ageng: „Radèn Udakawimba tumunten baḍé kapunḍut mantu."

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

 Ing wantji saput siti sang Prabu putri sekalijan ingkang raka teḍak saking pretapan, peḍut angampak-ampak angremeng margi, rumput kebunan kasrampat ing paḍa angebesi busana, lamuk sinerang soroting surja ingkang saweg mungup saking langit saja tipis wusana sirna, kantun ingkang angremeng ing kekadjengan, kawistara djelarèhing margi kaṭah sesimpanganipun, sang kalih awiranḍungan lampahipun sarwi gineman prekawis rèmèh-rèmèh ingkang adamel astjar-janing galih. Wantji bjar rawuh ing pasanggrahan, wadya bala sami kagèt déné sang Prabu putri rawuh sampun sekalijan ingkang garwa Pangeran Warihkusuma. Para abdi boten wonten ingkang panḍung ḍateng sang Pangéran, sami surak gumuruh ambal-ambalan. Kjai Patih sarta punggawa kaget ladjeng medal saking pakuwonipun pijambak-pijambak, kepanggih kalijan sang Pangéran sampun akantèn asta kalijan ingkang raji sang Prabu putri, sami suka sukur sarta sami ngaturaken pambage wiludjeng, ladjeng satata lenggah ing pasanggrahan. Sang Prabu putri ladjeng mangandikakaken anggenipun kepanggih kalijan ingkang raka mawiku wonten ing guwa patapan sarta mangandikakaken lelampahanipun sang Pangeran kalajan titi boten wonten ingkang kelangkungan. Sang Prabu putri munḍut pirembag ing bab pamalesipun ḍateng kraman ingkang ngrabasèng kiṭa Tuban.

 Aturipun Kjai Patih sarta para najaka sarembag kalijan sénapatining prang: pantes sang Pangéran angsal piwelas pamurina saking sang prabu. Dèrèng dumugi anggenipun pirembagan kasaru ḍatengipun patjalanging baris, ngaturi uninga jèn wonten dedamel ageng lumampah nudju ing pasanggrahan. Sang Prabu putri anginten jèn punika

[ 97 ]mengsahipun ingkang raka sang Pangéran, ladjeng adeḍawuh samekta ing prang sarta dawuh nata gelar wana kawelagar, angèl sasak-sasakanipun.

Raden Udakawimba sampun kaaturan uninga jèn putjuking baris kanḍeg déning kepambengan baris malang ing margi, kados srajanipun ratu ing Tuban. Radèn Udakawimba anguningani gelaring mengsali rumaos kawekèn sarta ngalem salebeting galih bab rapeting pasangipun gelar angel sinusupan. Éwadéné Radèn Udakawimba saged anggalih ungguling judanipun, ladjeng deḍawuh masang gelar ombaking samodra pasang tumempuh ing parang, angelem ubaling dahana, ladjeng prang brubuh sampun kaṭah longipun ing pepedjah. Sang prabu putri sumerep jèn gelaripun kénging kasusupan ladjeng amalik gelar sétubanḍa ambrol. Bala ing Sumber-redja kérut larut kapalaju kalebet ing gelar. Radèn Udakawimba kesisan bala, baḍé katukup ladjeng ontjat saking palagan, kadèrèkaken para pradjuritipun sinelir lèrès sumedya kondur abebiting wonten salebeting kita, supados mengsahipun ngelud sapurugipun; wonten ing kuta Sumber-redja amesti gampil kapra-tjonḍang saking santosa sarta weriting balowarti, angèl lebet-lebetanipun; marwasa mengsah saking sanginggiling balowarti gampil kémawon. Tikang-tikunging margi, lampahing mrijem gampil sanget, boten wonten kiḍungipun pisan-pisan, awit saking kawasisanipun Radèn Udakawimba.

Sang Prabu putri sumerep jèn sésaning mengsahipun ingkang boten katawan lèrès, ladjeng ingelud sapurugipun dumugi ing Sumber-redja, malebet ing balowarti ingkang angéram-éramaken santosanipun. Sang Prabu putri kanḍeg wonten ing djawi, penggalihipun sang prabu: wadya balanipun amesṭi baḍé anemahi risak bilih pangrebating balowarti namung kalajan wantah kémawon, gampil tinumpes ing gurnat gutuk api déning kepapan wonten ing margi sungil. Sang Prabu ladjeng ambudi sarana ingkang kénging kadamel gelar garuḍa nglajang, ladjeng adeḍawuh jasa palwa udara, bakalipun mota kinclam ing wesi djanur, ingasepan saking latu bleḍèg, saged mumbul ing gegana. Sareng sampun samekta ladjeng katumpakan para pradjurit pepilihan sami asikep dedamel, sang nata pijambak jasa sekotji boma, katitihan kalijan ingkang raka sarta para wirotama, sami andedel muluk ing gegana angungkuli balowarti, ladjeng tjumlorot saéngga ṭaṭit, tumudju ing keḍaton sarta ladjeng dipun bregi. Para pradjurit mangrempak saking wingking adamel karisakaning mengsah. Radèn Udakawimba gugup déning dipun kagètaken ḍatengipun, boten kantenan tataning baris, awit linambung saking wingking datengipun saking gegana rikat kados angin. Radèn Udakawimba kaselut ing papan, katjepeng déning sénapatining prang, ladjeng kaaweran ing tjinḍé kaladosaken ing ngarsanipun sang Prabu putri, sakalijan sampun sinéwaka wonten ing penḍapa ageng. Sareng kalijan sowanipun para wirotama kairid sénapatining prang ambekta pengagenging kraman sampun kaaweran tjinḍé, kasowanaken ing ngarsaning sang prabu mabukuh wonten ing siti. Sang Pangeran Warihkusuma boten panḍung jèn pangagenging kraman ingkang putra kwalon Radèn Udakawimba, ladjeng kadangu: „Ka- lingané kowé Udakawimba, kang gawé hura-huruning pradja ing Tu[ 98 ]ban, sarta agawé karusakanku, awit kowé pandjalmaning satrula turasé jaji prabu Warsakusuma. Ing mengko kowé bakal anampani pidana saka panguwasané jaji déwi maha prabu." Radèn Udakawimba tumungkul tanpanon rat iḍepipun.

....................................................................................................

Rangsang Tuban.


XIX. PITUTURIPUN NJAI BUJUT TJEMPORÈT ḌATENG RARA KUMENJAR

Ḍanḍang-gula.

  1. Nahen pradjèng Pagelèn ing mangkin, kawuwusa ḍukuh Tjengkarsasra, Ki Tjemporet lan sémahé, samana samja sinung, kasenenan sasananing sih, saharseng tyas kaskaja, kajumanan kajun, dénja mardi mamardawa, máring Rara Kumenjar sinambang liring, salwiring dedongèngan.
  2. Kambila kang pantes dadya misil, sudarsana ning ngèstri utama, kang mumpuni sabarang rèh, sarėh tan arsa saru, Dyan Kumenjar dènnja mijarsi, karaseng tyas memalat, émut kang kalimput temah tuman aneminta, dongèngan kang keni kinarja palupi, lewijaning wanudya.
  3. Njai Bujut teka anuruti, nudju ratri sang Dyah kinelonan, dangu-dangu andedongèng, ing kuna ana wiku, wikan lwiring pamudyastuti, panengran Resi Drawa, turasing Hjang Baju, tapa sangkaning taruna, atetruka mergil aneng wukir Kawi, laladan ing Mamenang.
  4. Somahira aran Énḍang Rasi, kaḍang werdhané wiku Ràsika, kang ajoga sakaroné, Sang Resi Darmakétu, turasing Hjang Kamulasidhi, samana resi Drawa, sampun asesunu, wanudya ju kang suwarna, sinung aran Kusuma Rara Sarwasri, dénnja tanpa kutjiwa.
  5. Duk diwasa sangsaja kaèksi, raras ingkang pamulu wiletan, sumeh pasang pasemone, nanging tyas muda punggung, marma tansah ḍahat pinardi, déné kang jajah réna, rinirih rum-arum, ing wuwus sarta winawas, sasmitaning nitya kang sinawang sarwi, watareng pituturan.
  6. „Kawruhana wadjibing pawèstri, kudu nganggo kanṭi pangkat-pangkat, nigang warna sapangkaté, déné ta kang rumuhun, rigen tegen mugen winardi, kang rigen iku bisa, barang karja rampung, angreraket djroning wisıma, tinata kang pantes sembadèng Pangrukti, tan ana winaonan.
  7. Lwiring tegen djenak barang kàrdi, kang sinambut nora salèwengan, kongsi teka sarampungé, kang mugen wardinipun, wekel mungkul ati sawidji, tan mangro tingalira, mantep tékadipun, lumuh ing rèh kadursilan, pangkat ingkang kapinḍo gemi nastiti, angati-ati ing tyas.
[ 99 ]
  1. Lwiring gemi bisa angrumati, mjang mamardi dadining branarta, tan aler weh nora brah-brèh, sirik ing basa saru, sarwa sasab sabarang wadi, Iwiré nastiti tansah, matitisken étung, lumuh tuna barang karja, ngéman marang laku kang datan pakolih, melang jèn kalong-longan.
  2. Lwiring ngati-ati djroning ati, masang nétya murwéng manubawa, ngarah-arah sabarang rèb, patraping tanggap tanduk, laku linggih solah lan muni, mung ngèsti tyas wiwéka, wikan ing pakéwuh, lamun lagi pinitaja, pinasrahan angopèni ,barang wadi, tan kena asembrana.
  3. Pangkat kaping tri ingkang winarni, gumati mjang pangreti mirantya, kang gumati iku lwiré, tumemen kang tinemu, tumaneming manah denjamrih, ngopèni mulasara,tanpa taha tuhu, kang mangerti werdinira, bisa nudju angon angawruhi wantji, wahjaning masa kala.
  4. Mungguh.werdining kang amiranti, tansah dénnja tjetjadong ing karsa, mantji-mantiji sawantjiné, taberi amrih sardju, djaga karja rahina wengi, jèn iki tinuhonan, kinasih ing kakung, kasébut ambek utama." Kèn Sarwasri mastuti tumamèng ati, wulanging jajah réna.
  5. Marma kasub kotamaning èstrī, akèh ingkang ngebun-ebun endjang, sesowangan wong sesawèn, tan ana kang panudju, dénnja masih karem semadi, sang. resi anggung tikbra, wawangsoning wuwus, apa baja sutaningwang, tembé antuk djodo singa-barong langking, samana katemahan.
  6. Sri baṭara Djajabaja nguni, samuksané garwa déwi Sara, tansah tadjin ḍahar saré, tahen ketaman ing kung, mung manungku pudya semadi, anèng djro pamursitan, kongsi tigang tèngsu, antuk wangsit winasita, sarahsaning tjipta sasinita marengi, meh luwar kang subrata.
  7. Waskita jèn garwa pamèswari, wus anunggal dadi sakahanan, lan palijan kamulané,.duk samja atmeng dangu, mangkja karan Rara Sarwasri, joganing Resi Drawa, ingkang adedunung, graning Wukir Kawi wétan, sri naréndra nekung tyas arsa ngulati, wisata tanpa wadya.
  8. Praptèng srengganing kang wukir Kawi, amijarsa lamun sang dyah rara, durung ngèsti wikramané, kongsi kang rama kau, awewangson wuwus pribadi, angira tembé baja, antuk matjan wulung, samantara sri, naréndra, ngungun ing tyas malih singa-barong langking, asmu wilis sembada.
  9. Tumaméng djro padepokan nuli, anor raga solah bawanira, tinakénan muwus sarèi, Késawa namanipun, nedya momong Rara Sarwasri, sang resi kampitèng tyas, mangu amiduwung. dénnja muwus wewangsonan, katemahan matjan wulung anemahi, sang wiku katambetan.
  10. Nanging sutanira Ken Sarwasri, wus waspadèng pandulu tan samar, lanmun iku sadjatiné, kadadyan ratu agung, pandjanmaning Hjang Wisnumurti, djumeneng ing Mamenang, sang dyah sinung émut, kang ametja djroning rasa, Kèn Sarwasri djatu kramanirèng wuri, awarni singa kresna.
[ 100 ]
  1. Winarahken mring rama sang resi, anggraita jèn pandoning déwa, dadya mupus ing pepesṭèn, sainana sampun ḍaup, kaèstrènan sagung maharsi, tekjan séwa sugata, samja nguju-uju, rahajuné pamiwaha, pareng para widadara widadari, sesanti mangastawa.
  2. Ing antara sampurnaning kardi, kang samja sung mangèstu bubaran, matjan wulung duk pamité, minta kang mangka sangu, amung widji kekatjang wilis, wewelingira marang, mara sepuhipun, jèn martuwi amanuta, tuwuhané katjang idjo dipun kongsi, kapanggih kang pinaran.
  3. Resi Drawa amituhu jekti, tan antara singa kresna mesat, anggawa kang garwa mangké, ginénḍong anèng pungkur, sapraptaning pradja wus salin, suwarna djatinira, Djajabaja prabu, samana wus kawartèng rat, lamun Déwi Sara mangkja gesang malih, Sarwasri namanira.
  4. Ing antara rama sang maharsi, arsa tuwi maring sutanira, wus miranti gegawané, saananing wong gunung, Enḍang Rasi kang nggénḍong dadi, sagrengan winatara, kelaring lumaku, mangkat tan amawi rowang, dénja durung karuwan paraning pamrih, tumekèng pangupajan.
  5. Muḍun saking ngarga duk udani, tetuwuhaning katjang wilisan, tan atebilh antarané, tinurut ing sapurug, kongsi praptèng djropradja maksih, anurut kang kawurjan, katjang idjo tuwuh, temah mangka ingatjaran, dénira sang apatya kinèn tutwuri, tumamèng ḍatulaja.
  6. Sang Resi Drawa anut tumuli, praptèng ngarsa nata duk tumingal, Kèn Sarwasri pasilané, djadjar lan sang aprabu, angungun tyas tan wruh ing wadi, samanten kawistara, saking pasang semu, semangira Resi Drawa, marma ladju ingatjaran wuwus manis, déning Sri binaṭara.
  7. "Lah ta paman dèn kepareng ngriki, sampun tebih enggènira lenggah, lawan sutanira mangké, jwa paé duk nèng gunung, dèn parek lan swaminta bibi, suba sita Sirnakna, wruhana wak ingsun, mangkja dadya sutanira, darunaning nguni ngong kundjara kingkin, wit tinilar ing garwa.
  8. Aran Déwi Sara pramèswari, sanalika tyas limut karantan, taksih geng wagel wiragé, musṭi mangèsṭi kajun, jèn tan antuk lelipur nuli, kang kadi Déwi Sara, nedya nganjut tuwuh, milalu laraning nala, nèng pahomnan meheng mahas pudyastuti, megeng maneges karsa.
  9. Tanduking don Sang Murwèng-dumadi, sru marsudi sidhining parasdya, kadi paran kasidané, lelakon wekasipun, sinunga sih pitulung nuli, ing Hjang kang Amisésa, walujaning kajun, jajah mangajut pralaja, kadautan ing usada wanudya di, dadyardèng tyas hardaja.
  10. Tan kawawa mamèt genging wingit, labet karoban turidasmara, marawajan luh widjilé, saking kinungkung ing kung, nekung ing réh manungku pudji, sarira tri mangrentang, ngrerentak lir wijung, tan sinujunan ing toja, temah madres katrahan warsa martani, anartani wasita.
[ 101 ]
  1. Wewentahan dénira mamarti, adan nanduki tuduhing déwa, mémba lumémbar nalangké, mring wukir Kawi wau, marma paman ngong leksanani, wit rindyah Déwi Sara, amanuksmèng dunung, neng Sarwasri sutanira, wus kapasti paman kedah minangkahi, amidjèni pradjardja.
  2. Mangujuni kawirjawan wuri, mila kula nempuh bjating lampah, sesandiwaranan ing rèh, mantjala singa wulung, supadi tan katarèng djanmi, mjang amijarsa warta, jèn sutanirèku, dèrèng nedya mangun krama, lamun kula tan sarana malih warni, mbok tinampik ta nisṭa.
  3. Marma kula ameminta winih, katjang wilis pan minangka tanḍa, ing pratingkah wekasané, tarlèn mung minta maklum, maring paman kalawan bibi, dénira dahat karja, sangsajaning laku, asungsamar ing ngawerdha, katudjuné sami karahardjan mangkin." Sang resi duk mijarsa.
  4. Sabdaning sang Sri Djajabaja-dji, jajah djinait raosing drija, sakala sirna nalaré; kapileng mari kelu, kaluntan ing tjipta lwir ngimpi, sadjroning pagulingan, wungu pungun-pungun, tansah ngungun anglotjita, ,,Hé batara nora kena dèn buka saliring sedya.
  5. Teka élok ing lelakon iki, nora njana mangkéné dadinja!" tan antara lon aturé : ,,Duh pukulun sang prabu, sakamantyan sotyaning dasih, anglir kalap sakala, limut ing tyas muput, kalingan sekeling tjipta, kaprabawan wibawaning sang siniwi, lir sumengkawak bradja.
  6. Mrodjol saking panjakraning budi, aprasaksat manggih swarga mulja, déné kamuljaning tembė, tan andipé pukulun, jèn manggiha kadi puniki, jekti pun patik begdja, kamahjangan séwu, sukur ing Sang Murwèng tingkah, maangsung genging nugraha anḍatengi, ingkang tanpa timbangan.
  7. Sakelangkung dahat ing pamundi, tjiananḍi ing embun pinusaka, pinudyardjèng kasidané, ing sabda djeng sang ngulun, susatya sih maring ingg dasih, mugi tulusa lama, sumela nèng kajun, mangajun-ajun ing tjipta, mangujuni pangajomaning sabumi, sumrambah, tribawana.
  8. Awasana angsung ling ing siwi : ,,Babo sutaningsun dèn abisa, suwitèng dudu samané, :dasar ratu dibjanung, pandjanmaning Hjang Wisnu-murti, kasub, kaonang ing rat, susantyambekipun, waskiṭa salwiring tingkah, sira nini èngeta asaling tjilik, dèn banget sukurira."
  9. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
  10. Nihan ing antara ri sang. resi, pamit lèngsèr maring paḍepokan, wus linilan sakaroné, datan winarnèng ngenu, sampun prapta ing wukir Kawi. Kèndel pandongèngira, ni Tjemporèt wau, mring suta rara Kumenjar, alon modjar: ,,Nini dèn nggraitèng galih, tuladan kang utama.
  11. Keni kinarja lepijan iki, pratikeling wong suwitèng prija, menawa tembé siranggèr, angawula ing kakung, angestokna dongengan iki,
[ 102 ]
amanggih karahardjan, ing salaminipun, dénira mangun akrama," Sang Dyah Rara Kumenjar suka mijarsi, dongengan singa kresna.
  1. Wus katjaṭet saraosing galih, alon mangsuli mring bijungira : ,,Kang mangkono sukur bagé, dongeng dadi wewuruk, mangka wungkal lukitèng budi, dumadi sudarsana, sasananing wadu, widagdèng sawadinira, pira bara kasawaban nugrahèng sih, kaja kang wus ginita."
  2. Njai Bujut sukanira ngenting, sang Dyah rara tansah ingarasan, tumeleng kasok tresnané, andungkap bangun ésuk, retnaning dyah midjil ing djawi, sedyarsa maring senḍang, sarjwanginḍit edjun, asta anjangking wantingan, karerantan tyasira manawung wingit, limut ing kalaksitan.
  3. Kawarnaa kang awarna peksi, linggar saking ing lelangjan sekar, patamanan ing Pagelèn, sedyanira mring ḍukuh, Tjengkar-sasra parlu martuwi, ing kaardjaning bapa, lawan bijungipun, dupi praptèng pinggir senḍang, aningali wanodya aju linuwih, tjahja anuksmèng wulan.
  4. Paksi mèntjo kastjarjan angliling, anenawang wawangunanira, pantes pasang pasemoné, paksi wangson ing wuwus, ,,Iki baja kenja ing ngendi, ngasorken langening rai, senené sumunu, semuné angemu susah, katongton ing nétya alum-alum anglih, malah sru wewiletan.
  5. Déné memela memelas asih, éman-éman jèn tan kasatmatan, rinaket déning wong geḍé, lan iki wong ing ḍukuh, parigelé tan angamboni, lamun widjilan désa, kaping kalihipun, ing pasang rakiting wanda, mjang pamulu rompjohing sarira mirib, gusti sang narpatmadja.
  6. Dené salawasé ingsun tan wrin, ing warnané wanodya punika, nora nduga ingsun kijé, sunaring tjahja mantjur, baja iki trahing narpati, kinarja lelampahan, déning djawatagung, paran reh ing mulabuka, teka dinunungken anèng Tjengkarsari, amémba wong padesan.
  7. Méndah iki sun aturken gusti, kadi dadya usadèng turida, énggar dénja mong wiragé, ija manawa iku, kena ingsun puluti pamrih, katur ing gustiningwang, méndah sukanipun, mbok mangkja mangka djalaran, anenarik nirmala waluja djati, saking sih katarima."
  8. Sawusira ngrerantam ing batin, méntjó mulja meḍar kekidungan, sinawung ing tembang geḍé, swaranja manis arum, laju-laju amilangoni, kagjat sang retnaning dyah, maksih umun-umun, samun remeng-remeng mamang, kalimunan déning amun-amun endjing, karja mar maras ing tyas.
  9. Wingwrin awrin kèngran angaweri, dadya muwus wewangson prijangga, ,,Lah swaraning apa kijé, kaja wong angengidung, kadingarèn ana memedi, lukitèng lelagonan, mawèh salang gumun, apa kedadéan djanma !" wus apaḍang sunaring pradanggapati, katon sang roning kamal.

(Tjemporèt.)

[ 103 ]
XX. WIRA WIJATA

Sinom

  1. Srinaṭa déra_ makirtya, Wira wijata nudjwari, Respati tanggal sapisan, sasi Saban wuku Wukir, Ehé sangkalèng warsi, murtyasṭa amulang sunu, asung wasijat putra, Djeng Gusti Pangran Dipati, Arja Mangku Nagara ingkang kaping pat.
  2. Iki ta wasitaning wang, marang kang dadi pradjurit, adja kemba ing wardaja, rèhné wus sira lakoni, balik dipun nastiti, marang ing kuwadjibanmu, owelen sariranta, reksanen luhurmu sami, jèn kutjiwa gawé punggel dradjatira.
  3. Awit sira wus prasetya, nalika djinundjung linggih, saguh nut anggering pradja, mjang pakoning narapati, sineksèn dèn èstrèni, mring para wira sawegung, upama sira tjidra, njirnakken adjining ḍiri, temah nista weh wirang ing jajah réna.
  4. Jwa sira duwé pangira, lamun wong dadi pradjurit, karjané abot prijangga, wruhanta sagung pakarti, kabèh dunja puniki, tan ana prabédanipun, kang dagang neng lautan, miwah ingkang among tani, sumawana kang suwita ing naréndra.
  5. Mjang kang tapa djroning guwa, kang manusup ing asepi, lakoné paḍa kéwala, awit iku dadi margi, mrih katekaning kapti, sapangkaté pandumipun, nanging sarananira, mantep temen lan taberi, samaptané ingaranan laksitardja.
  6. Lawan sira sumurupa, kang kalebu pangabekti, nora sembahjang kéwala, kang dadi parenging Widdhi kabeh panggawé, betjik, kang mantep sutji ing kalbu, uga dadi panembah, jèn, katrima iku sami, sinung rahmat samurwaté badanira.
  7. Lamun tan mawa sarana, paran katekaning kapti, lir beḍag tanpa sendjata, ing ngatasira Hjang Widdhi, tan karsa mituruti, marang wong kang tanpa laku, nir ngamal mjang panembah, kumudu dipun turuti, ngendi ana gusti rineh ing kawula.
  8. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
  9. Déné djedjeré wandanta, ing mengko dadi pradjurit, madju baris lawan djaga, tijori lès lan sepèksi, iku dudu pakarti, adjar-adjar djenengipun, wus dadi wadjibira, pradjurit dipun geladi, pepaḍané santri ingadjar sembahjang.
  10. Sinung ukum sawetara, jèn anglirwakken ing wadjib, iku wus lakuning pradja, djedjegé kalawan ngadil, senadyan sira nguni, duk ngèngèr jajah-rénamu, jen luput rinengonan, utawa dèn djemalani, dadi sira wineruhken tata krama.
  11. Mengkono uga jèn bisa, miturut sarta nglakoni, temtu dèn opahi sira, wit gawé leganing ati, akeh tuwin seṭiṭik, minurwatan karjanipun, tan béda patrapira, pradjurit djinundjung linggih, mjang ingundur iku ngadil djenengira.
  12. Jen tan bisa samaptanja, nora djumeneng pradjurit, gawé tuna marang pradja, wèh lingsem ing nara pati, amung sira pribadi, kang nḍuwurken pijangkuhmu, mung lagi bisa aba, anggepmu mbituhken nagri, jwa kebandjur duwé tjipta kang mengkana.
[ 104 ]
  1. Wruhanta lelakonira, sedjatiné wus angemping, mring pradja miwah naréndra, déné durung potang kardi, sira wus dèn paringi, sanḍang pangan ora kantu, sinuba kinurmatan, pundjul sasama ing abdi, munggah médja linilan lungguh satata.
  2. Apa kang sira upaja, kamuljan anèng negari, ingadjènan mring sasama, njawabi mring anak rabi, nadyan para maharsi, ingkane tapa neng asamun, mong tani lan nangkoda, rinéwangan anderpati, nora lijan kamuljan kang dèn upaja.
  3. Upamané raganira, nora dadia pradjurit, ija maksih mangan sega, apa déné nginum warih, saking wetuning bumi, uga. kagunganing ratu, lan sira ingajoman, rinaksa kalawan adil, lamun datan rumangsa sira duraka.
  4. Marma den sumurup sira, mring sih kamuljaning Gusti, béndjang jen tinuduh sira, lumawan ngadoni djurit, jèku karjanta jekti, pangudangirèng gustimu, kono adja pepéka, dèn madep marang sawidji, nanging tjipta sedyakna males mring pradja.
  5. Praptèng papan tjumaḍanga, ing paréntah sénapati, adja abawa prijangga, dumeh sira banda wani, lumangkah mrih ngulabi, kang mangkono sasat mungsuh, gawé guguping rowang, wèh giḍuh ing sénapati, jèn kasora dadi sira antuk dosa.
  6. Lungguhing pará prawira, jen ana madyaning djurit, nora wenang duwé karsa, ragané pama djemparing, kang musṭi sénapati, ing sakarsa dkang pinanduk, linepas jwa saranta, angsahira dèn mranani, maring mungsuh adja kéguh ing bebaja.
  7. Dèn kadi sang Parta-suta, Bimanju kala tinuding, mangrurah kang gelar tjakra, déning sang Juḍisṭiradji, sukaning tyas tan sipi, dupi rinoban ing mungsuh, kèsṭi trahing satrija, wedi wirang wani pati, jeka mangka tamsiling para prawira.
  8. Kono seḍengé meḍarna, ing kasuran guna sekti, njirnakna paningalira, ing tékad jwa walang ati, wruhanta sénapati, wakiling gusti satuhu, gusti wakiling Suksma, kang kinon angudanèni, mring kawula kang sumedya mrih utama.
  9. Paḍa ingaran utama, ing pakarjan mangun djurit, iku kang luhur prijangga, wus kasebut lajang Sruti, jen tapaning pradjurit, ngasorken tapaning wiku, wit sumungkuning pudja, nèng putjuking gunung wesi, sang panḍita aneng putjuking aldaka.
  10. Ing tékad dipun sentosa, adja angrasani pati, awit tan winenang sira, gumantung karsaning Widdhi, jèn wus tibaning pasṭi, nora kurang marganipun, ala mati neng wisma, betjik mati kang utami, tur sumbaga dadi ngamalé trahira.
  11. Wus ana kajektènira, sang Parta-suta ing nguni, palastra aneng palagan, lawan legawaning ati, wit dènnja anglabuhi, Panḍawa manggiha unggul, puwarantuk nugraha, sira wau Parta-siwi, turunipun angratoni tanah Djawa.
  12. Lamun durung takdirira, nadyan ana hru saketi, jèn tan waswas ing wardaja, sajekti nora ngenani, amung sadjroning djurit, adja sira darbé kajun, ing lair amanuta, ing sakarsa sénapati, batinira kumambanga ing Wisésa.
[ 105 ]
  1. Ri seḍeng nèng bajantaka, kalamun ana käng wèri, nungkul wus buwang warastra, nora wenang dèn patèni, binandang iku wadjib, jen kantia nemu lampus, tetep anganiaja, gawé nistaning pradjurit, nemu dosa temah apes ing ngajuda.
  2. Mengkono prijangganira, jèn kaselut ing ngadjurit, adja gugup den prajitna, ing tékad dipun patitis, awit wong murwèng djurit, ana pepangkatanipun, nisṭa madya utama, jen kober dipun èngeti, kanistané wong kaselut nèng ranangga.
  3. Ing papan nora kutjiwa, gegaman samapta sami, atanḍing paḍa kèhira, tanpa kiwul ing adjurit, tangeh ana pepati, mjang tan ana nandang tatu, mundur tan palarasan, mung labet kekes ing ati, kang mangkono antuk dosa tri prakara.
  4. Ḍingin marang ing narèndra, dènira tjidra ing djangdji, kapinḍo ngasorken pradja, kang muljakken marang ḍiri, katrinma mring hjang Widdhi, ngukuhi gaḍuhanipun, kokum pantes linunas, paḍané sato wanadri, jen djalmaa jekti. ana tékadira.
  5. Madyané para prawira, jèn kaseser ing adjurit, nadyan kèh keḍiké paḍa, kasor papané kasupit, mundur amrih pakolih, ing pangolah nora gugup, sarana winiwéka, kaangkah denja mangungkih, jèn sinerang rikat rinupek marwasa.
  6. Utamanirèng prawira, senadyan karoban tanding, tatag tur simpen wiwéka, wengkoning papan liningling, linanglangan kang wèri, endi kang suda ing purun, pinarak pinarwasa, winisésa amrih titih, éstu djaja sahaja samja rahardja.
  7. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

    (Wira wijata.)


XXI. TIJANG INGKANG TINAKDIR MLARAT


Nalika Kangdjeng Gusti Pangéran Adipati Arja Mangkunagara ingkang kaping IV ing Surakarta karsa nggeguru ḍateng setunggiling tijang ahli ngèlmu iladuni prekawis pepesṭèning manungsa ingkang tinakdir sugih utawi miskin, kalampahan angsal guru waskiṭa sidik ing pametja, Nanging sadèrèngipun kapuruhitan karsanipun Kangdjeng Gusti guru wau baḍé katjobi rumijin kanjatanipun.

Katjarijos setunggiling dinten Kangdjeng Gusti karsa teḍak ameng-ameng mubeng salebcting negari. Kjai guru kakarsakaken ndoḍèrek nitih wonten salebeting karéta tinarik kuda sekawan, kaploporan, déning drahgunder, mawi kaḍèrèkaken ing punggawa panèwu mantri sawa-awis sami anumpak kapal. Tedakipun Kangdjeng Gusti wiwit éndjing Jam 8.— saking margi ageng Mangkunagaran dumugi ing glaḍag terus mangétan, ladjeng ménggok mangidul dumugi ing Baturana, ladjeng ménggok mangilèn ménggok dumugi ing Gaḍing, terus mangilen dumugi ing Serengan, ladjeng ménggok mangalèr sampun djam setengah sanga. [ 106 ] Ing sadangrunipun ameng-ameng wonten salebeting karéta, Kang-djeng Gusti wawan pangandika kalijan kjai guru, tembungipun : ,,Bapa guru, mara sadjroné mubeng-mubeng kowé matitisna ngêlmu- njra iladuni, ndelenga wong-wong endi kang tinakdir mlarat !

 Aturipun Kjai guru: ,,Nuwun inggih sendika."

 Ing sadangunipun mubeng-mubeng kjal guru amesu budi “mendeng patitising ngélmunipun, Sareng karéta sampun dumugi ing Singasarèn sakilèning Setjajudan, kjai guru ladjeng matur sarwi mariksakaken dateng Kangdjeng Gusti, tembungipun :

 ,,Tijang sadé kambengan punika Gusti, ingkang. tinakdir mlarat, boten saged sugih.”

 Kangdjeng Gusti ladjeng maspadakaken dateng tijang ingkang kapratélakaken sadé alang-alang wonten sapinggiring margi Singa- sarên, titihan karéta taksih terus Jumampah. Sareng. sampun dumugi ing dalem, Kangdjeng Gusti ladjeng tumedak saking. karéta, énggal ndawuhaken bebisik dateng mantri ingkang:katjelak, ndikakaken num- bas kambenganipun tijang. ingkang kawetja kjai guru wau, ladjeng bibaran.

 Masbèi Mantri énggal lumampah rerikatan. Sareng sampun. du- mugi Singasarèn, ladjeng pinanggih kalijan tijang sadé kambengan ingkang kénging wetja, tembungipun : Kakang “adol alang-alang, alang-alang dika niku regané pinten?”

 Wangsulanipun : ,,Mangga mawon, sing empun kalampahan gang- = sal welas uwang.”

 Masbèi ngawis : ,,Jèn olèh wolung uwang daweg ndika teraké teng Mangkunagaran,”

 Si kakang alang-alang amangsuli malih : sampun ta kula sukak- aken sangang uwang jèn kersa masbêèi 1?

 ,,Nggih ta, daweg ndika gawa.”  Ladjeng sami lumampah, masbèi kairing ing pikulan alang-alang. Sareng dumugi Mangkunagaran, kadjudjugaken ing pengkeran sakilèn Udjung puri. Masbèi ladjeng witjanten : ,,Empun ndika-sêlèhaké ngri- ku mawon, ndika entèni disik.”

 Kakang alang-alang mangsuli :,,Inggih!"

 Wekdal punika Kangdjeng Gusti bèi énggal marak ing ngarsa dalem sarèhing dinuta, Kangdjeng Gusti alonangandika: ,,Mara ditjedak maréné.”

 Sareng Masbèi sampun njelak, ladjeng winangsit seperlunipun ta- rékah ingkang dados kersanipun Kangdjeng Gusti. Masbèi tampi wangsit sedaja sedaja sampun mangertos. Kangdjeng Gusti ladjeng kondur ing dalem, Masbèi wangsul dateng panppènani kakang alang-alang awitjanten : ,,Kang, ndika teng buri ngrika disik, alang-alangé ndika tinggal mawon ngriku


 Kakang lang-alang mi turut ing pakèn,ladjen kapernahaken kapurih angisahi piring sarta bala petjah sawetawis, Sesampunipun sapernaken alang-alang tumandang, Masbèi wangsul da-ban ingkang tinilar, ladjeng. nandukaken taré- ih punika deling pikulanipun kambengan ka-

106
[ 107 ]djedjelan uwang kertas ngantos katah, kinten-kinten wonten gangsal

èwu rupijah. Sesampuning rampung pamatrapipun rapet boten kata- wis, masbèi wangsul tjengkélak dateng panggènanipun kakang alang- alang ingkang saweg angisah-isahi. Sareng b A. Laa angisah-isahi sampun rampung, ladjeng kaparingan neda tuwuk, nunten kabajar pa- numbasipun alang-alang sangang uwang. Masbèi witjanten : ,,Êmpun ta pikulané alang-alang ndika tjopot, ndika gawa mulih, alang-alangé ndika sèndèkaké pager bata.”

  Sesampunipun si kakang alang-alang njopot pikulan anjèndèka- ken alang-alang, ladjeng mantuk sarwi mbekta pikulan. Sikakang bungah : alang-alang paju Jarang, weteng wareg tampa uwang | Ga- gasanipun : ,,Ah, bésuk daktawa mréné manèh baé !”

  Kotjapa kakang alang-alang ngutu lumampah mantuk sarwi mbek- ta pikulan pring. Sareng lampahipun saweg dumugi ing lèpèn Djenes sakidul Gading, si kakang alang-alang kabelet mbebutjal. Pikulanipun kasèndèkaken ing dadah pagering margi ageng, kakang alang-alang énggal mandap dateng ing lèpèn mbebutjal. Ing salebetipun mbebutjal dumadakan teka wonten tijang. klentung-klentung langkung mangidul, sumerep deling pikulan saméndé ing pager, ladjeng. kapendet, étja, kabekta aglis, bablas boten katjarijos. :

  Sareng kakang alang-alang sampun rampung anggènipun mbe- butjal, ladjeng minggah ing margi; nuwèni pikulanipun sampun boten wonten, ladjeng terus: mantuk, Anggepipun : ,,Ora dadi apa, pikulan pring wé, gawé manèh rak uwis !”

  Énggalipun kakang alang-alang dumugi ing -grija,; ladjeng. gotèk dateng sémahipun, S i g e g. (Dongèng tjarijosipun tijang sepuh ing djaman kina)


XXII. DONGÊNGIPUN DALANG RINGGIT PURWA DIPUN TANGGAP ING LELEMBAT

  Djaman rumijin. wonten dalang ringgit purwa nama Gandawignja, gegrija ing kita Salatiga, pantjèn sampun kondang kapinteranipun - andalang, karana ingadjeng kawulang: kangdjeng pangéran Arja Ku- sumadilaga, ing Surakarta adiningrat,

  Ing satunggiling dinten ketamuan lelembat amêénda djalma, da- tengipun kabagèkaken déning dalang Ganda: ,,fi, bagus punapa sam- péjan wiludjeng, sarta punapa ingkang dados wigatos sampéjan ?"

  ,,Nuwun, kjai, saking pangèstu sampéjan wiludjeng. Menggah sowan kula ing sampéjan punika kula dipun kèngkèn lurah kula nama kjai Bangsadarma, petinggi dusun Tjandidukuh bawah ing Bahrawa, menawi sampéjan dangan dipun aturi angringgit dateng grijanipun lurah kula kalih dinten kalih dalu. Déné wigatosipun sidekah merti dusun, béndjing dinten Setu Paing dumuginipun Akat Pon, tanggal kaping 14 — 15, wulan Besar ngadjeng punika.”

107

[ 108 ]gap dateng kula. Lah, ringgit tuwin gamelan kadospundi pambekta-nipun, awit langkung tebih saking ngriki?"

,,O,kjai,boten susah mbekta saking ngriki, sadèrêk, awit lurah kula sam-pun gadah pijambak, ringgit purwa sakotak, punapa malih gamelan inggih sampun gadah kalih rantjak, saléndro kalijan pélog. Lah, ga. punika kula ngaturi pandjer kalih ringgit.

 Inggih, sadèrèk, kula tampèni, Jan malih béndjing dinten Dje- muwah Legi éndjing kula neda petukan kapal tumpakan kalih.

,,Bab tumpakan sampun kuwatos, nanging kula badé mgaturi jatra paséwaning kapal kémawon saking Salatiga ngriki dumugi kretek Tun- tang ; ing Tuntang kula petuk baita kekalih ingkang ageng; saking Tuntang sampéjan numpak baita ngantos dumugi dusun Tjandidukuh, Ing sapunika sampéjan kula aturi ingkang minangka paséwaning kapal kalih ringgit, ing dinten Djemuwah kula metuk wonten ing kreteg Tuntang.”

 ,,Inggih, sadèrèk, sanget panarimah kula, kula kantja nijaga sa-

 ,,E, mèh supé, Tjandidukuh punika tebih tijang: sadé tjandus; béndjing menawi kjai pangkat kula aturi mbekta saking ngriki.” Dalang Ganda witjanten: ,,Jèn mekaten tjadong. kula tjandu kalih dinten kula teda sapunika, déné tadah kula sadinten sadalu sa- ringgit, dados kalih ringgit.”

 Inggih, kjai, sapunika sampéjan- kula aturi kalih ringgit. Sarèh- ning sampun terang kula sampéjan lilani mundur.”

 Inggih, sedèrèk, kula anjangoni wiludjeng: kémawon.”

,, Inggih, kjai.”Sareng sampun dumugi dinten wignja sakantjanipun nijag nga Djemuwah Lepi, dalang Ganda- a sanga, pangkat saking Salatiga ; sareng dumugi ing Tuntang petukan baita dateng, dalang Ganda sakantja- ailu ladjeng numpak baita, lampahipun mudik kalijan abingah-bi- ngah.  Boten katjarijos lampahipun wonten ing rawa, sampun dumugi ing dusun Tjandidukuh, nanging sajektosipun sanès dusun Tjandidu- kuh, inggih punika ingkang winastan Pening. Sareng dalang Ganda sampun mentas dateng darat aningali dusun ageng kados negari, grija- grija langkung katah babandjengan afarik-tarik; déné radinan ka- tingal wijar bawéra kentjeng resik, tataning tijang gegrija angadjeng- aken radinan sarta ingadjeng mawi sekètèng sadaja, tengahing dusun mawi alun-alun sarta kataneman waringin kurung djèdjèr kalih, ing tepimng alun-alun ugi kataneman waringin atarik-tarik sami ageng- Ipun, Ladjeng katingal Brija ageng-ageng djèdjèr tetiga, pendapi, pringgitan sarta grija wingking tuwin gedang selirang, gandok, Saking alun-alun lumebetipun mawi kori ageng kadjagi tijang katah.

 Kotjap, dalang Gandawignja sakantjanipun malebet ing kori ageng ladjeng ngambah palataran wijar dumugi ing pendapi. Kjai Bangsa- darma saweg linggih ing pendapi dipun adep para panekaripun katah, Wantah dalang Ganda dateng, énggal angawé-awé ngundang kapurih njelak,

108
[ 109 ]„Kula nuwun, kjai lurah, pasang aliman tabé, linepatna saru sikuning lampah kula, mugi aparinga ing pangaksama."

„Inggih, kang Ganda, sami-sami kémawon, kula asuka pambagé ḍateng kang Ganda sakantja sampéjan sadaja, punapa sami rahardja?"

„O, inggih, kjai lurah, saking pangèstu sampéjan sami rahaju."

„Mila kang Ganda kula purih ngringgit kalih dinten kalih dalu, awit kula sakantja baḍé sidekah merti dusun. Mangké dalu kula neda lampahan Wiwaha, awit kula remen nalika Ardjuna bantah kalih resi Padya. Lah, béndjing sonten kula neda lampahan Bratajuda nalika sang prabu Salya nata ing Mandraka madeg sénapati ngalaga ing Kurawa."

„Nun inggih, kjai lurah."

„Kang Ganda sakantja sampéjan, sarèhné sajah sampéjan ngaso wonten grija pisang salirang, dados mangké sonten boten rekaos."

„Inggih kjai lurah, sakalangkung sanget panuwun bingah ing manah kula."

Kotjap, dalang Ganda lèrèh pondokan tamu ingkang kawastanan pisang salirang, ingriku sampun kagelaran babut prangwadani saking sutra diwangga, tuwin bantal-bantal inggih sampun kasedijanan, sarta gandanipun amrik arum angambar. Boten dangu ing pambudja medal wédang lan panganan awarni-warni, déné piringipun sadaja kantjana punapa déné talam pataḍahan inggih kantjana tinarètès ing sesotya. Jèn katingalan tjahjanipun murub amadangi ing gedang salirang. Dalang Ganda andjenger aningali rerampadan ingkang éndah warninipun, ladjeng witjanten ḍateng kantjanipun djuru pangendang nama Tjremakarja: ,,É, Tjremakarja, iki panggonan dudu suwadiné; aku iki nalika ngabdi ana Kusumadilagan Surakarta, mèh saben dina aku ndèrèk kangdjeng pangéran malebu marang kaḍaton, nanging ora mengkono pirantiné, piring ija piring blaka. Ingkang Sinuhun ora kagungan kang mangkono rupané bekakas. Kang katjarita kadatoné kangdjeng njai ratu sagara Kidul kasebut ing babad Mataram, bekakasé mengkono rupané; wis temtu iki negara pangalapan, mulané kowé kang prajitna lan adja pisan duwé kamélikan apa-apa; jèn atimu sutji mesti rahardja."

Tumunten gumantos segah warni sekul ulam sapanunggilanipun, pirantosipun boten sanès kalijan ingadjeng. Ingkang angladosi angidjabaken:

„Punika kijai, sampéjan dipun-aturi dahar sawontenipun."

„É, inggih sakalangkung panuwun kula." Dalang sakantjanipun ladjeng sami neda sarta anggènipun neda sakalangkung déning miraos.

Kotjap, sampun wantji serap surja, dalang Ganda sanijaganipun sampun madjeng ḍateng penḍapi, anata gamelan saléndro tuwin ringgit ingkang baḍé kanggé, dalang Ganda sakamantyan gawoking manah, déné angungkuli gamelan kraton; menggah udjuding ringgit sadaja gegelipun emas mawi kapatik ing sesotya barléjan, punapa malih ringgit-ringgit para ratu sinukarta sesotya sadaja, tangsuling gapit kawat kantjana, déné gapitipun sadaja saking salaka. Ringgit ladjeng kapanggung kados adat baḍé kadamel angringgit. Déné dalang anggènipun anata ringgit tuwin gamelan wonten ing grija paringgitan, ing [ 110 ]penḍapi sampun kebak tijang djaler ingkang djagong, sadjak penganggénipun tijang djaler èstri kados prijantun ing negari Surakarta, inggih sami ngabotohan warni-warni, kadosta: kasukan gitikan (kertu gangsal), tjeki, pèi, setuteran, salikuran. Saenggèn-enggèn wonten tijang ngabotohan, sampun kados pabrik gendis ingkang nembé baḍé giling rosanipun. Déné grija ing wingking kebak sami lenggah dépokan, gelungipun gondèl, sami tjunduk djungkat tanggalan kang katrètès sesotya, sengkangipun blosokan ingkang katrètès ing berlijan, mawi kembenan, déné rasukan warni kalih, ingkang katah takwa tuwin kebajak tjekak kados ingkang kanggé djaman Kalijoga punika.

Kotjap, dalang asasmita talu, sasampuning talu ladjeng djedjer, ingkang minangka djedjer ratuning raksasa adjedjuluk prabu Niwatakawatja, ing nagari Imantaka. Sareng wantji baḍé tengah dalu dalang amedalaken sang hjang Pramèsti Guru, sadaja tijang ingkang aningali angobong menjan, awit sadaja ingkang aningali sami ambekta latu merang punapa déné ing penḍapi tuwin ing grija wingking inggih angobong dupa, kukusipun kumelun kados ampak-ampak utawi pedut, saged anjuremaken urubing dilah katah. Boten kagantjaraken lelampahaning anggènipun angringgit awit para maos sampun temtu njumerepi.

Katjarijos anggènipun ngringgit dalang Ganda sampun dumugi kalih dalu, sesampuning pragat pangringgitipun dalang Ganda neda pamit mantuk sakantjanipun.

Kjai Bangsadarma: ,,Inggih, kang Ganda, sanget ing panarimah kula awit anggèn sampéjan ngringgit damel suka bingahing kadang warga kula sadaja; déné anggèn sampéjan angringgit kalih dinten kalih dalu kula aturi kawan dasa ringgit, sarta sampéjan kula bektani kunir sakedik kinarja usada padaran mules, sanadyan sakit sanèsipun kénging kadamel sarana; punapa malih kula meling, salebeting sampéjan wonten baita sampun ngantos njebut asmaning Pangéran, punika awisanipun lèpèn Tuntang, jèn katerak asring manggih bebaja."

,,Nun inggih, kjai lurah, baḍé kula éstokaken; manawi sampun terang dawuh sampéjan, kjai lurah, kula njuwun mundur sakantja sadaja."

,,Inggih kang Ganda, kula asuka wiludjeng sadajanipun." Sareng dalang Ganda sampun dumugi sadjawining kori, pitakèn kalih pangenḍang: ,,É, Tjremakarja, kunir mau kowé apa ora lali ?"

,,Boten kang, punika kula bekta."

,,Sukur, di, senadjan ing Salatiga ora kurang kunir, aèngé déné pawèwèhé kjai petinggi, takkira gedé paédahé.

Lah, Tjrema, kang separo takgawané, kang separo gawanen!"

Ladjeng kabuntel saputangan gembaja katangsulan ladjeng dipun sabukaken kentjeng, Tjrema inggih makaten.

Sadumuginipun ing babagan dalang Ganda tuwin sakantjanipun sami numpak baita kados nalika pangkatipun; lampahing baita milir para nijaga sami asuka-bingah awit baḍé pikantuk panduman jatra katah. Sareng dumugi sanginggiling kreteg Tuntang, dalang Ganda teka kasupèn welingipun kjai Bangsadarma, dumadakan anjebut asmaning Pangéran: ,,E, kantja kuwasaning Gusti Allah iku ora kena [ 111 ]tjinakrabawa." Witjantenipun saweg dumugi samanten, baita kekalih sareng kèremipun ladjeng musna kalijan tijang ingkang melahi, déné tijang ingkang numpak sami pating krambang. Tjremakarja sakantjanipun anulungi dalang Ganda, ladjeng kaentasaken ḍateng darat, sanèsipun sampun mentas sadaja, awit sami baut anglangi, sami lèrèh wonten sapinggiring lèpèn.

Dalang Ganda witjanten: ,,É, kantjaku kabèh adja ana kang ngresula utawa keduwung lelakon iki, karana kaja ana sadjroning pangimpèn. Lah, saiki aku mudeng jèn kang nanggap iki pantjèn Ielembut kang pada makajangan ing umbul Pening, déné lurahé lelembut ord kjai Bangsadarma, kang bener kjai Sarpabangsa arupa taksaka naga. Sanadyan demit atiné betjik lan ambek utama. Mara, Tjrema, ḍuwit kang kogèmbol apa ora katjemplung ing banju?"

Pangendang kalih pangrebab angedalaken jatra ingkang dipun gèmbol ladjeng kapétang taksih djangkep kawan dasa ringgit.

,,O, sukur-sukur déné ana kang ginawé sangu mulih, nanging wetengku kok mules, takira nggonku kekum ing banju mau, mara tak tjobané mamah kunir paringané kjai petinggi. Ladjeng dipunut juli saking saputangan; sareng dipun waspaosaken amalih warni kentjana. Ingkang kabekta Tjremakarja énggal katingalan inggih dados emas, para nijaga abingah-bingah sadaja.

Dalang Ganda witjanten: ,,Iki barang jèn wis tutug ing ngomah baé didol kabèh, sapira pajuné didum warata; wis, ajo pada nuli mulih mumpung isih rada awan."

,,Sumangga suwawi, kjai."

Katjarijos saantukipun ngringgit saking rawa Pening, dalang Ganda nandang sakit mripatipun ngantos dados wuta. Sanadyan sampun wuta boten suda ingkang ananggap, karana prigel wasis panjepengipun ringgit taksih kados nalika awasipun, nanging sareng wuta wonten ingkang angladosi amendet ringgit ingkang baḍé kawedalaken. Malah ing tjarijos pedjahipun kjai dalang Gandawignja boten mawi sakit ing satengahing ngringgit wonten dusun Daḍapajam distrik Salatiga.

(Dongèng warni-warni.)

XXIII. TJILAKA ANÉ


Sijang-sijang, wantji bedug kentang-kentang, ing pinggir margi prasekawanan wonten djedjaka ngadeg ndjedjer kados retja gesang-gesangan. Tangan kiwa malang kerik kalijan njangklong tas, mbedudug isi untel-untelan anduk, sarung lan rasukan telesan. Tangan tengen njeketem katju, sekedap-sekedap kanggé ngusap batuk awit keraos risi djalaran kala djungkatan wau katut keblonjo pomade. Sak kiwa-tengen ing ngandap ngetombol isi katju, pèmès, arta, djungkat. Déné sak nginggil isi pulpèn, djèdjèr rèntèp kalijan pul potlot pisan, kalijan tismak garan penju saha djam ranténipun nglawèr pandjang, tuwin malih senadjan kala semanten mangsa terangan éwa déné [ 112 ]djedjaka wau meksa sedija djas-hudjan, kasampiraken ing pundak. Wah teka pating srendil, pepak mèh kados bakul prombèngan.

Boten antawis dangu bisipun sampun ketingal, nunten dipun setop. Djedjaka wau angsal papan sanding podjok ing wingking, ,,Klaar!" Bis mlampah malih, kenèk boten keduman enggèn, namung ngadeg kémawon, mobat-mabit gondélan konten, ndojong mangiwa, nggléwang manengen anut ombak lampahing motor, mripatipun léra-léré ngenut ébahing badan, rambut modal-madul, dipun tumpangi pétjis klawu kairingaken manengen. Taksih ketawis bilih ingkang klawu punika waunipun petak, nanging rèhning sampun lami tur kekerepen kanggé njungga-njunggi bagor, krandjang senik, pramila inggih sampun itjal petakipun. Teka malah dados lan pantesipun. Déné kemédjan dalah sruwal pantjèn sampun dasar tjemeng, ndadak sampun ragi kekatahen gemuk semir-oli; wah, sadjakipun ngantos kandel meleng-meleng!

Rèhning pantjèn sampun kebak, pramila lampahing bis saged terusan kémawon, boten kekerepen kéndal-kèndel, nanging grondjalan sanget boten sekétja, tijang lakar ngleresi bis sampun kepara risak! Tur swaraning mesin dalah momotan ing pajon pating glodag grambjangan mbrebegi kuping sajektos.

Djedjaka kasebat nginggil penganggénipun sarwa setlikan tur saanggènipun dandan ketingal ragi dipun kajang. Sa-ebis ngriku kaleres namung sarwa tjemeng amblurus, dados boten élok upami laré wau nggadahana raos-rumaos bregas pijambak, rumaos kadi déné regulo mawar, mèdem éndah, njelap èdi pijambak wonten madyaning bebondotan. Pasemonipun kémawon sampun ketawis, tuwin inggih katitik saking bringkang-bringkunging solah bawa. Kinekera kados punapa, sumuking batos punika saèstu inggih tumus ḍateng lèdjeming lati saha liringing nétra. Dasar kepara njata: lair utusaning batin! Linggihipun tanpa mobah tanpa mosik kedjawi namung krana kontrag kaentrog-entrog ing ebis. Plelenging mripat namung kaeneraken ḍateng djogan longaning bangku ing ngadjengipun. Tijang sa-ebis asring gar-ger gumudjeng, awit wonten ingkang nglutju nirokaken lelutjon Garèng-Pétruk tuwin Bagong anggènipun ningali wingènipun. Namung wonten setunggal ingkang boten nggatosaken ḍateng bebanjolan wau, inggih punika tijang èstri sampun sepuh, awit saweg ngemataken anggènipun tonak-tanuk anggegajemi sedah-gambir-endjet.

,,Djaka-bregas" asring aklétjam-klètjem keprodjol èsemipun, nanging genah boten margi saking lelutjon Bagong, sampun temtu nènèman wau ngandut gémbolan sanès, genah jèn boten barès ! Kotjap mbah sepuh ingkang tonak-tanuk ngemataken gantèn wau klițihan baḍé ndubang, boten wonten ,,ketjohanipun." Wusana tékad-tékadan, ladjeng kaidokaken medal djendéla.

Tjilakanipun sang Djaka-bregas, dubang katampek ing angin, kewangsul mbalik lumebet, sumamburat njiprati djas setlikan. Kodjuripun pun kenèk, kedrawasan lambé kesrèmpèt pesating warastra rekta alias djemparing ketjoh-rudira wau. Njai Tanuk putjet-bijas ulatipun. Baḍé witjanten kamisosolen boten medal tembungipun. Kenèk kraos anjep-anjep ing lambé, sareng dipun takjinaken, djebul idjem-idjem mawi semburat abrit. [ 113 ]„Boten genah sampéjan niku mbah!"

„Wong boten kedjarag kok Mas, nggih ngapuntené mawon djing katah."

„Napa boten ngerti nèk boten èntuk nginang ?"

„Ngapuntené tijang sepah, niki !”

„Mbok nika diwatja, dilarang ludah !"

„Tijang empun sepuh, boten saged maos kok Mas !"

„Lajak! Lah wong ora tau mangan sekolahan !!! Prijantun, djasipun abrit punika lo !"

Djaka-bregas gita anggènipun ngiling-ilingi: ,,Tjilaka ané !" Djas ing pundak kénging dubang saèstu. Pepes raosing manah, kadi déné ketaman ing gas-ratjun. Baḍé nepsu, mindak tiwas namung petjutja-petjutju. Pun Nini Tonak-tanuk gèk baḍé dipun punapakaken? Namung kémawon ulatipun meksa ketingal: sanget gela, sanget tjuwa, sèwu susah sèwu sedih, awit anggènipun bentèr-bentèr kesesa-sesa nunut bis punika wau margi déning sampun kentjan, baḍé sesarengan mara-tamu kalijan kantja-kantjanipun sawetawis, ḍateng panggénaning mitra gaḍah damel, katik mawi pijulan, gitaran barang. Apesing badan djebul kepalang bandjir seganten rudira! Temtunipun Djakabregas kepeksa wangsul ing margi, kepeksa tjidra ubaja mbaléndjani djandji, gela-tjuwa boten èstu seneng-seneng kepanggih mitra karuh, getun-ngungun, sandé anggènipun baḍé gijak-gijak gegudjengan kalijan kantja tuwin para sadèrèk. Tjilèmèt ané !

(Simpai).

XXIV. RADÈN RANGGA

Radèn Rangga, putra Kandjeng Panembahan Sénapati, iku misuwur digdaja, rosa sarta teguh. Wataké panasbaran lan tjengkiling Jèn nempiling uwong mesti matiné.

Anudju sawidjining dina ana wong neneka saka ing tanah Banten, sedyané arep ngajoni kadigdajané Sang Panembahan; bandjur ditemoni ingkang putra, Radèn Rangga, pada ngadu karosan. Wasanané wong Banten mau kasoran, lan mati amarga tinempiling déning Raden Rangga.

Ora let suwé Radèn Rangga kaḍawuhan ingkang rama maguru marang Ki Djurumartani. Nanging Ki Djuru nalika semana lagi salat ana ing masdjid. Radèn Rangga ngentèni, lungguh ana ing undak-undakaning masdjid, sing digawé watu kumlasa atos-atos banget. Sadjroné lungguh njrantèkaké Ki Djuru, watu kumlasa mau ditjublesi nganggo dridjiné, nganti pada dekok; lah kok majar baé, kaja njublesi lemah lempung kaé, Salebaré sálat, Ki Djuru nemoni Radèn Rangga, sarta kaget déné watu undak-undakaning masdjid pada dekok tilas ditjublesi Radèn Rangga mung nganggo dridjiné baé.

„Radèn Rangga, watu kotjubles iku apa ora atos?" Mangkono pangandikané Ki Djuru. Watu ija bandjur atos pada sanalika. Ditjubles ora pasah. Radèn Rangga mitjara ing sadjroning ati: ,,Bener [ 114 ]rama Sénapati, aku didawuhi anggeguru marang éjang Djuru. Wong tuwa mono ora kena diungkuli ing wong enom ing kasektèné utawa ngèlmu lijané."

Radèn Rangga bandjur njuwun wulang marang ingkang éjang. Kjai Djuru akèh paringé wulang marang ingkang wajah. Radèn Rangga tumuli bali. Pungkas-pungkasané Radèn Rangga mireng pawartos jèn ing Patalan ana ula gedé, angluwihi galaké, kerep nguntal wong liwat. Radèn Rangga arep ngajoni. Ula énggal anjander, njakot sarta muled. Radèn Rangga panggah, tjinakot ora pasah, pinulet ora obah. Ula bandjur binetot-betot, dadi lan tiwasé. Radèn Rangga nuli mulih, tekan ing dalem bandjur gerah, andadèkaké ing sédané.


ADJA NGITIK-ITIK ANAK PUPON


Katjarita Panembahan Sénapati iku nalika timuré dipundut putra karo Kangdjeng Sultan Padjang, banget kinasih, kaja putrané Kangdjeng Sultan pijambak. Bareng wis diwasa winuruk sakabèhing ngèlmu, kasektèn lan kateguhan, apa déné bandjur dimuktèkaké ana ing bumi Mataram. Wasana ing pamburiné djebul wani marang Kangdjeng Sultan ora kersa sowan menjang Padjang, sedyané arep ngratoni tanah Djawa.

Tindak kang kaja mengkono mau ndadèkaké dukané Kangdjeng Sultan. Saking gempunging panggalih, Kangdjeng Sultan Adiwidjaja kawedal pangandikané mengkéné: ,,Saturun-turunku adja ana sing duwé anak pupon." Wiwit semana trah Sultan Padjang bandjur pada njirik, emoh mupu anak, utawa ngitik-itik anak pupon.


ADJA NUNGGANG DJARAN BATILAN


Mirid dedongèngan, Radèn Ngabèi Loring Pasar, ija kang ing pamburiné djedjuluk Panembahan Sénapati, iku nalika perang mungsuh Arja Penangsang ing Djipang nitih belo, suriné batilan. Déné titihané Arja Penangsang aran Gagakrimang. Nalika satrija loro mau perang tanding, pada arep-arepan, titihané Radèn Ngabèi Loring-Pasar mbandang, ora kena dipekak nganti sawatara dohé. Adjaa ngrangkul kentjeng ing guluning titihané, Radèn Ngabèi mau kalakon dawah. Bareng wis mandeg, Radèn Ngabèi énggal medak, titihané dituntun, kapasrahaké marang ingkang abdi, kanti prasapa: ,,Bésuk saturun-turunku, jèn perang adja ana kang nunggang djaran batilan, sebab bakal neniwasi."

Nganti sepréné tedak-turuné Radèn Ngabèi Loring-Pasar, ija Panembahan Sénapati mau, pada ora wani ngingu utawa nunggang djaran baţilan.

(Serat Kasusastran Djawi.)

[ 115 ]
XXV. BAB GRAHANA

Saka tjaritane wong ing djaman kuna, nalika kangdjeng nabi Musa kalamollah, anglurugi sang hjang Pramèsti Guru marang wukir Déwani, ija gunung Himalaja kang kasebut ing Suralaja, nganti prang gedé, nanging batara Guru kasoran, awit kasektèné ora dadi, satemah djengkar aninggal Suralaja, lolos mangétan sapara déwa kabèh. Nabi Musa mijosaké adji kemajan maudjud peksi dara séta sadjodo, kang pangawak utawa nggawa wisa mandi, kinon angetutaké lolosé batara Guru lan para déwa saparané, sarta kinon angudani wisa, nanging jèn batara Guru tutug ing muswa Djawa manuk dara kadawuhan bali.

Kotjap batara Guru wus tutug ing pulo Djawa, manuk dara bali, nanging sang hjang Guru lan para déwa kabèh nandang kasangsaran, awit ketaman déning dajaning wisa kemajan. Lakuné sang hjang Guru lan para déwa andjog ing aldaka Lawu, bandjur pada lèrèn; sang hjang Guru uga kalcbon wisa kemajan, nanging durung malebu sadjroning guwagarba, wisa lagi tutug ing gorokan nuli dirogoh kawetokaké ing tenggok, mulané sang hjang Guru anandang tjiri tenggaké belang putih, bantjur asesilih asma sang hjang Nilakanţa. Déné para djawata kang ketaman wisa tansah nandang raga; jèn ta kenaa ing pati temtu lebur tumpes tapis tanpa 'kukuban.

Amung batara Wisnu kang kalis déning wisa kemajan.

Sang hjang Nilakanţa ngandika marang batara Wisnu : ,,E, kulup Wisnu, énggal para kadangmu déwa kabèh, kang ketaman ing wisa pada usadanana. Lah iki, kulup, usadané aran tirta Marta, takwaḍahi ing tjupu manik Astagina, kulup ; kang angombé banju iki luput ing pati bisa urip ing salawas-alawasé."

Katjarita, para déwa wus diusadani marang batara Wisnu paḍa waluja kabèh.

Ing wektuné batara Wisnu angusadani para djawata, ana raksasa aran Lembutjulung anjlamur mada déwa, ndjaluk usada marang batara Wisnu, uga diwènèhi, nanging batara Surja ora samar jèn kang ndjaluk usada iku raksasa tjanḍala njalimur pinda déwa. Enggal batara Surja ndjawil marang batara Wisnu : ,,Kakang Wisnu, ingkang paduka sukani usada punika wau sanès djawata, sajektosipun danawa dusta ; énggal kakang paduka lepasi sandjata tjakra ; jèn ngantos toja Marta mrasuk ing angga temtu boten saged pralaja ; menawi mbalela sinten ingkang saged anjembadani, mangka agengipun saprabata siwi."

Sang hjang Wisnu sigra mentang langkap anglepasaké sandjata tjakra, kena gúluné sang Lembutjulung tigas pantjing, karana tirta marta durung mlebu sadjroning angga, isih ana ing gorokan. Satemah endasé Lembutjulung bisa mesat angambara marang ing gagana ; iku urip tanpa gembung saka dajaning tirta Marta, déné gembungé dadi lesung ana ing martjapada ; mungguh endas buta mau pakarjané tansah amemangsa surja lan tjandra. Mulané jèn ana grahana srengéngé utawa rembulan, ija iku dimangsa endasé Lembutjulung, wong kabèh pada mbendrong kotèkan gendong barong, awit lesung-lesung kabèh iki gembungé sang Lembutjulung ; jèn gembungé digawé ko[ 116 ]ṭèkan, wis temtu endasé komet lan ngelu, dadi wurung sedyaning endas bakal anjirnakaké srengéngé lan rembulan. Saupama ora digenḍongi anggoné amangsa srengéngé lan rembulan mesti entèk, jèn srengéngé lan rembulan entèk, kang temtu ngalam donja patjoblong : rina wengi dadi peteng nḍeḍet alimengan.

(Serat Kasusastran djawi.)

XXVI. BAGAWAN TEGA-ING-RAT

Ḍèk bijèn ana alas geḍé banget. Saka kikis wétan tekan kikis kulon kira-kira lakon sepasar, saka kikis kidul tekan kikis lor samono uga, malah kepara luwih. Ing sisih kulon lan sisih wétan sing dadi tapelwatesé kali bengawan, ing sisih kidul segara, ing sisih lor pagunungan sing djurangé djero-djero. Alas mau akèh banget pategalané. Mulané djenengé Tegal Pangangen-Angen.

Sing ngenggoni alas mau kéwan tratjak loro, jaiku banṭèng, mendjangan kidang lan weḍus. Sing akèh ḍéwé weḍusé. Ana jèn mungrong èwu. Bandjur kidang, kira-kira telung atusan. Bandjur mendjangan, mbokmenawa ana satus. Sing seṭiṭik déwé bantèngé. Tjatjahé mung ana telung puluhan. Ananging senadyan mung setitik tjatjahé, sarèhné geḍé lan rosa déwé, mangka ja kendel lan pinter déwé, mulané saben-saben ana pilihan lurah, sing dipilih déning sakabèhing kéwan ing Tegal Pangangen-Angen mau mesti bantèng. Ing kalaning lelakon sing taktjaritakaké iki, sing dadi lurah djenengé Ki Tulus. Olèhé mréntah ana ing Tegal Pangangen-Angen adil banget, mulané ditresnani déning sakabèhing kéwan.

Kotjapa, ana ing èrèng-èrènging gunung tjeḍak kikis lor, ana patapan djenengé Wukir Rinengga. Sing tapa ana ing kono wedus bérok, djenengé Bagawan Téga-ing Rat. Jèn pinudju ora mudja-semèdi utawa ngeningaké tjipta, Sang Bagawan mau gawéné mlaku-mlaku karo mriksa olèhé paḍa njambut gawé para tjantrik lan para éndang. Saking djembaré pakarangané lan pategalané mula olèhé ngingu tjantrik énḍang ja rada akèh. Mulané sanadyan wedus tapa, Bagawan Téga-ing-Rat kuwi klebu kéwan sing uripé mukti déwé. Panganan apa wae sing dadi karemaning weḍus ana. Kedjaba kuwi, apa waé sing kapénak tumrap ing pantja-indrija, ing patapan wis tjumepak. Sing ngladèni énḍang, tjèti, para njai, manggung lan ketanggung. Mulané muktiné Sang Bagawan ja wis ora ketanggungan. Ora béda karo muktiné radja Turki utawa radja Prantjis ing djaman bijèn.

Wis tau ana wedus nonoman takon marang Sang Bagawan, kena ngapa jèn njata wedus tapa temenan, uripé kok luwih saka mukti ngono. Awaké nganti lemu banget. Wangsulané Sang Bagawan :

,,O, kowé kuwi tjempé wingi soré! Jèn oraa, mestiné rak ngerti jèn lairing urip kuwi ora magepokan karo batin. Apa kowé durung tau krungu tjaritané Gagang-Aking karo Bubuksah ? Durung ? Jèn durung taktjaritakaké.

116 [ 117 ]Ngono ja : Ing djaman kuna kuwi ana sedulur kakang-adi. Sing tuwa djenengé Gagang-Aking, sing enom Bubuksah. Sedulur loro mau arep tapa ana ing alas. Sarèhné ora tjotjog keprijé olèhé arep tapa, mulané bandjur pepisahan. Gagang-Aking olèhé tapa sarana ngurang-ngurangi gelem mangan jèn krasa ngelih banget, gelem ngombé jèn krasa ngelak banget, gelem turu jèn krasa ngantuk banget, jèn mangan, sing dipangan mung gegodongan lan wowohan; jèn ngombé, sing diombé mung banju tawa. Tjekaké ngurang-ngurangi sakabèhé. Awaké nganti kuru banget. Mulané djenengé ja Gagang-Aking.

Adiné tapané rada anèh. Mangan ngombé ora lèrèn-lèrèn. Sing dipangan apa waé sing ketjandak: manuk, tjèlèng, kidang lan lija-lijaning sato-kéwan. Malah jèn bisa njekel manungsa, ja dipangan. Wowohan ora ditampik. Tjekaké apa waé sing kena dipangan, dipangan. Déné jèn ngombé, kedjaba banju tawa, ja brem lan tuwak. Jèn ngombé nganti mendem. Bandjur turu nglempus sadina-sawengi. Awaké nganti lemu banget, ja ora béda karo aku iki, Mulané djenengé Bubuksah, tegesé hawa nepsu mangan.

Kotjapa ing Suralaja, Batara Indra arep njoba tulusing atiné sedulur loro mau. Bandjur utusan Batara Kalawidjaja, ndikakaké malih matjan lan nari marang Gagang-Aking lan Bubuksah apa gelem dipangan.

Batara Kalawidjaja bandjur tumurun ing martjapada, malih matjan. Marani Gagang-Aking.

,,Gagang-Aking, aku iki ngelih banget kowé apa gelem takpangan ?"

„Aku iki lung-lit ngéné kok arep kopangan. Mbok tjoba menjanga enggoné adiku si Bubuksah. Kuwi awaké lemu tur isih enom. Jèn dipangan mestiné énak banget."

Matjan bandjur marani Bubuksah.

,,Bubuksah, aku iki ngelih banget, kowé takpangan apa gelem ?"

,,O, gelem waé, Kjai. Nanging mengko disik ja, entènana sedéla. Aku tak nutugaké olèhku mangan.

Sawisé mangan, Bubuksah bandjur adus reresik awak. Bareng wis resik awaké, bandjur marani matjan.

,,Wis Kijai, aku panganen."

Matjan bandjur mblakakaké jèn awaké kuwi satemené waé utusané Batara Indra, ndikakaké njoba tulusing atiné Gagang-Aking lan Bubuksah. Saiki njata jèn sing tulus iki Bubuksah, lega-lila masrahaké pati-uripé. Ja bener Gagang-Aking kuwi wong tapa, nanging durung sutji atiné, durung téga ninggal donja. Sedulur loro mau bandjur digawa sowan Batara Indra ing Suralaja. Bubuksah dililani nunggang ana ing geger, Gagang-Aking mung kena géndolan buntut. Dawuhing Déwa, Bubuksah pinarengaké munggah swarga sing ḍuwur déwé, Gagang-Aking kalilan manggon ana sing swarga endèk déwé. Mangkono tjekaking tjarita.

,,Aku iki kaja Bubuksah, Sanadyan olèhku tapa kuwi tumraping wedus lumrah kena diarani anèh, malah sanadyan uripku kuwi kena mukti pisan, ananging aku wis téga ninggal kadonjan, legalila masrahaké pati-uripku, Mung ana bédané setitik tumrapé aku karo [ 118 ]buksah. Jèn Bubuksah isih nganggo munggah swarga barang. Jen aku wis ora mreduli marang swarga. Sing takèsti mung manunggaling Kawula kalawan Gusti. Malah saiki iki uga, satemené waé njawaku kuwi wis djumbuh karo Gusti. Tumraping aku wis ora ana Kawula, ora ana Gusti, sing ana mung ,,Iku". Ananging jèn aku mati, ja ing kono kuwi sampurnané enggonku manunggal kalawan Gusti."

Wedus nonoman krungu kandané Sang Bagawan mangkono mau bandjur rumangsa isin banget. Ndjaluk pangapura, déné nganti ora ngandel marang Sang Bagawan. Tekan ngomah, wedus mau ngandakaké apa sing diandaraké déning Sang Bagawan. Sang Bagawan saja kondang. Muridé saja akèh, pundjungané saja akèh.

Kotjapa ing alas Srigalabumi, panggonaning asu adjag. Ing kono ana patjeklik. Akèh sato kéwan kang mati djalaran saka pageblug. Wusana asu adjag banget anggoné kekurangan pangan. Mulané bandjur pada ngumbara tekan ing endi-endi. Malah ana sing nganti njabrang bengawan tapel-watesing Tegal Pangangen-angen. Asu sèketan sing bisa slamet tekan Tegal Pangangen-Angen mung ana salawé. Bandjur pada golèk pangan. Sing katon disik déwé wedus. Suwé-suwé mregoki kidang, bandjur mregoki mendjangan. Sarèhné kidang-mendjangan sok nglawan, mulané jèn isih bisa milih, sing dipilih wedus. Gampang patèn-patènané. Nanging jèn kepeksa amarga ngelih banget, apa waé ditempuh. Malah wis tau ana bantèng isih rada tjilik, saba déwé misah karo kantja-kantjané, kawruhan ing asu adjag, bandjur dikrubut nganti tekan patiné. Saking mirisé, kéwan ing Tegal Pangangen-Angen nganti ora bisa ngèstokaké apa dawuhé Ki Lurah Tulus. Dawuhé jaiku supaja sakabèhing kéwan nglumpuk dadi sidji, bandjur gawé pager sing pengkuh. Sing ndjaga mengko bantèng lan mendjangan lanang sing gedé-gedé. Ananging saking djembaré Tegal Pangangen-Angen, mangka ana ing dalan sok dibégal asu, mulané wedus utawa kidang mendjangan akèh sing ora wani mlaku marang omahé Ki Tulus. Wani-wani jèn diteraké bantèng loro utawa telu. Mulané sing bisa ngumpul ana ing kalurahan mung setitik. Tjekaké uripé kéwan ana ing Tegal Pangangen-Angen nalangsa banget. Sing rada kepénak mung sing tjedak Ki Tulus sabalané. Saking rosané lan kendelé, sanadyan asu adjag sing gedé-gedé jèn ora kapeksa ora wani nempuh. Déné jèn meksa nempuh, Ki Tulus ora bakal atinggal glanggang tjolong plaju !

Ing patapan Wukir-Rinengga uripé para tjantrik, éndang tjèti, sapituruté uga ora pati ngrekasa banget, amarga saking sugihé Bagawan Téga-ing-Rat, jèn kedajohan asu adjag, bisa njuguh panganan sing énak-énak. Jen wis wareg, asu adjag trima ora sida ndjaluk tjantrik utawa endang. Malah jèn meksa arep mangan tjantrik utawa endang, bandjur diendemi brem karo tuwak. Bandjur digotong menjang ndjaban patapan. Régol dikantjing. Karepé para tjantrik, asu sing mendem mau arep dipatèni pisan, nanging ra dililani déning Sang Bagawan. Ora betjik matèni sapada-padaning urip. Mundak ngalang-alangi manunggaling Kawula kalawan Gusti. Utawa manèh, anané asu adjag ana ing Tegal Pangangen-Angen kuwi rak wis pinesti déning Sang Hjang Atjintya. Kanggo njoba bebudèning para wedus lan kantja-kan-tjané. [ 119 ]Asu adjag ja wis pada ngerti marang bebudèné Sang Bagawan, mulané bandjur pada rembugan. Wosing rembug mangkéné: Bagawan Téga-ing-Rat kuwi wedus sing kadjèn-kèringan ing Tegal Pangangen-Angen. Mangka sanadyan ngerti jèn asu adjag kuwi gawéné mangan bangsané wedus, nanging Sang Bagawan katoné ora serik atiné. Malah ngandani marang murid-muridé jèn asu adjag kuwi sapada-padaning tumitah, dadi ora kena diaru-biru. Béda karo bantèng. Jèn bantèng, manèh si Tulus kaé, ora kendat-kendat olèhé ngandani kantja-kantjané jèn asu kuwi mungsuh. Tur jèn kadang-kadang dikrubut, mesti nglawan. Wis tau ana asu adjag sing durung akèh pangalamané, weruh ana bantèng rada adoh karo kantjané, bandjur dikrubut. Ora ngerti jèn sing dikubrut mau si Tulus. Hla, asu adjag akèh sing tiwas. Kepénaké sing didadèkaké lurah kuwi Sang Bagawan waé, supaja saisining Tegal Pangangen-Angen mari sudjana tumraping asu adjag. Jèn wis ora sudjanan, gampang bedog-bedogané. Asu adjag bandjur pada marani Sang Bagawan. Ditari dadi lurah.

Wangsulané:

,,Adja dadi atimu, ki sanak, aku iki wis tuwa tur durung tau njekel papréntahan. Kowé ngerti déwé jèn aku iki wedus tapa. Sing takgolèki mung manunggaling Kawula kalawan Gusti. Jèn kowé takon aku, sapa sing patut dadi lurah ana ing kéné, ja kuwi lurahmu déwé, Ki Ageng Srigalanata. Sababé, jèn aku ora klèru, Wahju Tjakraningrat kuwi saiki wis ana ing lurahmu."

,,O ija ta, Bagawan, jèn kowé ora gelem dadi lurah ja ora dadi apa. Nanging pandjalukku, sato kéwan saisining Tegal Pangangen-Angen kuwi kandanana jèn bangsaku asu adjag kuwi ana ing kéné rak ora arep gawé ala, malah arep gawé betjik. Wedus lan kidang-mendjangan sing kadang-kadang takpatèni, kuwi rak amarga dosa. Apa ija kéwan ora dosa kok diukum pati! Kantja-kantjamu kuwi kandanana jèn sing dosa gedé banget kuwi sabeneré waé si Tulus. Djalaran, si Tulus kuwi tansah ngala-ala waé marang bangsaku. Jèn wataking satrija utawa wataking pandita-ratu kaja kowé kuwi, mestiné ora bakal ngala-ala sapada-padaning dumadi. Rak ja ngono ta, Bagawan?"

,,Bener banget kandamu kuwi! Mulané lurahmu énggal-énggal aturana djumeneng nata ana ing kéné."

Kotjapa ing alas Sardulapada, panggonané matjan kombang. Ing kono uga ana patjeklik. Saking ngelihé, matjan kombang bandjur pada ngumbara, menjang ngendi-endi. Nganti dilabuhi njabrang bengawan tapel-watesing Tegal Pangangen-Angen. Ing kono sing katon disik déwe asu adjag sing lagi pada sarapan wedus. Matjan kombang bandjur pada munduk-munduk ngrunduk asu adjag. Bareng wis rada tjedak, mentjolot nubruk sing lagi pada énak-énak sarapan. Bandjur pada kerah ramé banget. Asu adjag kelindih ing juda. Sing durung kebatjut mati, pada mlaju nggoleki kantjané. Wiwit dina iku, asu adjag terus perang nglawan matjan kombang. Wedus, kidang lan mendjangan pada kekes weruh perangé kéwan galak pada galak. Sing wani ndeleng saka kadohan mung bantèng. Ananging jèn olèhé perang tjampuh saja tjedak saka panggonan enggoné ndeleng, bantèng meksa sumingkir. [ 120 ]Suwé-suwé asu adjag keseser. Sing isih urip kepeksa lunga saka ing Tegal Pangangen-Angen.

Sang Bagawan Téga-ing-Rat krungu jèn asu adjag kalah, atiné sedih banget. Sebabé, sanadyan kéwan galak, asu adjag kuwi wis tepung betjik, mangka ja durung tau ngganggu gawé ana ing patapan. Satekané matjam kombang, uripé wedus, kidang, mendjangan, lan bantèng saja ngrekasa, amarga matjan kombang kuwi sanadyan dedeg-pangadegé ora sepiraa, nanging karosané ngungkuli asu adjag. Mangka gamané ora mung sijung waé, tjakaré ja landep banget. Kedjaba kuwi, mènèk wit-witan bisa, ngrunduk pinter banget. Weruh-weruh. jèn wis njokot gulu utawa ngetapel ana ing punuk. Wedus sakantja-kantjané saja akèh sing mati dadi mangsané matjan kombang. Malah bantèng ja wis ana sawetara kang kena dilimpé. Ki Tulus nganti djudeg banget.

Ing sawidjining dina Ki Tulus nékad arep marani panggonané matjan kombang. Sing didjak mung kantja papat. Lijané dikon tunggu omah. Karepé Ki Tulus, matjan kombang arep ditantang prang tanding. Tekaning ngendon, djebul sepi. Matjané mbok manawa lagi pada saba utawa ngalih panggonan. Ora olèh gawé, tja, matjané ora ana sidji-sidjia. Wis ajo, mulih waé. Awas, Ki Tulus! Nḍuwurmu kuwi apa? Waduh, kasèp! Punuké Ki Tulus wis ditjengkerem matjan kombang. Matjan mau andjlog saka ing uwit. Ki Tulus ndjola. Lagi arep ngipataké sing ana ing punuk, geger, lambung, pupu, bokong, sirah wis diéntjoki matjan. Ki Tulus kepeksa gulung-koming. Matjan sing pinudju ketindihan ja bandjur uwal, nanging jèn wis mari ketindihan, nubruk manèh. Adjaa ditulungi kantjané, mbok manawa Ki Tulus tumekèng lajon temenan. Saking akèhé lan djeroné tatuné, Ki Tulus bandjur lara banget. Ana salapan dina ora bisa obah. Tudjuné isih bisa mulih.

Kotjapa ing Wukir-Rinengga, Begawan Téga-ing Rat wis ngerti jèn bakal diparani matjan kombang, mulané régolé saben dina wis disadijani panganan sing énak-énak. Perluné jèn matjan teka, bèn mangan ana ing régol nganti sawaregé. Jèn wis wareg, sukur jèn nganti kemlakaren, mestiné ora bakal énggal-énggal mangan wedus. Temenan, ora antara suwé matjan kombang teka ana ing patapan. Tekan ing régol, bandjur pada mangan nganti wareg banget. Malah ana sing nganti kemlakaren temenan. Sawisé mangan bandjur mlebu ing penḍapa sarana nglumpati pager. Sang Bagawan kepeksa metukaké. Para murid, tjantrik, éndang, tjèti sapanunggalané wis pada ndelik ana ing omah, ing gandok utawa ing sanggar palanggatan. Pada ngindjen menjang pandapa. Gumum banget weruh kekendelané Sang Bagawan, Matjan sing gedé déwé bandjur tjelatu:

,,Bagawan, wruhanamu, aku iki Ki Ageng Sardulapati, lurahing matjan kombang kang ana ing kéné. Aku wis ngerti jèn kowe kuwi wedus tapa, mulané ja ora arep takkapak-kapakaké. Mung aku krungu kabar jèn muridmu utawa tjantrikmu lan manèh éndangmu lan tjètimu kuwi akèh banget tur isih enom-enom. Hla kuwi waé aku ndjaluk sawatara."

,,O ija ta, Ki Ageng, nanging arep kokapakaké. Jèn arep kopangan, mbok aku waé. Aku iki wis tuwa, wis tau mukti. Saking tuwaku, dagingku wis alot banget, wis sepa rasané. Mulané aku waé panganen." [ 121 ]„Ora susah kokandani wis ngerti déwé jèn dagingmu kuwi wis alot, wis ora énak. Olèhmu ora takkapak-kapakaké kuwi ja awit dagingmu ora énak, ora kok amarga kowé kuwi wedus tapa. Ngerti kowé hé ?"

Krungu tembung bengis kuwi Sang Bagawan atiné deg-degan, kringeté gumrobjos. Ing batin nenuwun marang Djawata : ,,Duh, Djawata kang Maha Asih, aku njuwun slamet jèn matjan iki malihané Batara Kalawidjaja, aku gelam-gelem waé dipangan. Nanging sadjaké kok matjan temenan. Aduh laé, keprijé oléhku golèk akal supaja slamet !

„Ja wis ta, Ki Ageng, jèn kowe ndjaluk murid-muridku, ja tak wènèhi, nanging sarèhné isih enom-enom, adja énggal-énggal kopangan disik. Antèkna sawatara dina, bèn lemu disik awaké." Olèhé kanda mangkono kuwi karo bisik-bisik, bèn ora krungu muridé.

„Supaja adja nganti pada wedi, étok-étok pèken anak."

„Ja, betjik. Saiki aku ndjaluk papat waé disik. Mbésuk manèh gampang. Pilihana sing lanang sidji waé, sing wédok telu. Jèn dagingé mono memes sing wédok, nanging jèn sing takgawa wédok kabèh, mengko mundak sudjana. Mulané ila-ilané wènèhana sing lanang sidji."

„Ja, Ki Ageng, nanging kowé ngentènana disik ana ing régol. Mengko takpilihaké sing awaké wutuh-wutuh."

Bareng matjan wis sumingkir ana ing djaban régol, Sang Bagawan bandjur ngundangi muridé lanang-wadon.

„Anakku, nggèr, aku mau kedajohan matjan. Kowé wis pada weruh déwé. Mauné aku sumelang. Djebulané karepé betjik banget. Saking tresnané marang bangsaning wedus, mulané arep ngepèk anak wedus. Wédok telu, lanang sidji. Mulané kuwi, sapa sing gelem dipèk anak, ngatjunga."

„Wedus pada tingak-tinguk. Ora ana sing ngatjungaké tangan."

„Sapa sing gelem? Wis ta, ora susah sumelang. Sing mréné kuwi mau Ki Ageng Sardulapati déwé, lurahing matjan kombang, ratu pinandita, ora tau mangan daging."

Wedus meksa durung ana sing mangsuli.

„Elo, keprijé ta kuwi? Ana ditari guru kok pada meneng waé ! Wis jèn mengkono kowé waé, nggèr, ni Gandes, ni Kèwes, ni Menik karo ki Teguh. Kowé waé sing isih dapur tjempé, patut jèn dipèk anak déning matjan pinandita. Iki djenengé begdjamu, nggèr !"

Endang lan tjantrik sing dituding pada tumungkul, ora mangsuli apa-apa.

„Wis ajo, nggèr, takteraké tekan régol. Bapakmu ngentèni ana ing djaba.'

Ni Gandes, ni Kewes, ni Menik karo ki Teguh bandjur pamitan karo kantja-kantjané. Sing mangkat karo sing kèri akèh kang pada mrebes-mili, kabèh pada sumedot. Tekan régol, tjempé ditampani matjan kombang, bandjur digawa menjang padunungané.

Ana ing omahé Sardulapati, tjempé papat mau katoné digematèni banget. Mangan apa waé diudja. Malah jèn krasa ora kepénak setitik wae wis digolèkaké djamu. Ora antara suwé awaké lemu-lemu. [ 122 ]Ing sawidjining dina ni Gandes didjak déning Sardulapati. Esuké Sardulapati mulih déwé. Djaré ni Gandes kèri ana ing omahé Sardulamuka, adiné Sardulapati. Ana ing kana krasan banget, mulané ora gelem mulih.

Bareng wis sawatara dina ni Gandes ora mulih, ki Teguh bandjur saba ing satjeḍaké omahé ki Sardulamuka. Rékané arep niliki ni Gandes pisan. Nanging arep mlebu wedi, mulané mung dèpèl-dèpèl betèk karo indjan-indjen. Sarèhné tetandurané rungkud, ora weruh apa-apa. Ora let suwé krungu swarané matjan kombang pirang-pirang. Bandjur ana sing kanda :

,,Mréné nduk, tjah aju, mlebua kéné, adja wedi-wedi iki omahé pamanmu."

Elo, iki kok swarané Ki Ageng Sardulapati ! Teguh bandjur krungu swaraning tjempé. Bareng ditilingaké, tetéla jèn swarané ni Kèwes.

,,Mbok aku tak ana ing kéné waé ta, pak. Aku wedi.”

,,E, ora, nggèr, mrénéa ta, mlebua. Iki rak omahé pamanmu déwé. Iki hlo, pamanmu arep mbagèkaké !"

,,Pada slamet tekamu, nduk? Aku iki ala-ala pamanmu déwé. Ajo ta, tjah aju, mlebua ngomah."

,,Ija ta, paman, nanging mbok olèhmu ngrangkul kuwi adja kentjeng-kentjeng. Aduh, paman, guluku, lara! Pak, bapak, iki hlo, paman kok njakot aku! Tulung, pak ! Aduh!"

Ki Teguh bandjur krungu pandjeriting Kèwes. Mentas ndjerit, bandjur meneng. Atiné ki Teguh kaja diiris-irisa.

,,Wah, hm, olèhé gurih getihé ! Kéné gentènan ngokop. Nèk uwis, dagingé ndjur didum-dum !"

,,Mbésuk nèk si Menik, aku hlo sing njokot disik. Iki aku mèh ora kumanan getih setitik-setitika.

Krungu tembung kaja mangkono kuwi, sirahé Teguh ngglijer, mripaté peteng, bandjur tiba sumaput. Bareng wis éling, Teguh bandjur mlaju mulih menjang ing omahé Sardulapati.

,,Ni Menik !"

,,Apa, ki Teguh ?"

,,Ajo pada minggat ! Ni Kèwes dipangan bapak saseduluré ana ing omahé Sardulamuka. Mbokmenawa ni Gandes kaé ja wis dipangan. Ajo rikat, pumpung bapak durung mulih."

Teguh karo Menik bandjur pada minggat. Karepé arep mulih menjang Wukir Rinengga. Lakuné gegantjangan. Bareng wis rada adoh, bandjur mlaku. Sawengi mung lèrèn sapisan perlu ngombé ana ing sendang. Bandjur terus mlaju manèh. Ésuké ni Menik sambat sajah, arep lèrèn sedéla. Ki Teguh ja nuruti. Ni Menik malah dikon mangan suket pisan, dienggo sarapan. Ki Teguh déwé munggah puntukan lemali kang rada ḍuwur. Bareng ngingetaké mangidul, weruh jèn ing kadohan ana ireng-ireng mlaku ana ing bulak. Tjatjahé lima utawa enem. Bareng ditamataké djebul ki Ageng Sardulapati karo kantjané. Ki Teguh bandjur mudun saka ing puntukan. Ni Menik didjak mlaju manèh. Ora antara suwé Menik ndéprok. [ 123 ],,Wis, kakang, aku tégakna. Aku wis ora kuwat, kowé mlajua déwé."

,,Adja ngono ta, di, ajo, kuwat-kuwatna sedéla. Lor kono kuwi kaja ana kali. Mengko jèn wis njabrang, lèrèn manèh kena."

Ni Menik dipeksa-peksa wis ora kuwat, bandjur digéndong, digawa mlaku. Mlaju Ki Teguh wis ora bisa. Mlaku waé wis mèjèk-mèjèk. Nanging meksa isih tekan kali.

Ni Menik diudunaké, dikon mlaku. Olèhé mlaku mudik. Sikilé terus diambahaké banju. Perluné matjan bèn ora bisa nggolèki tipaké. Ana papan rada tjetèk, tjempé loro bandjur pada njabrang. Tekan ing pinggir ora pada mentas. Terus mlaku mudik. Sawatara adoh lagi mentas. Tepining kali ndeder manḍuwur. Kabeneran ing kono ana plekahaning lemah, rupané kaja guwa tjilik. Ing sandingé akèh watuné rada gedé. Ni Menik dikon mlebu ing guwa kono. Lawangé ditutupi nganggo watu.

,,Wis kowé kéné waé disik, ja, di. Jèn durung tak-parani utawa diparani kantjané déwé, adja metu." Teguh bandjur bali njabrang kali. Mbalèni tipaké nalika njemplung ing banju, bandjur terus mlaju. Olèhé mlaju ngalang, bali ngidul manèh, bandjur ménggok ngétan. Karepé arep minta sraja marang Ki Lurah Tulus.

Kotjapa Sardulapati sakantjané wis tekan pinggir kali, ngambus-ambus lemah, nurut tipaké ki Teguh.

Sing digolèki wis tekan ing omahé Ki Lurah Tulus, bengok-bengok ndjaluk tulung. Dipețukaké Ki Mulus, adiné Ki Lurah Tulus.

,,Ana apa, ki sanak ?"

,,Aku diojak-ojak Sardulapati sakantjané."

,,Pira tjatjahé ?"

,,Kira-kira ana lima, enem Sardulapati."

,,Wé hla, mangka kéné sing djaga mung ana telu, papat aku. Saploké dikrubut kaé, kakang Lurah isih lara. Durung bisa apa-apa. Ja wis ta, kisanak, kowé mlebua ngomah, nanging terus metua manèh metu butulan buri. Perluné mengko jèn ana apesé, kowé wis ora ana ing kéné. Wis kana, andum slamet. Matjan tak petukné."

,,O ja banget panarimaku."

Teguh bandjur mlebu ing omahé ki Lurah, metu manèh saka ing butulan buri, bandjur terus mlaju ngidul, ménggok ngulon, ménggok ngalor, ngener marang Wukir-Rinengga.

Tjekaking tjarita, Teguh wis tekan ing patapan, bandjur niba ing ngarepé Sang Bagawan, Bareng ambegané wis rada sarèh, bandjur njaritakaké apa kang dadi lelakoné, saka wiwitan tekan pungkasan.

Sang Bagawan suwé meneng waé. Wusana bandjur tjelatu :

,,Wis adja kopikir dawa-dawa. Ni Gandes karo Ni Kèwes wis pada munggah swarga. Mati déning Ki Ageng Sardulapati kuwi prasasat déning Batara Wisnu, tegesé mati ketrima. Djalaran Wahju Tjakraningrat kuwi ing wektu iki wis ana ing Ki Ageng Sardulapati. Bab Menik, ja wis bèn disik ana guwa. Idep-idep pasa."

Tjantrik kang pinudju ngadep Sang Bagawan, ngungun banget krungu tembungé, nanging pada meneng waé. [ 124 ]Benginé tjantrik pada rembugan. Ni Menik kudu énggal-énggal diparani. Tjarané keprijé? Enaké ngéné waé. Supaja adja nganti ana matjan saba ana ing satjeḍaking guwa, jèn wis wajahé pada arep golek pangan, wedus sawatara akèhé kudu ngaton ana satjeḍaking padunungané matjan. Perluné bèn diburu. Sarèhné akèh, matjan sing mburu mestiné ja akèh, sukur jèn bisa kabèh. Mengko wedus bandjur mlaju ngidul, bandjur ngulon. Jèn kepèpèt, kudu wani njegur ing bengawan. Jèn mung nglangi waé wedus rak ora pati kalah karo matjan. Teguh karo kantja sidji utawa loro marani Menik. Bandjur digawa menjang gunung. Kana akèh guwa. Gampang dienggo ndelik.

Esuké umun-umun, ana wedus rong puluh minggat saka ing patapan. Sing pitulas lakuné ngener marang padunungané matjan kombang, sing telu ngener panggonané Menik.

Tekan ing satjeḍaking padunungané matjan, wedus pitulas mau bandjur diojak-ojak temenan.

Teguh lan kantjané bisa slamet tekan panggonané Menik. Menik bandjur didjak munggah gunung, golèk pandelikan ana ing kana.

Kotjapa ing nalika semono, langit mendung lelimengan, bledèg njamber ngampar-ampar, udan deres awor lésus: Ora let suwé kaliwis pada bandjir. Esuké Tegal Pengangen-Angen. rupané wis kaja segara anakan. Mung kari panggonan sing ḍuwur-ḍuwur sing durung keleban ing banju. Saking santering angin lan deresing udan, akèh uwit pada rungkad, kéwan pada kérut. Sing ora kèli, akèh sing kesamber ing bledèg. Bareng wis oleh sapasar, prahara mau lagi lerem, nanging sawatara dina isih terus grimis. Suwé-suwé mendungé ilang wusana langit sumilak padang.

Bantèng, mendjangan, kidang lan wedus ing Tegal Pangangen-Angen kèri setitik. Matjan kombang entèk babar pisan.

Ki Tulus lan Ki Mulus isih pada slamet, nanging Ki Mulus uga lara kaja kakangné. Nalika metukaké lakuné matjan kang ngojak Ki Teguh kaé, dikrubut matjan telu. Tudjuné ora kalah, nanging tatuné arang krandjang.

Wedus pitulas sing ndjarag supaja diojak-ojak matjan ja pada slamet. Semono uga ki Teguh, ni Menik lan kantja-kantjané sing pada mèlu tetulung.

Sang Bagawan Téga-ing-Rat ja isih slamet. Isih kadjèn kèringan, isih dipundi-pundi. Muridé ja isih akèh. Jèn omong-omongan karo muridé, ora tau lali kanda jèn Wahju Tjakraningrat wis bali manèh ana ing Ki Lurah Tulus.

Sing ora bali dadi muridé mung Ni Menik, Ki Teguh lan kantja-kantjané sing minggat saka patapan kaé. Amarga wis ora ngandel lan ora pratjaja marang Sang Bagawan. Nanging ki Teguh sakantja kuwi kena diarani wedus anèh. Jen wedus lumrah mestiné rak ja ngadjèni lan pratjaja marang wedus bérok kang ngèsti marang djumbuhing Kawula kalawan Gusti lan awas marang ngolah-ngalihing Wahju Tjakraningrat !

(Dongèng sato kéwan)

[ 125 ]
XXVII. ADIPATI KENTJAKA PEDJAH DÉNING DJAGAL BILAWA

Durma

  1. Wanti-wanti dènira numbak rahadyan, Birawa nora busik, kadya gunung wadja, malèsèd ginagaman, malah pupug praptèng pesi, kari landéjan, asru kinarja gitik.
  2. Asru modjar sira risang Abirawa: ,,Élinga sang dipati, adja apepéka, mrih pati tanpa dosa, patiné baturmu iki, kang karaséng wang, ingsun mung memalesi.
  3. Udjer iku ingkang miwiti sikara, matèni bapa mami, ja sapa wongéa, wèh anak pinatènan, ngamuké wong tuwa mami, sira kang karja, sikara marang mami.
  4. Jèn ta adja mangkono wong tuwa ningwang, paran margané wani, ing mengko buk-bukan, wis tjog tan ana utang, élinga sira prijaji, wrangkaning nata, santananing narpati.
  5. Ingsun lagi nglakoni pakoning déwa, tinitah dadi tjilik, jèn kongsia lawan, aprang kalawan sira, utawa ingsun ngemasi, uga ta sira, mati kalawan mami.
  6. Saja iba gujuné wong ing Wirata, baja ta sri bupati, isin ngaku kadang, kasor prang lan wong kumpra, utawa tumekèng pati, bebatang ira, sapa sudi mbetjiki.
  7. Déné prabawanira sasat matengga, wong sapradja gung wing-wrin, kèdep déning sira, dadi sapolah-polah, tan ana wani malangi, temahan sira, mati sinronggot gendjik."
  8. Sang dipati mjarsa wuwusé Birawa, memirang memiringi, riwut dukanira, sigra anjandak panah, Birawa wus dèn lepasi, tiba ing djadja, nanging tan anedasi.
  9. Pupug punggel djemparing renjuh tugel pat, pinindo djinemparing, krep tinunda-tunda, djemparing nara wantah, nanging tanana nedasi, jata sang Arja, Kéntjaka jun mekasi.
  10. Langkung krodaning tyas njandak limpungira, sarwi sru dénira ngling, ,,Hèh Birawa sira, tuhu prawira ing prang, jèn adjaa lawan mami, kaja-kaja ta, wèt mangan pedes asin.
  11. Saking déné luwih kasantikanira, jèn mungguha wak mami, katekan prang muka, jèn wus sun nganţi sira, tikel pitajaning ati, mungguh timbangan, mèh pada karo mami.
  12. Mung setitik tjatjadé wus mesti sira, atmamu toklak-taklik, mung kari sakedap-, nétra ing uripira, katon wus sun pulung maring, ing limpung ingwang, dadi sun liwat asih.
  13. Lan awelas sun andulu angganira, tuwin lamun sirèki, arep amemekas, lah apa karepira, manawa sirarsa mukti, kang énak-énak, mengko sun kang nekani.
  14. Anahuri sugal Djagal Abilawa,: ,,Sun tan mitjara maning, mung agé élinga, ajwa kadurus sira, ngrodjongi tyasmu tan jukti, pan limpungira, iku kang sira pusti.
  15. Tanpa gawé tumiba ing angganingwang, mundak iku akardi, muwuhi sangsaja, bingungé atinira." Rahadyan duka tan sipi, ngajati sigra, pamunah satru sekti.
[ 126 ]
  1. Limpungnja geng tumibèng djadja Birawa, gumadung tan nedasi, rosanja rahadyan, limpung apinda malam, sangsaja kroda mawengis, angasta denda, tinibakaken malih.
  2. Wanti-wanti pandendanira ki Patya, sang Birawa tan osik, anglir tugu wadja, sinosog ngalang-alang, nora mantra-mantra sakit, akon malesa, sang adipati nitir.
  3. Sang Birawa anggereng-gereng kéwala, bingung sang adipati, entèk gegamannja, tan ana kang tumama, kaku tyas sigra marani, anggraut dada, tangan ro anggruweki.
  4. Tokar-takur : ,,Mara gé sira malesa, tak rasakné satitik, gadamu kuwé ta, baja nora karasa, tiba nèng awak ngong pasti." Sang Abirawa, nolih marang kang raji.
  5. Risang Parta mangsit kinèn amalesa, sang Birawa nampani, wangsiting arinja, gadgada gja rumupak, ki Patih bingung népangi, gantya dinupak, djadjanira dipati.
  6. Sru kuwalik katikel tiba ping sanga, tanginira ambiți, ginereg rinupak, patih akutètèran, tibanira dèn idcki, mring sang Birawa, tepung tan bisa osik.
  7. Kinakahan djadja sinudèt kanaka, suwèk brak angemasi, mawur wong kapatyan, maledug asarsaran, tan ana wani anolih, sanget adjrihnja, mung arsa tur udani.
  8. Mring kadangé ki patih ingkang taruna. Jata wau kang wuri, sang Djagal Birawa, lir tugu sinukarta, ngadeg ing natar pribadi, kadi taksaka, kaidek ingkang petit.
  9. Mingak-minguk nolah-nolèh ngéring nganan, tan ana kang kaèksi, wadya kapatihan, wau Arja Palguna, wruh lamun kang raka sedih, nulja amerak, nembah ngraup padèki.
  10. ,,Paran kakang punapa kang dados susah, lampah sampun pinasți, karsaning batara, pundi nggèné suminggah, begdja tjilaka lan pati, tunggil marganja, paran nggèné njélaki.
  11. Sinten wruha prakara dadining juda, paduka lan kja Patih, senadyan leresa, saéstu dados lepat, Sang Birawa ngandikaris: ,,Lamun sembada, sira muliha dingin.
  12. Marang ngarga lawan kakangmu sang Tanda, si Kembar konen midjil, pada gawanana, aminggat mring papatapan, ajwa na kang sidji kari, senadyan ija, mungsuh gedé ing wuri.


Pangkur

  1. Ajwa sumelang ing drija, dumèh ingsun tanpa rowang mung sidji, witing tan kogel atiku, mring kakang tuwin sira, wis tégakna baé sira dèn amungkul, atunggu kaki Bijasa, sukur jèn sun nemu urip.
  2. Suka pasrahna ing déwa, dimèné ta didjur luluh wakmami, suka dadia mun-amun." Sang Parta duk mijarsa, andikanja kang raka kinèn mring gunung, angrangkul pepangkonira,: ,,Duh kakang sedulur mami.
  1. Teka ngandika mangkana, paran karsa pun ari pinrih tebih. Duk dinten punapa ulun, pisah lawan andika, jèn sampuna djawata [ 127 ]kang wèh pituduh, pinisah pinrih mring ngarga, angater mring ibu Kunti.
  1. Punapa ndadak kawula, purun pisah sadalu twin saari, aluwung upaminipun, kakangmas manggih bodja, sapintena ing tilem boten ngrempelu, ngresula kantun nenadah, ing mangké paduka manggih.
  2. Wijoga margi paduka, sinikara wasana karja pati, tansah ing wuri mawujung, wigena pinda papa, jèn kongsia pisah ugi ta ing pungkur, kakangmas manggih tjintraka, siniksa mring sri bupati.
  3. Sinten ingkang nglabuhana, ja marmané sampun salah ing budi, mring kadang amrih tinungkul, duh kakang duh si kakang, pedjah gesang saèstu lumuh jèn kantun." Jata sang Djagal Birawa, duk mjarsa wuwusing ari.
  4. Sumedot tyasé ketaman, ring wuwusé sang ari ngasih-asih, raras mangres-res ing kalbu, mimbuhi duka tjipta, tjiptanja wus datan mamang praptèng lampus, sangsaja krodaning drija, nirbaja tumekèng djurit.

(Djagal Birawa)

XXVIII. MUTER TAMAN SRIWEDARI

Asmaradana

  1. Warnanen radèn Sumantri, saungkuré srinaréndra, dèrèng sah saking enggèné, langkung saking kawlas sarsa, sruning wardajanira, dènnja mrih suwitèng prabu, tjuwa kaputungan karsa.
  2. Wus sasat lamun tinampik, nenggih pangawulanira, saking abot pamuḍuté, Sumantri angles tyasira, kadya winangsulana, solahira kang wuluput, nanda samadyaning aprang.
  3. Marang prabu Maèspati, temahan gantya tinanda, binotan ing pamunduté, kinèn amutera taman, Sriwedari wutuhan, wukir Nguntara nggonipun, rumangsa nora kaduga.
  4. Kadya pedjah tanpa kanin, Sumantri raosing drija, wus pinatok pratignjané, wurunga dènnja suwita, ing Sang Ardjunasasra, suka matijèng wana gung, wirang mantuk marang ngarga.
  5. Kuneng ganti kang winarni, nenggih ditya Sukasrana, radèn Sumantri ariné, nalika marang pratapan, honeng marang kang raka, praptaning pratapan dalu, takèn ing sudarmanira.
  6. ,,Si kakang ana ing ngendi?" winartanan lamun lunga, mring nagri Maèspatiné, sumedya suwita marang, prabu Ardjunasasra, Sukasrana langkung ngungun, pamit sumusul ing raka.
  7. Lampahira wor lan angin, anèng marga mambet ganda, nulja pinarpekan agé, tiningalan jèn kang raka, pitekur gènnja lenggah, semuné sungkawèng kalbu, winedalan saking wuntat.
  8. Inguwuh kagjat anolih, kang raji rinangkul sigra,: ,,Aduh babo ariningong, baja teka ngendi sira, déné wruh prenahingwang," kang raji alon sumaur, : ,,Ija teka ing pratapan.
[ 128 ]
  1. Honeng marang sira sepi, winartanan lamun lunga, mring nagri Maèspatiné, lah ing mengko kaja paran, nggonira asuwita, déné ta pidjer pitekur ?", kang raka anutur purwa.
  2. Nalikanira tinuding, ing prabu Ardjunasasra, putri Magada kenané, prang lan ratu ing Widarba, miwah nalikanira, dadiné ing aprang pupuh, lan Prabu Ardjunasasra.
  3. Saking ngluwari punagi, nanda samadyaning aprang, myang sang prabu pamunduté, tinuturaken sadaja, margané kaputungan, Sukasrana sru gumuju, : ,,Lah ing mengko kaja paran.
  4. Pamunduté Sri Bupati, apa ta sira kaduga?", kang raka alon sauré, ,,Jaji pan ora kaduga, marmané sru sungkawa, wruh prenahé baé durung, kang aran wukir Nguntara.
  5. Iku dawuhé nerpati, kabèh wangunaning taman, petètan kembang-kembangé, sidji nora kena owah, praptaning pradjanira." Sukasrana asru muwus, : ,,Wis adja sira wewarta.
  6. Ala sirnané tinampik, sang prabu Ardjunasasra, nora kaprah pamunduté, sapa wongé ingkang bisa, muter taman wutuhan, ingkang akonkon punika, mutera mangsa bisaa.
  7. Sang Prabu ing Maèspati, destun ratu angalatak, lah wis pajo mulih baé, suwita asilé apa ?" kang raka angandika, : ,,Ingsun wus ubajèng tuwuh, jèn kongsi wurung suwita.
  8. Marang prabu Maèspati, suka matia nèng wana, wis jaji muliha déwé, matura mring kangdjeng rama," Sukasrana mijarsa, kang raka rinangkul gapjuk," : ,,Andel temen kakang sira.
  9. Nora nganggo mamarèni, kang mangkono budinira, sabarang dadi atiné, jèn tjuwa tan katutugan, kudu-kudu palastra, mulané adja kumentus, lunga tan nganggo wewarta.
[ 129 ]
  1. Udjer pangrasanirèki, duwé kaḍang ala rupa, munḍak angribeti baé, dupèh wus guna prawira, déné nora piraa, samono toging budimu, muter taman nora bisa.
  2. Éman warnamu apekik, tjobak Sri Ardjunasasra, akona ingkang mangkéné, sadéla baé sun bisa, muter taman Nguntara, dèn teka lan gunungira!" Sumantri duk amijarsa.
  3. Ing wuwusé ingkang raji, rinangkul sarwi ngandika,: „Baja ta iki swargané, wong duwé sadulur lanang, jaji apuranira, srah pati urip wakingsun, pamunḍuté sri naréndra.
  4. Muter taman Sriwedari, mangsa ta bodoa sira". Sukasrana lon wuwusé: „Ija kakang adja susah, nanging djandji wakingwang, mèlu suwita ing bésuk, tan betah pisah lan sira.
  5. Pantes baé Sri Bupati, munḍut Sriwedari taman, apan wus duwèké déwé, udjer sri Ardjunasasra, panuksmaning Késawa, Hjang Wisnu duk maksihipun, kahjangan wukir Nguntara.
  6. Nggoné jasa Sriwedari, dadiné kalawan tjipta, mulané luwih asriné, lah pajo nuli sun gawa, marang wukir Nguntara, anitiha gigiringsun, lawan ngeremena nétra.
  7. Sun gawa margèng wijati, manawa saputen sira !" kang raka mituhu lingé, wus anitih gigirira, sarwi ngeremaken nétra, Sukasrana gja sumebut, kang raka binekta mesat.
  8. Mring ngawijat kadi tatit, sumijut kras iberira, sakeḍap prapta lampahé, ngungkuli wukir Nguntara, sigra nijup manganḍap, ndjudjug djroning taman santun, Sumantri ngelèkken nétra.
  9. Éram dènira ningali, srining Sriwedari taman, sarwa mas uparenggané, petètan awarna-warna, sangkep ing kembang-kembang, botrawi mas katon mantjur, gumilang kinambang toja.
  10. Sumantri lingira aris,: „Lah jaji mengko kaja pa, pamuterira rakité, taman seméné ambanja, nadjan silih mutera, mung sidji petètanipun, sajekti alum ginawa.
  11. Mring nagari Maèspati." Sukasrana wuwusira,: „Pantes jèn wong kompra baé, lamun wus paḍa utama, mangsa ndadak kéwrana, udjer ta taman puniku, dadiné kalawan tjipta.
  12. Ing mengko pamuter mami, ija sun tjipta kéwala, wis kakang saréa baé, ing kono nèng jasa kembang !" kang raka mandjing sigra, sadjroning botrawinipun, ineb lawang ḍanḍang gula.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
PITUTURIPUN PATIH SUWANDA ḌATENG PARA NATA INGKANG KEPLADJENG ING JUDA

Sinom

  1. Kjèh miris mawur sarsaran, pradjurit ing Maèspati, takut mulat. ing Rawana, boting prang sarira agni, kadya luput ing pati, maleḍug kang para ratu, gusis sawadyanira, mjat Rawana krura sekti, lir baṭara Kala arsa ngrurah djagad. [ 130 ]
    1. Amung sang mantri wasésa, manggala pangirit baris, sénapatining ngajuda, pradjurit panata baris, pamungkasing bupati, panutaning para ratu, sira patih Suwanda, malang ratané tan osik, sru gumebjar katrangan surja tumédja.
    2. Makuṭa sri ngandakara, lir Baṭara Surapati, rekjana Patih Suwanda, njandak pustaka tinulis, ing kenaka wus dadi, tinangsul ing tjakranipun, mesat sendjata tjakra, tibèng ngarsaning paradji,pustakané rekjana Patih Suwanda.
    3. Sagung kang miris lumadjar, para ratu Maèspati, satrija mantri punggawa, tiniban pustaka aglis, muni rekjana patih, Suwanda ingkang pitutur: „Hèh sagung pranata, kang pada lumaju djurit, kawruhana nista madya lan utama.
    4. Sagung nerpati manggala, ajwa tan amrih utami, apan ija gustinira, maha prabu Maèspati, nista madya tinampik, mung utama tetepipun, jekti kang linampahan, sirèku para nrepati, tinggal madya paḍa ngarepaken nista.
    5. Rong prakara dosanira, ḍingin dosa maring gusti, tan anut ing parikrama, atinggal watek sajekti, sang prabu Maèspati, Sri Ardjuna-Sasrabahu, nggoné amengku bala, para dji kinulit daging, pan sedaja pinrih inganggep tenaja.
    6. Tan lila jèn nemu ala, kabèh pinrih nemu betjik, mjang kepatèn ing delahan, rineksa marang ing gusti, ing mangkja manggih kardi, mengkono solahirèku, tangèh lamun malesa, rumeksa ngawak pribaḍi, nora bisa tan wun mati manggih papa.
    7. Kapinḍoné dosanira, sira mring Hjang Bataradi, déné tinitah naréndra, kudu mèt nistaning pati, paḍa lumaju djurit, awedi sektining mungsuh, jèku saidjab-idjab, liwat nistaning nrepati, wong lumaju ing prang tetep wong urakan.
    8. Anggeḍèkken kaluputan, ratu kang lumaju djurit, ing pati urip tan angsal, pagéné madeg nrepati, suwitèng Maèspati, ratu ambek santa nulus, rahaju mardikèng rat, undagi pratamèng djurit, ratu wingit patitis mrih mati mulja.
    9. Kabeh jèn mengkono pada, adja tanggung wong aurip, ngawula ratu utama, tan ana bisa nglakoni, angur si wong aurip, adja na tanggung ing laku, wis paḍa suwitaa, marang ratuning raseksi, ambek salah nora angèl linakonan.
    10. Kang djamak manungsa nedya, amrih utamaning pati, apan satengahing aprang, nggon amét pati patitis, mati tengahing djurit, jèn bener pratikelipun, tan ana nimbangana, kautamaning kang pati, angesorken lan pati sadjroning pudja.
    11. Tur urip datanpa sama, jèn ratu lumaju djurit, tan arsa ing pati mulja, kudu mati mor memedi, upata kang dèn amrih, nora mrih pati rahaju, apan dadining tjipta, djroning prang nedya patitis, kasudiran kang nora ḍompo ing aprang.
    12. Kang tapa sirahing tapa, kang pasrah sadjroning djurit, amung Hjang Djagad Pratingkah, kang anitah pati urip, manusa tan ndarbèni, mung sumangga darbénipun, pagut ngasmarèng laga, tjiptanen mangsah semèdi, papaning prang wewaḍah dupa pamudjan.
    [ 131 ]
    1. Panduking sagung warastra, tjiptanen urubing geni, dupa wewangining reksa, utama marganing pati, gong tengara ing djurit, tjipta genta kalèngipun, memudja djaja-djaja, mungsuh reruweding pati, jèn lestari ing béka nemu kamuljan.
    2. Jèn tan mati ing ngajuda, malah kjèh dènnja memati, anumpesi satru salah, amanggih gandjaran luwih, kadi sasangka rawi, tan kalingan nggoné luhur, tan kena ing memala, jèku utamaning djurit." Wus mangkana wau sagung para radja.
    3. Mijarsa pituturira, Suwanda luwih prajogi, nggardjita kang para radja, sigra wangsul ambek pati, dennja rekjana Patih, Suwanda pituturipun, rinasa-rasèng drija, dadya mrih mangungkih pati, prapta aglar ngarsané patih Suwanda.
    4. Satrija punggawanira, tan kari ratuné sami, lan sagung mantri prawira, ndaleḍeg nusul ing gusti, sagunging kang para dji, wus samja anjipta tuhu, nganggep pituturira, Suwanda rekjana patih, ambek pati ing prang tan nedya mundura.

(Ardjuna Sasrabahu)


XXIX. KANG TETEP MANTEP ING SEDYA, WIDADA KANG SINEDYA

Katjarijos lampahipun Arja Séna, boten dangu sampun tebih, mlebet wana medal wana, minggah redi manḍap redi. Ing manah sakalangkung suka, gandrung ḍateng toja amerta. Lampahipun ladju, boten nolih ngiwa nengen, tuwin boten manah ḍateng bebajaning margi, ingkang pinandeng boten sanès namung toja gesang, ingkang baḍé nutjèkaken baḍanipun. Saksana ngambah djurang peperèng, nglangkungi redi mengger pinten-pinten, ketingalipun saking ketebihan ndjenggereng. Kaṭah lelurung ingkang dipun langkungi, sanget rupit ingapit-apit ing séla. Rupi-rupi tetaneman ingkang tukul sapinggiring margi, sekaripun éndah ing warni, saha mbabar ganḍa marbak arum. Ḍasar andjrah déning kaḍawahan djawah ing mangsa kapat. Warnining sesekaran: banar, bogem, puḍak, tjapaka, anḍul, angsana, kanigara, wilasa, malați, tandjung, prabusètmata, srigading, kananga, kemuning. Sawenèh wonten ingkang tumelung manglung ing margi, istanipun anambrana ḍateng Radèn Wrekodara, ingkang saweg gandrung ḍateng toja gesang. Brengengenging kombang ngisep sarining sekar lir péndah tangisipun sang dyah kaswasih déning kepéntjut ḍateng Sang Séna.

Kala samanten surja sangsaja inggil, saha sangsaja minḍak sanget bentering sorotipun, ngrangsang ḍateng Radèn Wrekodara, kringetipun ngantos kumjus. Sarehning keblerengen ing surja, lampahipun nundjang-nundjang. Wasana njandung sukuning redi, ngantos ngrebahaken wiwitan pinten-pinten, saha ngwontenaken swara atri gumuruh. Saisining wana sami kagégéran katradjang ing sindung prahara, tuwin pantjawora tarik. Kéwan-kéwan sami kebrasat, swaranipun ramé ma[ 132 ]wurahan. Pladjengipun salang tundjang arebat dutjung, kaṭah ingkang kebentus ing sela utawi kekadjengan. Saking agenging ampuhan kidang sangsam sami ketjemplung ing djedjurang ngantos manggih pedjah. Kantjil patjitjilan mripatipun lumadjeng nggendring boten mawi nolih wingking, kados binudjeng ing sima baḍé kamangsa. Kuwuk, rasé, lingsang, garangan tuwin mumuk, saha sawarnining bebudjengan wana ingkang alit-alit, pladjengipun kaḍungsangan aniba tangi. Banteng, warak, sima saha anḍapan kaṭah ingkang sami gedjegur ing lebak, blag-blug, ketatap ing sela saéngga petjah sirahipun. Déné sawer ingkang agengipun sawiting putjang sami mulet ing uwit-uwit, temahan witipun rungkat nḍawahi sawer ngantos rantas. Peksi-peksi ing kekadjengan sami kabur, swaranipun ramé pating tjaruwèt. Menggah warnining peksi: glatik, emprit, peking, kepoḍang, gotilang, drekuku, dara, platuk, prendjak, srigunting, djowan, gagak, wulung, biḍo.

Kotjapa para tjantrik, wewasi, tjèkèl, manguju saha para adjar ingkang sami tapa wonten ing pareden, sadaja sami kagèt, gumredeg pladjengipun numbuk bentus, awit adjrih mireng swaraning prahara gumuruh ngédab-édabi. Saking kesesanipun ketunipun mentjelat pating blesar, sandanganipun mèh sami mlesat, tjawetipun kesingsal, satemah sadaja sami katétéran, wonten ingkang brangkangan, wonten ingkang keglunung ing pepèrèng. Sawarnining para tapa manahipun sami tabtaban, sedyanipun sami ngupados pangungsèn ing padusunan ing sakiwa tengenipun ngriku. Sawenèh wonten ingkang saweg amemudja, ngungkung swaraning genta pamudjan, ḍatengipun angin sindung prahara, pantjawora tarik, temahan gugup anggenipun njawuraken sekar-sekar ura, margi kesesa ngungsèkaken gesang.

Lampahipun Radèn Wrekodara, panenggaking Panḍawa, sampun dumungkap ing redi Tjandra-muka. Guwanipun énggal binukak, reḍi dinungkaran, sélanipun inguntjalaken tebih pating blesar. Kekadjengan ageng-ageng kabedolan binutjal ngiwa nengen, redi Tjandramuka ngantos ketingal bosah-basih. Ananging kangèlanipun Sang Séna djebul tanpa tuwas, awit toja gesang ingkang dipun padosi boten pinanggih.

Gantos ingkang katjarijos, buta kembar kekalih ingkang adedangka wonten ing ngriku, anama Rukmuka tuwin Rukmakala. Sareng mireng swara pating glabruk saha angin gumuruh, sakalangkung kagèt saha maras manahipun. Boten dangu mambet ganḍaning djanma. Buta kembar kekalih medal saking guwanipun sarwi gero-gero kados Batara Kala baḍé nggempur bumi. Saking seruning panggero siti kados baḍé bengkah, langit kados kontrag-kontrag. Tumunten sumerep Sang Wrekodara, énggal dipun banḍem séla. Nanging Arja Séna boten padja-padja adjrih, panggah sadjangkah boten mundur saking panggénanipun, ladjeng sesumbar: He buta kembar, kowé pantjèn watak dursila, djer kowé arep ngarah patiku". Sang Rukmuka tuwin Sang Rukmakala bengis wangsulanipun: „Hèh manungsa, banget anggonmu ora weruh ing tata, ora wurung kowé mati déning aku, awit kowé wis dosa, wani-wani ngrusak gunung sing takenggoni."

Dèrèng telas anggenipun witjanten, Arja Séna ladjeng katubruk, kinereg sinebrak-sebrak, nanging Sang Séna boten busik, malah wasis ing panangkisipun. Buta kekalih sanget kawekèn ing manah anggenipun nanḍingi Arja Séna. Dipun tjakot boten teḍas, dipun suduk boten [ 133 ]pasah. Déné Arja Séna tansah panggah abakuh, boten kirang ing wewéka. Sang Rukmuka énggal kadjambak, sijungipun kabiti ngantos tugel, rambutipun kaukel, ladjeng kasabetaken ing wit gurḍa, adjur mumur anggalepung, utekipun mantjurat sumamburat. Sang Rukmakala nunten mangsah baḍé apepulih, pangamukipun sampun kados tiwikramanipun Baṭara Kala, njakot, nḍupak, mbiti, ndengkul saha njikut. Raden Wrekodara boten talompé, Sang Rukmakala ladjeng katjandak, kabanting ing séla gegilang, adjur mbaleḍug, rahipun pating semburat. Sapedjahipun Sang Rukmuka tuwin Sang Rukmakala, wangkénipun sirna daḍakan, djer kakalihipun déwata ingkang saweg manggih papa tjintraka. Menggah sadjatosipun Sang Hjang Endrabaju, dinukan dateng Sang Hjang Pramèsṭi, ladjeng malih dados danawa kembar, adedangka ing guwanipun redi Tjandramuka.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Prabu Judistira ladjeng ngrangkul Arja Séna, Radèn Ardjuna, Nakula lan Sadéwa sami njungkemi sukunipun sarwi nangis ngamah- amah. Raden Patjawala senggrug-senggrug njepengi pontjoting dodotipun: déné Dewi Sumbadra saha Dewi Srikandi nggondèli sabukipun kalijan rawat waspa. Dèwi Drupadi nggubel ing ngadjeng sarwi nangis ngantos magep-magep. Akatah-katah pangandikanipun Sri Naréndra Kresna, tingalipun akembeng waspa, menggak pikadjengipun satrija ing Djodipati. Radèn Danandjaja nunten njepengi tanganipun ingkang kiwa, Radèn Nakula saha Radèn Sadéwa sami njikep tanganipun ingkang tengen sarwi nangis tanpa kenḍat. Nanging sampun watakipun Raden Wrekodara boten kénging dipun ampah, pinalangana mlumpat, dinadunga meḍot. Ladjeng kroḍa, ingkang sami nggudjengi kiwa tengen saha ngadjeng wingking sami kakipataken, ngantos sami mantjelat ḍawah ing siti. Arja Séna wekasan mberot, medal saking kaḍaton, lampahipun ngitar boten mawi nolih wingking, sakeḍap sampun tebih.

Kotjapa ingkang tinilar ing kaḍaton Ngamarta, sadaja sami nangis ramé awajang-wujungan. Para Pandawa sagarwa putra sami ngadep dateng Prabu Kresna, sami ndeku ing ingarsanipun. Baḍé nusul Arja. Séna kapenggak Prabu Kresna. Katah-katah anggenipun ngrerapu saha paring pitutur. Para Pandawa sakalangkung kuwur ing manah, temahan sami kèndel, namung pasrah ḍateng Batara ingkang linuhung. Prabu Kresna nunten kondur amakuwon.

Mangsuli tjarijosipun Arja Séna, sakeḍap sampun mandjing ing wanadri. Saking adrenging manah, boten ngélang sawarnining bebaja ing margi. Tetijang ingkang sami kepeṭuk sami gawok. Kekadjengan ingkang katut ing angin sumjak swaranipun kados nangisi késahipun Sang Séna. Sekar-sekar mbabar ganda marbuk arum, ébahipun sairib ngawé-awé Aria Séna, kapurih wangsul dateng Ngamarta. Sekar gadung sumjar binarung sekaring kemuning. Sekar angsana tuwin pudak kasilir ing angin lir pendah wentisipun para putri nggonḍèli Radèn Wrekodara. Tjanggèrètnong swaranipun mawurahan kados panangisipun Dewi Drupadi. Merak njangungong ing wingking sareng kalijan swaranipun peksi tjutjur, saèmper panguwuhipun para Pandawa akèn wangsul Arja Séna ḍateng Ngamarta. Swaraning peksi pating tjaruwèt [ 134 ]asauran kados suka pitutur ḍateng panenggaking Panḍawa, ing margi ingkang ngatos-atos. Beluk, darès tuwin dokan sami njamber-njamber ing langit, tandukipun pinḍa baḍé ngadangi lampahipun ingkang saweg gandrung ing toja gesang, akèn wangsul manggihi para kaḍang. Ungeling kongkang ing blumbang saha pangorèking kodok kados déné ngéngetaken sawarninipun durgamaning margi ingkang kaambah ḍateng panenggaking Panḍawa.

Sareng surja sampun serap, ing wanadri repet-repet ladjeng peteng. Rembulan panudju boten ndaḍari, namung lintang-lintang ingkang ketingal pating krelip kados sesotya sinawuraken ing awang-awang, minangka deḍamaring dalu. Sirep swaraning peksi alit-alit, namung peksi kudasih mungel ing pangasauran, swaraning tikus pating tjlirit, kados-kados ngèngetaken Arja Séna dateng bebajaning margi, kabekta saking sandi-upajanipun Danjang Drona. Saèstu jèn udjaripun resi Drona ngamandaka, nedya adamel tjilakaning agesang.

Kawuwusa Radén Wrekodara, Satrija ing Djodipati, lampahipun namung anut ing sukuning redi medal ing djurang trebis. Boten dangu ing sisih wétan ketingal wonten tjahja sirat-sirat abrit ragi katutupan ing méga, pratandanipun Batara Surja madangi djagad, mungup-mu- ngup ing putjaking redi, kados putri adi ngawé dateng semajanipun. Nunten ramé swaranipun paksi ing kekadjengan pating tjaruwèt mi- lengi kuping. Panjengaking peksi tjangak pinda asung wangsit akèn wangsul dateng ingkang saweg kalunta-lunta. Pandjeritipun ajam wana kados awewarah dateng Sang Séna njingkirana wana pringga. Akatah- katah sasmitaning sato kéwan saha sesekaran dateng Arja Séna, tangèh jèn kautjapna sadaja.

Lampahipun Radèn Wrekodarà njandung séla njémpar lungka, minggah mandap tanpa kèndel. Boten antawis dangu dumugi ing kisiking samodra, alunipun ageng gumuruh nempuh parang, sumjak lir suraking pradjurit aprang. Sang Séna njaketi sarwi lonlonan. Ing ngriku ketingal karangipun paṭing panḍukul kataweng ing ampak-ampak. Sawenèh wonten ingkang mèmper liman mengo, sawenèh malih sairib liman ndjerum. Radèn Wrekodara manḍeg mangu lampahipun sinambi njawang ombakipun saganten, golong gumulung kados guling. Kepjuring ombak nempuh karang kados sekar glagah katempuh ing angin. Déné ombak ingkang wonten ing tengah mawalikan, gora gumerah nggegirisi, adamel kuwuring manah. Kapjuk-kapjuking toja saantawisipun kekarangan kados nambrama datengipun Sang Arja Séna.

Ing ngriku Radèn Wrekodara ngadeg ndjenger, oneng ḍateng para kaḍangipun ingkang kantun ing pura. Tumunten kèngetan ḍateng wewarahipun ingkang raka Nata ing Ngamarta, sajektos jèn panḍita Drona ngamandaka udjaripun. Nanging gèk kados pundi malih, watak wantunipun satrija, lingsem jèn wangsula, luwung nempuh bjat ngemasi ing samodra.

Wau ta ingkang ketingal ing saganten, pinten-pinten katahing baita, lajaripun pating karelab kasorotan ing surja. Tijangipun paṭing kareḍap kados walang sumamburat. Déné warnining baita: djong, djukung, majang, wangkang, kunting, sampan, gijota. Sang Séna ndjenger kados tugu manik sinukarta, njawang sawarnining baita, kadamel [ 135 ]

ngleledjar manahipun. Alun ageng nggegilani langgeng agolong gu- mulung, tojanipun mantjur njiprati kekisik. Wedi malêla ketingal nengsemaken kados sarining sekar. Sangsang Jémbak-lémbak lir péndah tjemara uwal saking gegelunging sang dyah adamel brangta, Pinten- pinten langening toja ing samodra, adamel sengseming manah, pan- djang jèn winarnia ing tulis,

 Katjarijos Radèn Wir ekodara, dangu anggènipun nggagas kawon- tenaning badanipun, winangwang saking wiwitan dumugi ing wekasan, sinambi njawang langening samodra. Ingkang kaépi-épi boten wonten sanès namung toja amreta, Manawi boten saged manggih toja sutji, suka lila pedjah ing samodra. Nunten tjantjut taliwanda, saksana nem- puh bjat nggebjur ing samodra, ladjeng nglangi manengah. Alun ageng agolong gumulung melek badanipun, Ombak djumegur sumembur nam- pek rainipun tanpa kèndel. Sang Séna boten kirang ing wewéka, ladjeng inggèk, toja sumaput dumugi ing gulu. Sanalika kèngetan adjimpun anama adji Djalasangara, Ênggal winatek kalijan patitis, sangsaja wewah lkakendelanipun, sapandurat sampun dumugi ing satengahing saganten.

 Wau ta ing telenging samodra, dumadakan wonten ketingal ku- mambang ing toja, kampul-kampul manut lampahing alun, agengipun angébat-ébati, swaranipun -ngakak, tandangipun: agalak. Sangsaja da- ngu sangsaja tjaket ngambang ketingal gumawang, agengipun saredi anakan kumelap sarwi njembur-njembur sakalangkung nggegirisi. Toja kinebur kados saganten umob, swaraning ombak -djumegur. kados badé ngrentahna langit,

 Sareng Sang Séna sumerep, sakalangkung kagèt, manahipun deg- degan, panggraitanipun : ,,Iki ana-bebaja nekani”. Wrekodara lang- kung déning éram sumerep agengipun. Sanalika swaraning saganten djumegur kados guntur. Ingkang kumambang swaranipun ngikik tjeki- kikan, tjangkemipun nunten mangap. saèmper lênging guwa, sijungipun mingis-mingis kumilat lir tatit, déné wisanipun sumembur kados grimis. Saksana njaut wani, ladjeng mulet Arja Séna saha ndengkèk sairib badé mbanting Sang Bajusuta, satemah angles kesungsang kapulet ing naga. Wisanipun tumampek ing rainipun, mila Arja Séna sangsaja kéwedan ing manah, sampun njana jèn badé pedjah, sajah marlupa dipun obat-abitaken déning naga, Badanipun sakodjur sampun ginubet, namung gulunipun ingkang boten, nunten sarosa ginèndèng manengah, Nalika samanten sakatahing baita ingkang wonten ing saganten énggal sami ontjat, njana jèn wonten angin prahara tuwin pantjawora tarik dateng, pramila sadaja sampun sumingkir tebih.

 Kawarnaa Radèn Wrekodara ingkang saweg pantjakara kalijan naga. Sang Arja Séna tansah penyak, awas angèn mangsa. Trang- ginas pun naga ladjeng dipun tjubles kalijan kukunipun pantjanaka. Pun naga ketaton, temahan rahipun sumamburat aderes. Kuku pantja- naka mandjing ing badanipun naga, nunten djinuwing-djuwing ngan- tos pating saluwir. Rahipun aderes lanpa kendar, awor kalijan toja saganten, saéngga kiwa tengen sapaningal tojaning saganten dados abrit, sampun prasasat ketingal kados rah. Boten dangu pun naga sam- pun tiwas, pedjah déning Sang Arja Séna, ndadosaken suka bingahing manahipun sawarnining isèn-isènipun saganten.

185

[ 136 ]Sadangunipun Radèn Wrekodara aperang tanḍing kalijan naga, Sang Murbèng Djagat boten kekilapan. Sanget kamiwelasen ḍateng Arja Séna, déné sakalangkung kaswasih kekah ing sedya, ngupadosi toja gesang manut pitedahing guru.

Bimasutji sasampunipun angsal pantjaretna, ladjeng énggal medal saking guwa-garbanipun Déwarutji. Sadaja paningal sampun malih, sakala sampun wangsul ing ngalamipun ingkang lami. Déwarutji saksana sirna.

Katjarijos Raden Wrekodara, inggih Bimasutji, sasampunipun tampi kanugrahan saking Déwarutji, manahipun dados mulus rahaju, awit hardaning manah dateng pepinginan sampun sirna. Sariranipun maja-maja kados nganggé sutra adi, rinengga ing manik nawaretna. Mila asesumping sekar mas winarni sekar pudak, kawastanan kasturi djati, minangka pratanda jèn sampun putus ing sakliring kawruh. Akekampuh saha atjalana polèng bang intulu, awarni sakawan, gi[ 137 ]nubet ing naga minangka pangènget-ènget nalika pantjakara kalijan naga ing telenging saganten. Déné warni sakawan wau minangka pangènget-ènget nalika mandjing ing guwa-garbanipun Dèwarutji. Warni ingkang tjemeng, abrit saha djené punika mengsah ingkang ngadangi lampah ingkang prajogi, déné warni petak punika pralambangipun kasembadaning pangangkah ingkang utami. Rupi gangsal punika ginambar ing busananipun Radèn Wrekodara.


(Bima Sulji)


XXX. BAṬARA ÉNDRA TEḌAK ḌATENG PATAPANIPUN BEGAWAN MINTARAGA

 Ing ngriku batara Éndra ladjeng sumelang ing galih ḍateng tapanipun radèn Danandjaja. Déné ingkang dipun sumelangaken mbokmanawi sang Parta wau anggènipun tapabrata namung ngangkah ḍateng kamuksan, kesupèn ḍateng radjabrana saha kawirjan. Pramila batara Éndra badé njarirani pijambak ndadar ḍateng kaantepanipun begawan Mintaraga.

 Batara Éndra nunten santun warni, ladjeng tumedak ḍateng redi Indrakila aminḍa pandita sepuh, wungkuk aṭikluk mèh kewudan, lampahipun nunuk-nunuk sarwi tekenan. Ḍatengipun ing patapan nudju djawah deres amor angin. Kawewahan redi Indrakila kaleres kinemulan ing méga, mila sang pandita badanipun ndrodog katisen.

 Ladjeng mandeg ngadek siḍakep ing pipining kori guwa patapan. Dangu anggenipun ngentosi radèn Danandjaja, nanging boten ingaruharuhan. Mila sang pandita ṭikluk ladjeng asabawa sarwi dèhèm saha watuk-watuk. Begawan Mintaraga kagèt, sanalika ladjeng muḍar semadinipun. Sareng sumerep sang pandita, énggal dipun bagèkaken kantibingahing manah, alon embungipun: ,,Ḍuh pukulun, kula mugi kepareng pitakèn, wingking pundi ingkang pinangka, ngadjeng pundi ingkang sinedja?"

 Sang pandita Ṭikluk sumaur alon: "Jèn sampéjan sudi ngaken panḍita ḍateng kula, saèstu badé ndadosaken suka bingahing manah kula. Wondéné anggén kula tapa punika, manut sadanganing manah. Boten kantenan ingkang minangka patapan kula, djalaran padamelan kula tansah anelasak ndjadjah wana, minggah redi manḍap redi, ngu djung ḍateng sawarnining patirtan. Punika wau kula sumerep tédja ngenguwung, ngriki prenahipun. Tédja mekaten suka sasmita panggénanipun tijang sutji saweg mesu brata. Sareng kula purugi, tetéla jèn wonten ing patapan sampéjan ngriki punika. Kalinganipun sampéjan ingkang ngawontenaken tédja punika."

 Sang pandita kèndel sawetawis dangu, nunten ndumugèkaken pangandikanipun: "Sajektosipun kula punika inggih ulah semadi, boten béda kalijan sampéjan. Namung kémawon kula kuwatos, mbokbilih anggèn sampéjan mudja-semadi punika badé kandeg. Awit saking paningal kula, katah duwung, djemparing tuwin tamèng ingkang sami gumelar wonten ing patapan ngriki. Punika mratandani jèn sang tapa

137

[ 138 ]anengenaken sawarnining kabingahan saha nggajuh ḍateng kawibawan.

Éman sanget jèn ta sang tapa boten sumedya ngangkah ḍateng kamuksan. Limrahipun tijang meleng ing pudjabrata punika angudi dateng rahajuning manah. Samangsa ingkang kaèpi-èpi kabingahaning djagat paraméan, sajektos baḍé kesasar ing lampah. Pundi tijang mengkeraken toja amreta, kumatjèlu mbudjeng ḍateng wisa?

Sadjatosipun ing djagat paraméan punika kaṭah ingkang sami kesasar ing budi, temahan matang tuna numbak luput. Ingkang pineleng ing manah anggajuh ḍateng kanikmatan tuwin kaswargan, dumugining endon manggih sakit. Nujuti ardaning pantjadrija punika mila inggih angèling angèl, awit salebetipun ngampah radjah tamah, temah tingal ladjeng bawur, manah kuwur, anggung wujung akontrang kantringan.

Tindakipun manungsa ingkang kados makaten punika kénging ingupamèkaken kados tijang ningali ḍateng ringgit. Sampun sumerep jèn ringgit punika watjutjal ingukir rinéka djanma, linampahaken ing ḍalang. Liripun wonten ingkang witjanten, wonten ingkang gumudjeng suka, wonten ingkang nangis, ébahipun manut pikadjengipun ki ḍalang. Éwa samanten punika inganggep kanjatan. Inggih punika lampahipun manungsa ingkang taksih kepéntjut ḍateng sawarnining pepénginanipun pantjadrija. Sajektosipun ingkang gumelar wonten ing djagat paraméan punika kénging kawastanan siluman." Telas wewulangipun sang panḍita dateng begawan Mintaraga.

Sang Parta ladjeng sumaur mawi tembung memaladsih sarta pangela-ela dateng sang panḍita: "Duh pukulun, sakelangkung kasinggihan ḍawuh pangandikanipun sang maharesi. Boten sanès kedjawi kamisuwuran tuwin ungguling djurit. Samangsa satrija tetep anggènipun ulah tapa gangkah ḍateng kasudiran, sampun prasasat ngener ḍateng kamuksan.
Pundi wonten tijang boten praduli ḍateng gumelaring djaman paraméan punika ing lair batos. Éwa samanten salebeting gesang ingkang dipun angkah inggih kanirwanan, inggih punika kaswargan pamaḍeming pantjadrija. Sadangunipun anganta-anta ngentosi dawahipun kabegdjan wangsul ḍateng kaswargan, prajogi ulah kasampurnan sinambi ulah suka kawibawan.

Namung punika atur aula. Déné manawi wonten keladuking tetembungan, sang panḍita mugi ngegungna ing pangaksama."

Sang panḍita sumambung: "Anggèr, ing agesang sakelangkung gawat, jèn namung ndjurungi ḍateng kamurkan, sasap-sambir ing tembé baḍé manggih bilai. Ardaning pantjadrija punika lakar angèl sanget- sajutsajutanipun, asring adamel gingsiring manah rahaju. Singa kesengsem ngubungi ardaning manah, boten baḍé saged manggih kanugrahan ingkang linuhung.

Kados upaminipun tuwaburu, punika ing béndjingipun baḍé malih dados sima, awit nalika gesangipun padamelanipun namung medjahi bebudjengan, kateḍa dagingipun.

Menggah tuwarawa gesangipun rinten-dalu namung menḍet ulam, mila ing tembé manawi pedjah, malih dados badjul, awit saking karemipun ḍateng ulam.

Inggih kados makaten pepinḍanipun wohing ngagesang. Sinten


138 [ 139 ]ingkang tansah adamel awon, temtu baḍé manggih piwales awon. Déné manungsa ingkang tansah meleng ḍateng kamuksan, wekasanipun inggih baḍé kadumugèn ing pikadjengipun.”

 Makaten pangandikanipun sang maha panḍita. Radèn Danandjaja raosing manahipun kados tinétésan ing toja sawindu. Dangu anggènipun kèndel anilingaken pamedjangipun sang pandita, saha sanget kakenan ing manah. Wasana kèngetan ḍateng ḍawuh pangandikanipun begawan Dipajana rumijin, tembungipun :

,,Hèh mas putuku, prajoga sira samengko mangun tèki, nenuwuna marang baṭara kang linuhung kadigdajaning perang. Ing tembé bakal ana panḍita kang nuduhaké sira marang kamuksan.”

 Atur wangsulanipun sang Parta dateng sang panḍita: ,,Sakelangkung kasinggihan ḍawuh pangandikanipun sang maha panḍita. Menggah ing sadjatosipun kula punika dèrèng kepareng ulah kamuksan awit déning genging katresnan kula ḍateng sadèrèk kula sepuh sang Darmawangsa, sinatrija ingkang sampun kasub kaonang-onang ing bawana. Anggèn kula keraja-raja mangun tapa punika, saḍèrèk kula wau sageda manggih wohipun. Awit ingkang dados angen-angening manahipun sageda dados ratu binaṭara anjakrawati, mangun rahajuning bawana. Manawi ingkang dados pepuntoning manah kula punika boten kasembadan déning baṭara ingkang linangkung, saèstu kula boten badé purun wangsul saking patapan, suka lila nemahana pedjah wonten ing ngriki.”

 Sang panḍita sareng mireng aturipun begawan Mintaraga, bingahing manah boten kénging winiraos, ladjeng ngratjut warni, malih dados baṭara Éndra. Radèn Ardjuna énggal tjaos bekti, nanging pinenggak, tanganipun tjinepeng ḍateng baṭara Éndra. Pangandikanipun : ,,Ḍuh mas anggèr putra ningsun, mara delengen ingsun ! Ija ingsun iki baṭara Éndra, ratuné para déwa ing Suralaja. Adja sumelang ing atinira ! Sumurupa, ing mengko baṭara Siwah, ija baṭara Guru, bakal luntur sihé marang sira.

 Ing ngarep ingsun utusan widadari pepitu ngrentjana tapanira. Njatané sira wis kuwasa matiraga, njajuti pantjadrija. Mulané sira wis adja samar manèh, mesṭi bakal tampa kanugrahan kang linuwih. Mung baé ingsun mau sumelang, mbokmanawa kebandjur anggonira mangun-tapa, temahan ora nolih marang karahardjaning bumi. Jèn ta mangkonoa, mangsa bisaa ketutugan antjasing ati ningsun. Ing mengko wus tetéla kaantepanira, tapabrata murih rahajuning bawana. Kang iku di tetep antjasé atinira, disentosa ing budi ! Ing kono margané sang hjang Kawekas, Baṭara Siwah, bakal tumurun, maringaké ganjaran marang sira. Wis anggèr karia rahardja, ingsun arep bali menjang Kahjangan !"

 Telas pangandikanipun batara Éndra. Ladjeng mesat ngajuh ing gegana, sakeḍap nétra sampun boten ketingal.

 Sang Parta kantun anggana. Ing mangké anggènipun tapa sangsaja sineru, malah tinikelaken sadasa kalijan ingkang sampun. Mila makaten, awit joga-brata punika kénging ingupamèkaken tijang ngagar. Jèn tumemen pangagaripun, mesṭi énggal saged angsal latu. Nanging manawi pangagaripun dipun sambi aleléda, tamtu tangèh sagedipun angsal latu. [ 140 ]
BAṬARA GURU MARINGAKEN DJEMPARING
PASOPATI ḌATENG RADÈN ARDJUNA

 Katjarijos ratu denawa ing Imantaka, prabu Niwatakawatja, mengsahipun baṭara Éndra, anggénipun nglurug sampun dumugi ing Suralaja, pepak sawadya-balanipun. Para punggawa boten wonten ingkang kantun. Sadaja sami tuhu setya, saha digdjaja sudira ing perang, wasis ngrupak djadjahanipun mengsah, angelar djadjahaning ratu gustinipun, angrangsang bètèng, angganṭol kapurantjang. Ḍasar sampun watawis lami anggènipun kapiadreng baḍé mbélani gustinipun, ngobrak-abrik saindenging Suralaja, mila polahipun kados sima rebat memangsan. Djadjahan ing Suralaja sampun ingosak-asik déning bala raseksa, swantenipun atri gumuruh anggegirisi.

 Baṭara Éndra ing mangké rumaos kèwedan ing galih, dangu anggènipun ambudidaja sageda ontjat saking pangrangsangipun bala denawa. Pinanggihing nalar, sumedya ngétjani manahipun mengsah. Mengsah denawa ladjeng pinaringan sawarnining radja-busana tuwin radja-brana saha manik nawaretna. Ing ngriku para ditya ladjeng kanḍeg anggènipun baḍé nggempur Kaéndran.

 Boten antawis dangu ratu denawa boten kesamaran ḍateng sandi upajanipun baṭara Éndra. Awit osiking manahipun, sakalangkung mokal jèn para déwa baḍé saé panganggepipun ḍateng ditya raseksa. Pramila pangrangsangipun sangsaja ngatos-atos, anggénipun njebar telik sandi malah dipun kaṭahi, sampun waradin ing djagat tetiga.

 Prabu Niwatakawatja sampun mireng pawartos saking telik sekti mandraguna, jèn baṭara Éndra sampun mintasraja ḍateng sang Parta, ingkang saweg matiraga wonten ing redi Indrakila. Sang tapa baḍé katimbalan, kaḍawuhan nanḍingi pangamukipun. Mila radja denawa boten katalompèn, énggal utusan punggawa raseksa, ingandikakaken motjok gulunipun sang tapa wau. Ingkang pinidji ditya sinelir nama Momongmurka, sampun misuwur sanget kawanteranipun, saged mandjing adjur-adjèr, mantjala putra mantjala putri.

 Lampahipun utusan ing margi boten kotjap. Boten dangu sampun ngantjik ing redi Indrakila. Ladjeng sinasak ingideran sumedya ngupadosi patapanipun sang Parta, ananging boten kepanggih. Wasana sang Momongmurka telas manahipun. Saking bingungipun, temahan kalimput ing nepsunipun.

 Pangunandikanipun : „Ih lah dalah, jèn kaja mengkéné angèlé golèk-golèkané patapané si Ardjuna, gunung Indrakila betjik tak gempuré."

 Sanalika ditya Momongmurka ladjeng malih dados anḍapan, sakelangkung ageng anggegirisi, sampun prasasat sang Kumbakarna. Redi Indrakila ladjeng oreg, putjakipun guntur, swantenipun djumegur, korining guwa patapan ngantos rengat.

 Sang Parta ing salebetipun mudja-semadi kados angsal wangsitipun déwa ingkang linangkung, ingosikaken ing manah jèn wonten bebaja. Mila énggal medal saking guwa, sarwi njangking genḍéwa, djemparing saénḍongipun. Boten dangu sumerep wonten anḍapan ageng kabina-bina nḍungkari putjakipun redi, sélanipun ngantos mawud. [ 141 ]Radèn Ardjuna ladjeng prajitna. Pangunandikanipun: „Iki baja tjèlèng apa, déné geḍéné nggegilani, nganti gawé kontraging gunung."

Sakala radèn Ardjuna sampun boten kasamaran, jèn wonten denawa wegig malih dados anḍapan. Mila énggal nganggé rukuh saha kawatja. Kala samanten sang tapa taksih tebih kalijan panggènanipun anḍapan dursila. Sanalika punika ugi ladjeng wonten prahara, swantenipun gumrubug, pinten-pinten kaṭahing wit-witan sami rebah pating sulajah.

Kotjap baṭara Guru kepéngin uninga tapanipun sang Parta, ladjeng tumurun ing martjapada, ingiring ḍateng para déwa resi. Teḍakipun baṭara Guru saking Kahjanganipun redi Kélasa pinudju ḍatengipun ditya Momongmurka awarni anḍapan. Mila baṭara Guru ladjeng minda ratu tjangkrama, mbebedag ing wana, ngetut lampahipun anḍapan.

Sang Parta sareng sumerep, ladjeng ngunandika: „Baja wis pinasti ing djawata, déné saiki saja wuwuh mungsuhku."

Sanalika ladjeng mentang langkapipun, mawas prenahipun anḍapan. Sareng anḍapan badé njander purun, énggal linepasan djemparing. Pesatipun djemparing tjumeprot ngèngingi anḍapan, sareng kalijan djemparingipun batara Guru, tumantjep dados satunggal. Sang Parta rumaos bingah ing manah, déné titis ing pamawasipun. Énggal murugi panggènanipun anḍapan sumedya ndjabud djemparingipun.

Baṭara Guru nguwuh-uwuh: „Hé ki adjar, adja guru-guru ndjabud panah! Mara waspadakna, iki rak panah ingsun, banget anggonira ora weruh ing tatakrama. Sira iku katonira kaja adjar, nganggo tjawet babakan kaju, parandéné ora sumurup marang unining sastra. Mara ngendi ana wong tapa sikep gegaman? Sapa wongé kang sira [ 142 ]guroni? Praktikelmu kang ngéwak-éwakaké iku bisa gawé tjatjadé gurunira. Sira kalawan gurunira kelebu wong papa tjintraka, ora wurung dadi isèn-isèning Jumani. Kawruhanira, sing matèni tjèlèng iku djenengingsun. Adja sira sengguh jèn iku panahira !"

Sang Parta sareng mireng panguman-umanipun baṭara Guru, kupingipun kados sinebit, ladjeng bramantya, wangsulanipun: „Hèh ki tuwaburu, disarèh, adja keladuk ing pangutjap! Mara delengen, ija ingsun iki raden Danandjaja, Panḍuputra, satrija tengahing Panḍawa. lja bener udjarira, katon ingsun nggegirisi, pepak gegaman ingsun. Sumurupa, sing ingsun tiru iki mung lelakoné resi Ramaparasu. Manawa sun pikir-pikir ora ana alané ingsun tansah sikep gegaman, djer sabaningsun ana ing alas, dadi samangsa ana bebaja ora bakal kapiran.

Sira iku banget anggonira atinggal deduga lan prajoga, anggonira nguman-uman entèk amek kurang golèk. Jèn sira, germa tjenḍala, isih demen mangan wohing dami, lah mara énggal njungkemana paḍaningsun! Manawa sira sutik njembah djenengingsun, ora wurung sira bakal lebur tanpa kukupan déning ingsun."

Kaṭah-kaṭah radèn Danandjaja anggenipun nguman-uman ingkang apinda ratu mbebedag. ḍateng.

Para déwa resi ingkang sami ngiring baṭara Guru ladjeng nepsu, énggal sami nglepasaken djemparingipun, sarwi surak pating gerijak. Ḍawahipun djemparing kados djawah, ngéngingi baḍanipun radèn Danandjaja. Pinten-pinten kaṭahing tjakra ingkang ngrotjok baḍanipun, nanging radèn Danandjaja tansah panggah, boten mundur sadjangkah, malah wewah kekendelanipun.

Radèn Danandjaja trengginas nglepasaken bajubadjra, swantenipun gumrubug anempuh para déwa resi. Sadaja sami larud, katut lampahipun angin. Namung baṭara Guru ingkang kantun andjedjer, nirbaja nirwakara, ladjeng perang tanḍing kalijan Radèn Danandjaja. Dangu anggenipun sami lepas-linepasan djemparing.

Baṭara Guru énggal nglepasaken djemparingipun ingkang nama Ardatjandra. Pesating djemparing Ardatjandra tinaḍahan kalijan djemparingipun radèn Danandjaja, temah tempuh ing ngawang-awang kados larapipun tatit. Baṭara Guru sareng sumerep djemparingipun Ardatjandra putung sangsaja sanget kroḍanipun, sampun prasasat baṭara Kala baḍé nggempur bumi.

Baṭara Guru nunten nglepasaken djemparingipun redi séla, agengipun saputjakipun redi. Radèn Danandjaja boten kalajatan, énggal matak adji, ngusap siti sarwi tumenga ing tawang. Sanalika punika ugi ing ngawang-awang ladjeng ketingal kebekan dedamel, kaṭahipun sewu, sakalangkung mingid-mingid, agengipun saputjaking menara. Ladjeng tempuh kalijan redi séla, swantenipun djumebrèt angadjrih- adjrihi, temahan ngawontenaken guntur ing satengahing paprangan.

Baṭara Guru sakalangkung kaget sumerep sirnanipun djemparing redi séla. Enggal njanḍak sendjatanipun pamungkas ingkang sampun kawentar, inggih punika djemparing latu, kala rumijin sampun naté kanggé mbesmi kita tetiga ngantos lebur tanpa kukupan. Radèn Danandjaja nunten nglepasaken djemparing kanggé mapagaken pangamukipun djemparing latu. Déné djemparingipun ngedalaken méga angenḍanu wonten satengahing paprangan. Ladjeng katempuh ing angin [ 143 ]dados djawah deres, binarung ing gelap saha ṭaṭit aliweran, swantenipun djumegur angadjrih-adjrihi. Sakeḍap sampun sirna prabawanipun djemparing latu. Hjang Pramèsṭi sangsaja kroda, tingalipun anḍik kados baḍé anggeseng bawana. Nunten ngedalaken djemparing ranté asirah naga ageng, tjangkemipun mangap agalak, kados baḍé nguntal djagat, anggilut redi. Lepasipun djemparing ranté ingiring djemparing kalaḍastra, lumarap kados kilat. Raden Ardjuna sareng sumerep, énggal mentang langkapipun, ladjeng nglepasaken djemparing garuḍa. Djemparingipun dèrèng ngantos lumepas, ladjeng katungka panempuhipun djemparing kalaḍastra. Radèn Ardjuna trengginas menḍak, wasana djemparing kalaḍastra ngéngingi genḍéwa saha rukuhipun. Temahan genḍéwanipun putung, déné rukuhipun remuk, sesotyanipun mawur. Radèn Ardjuna ladjeng tandang kroḍa, énggal njanḍak tugelanipun genḍéwa kadamel gaḍa.

Hjang Pramèsṭi tjikrak-tjikrak sarwi murugi panggénanipun sang Parta. Boten dangu sampun sami adjeng-adjengan, ladjeng nggelut atilar dedamel. Dangu anggenipun sami uleng-ulengan asilih-ungkih. Djedjak-djinedjak, biți-biniti, djambak-djinambak. Ngantos djuḍeg anggenipun silih tjidra, gentos unggul gentos kawon. Kekalihipun sami tanggonipun tuwin sami kasektènipun.

Sang Parta ladjeng kesikep, binanting ing siti. Sareng rumaos kasoran, ladjeng males. Hjang Pramèsṭi sukunipun kalih pisan nunten rinangkus, baḍé binanting ing séla gegilang. Sareng baḍé dipun djundjung, suku kekalih wau dumaḍakan musna.

Boten antawis dangu ladjeng wonten djawah sekar, ingurab sawarnining wewangi, binarung swantenipun para déwa resi, mangaju bagia ḍateng kaprawiranipun sang Parta. Sakedap nunten wonten tédja ketingal, tjahjanipun ngenguwung amblerengi. Ing ngriku tetéla jèn hjang Pramèsṭi ngédjawantah, tumurun ing martjapaḍa, pinarak ing ḍampar sekar tundjung pinatik manik nawaretna.

Sang Parta sampun boten kasamaran, ladjeng tjaos bekti dateng batara Guru. Sasampunipun njembah, ladjeng mudja sarwi tumenga ing ngarsanipun baṭara Guru. Tembungipun:

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Pamudjanipun raden Ardjuna ladjeng sinauran ḍateng baṭara Guru: „Ḍuh putraningsun, ing samengko ingsun wus ora kesamaran marang setyaning bektinira marang djenengingsun, mulané ketutugan ing sapandjalukira. Lah mara iki tampanana gandjaraningsun marang sira, arupa panah kang aran Pasopati !"

Ing ngriku baṭara Siwah, nunten ngédjawantah. Astanipun énggal pinurus, ladjeng medal latu, sanalika dados djemparing.

Djemparing nunten kaparingaken dateng Ardjuna.

Raden Ardjuna sasampunipun tampi gandjaran peparingipun baṭara Siwah, ladjeng njembah. Kedjawi djemparing Pasopati, ugi kapateḍan genḍéwa linangkung tuwin makuṭa pinatik nawaretna. Sasampunipun makaten tumunten winedjang ing salwiring kawruh ulah dedameling perang. [ 144 ]Baṭara Siwah sasampunipun paring piteḍah warni-warni ḍateng Raden Ardjuna, ladjeng musna, makaten ugi sakaṭahing para déwa resi ingkang sami ndèrèkaken tumurun ing martjapada.

Sapengkeripun baṭara Siwah bingahing manahipun raden Ardjuna boten kénging winiraos, tjiptanipun sampun boten ngantjik ing djagat paraméan punika, ontjat ing dukatjipta.

Kaantepanipun radèn Ardjuna pantes sinudarsana, bebasanipun: sing sapa temen tinemenan. Déné manungsa ingkang neḍa kasektèn, kasugihan utawi kawirjan, mangka boten dipun saranani tapabrata, tuwin memudja dateng déwa ingkang kawekas, sampun pisan-pisan gaḍah pangadjeng-adjeng baḍé kasembadan panjuwunipun. Awit boten wonten déwa ingkang paring kanugrahan dateng tijang ingkang tansah gesang sarwi ngétja-étja, boten tjegah teḍa tuwin tilem, temah angubungi ardaning pantjadrija. Tijang ingkang kados makaten punika tindakipun, boten sandé winilet ing prihatos, saha dumawah ing sangsara.

Sadaja ingkang gumelar ing djagat-raja punika gegajutan kalijan sabarang tinḍak ingkang sampun kepengker. Sinten ingkang ulah rahaju, baḍé manggih karahajon. Para sudjana saha sardjana kados boten kekilapan ḍateng pituwasipun kasetyan, inggih punika kabingahanipun manah ingkang langgeng.

(Mintaraga gantjaran).


XXXI. ARJA KUMBAKARNA MANGSAH DJURIT

Asmaradana

  1. Mawur ditya alit-alit, mantriné ndeku kéwala, Kumbakarna pamuwusé: „Anapa ingsun ginugah?" Ditya mantri turira: „Pukulun timbalanipun, raka paduka sang nata.
  2. Paduka mandjinga puri, prakawis praptaning mengsah, wanara ampuh judané, katah bupati kang pedjah, tumpes sawadyanira, Pradjangga Pragasa lampus, Mintragna lan Wirupaksa.
  3. Bradjamusti Djambumangli, Putadaksi wus palastra, Pratamadaksi parengé, miwah prawira Dumreksa, andel-andel sadaja, lan rama paduka lampus, rekjana patih Prahasta."
  4. Sigra maraub asalin, ageganḍa asesekar, prapta tumpeng lan wuduké, lan kulub-kuluban gadjah, miwah pepetjel kuda, pira-pira gutjinipun, isi baḍèg lan waragang.
  5. Kuluban gadjah binukti, rangkep sepuluh pinangan, adeḍeg anèng ngarsané, miwah gutji-gutji telas, baḍèg lawan waragang, kulub-kulub kadi gunung, tan adangu babar pisan.
  6. Tan ana kumluwer gusis, tumpeng pirang-pirang leksa, pirang keti tumpes kabèh, wusnja ḍahar Kumbakarna, ladjeng marang djro pura, prapta ngarsanira prabu, Dasamuka ngawé sigra.
[ 145 ]
  1. Madjeng sarwi awotsari, katingalan kakangira, Rawana atjum ulaté, keketegé sumjar-sumjar, rumaras katingalan, ulaté abengus-bengus, ngrerepa dénnja ngandika.
  2. „Ah ariku sun tuturi, kasor kaluwihanira, teka pidjer turu baé, mungsuh wanara digdaja, mandra gunéng paprangan, kwèh bupati ingkang lampus, kang paḍa kawilang guna.
  3. Entèk andel-andel mami, kang titir prawirèng juda, mengko tanana boboté, apes mungsuh lan wanara, nguni kang nglar djadjahan, ngrupak djadjahaning satru, tumpesan déning wanara.
  4. Malah pamanira mati, ija si patih Prahasta, jaji kari sira ḍéwé, sirnakena mungsuhira, si Rama si Laksmana, si Sugriwa adja kantun, Anoman lawan Anggada.
  5. Pupusen kabéh dèn basmi, jaji kang bala wanara, apan sira salawasé, luwih kaprawiranira, tetep digdajéng juda, tan ana kadya sirèku, kaodjat ing tri bawana.
  6. Katona sihira jaji, tresna maring kaḍang tuwa, ija sapa kaja kowé, wus keter isining djagad, tumon kasektènira," Dasamuka wusnja muwus, kang raji lon saurira.
  7. Asendu nanging aririh, Kumbakarna aturira, : „Lah puniki pinanggihé, wong atinggal panikrama, ing nguni sampun kaṭah, kang ngaturken ing rèh tuhu, mila paduka tan arsa.
  8. Kalangkung mumpang ing jekti, amung anggunggung sarira, mangké makaten dadiné, amung arda puwa-puwa, naputi amisésa,: „Sapa ngalahaken ingsun, prawira ing tri buwana.
  9. Jèn nḍahara atur betjik, apan ora kekurangan, asor ungguling karaton, adiné ḍéwé Gunawan, undagi witjaksana, nora ana kang ginugu, atur kang amrih rahardja.
  10. Nalika gunem ing nguni, sadurungé tempuh ing prang, paḍa amrih rahajuné, kang guna-guna wiwéka, prawira rèh utama, kabèh tan ana rinungu, pinailaken kéwala.
  11. Bulah anaa ginalih, saking pélingé Gunawan, pitutur linebur kabèh, déné iki nora salah, kang duwé atur samja, kang ngarani boting mungsuh, déné paḍa kalampahan.
  12. Punggawané akèh mati, mungsuh wanara ing kana, durung kalong bebetjiké, prawirané wutuh ajam, Ngalengka tetumpesan, bebetjiké datan kantun, mungsuh mung kalong kang ala.
  13. Udjar walujaning dadi, rahardja adjur kéwala, kalulun kélu alané, kang sami amrih rahardja, tetepé siniwaka, kawangsul kang amrih aju, kolu kang amrih dursila.
  14. Si arja Wibisanèki, aturé kaliwat-liwat, anggoné amrih betjiké, panika nora angawag, matur udjaring tjeṭa, wus omah wiweka putus, waskita djro ning sri-nata.

Sinom

  1. Pan si Arja Wibisana, Gunawan sardjana niti, wruh wekasané kang ala, lawan wekasaning betjik, panggawé durung lair, si Wibisana wus weruh, matur saking geng tresna, ing kadang tulusé mukti, lan tulusé ngratoni bumi Ngalengka.
[ 146 ]
  1. Parandéné wèh tinukar, dinupak maksih ngaturi, kaku tyasé nuli lunga, sabalané temen mbalik. Wong Agung Dasarati, sudjana marta pinundjul, wiwéka sadu budya, aparikrama sajekti, nuli kanti si Gunawan Wibisana.
  2. Adu manis sinudara, kaluhurané muwuhi, wong agung Rama widjaja, déné si Wibisanèki, nagri Ngalengka iki, enggoné wong busuk-mumuk, malah murka dursila, niaja sikarèng budi, ija apa margané menanga aprang.
  3. Wuta tuli ring upaja, si kaki milu nuturi, anuta mring Wibisana, jekti anemu basuki, mung sijungé dèn isis, sapa sira sapa ingsun, ratu djajèng buwana, ngaku lelananging bumi, ja pagéné prihatin kasoran ing prang.
  4. Mung sukané pinudjia, tan obah ing atur jekti, ana sesamaning radja, kang pantes kinabektèni, tan arsa angabekti, mungsuh tan patut minungsuh, mung panganggepé uga, amundjuli ing sabumi, tan wruh lamun nuraga kèrem samodra.
  5. Apan ta nista paduka, kadi balumbang tan mili, suker reged nora kéntas, dadi suker tanpa kardi, kumaruk tuwan nenggih, kaḍi kawula satuhu, pan sarira paduka, kaḍi alun tanpa uwis, tanpa wekas budiné anggung purasa,
  6. Kasukanira upama, kudu-kudu angungkuli, maring saisining djagad, kroḍanra kang upami, ampuhan mawor riris, pantjawora guntur ketug, ing kaluwihanira, parikramaning narpati, méga nḍeḍet ametengi sabuwana.
  7. Kudu krura amisésa, wasa-wasa anguwisi, murwani ing bumintara, ajwana kang kaja mami, temah winisésa glis, dénja mbek luhur ginempur, misésa pinarusa, marang ing wanara jekti, kamuktèné pinèt ing satru utama.
  8. Rahajunira tan ana, kudu mbaḍog wong sabumi, anjapit barang katingal, mengko ana kang nekani, sarpa lempé tur tjilik, tan katenger dénja naut, pagéné gunḍam-gunḍam, gero-gero sambat mati, aran kudu misésa isining djagad.
  9. Tjinakot sarpa karasa, ulané kuru tur miskin, alesu tan bisa obah, kontal kéntir nut ing warih, atipis sagoḍong pring, nora njakot tanpa nganggur, margané pan dèn idak, si lempé panjokot neki, nora wirang gundam-gundam sambat pedjah.
  10. Saèngganira baita, panarik pangrèhirèki, kamudi pandoman sirna, njananira kang upami, lunas tan ana kari, sungkemira ing Hjang Guru, ingkang upama tihang, wus tikel nora mandiri, trapsilanta upama minangka lajar.
  11. Katut punggeling tetihang, lajar suwèk rowak-rawik, sebit rudjit rinaradjap, pandoman sirna wus kéli, paitané upami, nèng gedong wesi tinutup, sorogé nora ana, baita tinempuh angin, remak-rempu maledug sumjur nèng toja.
  12. Tibané liwat kesrakat, sabaturé kèsi-èsi, ukumé angrusak djagad, wewalesé anekani, murka niaja jekti, winales ing adjur mumur, saturuné tan kalap, singa kang ningali sengit, saparané sinarang, kasurang-surang.
  13. Ngadjak druhaka ngakaṭah, udjar djenenging narpati, mulané tan kena salah, anggegawa wong sabumi, ratuné minangka wit, wadya
[ 147 ]punggawa pangipun, pang agung kang najaka, pang alit mantri lit-alit, goḍongé pan sakèhing wadya sadaja.
  1. Mulané tulus rahardja, si bujut lawan si kaki, paḍa asih ing utama, bekti ring para maharsi, asih samining adji, kang duwé tindak rahaju, ing mengko kadi ngapa, sira gawé nora jekti, salawasé nora kambah parang muka.
  2. Ija nagara Ngalengka, sira kang awèh bilai, apa ingkang pinanggiha, ratu kang mengkéné iki, nusahken wong sabumi, nusahken ing kaki ibu, kabèh wong tuwa-tuwa, susah saking sira mangkin, djer sok anggung amidosa tanpa dosa,
  3. Ana undagi utama, prawira waskitèng wangsit, putus titi tri-buwana, ḍasaré kadang pribadi, kepati angaturi, Wibisana tan ginugu, pidjer mélik tumingal, Sang Dyah aju salah kapti, kaja nora tau mulat wanodyéndah.
  4. Mas retna sadjroning pura, éwon wanodya kang betjik, dadi tanpa dadi ngapa, munḍak angurub-urubi, barana dadi geni, kaju aking wanodya gung, temah murub kéwala, mbasmi Ngalengka nagari, lah ta adja susah katekan ing pedjah.
  5. Apan ta anggep paduka, spolah-polahé jekti, sarèh pan temen kéwala, nganggo beneré pribaḍi, dèn sandanga ing mangkin, ana bilai geng rawuh, adja angadjak-andjak, nista lakuné kinardi, angungkurken rembug sanak wong atuwa."

Pangkur

  1. Nengna turé Kumbakarna, ngempakaken pamelèh duk ing nguni, sakéhing tingkah kang luput, sang prabu Dasamuka, kroḍa muntap lir tinepak mukanipun, malatu-latu kang djadja, sumung winga-winga wengis.
  2. Gondjing palangka sru modjar, : „Hèh-hèh ah si Kumbakarna lumuwih, suker djedjember rus arus, leletek aleleksan, suker ketèn amis batjin bétja-bétju, angutjap kang ora-ora, huh apa guna baribin.
  3. Muwus tan nganggo ukara, dudu-dudu djar tan patut kawidjil, ana wong dèn wèhi weruh, ndadak angunḍat-unḍat," Rada senggrang Rawana dedukanipun, ing batin nora patia, dedukané mring kang rayi:
  4. „Tanpa gawé ngudjar-udjar, tangguh apa pamanané ngemasi, teka ndadak anggadebus, mangsa ngong njenjambata, maring sira jèn wus metu krodaningsun, mangsa wurung déning sira, jèn ingsun kroḍa ing djurit.
  5. Lah-lah hèh-hèh liwat-liwat, memetokken saktining mungsuh mami, hah ah nḍekoka dangkamu, nèng kéné apa guna." Dasamuka wus kaṭah dénnja bebenḍu, dyan sang ari Kumbakarna, umadeg gadgadèng djurit.
[ 148 ]
  1. Mangambil anggreng gurnita, swaranira gora rèh angèbeki, wijat lir galuḍug séwu, geter pater wurahan, wukir oreg agranja guntur gumuntur, kumotjak pjuk ombak bakat, arga rug kagiri-giri.
  2. Anggro tuminḍak sang arja, Kumbakarna kadi belah kang bumi, gara-gara rèh gumuruh, prakempa mawalikan, gagat wagjut gumleger reg guntur ketug, kadya bubul bumi belah, busananira ngadjrihi.
  3. Makuṭa mas ginapura, bebaoné pinutjak manik-manik, sinung sotya abra murub, bebaḍong gaḍowara, pepak bau-bau warna manten murub, jèn tinon sariranira, pan kadya wukir kabesmi.
  4. Mabjungan ngèbeki djagad, lir Baṭara Kala lagi neḍaki, buwana arsa ginempur, mèh anjalini alam. Singa mulat sabawa takut umingkus, balerengen pan kantaka, kaplengen metjahèng kuping.
  1. Kadya parbata Maljawan, kasor kadi baskara nétra kalih, ringih-ringih mukanipun, kadya parbata sigar, kagjat kang wré ing djawi kita kang ngemput, ing djro kita ana swara, gora rèh kagiri-giri.
  2. Mengkab mbenggangi ing kita, mapan angrèb wanara ngati-ati, agolong-golong angumpul, sadjuru-djurunira, tan antara lan sagung prawiranipun, samja narka Dasamuka, kang baḍé ngawaki djurit.
  3. Petaké durga ruhara, sato-sato gusis lumaju ngungsi, ana guwa ana gunung, gunungé mojag-mojag, bubar malih ngungsi djurang-djurang parung, wau Arja Kumbakarna, kang kroḍa samargi-margi.
[ 149 ]
  1. Tan, paé Méru gengira, malongo lir guwa granané kalih, napas metu ngenguruwung, nguweng-uweng ampuhan, rodra kérid niro nirad buta pengung, engung-engung aliweran, wreksa rug rebah kabalik.
  2. Kang sijung kadi sijungnja, duk Batara Kala anggaru bumi, gumilap kilat maleḍug, tinon saking mandrawa, sinḍung riwut graning gunung ngunḍung-undung, sinanḍang ḍangḍang wurahan, umung rubung manamberi.
  3. Prapta méga kang marbabang, wor andaru runtuh wor wira-wiri, udan rudira wor usus, kumeḍut mukanira, kekeḍuten bau gendjot keḍut-keḍut, pratanḍa baḍé soring prang, akèh daladjat kaèksi.
  4. Upatarja Kumbakarna, ḍatan gigrig tyasira ambek pati, sangsajardanira ndarus, darpa ḍres sudarsana, tyas amengku tetulaḍan rèh pinundjul, liring satrija utama, mati angadoni djurit.
  5. Nanggulang pradja Ngalengka, praptèng djawi kita sang Arjandjrihi, peṭak gora guntur ketug. Kagjat bala wanara, kang wreksa puh punggel papal kabarubun, horeg wré arebut papan, kumrutug pareng ngebjuki.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

(Serat Rama)


XXXII. BATU GADJAH LAN BATU GANTUNG

Batu Gadjah punika pakampungan ingkang kadaleman pangageng negari, inggih punika resiḍèn, tuwin padalemanipun para prajagung Djawi ingkang sami kakénḍangaken mriku. Padalemanipun adjèdjèr-djèdjèr sami ageng-ageng, tuwin ing ngriku tilas keḍatonipun Sampéjan dalem Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku-Buwana ingkang kaping VI (Ambangun Tapa).

Sasurut dalem ugi. sumaré wonten ing ngriku. Kula ugi langkung sangadjeng pedaleman wau, lampah kula ladjeng dateng pelabuhan. Sakilenipun padaleman ing Batu Gadjah wau wonten sekolahanipun Welandi, tuwin ing Ambon ugi wonten sekolahan Kweekschool. Wusana lampah kula andjog ing pelabuhan.

Sadumugi kula ing kapal raosing manah dèrèng marem ngambah ing daratan, mila sareng kèndel sawetawis kula ladjeng wangsul malih. Lampah kula sareng dumugi ing kreteging pelabuhan kapeṭuk bangsa Djawi; sareng sami takèn-tinakèn, pandjenenganipun ngendika trah sinatrija ing Ngajodja, sapunika manggen wonten ing Batu Gadjah nunggil para saḍèrèk-saḍèrèk saha wonten ing Batu Gadjah wau amadjibi rumeksa pasaréanipun Ingkang Sinuhun Ambangun Tapa. Wontenipun ing Batu Gadjah sami manggèn wonten ing grija lodji pamaréntah déné para prijantun wau sami wajahipun suwargi Kangdjeng Pangran Arja Dipanegara. Kula ladjeng dipun ampiraken dateng pedalemanipun. Sadumugi kula ing Batu Gadjah dipun panggihi para sadèrèkipun; sesampunipun bagé-binagé wiludjeng ladjeng sami pi[ 150 ]takèn kawontenanipun ing tanah Djawi; kula inggih ladjeng njarijosaken, wusana kula ladjeng njipeng wonten ing ngriku.

Endjingipun kula sowan ḍateng pasaréan dalem Sinuhun Ambangun Tapa, dipun irid para ingkang sami rumeksa. Papaning pasaréan punika manggèn wonten ing salebeting pakarangan wau, wewengkoning pasaréan kinubeng ing témbok, kontenipun dumunung wonten ing sisih wétan madjeng ngalèr, sawétaning konten wonten srambinipun, sadjawi tuwin salebeting tjapuri pasaréan dipun tanemi wit pala, wohipun mbijet kados sempal-sempala, godongipun idjem ketel ngajomi sangandapipun, bebasan ngantos boten ketingal bentèring srengéngé. Ing salebeting tjapuri ngriku anḍèr isi pakuburanipun para sentana ingkang rumijin sami ndèrèk Sinuhun wonten ing Ambon. Sisih lèr sekedik sampun pantog kamaring pasaréan dalem, kinubeng ing témbok apajon sèng, ing empèr sangadjenging kamar wonten kuburanipun amergil, inggih punika kuburanipun Radèn Ngabèi Tjakradipura, kekasihipun ingkang Sinuhun.

Kula kèndel wonten ing èmpèr ngriku, sesampunipun kontening pasaréan kabikak, kula ladjeng mlebet. Ingkang sumaré ing ngriku namung ingkang Sinuhun sekalijan Kangdjeng Ratu. Wijaring kamar boten sapintena, pasaréanipun namung dipun témbok kémawon, dados sanès sekaran séla tuwin sanès-sanèsipun; ing nginggil mawi kalowahan ketingal siti kémawon, tuwin wonten isinipun awarni kuwukan, ḍamar, dupa, punapa déné wonten tabeting sekar tjampur bawur, Saantawising sampéjan dalem (sikil) sakalijan pinasangan songsong gilap mingkub, pamasangipun ḍanḍanging songsong tumantjep mestèr sampun dipun lepa. Wonten ing ngriku kraos manah kula, angèngeti ratu kula déné sumaré wonten ing ngriku. Sareng anggèn kula sowan sampun sawetawis dangu ladjeng medal, sadumugining djawi kèndel linggihan wonten sangandaping wit pala, wohipun ingkang sampun sepuh sami mletèk, isininipun sami ḍawah ing siti mblabar, warninipun abrit sepuh, inggih punika warninipun sekar buntel ing nglebet, limrahipun ing ngriku dipun wastani kembang pala. Sesampunipun kèndel sawetawis ladjeng medal saking tjepurining pasaréan. Sadjawining pasaréan ngriku awarni patamanan, tinaneman sesekaran, klapa géndjah, djambé pol, tuwin sanès-sanèsipun. Kula ladjeng mlampah angubengi tengening pasaréan, sakilèn pasaréan tjaket wonten marginipun alit, andjog ḍateng lèpèn. Salebeting pakarangan ajom sanget, sumuripun tjetek-tjetèk, menawi mendet toja namung dipun tjiḍuk kemawon. Sawingkingipun pakarangan wau wonten lèpènipun, tojanipun bening tur tjetek, sélanipun pating djenggeleg tur ageng-ageng, tetijang ingkang sami adus tjekap namung aling-alingan séla kémawon sampun pinḍa akekelir, sapinggiring lèpèn ngriku katah tijang ingkang gegrija, wonten masdjidipun alit angongkang lèpèn. Ingkang sami gegrija ing ngriku punika katah ingkang sami turunan tetijang Djawi, amargi rumijin ing ngriku dados pakampunganipun para abdinipun ingkang Sinuhun Ambangun-Tapa. Sesampunipun sawetawis dangu kula ladjeng wangsul dateng tjepurining pasaréan malih, saha ladjeng kèndel ing srambi satjelaking pasaréan, wonten ing ngriku sami kèndel sarapan.

Sareng sampun ragi sijang kula dolan ḍateng ing Batu Gantung, [ 151 ]tebihipun saking kiṭa kinten-kinten wonten kalih epal. Ing Batu Gantung punika wonten umbulipun, tojanipun ambèr, dados pangangsoning tijang salebeting kiṭa. Lampah kula urut margi èrèng-èrènging reḍi, senadyan lampah urut paredèn, nanging tansah ngambah pekampungan ingkang sanget redja, grijanipun ndendeng, tetijangipun ketingal sami njambut damel nambal djala, ndeplok sagu, damel tuwak (dèrèsan sagu), amratandani jèn tetijang ing ngriku sami madjeng-madjeng ing damel, Margi ingkang kula langkungi wau ajom sanget, lampah kula saja tebih saja njengkrèk saha ngambah margi ingkang mbambing, margi wau namung urut énggak-énggoking lèpèn. Labet saking nuntaking siti dados tojaning lèpèn wau gumrodjog sanget, kados wutah saking talang. Lampah kula ladjeng dumugi ing papan ingkang sakelangkung ajom, papan wau inggih wonten ing saping-giring lèpèn, ananging tojanipun lèpèn boten ketingal, amargi tinutup ing séla, dados ilining toja wau medal sangandaping séla. Séla wau warninipun petak pating tjringih, saèstu kados gumantung wonten ing sanginggiling lèpèn, awit saking kawontenan wau mila ing ngriku ladjeng nama ing Batu Gantung.

Ilining toja ing satjelakipun ngriku santer, lémbak-lémbaking toja ingkang tumempuh ing séla ketingal munṭuk peṭak muntjrat-muntjrat pinḍa sekar mlați sumawur ing patileman. Kaṭah tijang èstri ingkang adús tuwin umbah-umbah, benénipun sami tjetjiblon, dipun tingali saking katebihan kados pepinḍanipun para widadari sami lelumban. Wonten ing ngriku kula kèndel ngantos dangu, saking lam-lamen ningali kawontenan wau. Sareng sampun itjal sajah kula, kula ladjeng mlampah malih, marginipun minggah manḍap, ladjeng ngambah pasitèn munggul ladjeng manḍap ndjodjog; wiwit ing ngriku, sakiwa tengening margi dipun tanemi kroton, warninipun sakelangkung asri; wusana ladjeng dumugi panggénan udaling toja, inggih punika ingkang dados sirahing lèpèn wau, manggènipun wonten ing lelengkèhing redi, boten patos wijar, nanging wedaling toja deres sanget. Wiwit udalipun ladjeng kinulah ing tembok mubeng, pinasangan lompongan tinampèn ing urung-urung tosan, terus dumugi ing kiṭa. Wedaling pipa tosan wau urut èrèng-èrènging djurang, andjogipun ing kita ladjeng pinara-para dados katah, saben sapanggénan dipun dèkèki bikakan, tuwin wonten ingkang dipun djogaken ing palabuhan, ing ngriku dados pangangsoning kapal-kapal ingkang sami labuh. Satjelaking panggénan tuk punika dipundegi grija alit mawi ambèn-ambènan, kula kèndel wonten ing ngriku saha ladjeng tileman. Kula ningali manginggil ngiwa nengen ketingal asri sanget, marginipun ketingal ndjlareh urut lelengkèhing reḍi. Kroton-kroton ingkang dipun tanem wonten ing sapinggiring margi ketingal kados pepaès. Kula ladjeng adus, tojanipun bening kados katja, raosipun asrep kados ès, ḍateng baḍan raosipun sekétja: lakar kula sampun sawetawis dinten boten adus, baḍan kula ladjeng kraos èntèng.

Sesampunipun adus kula ladjeng minggah ing margi sisihanipun, marginipun saja njengkrèk minggah, sadumugi kula ing nginggil kula saged aningali lumahipun kita ing Ambon, ketingal tjeta wéla-wéla. Ing ngriku wonten witipun kwèni ageng, ing nganḍap mblaḍer kebak gogroganing sekaripun, warninipun abrit mberanang adamel seng[ 152 ]seming manah. Prenah ing nganḍap tjaket ketingal dalem Karésidénan, salebeting pakarangan kebak patamanan isi taneman mantjawarni, ketingal asri sanget, sesekaranipun wonten ingkang rumambat ing andjang-andjang, wonten ingkang namung djinembangan, sawenèh nlosor rumambat ing siti, satengahing patamanan wonten sélanipun awarni sirah gadjah, tlalénipun medal tojanipun muntjrat-muntjrat, awit saking wontenipun wewarnèn wau, ing ngriku ladjeng karan kampung Batu Gadjah. Utah-utahaning toja ladjeng pinara-para kinalèn ameradini taman, saha ladjeng andjog ḍateng kalénan ingkang mraḍini kiṭa, ilinipun pating srèwèh tanpa kenḍat.

Katjarijos ing reḍi wau kala rumijin kerep kagem lelangen Sinuhun Ambangun Tapa, jèn pinudju kasekelan ing panggalih, wonten ing ngriku ladjeng saged pentèr. Kados leres menawi ing ngriku dados padununganing kasengseman, amargi kawontenanipun saged damel senenging manah. Ningali mangalèr ketingal grija-grija tarik-tarik manggèn wonten ing pasitèn waradin, grijanipun salong sumamar kaling-kalingan gegoḍonganing kekadjengan, ing sisih kilèn ketingal lumahing seganten, tojanipun alémbak-lémbak, kapal ingkang sami labuh ketingal mèpèt ing ḍaratan, kukusipun kumelun kados semu sajah lampahipun.

(Késah lajaran ḍateng pulo Papuwah)


XXXIII. BAGUS BURHAM WONTEN ING PANARAGA

Sareng Bagus Burham anggenipun wonten ing Panaraga anḍunkap kalih wulan laminipun, kalijan para kantjanipun sampun sami punḍuh sedaja, malah wonten ingkang supeket kados seḍèrèk tunggil jajah réna. Salebetipun sawulan dumugi kalih wulan wau saben éndjing sonten boten naté kèndel anggenipun sinau, nanging sedaja ingkang sampun dipun wulangaken, boten wonten ingkang ketjantèl sakeḍik-keḍika, paribasan saben ngadeg sampun kesupèn, ngantos andadosaken kakening manahipun ingkang mulang.

Sabibaring ngadji ing wantji éndjing, para kantjanipun sami dipun adjak ḍateng lèpèn ngupados ulam, menawi lèpenipun nudju alit, pangupadosipun ulam ngantos keplantrang-plantrang sedinten muput saweg mantuk. Sadumuginipun ing ponḍokan ulamipun ladjeng kaolah, menawi sekinten kantun anggenipun ngadji kantjanipun ingkang sami ngadji sami dipun weling kapurih mamitaken sengadi sakit baḍanipun. Menawi kangdjeng kjai nudju ndjenengi mulang inggih asring utusan ndangu punapa ingkang dipun sakitaken. Menggah pandangunipun kangdjeng kjai ḍateng Bagus Burham wau, temenipun namung kagem tata krami kémawon, awit satemenipun sampun wuninga bilih Bagus Burham punika boten madjeng ḍateng ngadji, ingkang dipun senengi kesenengan ingkang mawi wragad mbeborosi; senadyan ing batos pantjèn boten rena ḍateng sedaja ingkang dipun lampahi Bagus Burham, saupami boten ngèngeti ḍateng ingkang embah, ingkang sampun seḍèrèk tunggil guru kalijan kangdjeng kjai, saged ugi dipun [ 153 ]antukaken ḍateng Surakarta. Ewadéné menawi taksih dipun ladjeng-ladjengaken, ingih mesti baḍé kaantukaken ḍateng Surakarta, prelunipun sampun ngantos nenulari ḍateng kantja-kantjanipun.

Sareng saja dangu boten wonten inḍaking kasagedanipun, Ki Tanudjaja ladjeng dipun timbali ḍateng ing ngarsanipun kangdjeng kjai Imambestari. Sareng sampun sowan, dipun paringi pangandika, kaḍawuhan njerep-njerepaken ḍateng Bagus Burham, supados tumemen anggénipun ngadji; menawi Bagus Burham, supados tumemen anggènipun ngadji ; menawi Bagus Burham boten tumunten saged kangdjeng kjai lingsem sanget, sarta dipun paribasakaken: katjang tinggal landjaran. Aturipun Ki Tanudjaja sendika. Saunduripun Ki Tanudjaja saking ngarsanipun kangdjeng kjai, sesaged-saged inggih mituturi ḍateng Bagus Burham, kapurih ngéstokaken ḍawuhipun kangdjeng kjai ḍumateng pijambakipun. Bagus Burham inggih njagahi, ananging saja lami malah tambah-tambah kasenenganing manahipun ingkang mbeborosi, ingkang suwau bentik, béngkat, tor, malah sapunika ladjeng remen keplék, grimer, kétjék, nganggur-ngangguripun ombag bèdji tuwin lumah kurep.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Bagus Burham anggènipun sinau sampun langkung saking setaun, ing mangka limrahipun sedaja laré ingkang sami sinau ngadji, saben semanten laminipun sampun mesti saged kitab kur'an, apesipun kaping kalih utawi kaping tiga. Déné Bagus Burham, sampun ingkang kitab kur'an, dateng turutan kémawon dèrèng katam, amila supados boten ngantos keparan tutuh, kangdjeng kjai mundut panimbang dateng para guru sedaja, kados pundi anggènipun njetijari, sagedipun mituhu kados larè sanès-sanèsipun. Aturipun para guru wau, sarèhning wontenipun kados mekaten wau kabekta saking pangugungipun Ki Tanudjaja, amila setijaripun boten wonten malih kedjawi namung kapisahaken kalijan Ki Tanudjaja, amargi menawi taksih dipun emong dèning Ki Tanudjaja, salaminipun boten wandé namung dados laré ingkang ugungan kémawon. Nanging kangdjeng kjai Imambestari boten mentala ngésahaken ḍateng Ki Tanudjaja, bilih boten mawi djalaran sabab ingkang perlu. Mekaten malih bab punika, saréhning sampun kapratélakaken ḍateng ingkang embah, saged ugi sanès dinten Ki Tanudjaja ladjeng dipun timbali dateng negari Surakarta.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
NGANTOS DIPUN RENTJANGI MBARANG DJAṬILAN

Lampahipun Kramaléja ngutu boten mawi manḍeg tumolèh, saking kuwatos bokbilih ladjeng dipun tilar késah déning tijang sepuh ingkang kawasita ing salebeting tilem. Sareng lampahipun sampun dumugi ing alun-alun, manahipun Kramaléja teka mawi trataban kados manahing tijang ingkang sampun kangsèn, sareng saking katebihan sampun ketingal bilih sangandaping waringin wonten sajektos tijang sepuh linggih wonten ing ngriku, tjes, raosing manahipun ajem; Kramaléja sampun andugi temtu punika ingkang nama Ki Djasana, mila ladjeng dipun purugi kalijan ngawasaken ḍateng sesipatanipun [ 154 ]Ki Djasana. Sareng sampun tamat ladjeng dipun tjelaki sengadi ngupados latu kanggé udut. Ki Djasana ngéwahi linggihipun kalijan gita menṭetaken ṭiṭikanipun, ladjeng dipun ulungaken kalijan taklim. Kramaléja anggènipun nampèni kalajan anor-raga. Sareng sampun rampung pangagaripun ladjeng kawangsulaken ḍateng Ki Djasana malih, kalijan pitakèn sinten namanipun, sarta ing pundi grijanipun. Ki Djasana mangsuli kalajan tembung manis, prasadja bilih tijang saking negari Surakarta, abdinipun Radèn Tumenggung Sastranagara, prajagung bupati Kadipatèn Anom. Dumuginipun ing kita Maḍijun kautus amadosi ingkang wajah nama Bagus Burham, kabekta déning pamomongipun nama Ki Tanudjaja. Mula bukanipun sampun katjarijosaken sedaja, ngantos dumuginipun Ki Djasana kepanggih kalijan Kramaléja punika.

Ki Djasana ladjeng gentos pitakèn ḍateng Kramaléja, nama sarta grijanipun. Kramaléja ugi ladjeng mrasadjakaken namanipun, abdinipun Kjai Imambestari ing ponṭok Gebangtinatar, kita Panaraga; déné perlunipun ugi kautus ngupadosi Bagus Burham tuwin Ki Tanudjaja. Saladjengipun Kramaléja njarijosaken djalaranipun anggènipun Ki Tanudjaja kaḍawuhan késah saking Panaraga, ngantos dumugi kaḍawuhan ngupadosi punika, sarta njarijosaken nalika pijambakipun tilem wonten ing Senḍang, supena dipun gugah ing prijantun sepuh sampun akaki-kaki, ngantos saged kepanggih sajektos lan Ki Djasana, mila Kramaléja lan Ki Djasana sami nglairaken gumuning manahipun ḍateng kaélokan ingkang saweg sami dipun awaki tijang kalih wau. Dèrèng ngantos dumugi anggènipun sami pirembagan, ladjeng kabudjeng ing wantji seraping surja, Kramaléja ladjeng dipun adjak ḍateng ponṭokanipun Ki Djasana. Sadumugining grija ladjeng ndumugèkaken panggusțining manah sapikantukipun, ingkang prajogi sami dipun lampahi.

Sontenipun bibar sembahjang Mahrib lan neḍa sawontenipun, tijang kalih wau ngladjengaken rembagipun malih. Saking pirembagipun Kramaléja, menawi wantji sijang baḍé katlengseng ḍateng salebeting kita. Ki Djasana mangsuli, bilih salebeting kita kémawon prasasat sampun kemput anggènipun ngupadosi, malah ngantos dipun labuhi mbarang ura-ura, éwadéné meksa boten saged pinanggih. Kramaléja ladjeng njambeti, kalajan semu gumudjeng: „Saupami.......saupami mekaten kénging wangsul, menggah anggènipun sami madosi wau mawi warana kados tijang mbarang djatilan, Ki Djasana punapa saged nglampahi ?" Pangraosipun Kramaléja, sarèhning sampun wonten ing teba, menawi manahipun kaisènan ing isin, ingkang badé dipun isini sinten, tuwin ingkang badé ngisin-isin sinten, amargi tijang ingngriku dèrèng wonten ingkang sami sumerep ḍateng pijambakipun tijang kalih wau. Menawi saged kelampah, bilih Ki Tanudjaja tuwin Bagus Burham taksih sami wonten ing Maḍijun, tijang kalih boten usah ngawasaken kiwa tengen, ingkang dipun upadosi temtu baḍé kepanggih, amargi tijang kalih wau pantjèn éwoning tijang ingkang remen ḍateng tetingalan, dados saupami anggènipun mbarang djațilan wau pinudju katanggap utawi bébér, Ki Tanudjaja tuwin Bagus Burham temtu ningali.

Wangsulanipun Ki Djasana, „saged" nanging kedah sarana mawi [ 155 ]topèng, perlunipun kanggé aling-aling, bokbilih kapetuk tetepanganipun tijang Keḍiri, boten sanget-sanget anggenipun lingsem. Punapa déné malih mupangatipun, ,,saged njumerepi boten saged dipun sumerepi." Pemanggihipun Ki Djasana ingkang kados mekaten wau Kramaléja sanget anggènipun tjondong; sareng sampun mateng rembagipun, Ki Djasana sanalika ladjeng menḍet arta sekawan réjal katahipun, kanggé tumbas kapal képang kalih, tuwin sapirantosipun. Tirahanipun katumbasaken kenḍang alit kalijan gugur. Punika swaranipun kados slomprèt, pirantos tabuhanipun tijang mbarang djatilan. Sareng sampun pepak, ladjeng wangsul ḍateng pondokan malih; tijang kalih sami dandos, sarampungipun ladjeng bidal. Nalika saweg djumangkah ing lawang tijang kalih sami sakelangkung anggènipun nalangsa ing manah ḍateng Ingkang Adamel Gesang, déné sami angurbanaken badanipun dados badut mbarang djațilan. Kramaléja nganggé pențul akalung kenḍang, Ki Djasana nganggé tembem njangking gugur. Urut margi kenḍangipun taksah tinabuh ngaplak alelagon warni-warni; guguripun sinebul bantas adamel gembiraning tijang pating grubjug ningali. Kramaléja pantjèn gadah dasar tjutjut, prigel ḍateng samukawis, Ki Djasana saged ḍateng sesendon, mila pambarangipun djațilan ketingal laris sanget. Katah para prijantun tuwin para sudagar ingkang sami nanggap, saking larisipun, tijang kalih wau ngantos boten kober nginang utawi udut, paribasan dèrèng bibar sampun dipun entosi ingkang badé nanggap gentos. Saking kondangipun, ngantos dados sekar laținipun tijang Madijun, sandung djekluk, ,,djațilan Kramaléja, senggakané Ki Djasana!" Mekaten wau boten ngemungaken tijang alit kémawon ingkang sami ngutjapaken, dalah para prijantun ugi sami nirokaken lelagonipun djațilan Kramaléja; senadyan kondangipun sampun ngebaki kita Madijun, larisipun ngungkuli bakul ingkang pados sétan, éwa déné tijang kalih wau manahipun boten korup ḍateng kațahing jatra angsal-angsalanipun ambarang; ing salebeting manah boten kendat panjuwunipun ḍateng Ingkang Adamel Gesang, mugi-mugi tumunten sageda kepanggih kalijan Ki Tanudjaja tuwin Bagus Burham, mila Kramaléja tuwin Ki Djasana sedinten-dinten boten kendel-kèndel anggenipun mbarang djațilan. Menawi boten keplantrang, tijang kalih wau saben sonten sami mantuk ḍateng pondokanipun, déné menawi ngantos keplantrang, inggih ladjeng sipeng, tilem wonten ing purug, bibar tiga kawan dinten temtu ladjeng wangsul ḍateng pondokan malih.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

Katjarijos ingkang saweg namur lampah, pambarangipun djatilan Kramaléja kalijan Ki Djasana, wiwit éndjing ngantos dumugi asar inggil, boten patosa katah ingkang nanggap, mangka sabenipun laris sanget. Saking katahipun ingkang sami nanggap, paribasan boten kober sami nginang, nanging ingkang mekaten wau malah ndadosaken bingahing manahipun, déné ladjeng saged mungkul anggènipun ngulatulataken ḍateng ingkang dipun upadosi, sarta tudjuning manahipun sami tebih ḍateng pamrih bebarangan. Wontenipun sami dipun lampahi sami mbarang djatilan wau, saking awratipun kautus ing bendara; boten kétang dipun lampahi wirang isin anggeripun pinanggi kalijan ingkang dipun padosi. [ 156 ]Kaleresan wekdal wau ing radinan ageng boten wonten tijang langkung satunggal-tunggala, mila ketipungipun Kramaléja ingkang kakalungaken ing gulu, saha guguripun Ki Djasana ladjeng sami kadadosaken setunggal, namung dipun tjangking kemawon; tembem pentulipun ingkang nutupi rai, sami dipun pendjulukaken manginggil; urut margi sinambi ginem kados pundi wusananipun ingkang dipun lampahi; menawi saben dinten namung tansah kados mekaten kémawon, dangu-dangu baḍé tuman dados tijang mbebarang.

Tijang kalih wau sadangunipun rembagan ragi ketungkul boten ningali kiwa tengen, lampahipun keplantrang nglangkungi radinan ingkang dipun anggé kèndel tijang kalih wau (Ki Tanudjaja lan Bagus Burham). Kramaléja tuwin Ki Djasana boten sami ngrempelu bilih ingkang sami dipun upadosi saweg ngaub wonten ing ngriku. Bagus Burham boten pangling ḍateng Kramaléja, ingkang ing wekdal punika nganggé pentulipun kapendjulukaken manginggil, ladjeng dipun tjeluk kapurih kèndel. Kramaléja tuwin Ki Djasana sami boten pangling ḍateng ingkang unḍang-unḍang, mila ladjeng sami dipun purugi; sareng sampun tjelak, Ki Tanudjaja ladjeng dipun rangkul kalijan Ki Djasana, kekalihipun ladjeng sami nangis, semanten ugi Kramaléja tuwin Bagus Burham ugi ladjeng sami tumut nangis. Ki Djasana ladjeng ngekep-ngekep Bagus Burham awit saking kasoking kabingahan, pangekepipun boten uwal-uwal, dangu-dangu Ki Djasana ladjeng kesambet. Sareng sampun ènget, sumerep warninipun Bagus Burham kera sanget, praènipun ketingal geseng kados tijang nganḍut susah, sakelangkung welasing manahipun, ing mangka nalika taksih wonten ing negari Surakarta, rinten dalu boten pisah kalijan Ki Tanudjaja, baḍanipun lema, kulitipun djené, labet saking dipun ugung ingkang embah, saben dinten lumintu dipun paringi samukawis ingkang ndadosaken kabingahanipun, déné sapunika ngantos anglampahi ingkang ngantos adamel trenjuhing manah, mila Ki Djasana ngantos kawedal witjantenipun njenjuwun ḍateng Ingkang Adamel Gesang: „Mugi Gusti Allah mberkahana dateng putu kula Bagus Burham, ing. tembé dadosa pangauban, kénginga kula titipi badan kula."

Saking temen saha manteping manahipun, Ki Djasana ngantos saged amenangi anggenipun Bagus Burham dados abdidalem kaliwon pudjangga, Mila Ki Djasana ladjeng kadadosaken parampara ngiras njepeng pawedalipun Radèn Ngabéi Ranggawarsita (Bagus Burham). Sareng Ki Djasana tilar donja, ladjeng kapetak wonten ing ngastana Pengging, kadèrèkaken Radèn Tumenggung Sastranegara.

(Serat Babad, tjarijos lelampahanipun suwargi Radèn Ngabéi Ranggawarsita).

XXXIV. PATAMANAN

Menawi dipun raosaken isèn-isèning djagad punika kados manut panggraitaning manungsa, upaminipun menawi tijang abingah-bingah, sedaja kaanan sami ketingal sumèh lan bingah; kosok wangsulipun inggih mekaten ugi. Mangka kajektosaning atur kula punika, tjobi [ 157 ]mriksanana ing patamanan, ing ngriku saged ketawis kanṭi tjeṭa éwahing wewudjudan ingkang anggambar panggraitaning manungsa.

Rikala manungsa paḍang ledjar ing manah, sedaja isèn-isèning patamanan ketingal angresepaken, nenarik ḍateng ajem gujeming manah. Ing wantji akiring dinten idjeming gegoḍongan semburat djené maja-maja déning sunaring surja ingkang sampun napak agraning ardi, suka asrep lan étjaning paningal.

Sesekaranipun ingkang peṭak pating paletuk, sumela ing antawising idjem, ladjeng ketjampuran pinten-pinten warnining sesekaran, abrit, djené, biru, wungu, mubjar pating parelok, mewahi gesanging paningal, numusi weninging panggardjita. Witwitanipun angrembaka, wohipun pating granḍul abrit, idjem sarta djené, sumelap ing sela-selaning goḍong, menawi katijub ing angin lumampah, gegeḍongan pijak, satemah woh sami sesénggolan, ingkang wingking ndosok ingkang ngadjeng, kados sami ngadjak sarengan madjeng, njelaki panggénaning manungsa supados kaunduhana. Wonten malih ingkang adamel leganing manah, inggih punika mawar ḍaḍu, ketingal sampun boten saranţa, kaselak mempeng anggènipun badé angsung pakurmatan ḍateng risang manungsa, saking katebihan sampun mapagaken ganda sumrebak arum, lan angébaraken listyaning warni. Katjakrabawa ing gagasan kados-kados pun mawar adjelih-djelih mawi swara wening: „Ḍuh, manungsa, boten itjal anggèn paduka rekaos angupakara ḍateng djasat kula. Sumangga kauninganana saéning warni lan aruming ganda kula. Suwawi, ta, énggal, kula nunten kapeţika kanggé pasréning médja panjeratan."

Sapunika kula aturaken kosok wangsulipun, tijangipun tunggil, inggih ingkang kula tjarijosaken ing nginggil, nanging anggenipun ngraosaken kawontenaning patamanan ugi tunggil ingkang kasebut wau, teka gèsèh sanget kalijan kala semanten. Rerengganing taman ingkang sarwa asri boten pisan-pisan adamel sengseming manah, malah-malah mewahi sumpeg lan petenging gagasan, anenarik kèngetan ḍateng anakipun pambadjeng ingkang sampun ontjat saking djaman kalanggengan kala ing dinten wingi. Mulat sesekaran mantja warni deḍompolan urut putjuking pang alit-alit ingkang mantijung ing margi, kèngetan ḍateng sekar ontjèn ingkang sumampir ing bandosaning lajonipun anak. Sawenèhing wit ketingal laju angalentrih kabekta saking bentèring surja, goḍongipun wolak-walik boten tata labet kasilir ing angin, katjakra bawa kados kalanipun ningali garwa karuna kelara-lara, agegulung, ngantos wuḍar gegelungipun, adowal-dawul, sesambat anganjut-anjut suka lila kabélakna ḍateng sirnaning manik kumalanipun. Sanalika kuwur raosing galihipun risang nahen kung, angles anggeges keranta-ranta, ing satemah marawajan wedaling waspa, suwung ing gagasan, ingkang kétang namung putra ingkang kinjarengi putjanging djambé mijad-mijud katut ing angin, ketingal kados béla sungkawa, papahipun mobat-mabit, éstanipun pinda asta sarikutan angusapi ḍresing waspa. Saja trenjuh raosing galihipun risang nanḍang sungkawa, wasana kalépat mlebet ing padaleman, ungkeb-ungkeb nungkemi guling, raosipun metek, tanḍes kanḍas ing deḍasaring sanubari. [ 158 ]

Tuhu temen bilih kawontenaning alam punika kénging kaanggep katja benggala ingkang saklangkung tjeṭa. Ing ngriku sok tijanga saged ngungak anjumerepi gambar kawudjudanipun pijambak-pijambak, malah ugi sedaja lelampahan, obah osiking manah saged katjeṭa ngégla wéla-wéla. Pramila langkung saking prajogi mitontonaken badanipun ing salebeting katja benggala wau, murih tansah ènget ḍateng ing lelampahanipun, temahan saged pramana ḍateng pilahing awon lan saé.

(Serat gantjaran warni-warni ing
djaman sapunika. Ingkang ngim-
pen R. L. Mellema.)


XXXV. NGANTJIK ING LALADAN MESIR

Salebetipun pun Wilis ngambah seganten Abrit, kula waspadakaken tojanipun ing ngriku, inggih pantjèn wonten bédanipun, saking sawangan kula tojanipun kirang bening, kala-kala ngantos-ketingal reged, sakiwa tengening baita asring ketingal kados wonten blumbangan wijar, ingkang tojanipun ules djené reged, bokmenawi inggih toja punika ingkang kala mangsa saged ketingal abrit, ngantos saged andadosaken karanipun seganten Abrit.

Pun Wilis nilar pulo Perim ladjeng wiwit ngambah seganten ingkang mangka watesipun seganten Adèn kalijan seganten Abrit, inggih punika ingkang kawastanan ing tembung Arab: Bab El Manḍeb (gapuraning eluh), sesampunipun katradjang, ing ngriku ladjeng ngambah seganten Abrit.

Saitjalipun pulo Perim saking panḍulu, ingkang katingal kantun langit kalijan toja, éndjingipun ngantos sedinten muput lestantun mekaten, dinten ingkang kaping kalih mekaten ugi, nanging sareng dinten angka katiga, ing kéblat lèr ketingal wonten ḍaratan andjlarit, inggih punika pasisir Arab ingkang sisih kidul. Saupami lampahipun pun Wilis radi sawetawis mangalèr, katjrijos kiṭa Djédah, kiṭa pelabuhanipun tanah Mekah tuwin Medina, saged ketingal grija-grijanipun. Menawi wektu dalu inggih saged ketingal dilah-dilahipun. Sarèhning pun Wilis lampahipun boten medal ing pinggir, bokmenawi saking ambudjeng énggaling lampah, dados sadinten muput tanah Ngarab inggih lestantun namung ketingal sadjlirit, panggeng boten minḍak wijar boten minḍak pandjang.

Salebetipun ngambah seganten Abrit pun Wilis simpang-simpangan kalijan baita langkung saking gangsal, nglantjangi baita watawis wonten saking sedasa, dipun lantjangi namung sepisan, dados jektos menawi lampahipun pun Wilis pantjèn rikat. Baita-baita ingkang dipun lantjangi lampahipun déning Wilis, utawi ingkang kapeṭuk wonten ing margi, saking katebihan prenahipun asring boten ketingal bendéranipun, nanging menawi kaleresan saged tjelak, inggih ngantos saged maspadakaken gatra-gatraning satunggil-tunggiling tijang utawi barang. Menawi ing wektu dalu, tebiha, tjelaka, kénging kawastanan boten wonten prabédanipun, djer ingkang ketingal namung dilah-dilahipun, mangka tebih tjelaking antawis boten ngéwahi ḍateng mompjor-abjoring dilah-dilah wau.

[ 159 ]

 Saja mangalèr saking sipat garis kenḍiting djagat, rainanipun saja dangu, djam gangsal éndjing sampun padjar, andungkap djam pitu sonten srengéngé saweg surup; kedjawi punika saja tjelak kalijan laladan tanah Mesir (Egypte), saja saé sulak-sulaking langit ing wantji sonten, ing wektu angsluping srengéngé ḍateng kéblat kilèn ingkang awit saking bentèring seganten weḍi ing buwana Afrikah, ingkang prenahipun kaleres wonten sakilènipun negari Mesir, kados gaḍah daja ingkang saged anuwuhaken ules warni-warni ḍateng saja wijaring langit ing prenah suruping Hjang Pratangga-pati.

 Kirang lampahan sedinten dumugi ing laladan Mesir, ulesing ngawijat ing kéblat kilèn, ing wektu baḍé angsluping Hjang Bagaskara ḍateng imbanging pratjima, sakelangkung déning éndah. Wiwit Hjang Aruna gumléwang ḍateng kikising wijati ing leres prenahipun seganten wedi ingkang karan Saharah, langit sekéblat kilèn ketingal sumeblak ules djené, sumunar kados kentjana sinangling; sasuruping Hjang Arka sunar pita wau saking sekeḍik ladjeng malih santun warni rekta, sumilak malérah kados wahananing sorot pawaka, ingkang murub makantar-kantar, nedya njunḍul luhuring nganta-riksa. Boten antawis dangu bebasan sakeḍap nétra, ulesing kéblat kilèn wau sampun santun warni, saindenging pratjima kados djinèrèngan ing tjahja sapsapan tunda-tunda, sap ingkang nganḍap pijambak ulesipun abrit sawo mateng, minggah sekeḍik dados papasan mateng, minggah malih abrit delima, ladjeng djingga, djambon, njanḍak kapuranta, minggah malih saking sekedik ladjeng malih djené sepuh ngunir bosok, minggah-minggah saja tipis ngantos dados djené enèm, andjanur kuning wusana dumugi tengah-tengahing madyantara ladjeng dados biru enèm tjarub wor kalijan ules biru ing akasa. Saking djuḍeg kula, ngupados tembung boten saged angsal, sontan-santuning ules ing ngawijat wau kula tembungaken sap-sapan, saleresipun pantjèn kedah boten kénging katembungaken mekaten, amargi malikipun setunggil-tunggiling ules ḍateng ules sanès, boten njeklèk, nanging saking sekeḍik, dados tjarubing ules wau prasasat mili tetempuran, mila menawi katembungaken sap-sapan, tunḍa sungsun, utawi tumpuk-tumpuk, leresipun inggih boten kénging, djer pilah-pilahing ules pantjèn boten kénging kawates-wates. Warni-warnining ules wau, rupinipun boten kados padatan ingkang sampun kula sumerepi, sedaja sunaripun gumilang-gilang, kimpling-kimpling kados beninging toja, mila inggih kula tembungaken tjahja; menggah lelangening langit ing tanah Djawi ingkang saged damel astjarjaning manah, punika ulesing ima ingkang kénging gebaging sorot diwangkara ing wektu bangun raina utawi surup surja. Déné ingkang kula ingkang kapulas mantja warni déning dajaning hawa, wahananing sumerepi samangké punika, sanès ulesing ima, nanging ulesing akasa, sumupipun bentering samodra pasir, mila lerés kémawon kula rumaos katembèn sumerep sesawangan punika.

 Sadanguning lelampah wonten ing samodra Rekta, wiwit éndjing dumugi sedinten muput, ngantos penḍak éndjing malih, kedjawi ing ngakasa boten wonten méga ketingal, langkung malih menḍung babar pisan boten wonten,mila tanah sakiwa tengening samodra ing ngriku sitinipun inggih sakelangkung tjengkar, déning sepening warsa. Me-

[ 160 ]

nawi ing ngriku salebetipun setaun wonten djawah kaping tiga, punika tetijangipun siti katjarijos sampun rumaos manggih begdja.

Ngladjengaken tjarijos kula bab lelangening langit, bebasan nginanga durung abang, warni-warnining ules ing ngakasa sampun mèh malih santun rupi malih, sauruting kéblat kilèn samangké malérah abrit kados kasulakan soroting giri dahana, namung kaot déné petjahing sorot botèn saking antjer setunggal, nanging taksih satata sap-sapan kados ingkang katjarijos ing nginggil, sap-sapan wau saja minggah- minggah, saking ules sepuh, saking sekeḍik rumamjang saja enèm, wiwit abrit ingkang kados ludira mateng, minggah-minggah kandeling abrit saja tipis, ngantos salin malik dados djené, sekawit djené kados prada binabar, dangu-dangu dados djené maja-maja, ingkang dumugi tengah-tengahing madyantara tumunten tumempur dateng ules biru ing ngakasa, ingkang ambalabar mangelèbi saindenging kéblat purwa, untara lan ḍuksina. Dèrèng tuwuk anggèn kula njawang lelangening pratjima, warni-warnining ules sampun malih rupi malih, ules ingkang wonten nganḍap pijambak abritipun saja sepuh, mèh andungkap ḍateng ketel, tjatjahing sap-sapan saja suda katahipun ules djené sepuh, djené sepuh wekasan tumempur ḍateng biru, ingkang saja sepuh saja meles, andadosaken sakelangkung murub soroting kartika, ingkang sami djumeḍul barubulan paṭing karelip, paṭing galebjar, pinḍa sesotya nawaretna ingkang dinasaran ing radjawerdi. Ing ngriku sepening pasawangan taksih kawimbuhan wudjuding wulan tumanggal ingkang sampun ngajom mangilèn, sorotipun gumilang-gilang sumuluh wening, dalah bagéan salebeting wengku bunderaning tjandra ingkang dèrèng saged ambutjal sorot punika ugi sampun ketingal sumilak wening. Déné ingkang damel sanget astjarjaning manah kula, déné teka sanès temen soroting tanggal punika katimbang kalijan ingkang sabenipun kula sumerepi ing tanah kalairan kula. Punapa ta menggah darunanipun, déné senening sunaripun teka saged ambabar sulak wening ingkang semanten wenesipun? Punapa kaéndahan punika ugi taksih gegajutan kalijan wahananing daja bentèr ing samodra pasir?

Wonten malih ingkang anambahi asrining pasawangan, inggih punika dilahing menara ingkang ketingal gebjar-gebjar wonten sukuning ardi, ingkang nglodjok tebih ḍateng tengahing tasik, dilah wau menawi kaèmper-èmper, ketingal kados nétraning djanma ingkang merem melik, amargi mungguling reḍi, ngongkangipun ḍateng seganten, kaleresan mèmper sanget kalijan sesipatan mukaning djanma, ingkang miring tumenga ing ngakasa. Urubing dilah, bjar sumorot peṭak ngantos sawetawis dangu, ladjeng pet sekedap bjar malih, samangké santun sorot abrit, mekaten saladjengipun, pinḍa djanma ingkang arip, saben lajap- lajap tansah kegugah déning kagèting swabawa. Soroting dilah wau saja dangu saja ngelam-elamaken, menawi nudju sumorot peṭak, sorot ipun mantun kados peṭaking lintang karainan, nanging sumuluh sulak idjem maja-maja, déné ménawi nudju somorot abrit mantun kados, abritipun nétraning angga rapuh, nanging ngantos kados abriting sengkelat, saja tjelak kalijan pernah panggénaning menara, selot ageng ketingalipun urubing dilah, menawi pinudju sumorot peṭak, pantjorong ing sorotipun kados suluhing pandjer raina ing wantji sawung kluruk kaping tiga. Menawi nudju sumorot abrit, tjermomong sunaripun angga[ 161 ]

gètaken, déné angwontenaken gagasan ḍateng sakula tijang Djawi, kados sumerep mawèntèhan wudjuding banaspati saweg djumeḍulipun saking bantala, manut tjarijosipun ki ḍalang ringgit purwa, menawi nudju ngutjapaken isèn-isèning wana Krendawahana, inggih kahjangan ing Sétragandamaju. Menawi kula tjarijosna sedaja menggah langen-langening ngantariksa ing sonten wau, éndahipun kekuwunging pratjima ingkang tumpuk-tumpuk tempuk tetempuran ules, ing nganḍap akasa, kinten kula dangu peḍotipun,

Boten kula pijambak ingkang kastjarjan njawang kaéndahaning kodrat ingkang kados mekaten wau, saking panjawang kula sedaja prikantja kula késahan ugi mekaten, tanḍanipun kula sawang ulatipun sami ketingal padjar, setunggal boten wonten ingkang gaḍah ulat peteng. Sinten ingkang padjar ulatipun, mokal menawi boten senenga manahipun, amung para punggawaning baita, ingkang saéstunipun sampun boten katembèn sumerepipun ḍateng tetingalan ingkang kados mekaten wau, kaṭah ingkang ketingal boten manah babar pisan. Éwasemanten dajaning senenipun tjandra, meksa inggih saged nabeti dateng para punggawa wau, sedaja ketingal gaḍah semu sumèh ing pasemonipun, awit saking punika mèh sipat tijang ing baita inggih anglairaken raosing manahipun sarana rengeng-rengeng. Kula pijambak inggih boten kantun, tanpa njana sumerep menawi kula njekar Tjandrakusuma, sareng kula kagèt awit saking swanten kula pijambak, mungel: „Kalangkung ing tresnanira, marang Dyah Banontjinawi, mangka pisah unggjanipun,.......dumugi semanten tentreming manah ladjeng ébah sawatawis déning kèngetan dateng para kadang warga, raosing manah ladjeng anjes atis, rumaos menawi idjèn tebih sanak seḍèrèk, nanging mekaten wau inggih namung sekeḍap sanget, bebasan sagebjaring kilat, sebab raosing manah ingkang mekaten wau, mèh sami sanalika saged lipur déning pangudaraos : „Bok kang paḍa daktresnani kabèh bisa paḍa ana ing kéné, kena dak-adjak njawang kaéndahaning kodrat kang seméné adiné !"

Wudjudipun ingkang sami kula tresnani sanalika ladjeng ketingal ing gagasan, setunggal-setunggal gentos-gentos. Menawi nudju ketingal ingkang dados wosing tyas, tanpa kénging katahan malih, salebeting sanubari raosipun kumenjut ingkang tanpa pepinḍan, wosing manah boten lija namung boten téga. Mindak kepandjang-pandjang menawi boten kula tjupet semanten, sakiwa tengen kula boten kirang para panumpak ingkang ketingal lam-lamen ḍateng asrining sonten wau, wonten ingkang ngadeg ndjegreg ngantos dangu, wonten ingkang mlampah-mlampah akalijan rengeng-rengeng, sawenèh wonten ingkang linggih ing kursi, kawistara menawi angen lampahing gagasanipun.

Wantji ngadjengaken djam sanga, tanggal sampun baḍé angslup ing pratjima, kedjawi tumanggalipun ketingal sawetawis ageng katimbang saking paḍatan, wudjudipun ladjeng ketingal abrit malérah, bokmenawi darunanipun mekaten inggih taksih gegajutan malih kalijan suruping hawa saking samodra pasir Saharah. Sasuruping tjandra redi- redi ingkang nangguli tanah Afrikah, taksih ketingal anggameng tjemeng, saben kesorotan ing abjoring kartika ing tawang, ingkang sumebar ngebaki sakuwunging djumantara anglir gabah sinawur; Bima[ 162 ]

sekti, lajanganipun satrija ing Djoḍipati nalika pinulet ing sawer naga, dalu wau ugi andjerganggang wonten tengahing madyantara, mudjur manut udjuring Djaran-ḍawuk ingkang maletuk pinḍa ngenditi kuwunging ngantariksa.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

(Kekésahan saking tanah Djawi dateng negari Welandi.)


XXXVI. HALAL BIHALAL

Medalipun Pradapa nomer 4 punika anjarengi Rijadi 'Idulfitri 1887 (1375 H). Ingkang punika ing sadèrèngipun ngladjengaken padamelan keparenga para Pamong ngaturaken sugeng rijadi ḍateng para maos golongan kasepuhan ing dinten ingkang minulja punika. Boten kasupèn Pamong njuwun genging pangaksama, bokbilih wonten kalepatanipun ing salebetipun nindakaken ajahanipun, mugi linebura ing dinten ageng punika. Ing saladjengipun njuwun pangèstu, mugi-mugi anggenipun sami njambut damel pinaringan gangsar, „Pradapa" saged tuwuh angrembaka, notjogi kados déné iḍam-iḍamanipun.

Ḍumateng para taruna, putri tuwin putra, Pamong kepéngin asung piweling kados ing nganḍap punika : Nuwun anggèr, sampun dados padatanipun lan inggih kuwadjibanipun tijang sepuh punika tansah ndongak-dongakaken dateng anak-anakipun. Langkung-langkung ing dinten Lebaran punika, sih katresnanipun para sepuh dipun esokaken ḍateng putra wajah. Punapa ingkang nakal, punapa ingkang mbangun turut, ingkang boḍo punapa ingkang pinter, ingkang tjelak dunungipun punapa ingkang tebih, sedaja waradin sami angsal panduman raos sih sutresnanipun tijang sepuh wau. Sedaja kalepatanipun ingapura, linebura ing dinten Rijadi punika, kawewahan pudja pangestu ingkang mawantu-wantu, Pantjèn raos „sih" ingkang sedjati punika, raos ingkang luhung." Tumrap ingkang kapanduk lan ingkang nandukaken mahanani raos begdja, seneng, tentrem, marem. Tuhu raos ingkang sumberipun saking ingkang Maha Kuwasa pijambak, Maha Mirah lan Maha Asih.

Adedasar raos sih tresna ingkang kados mekaten ing dinten Rijadi para Pamong sami memudji: mugi-mugi kinabulna punapa ingkang dados sedyanipun anggèr. Ingkang taksih wonten ing kelas nganḍap, sageda minggah ḍateng kelas sanginggilipun; ingkang saweg nempuh pandadaran, mugi sami angsala damel, ingkang sampun rampung pasinaonipun ladjeng sageda réntjang-réntjang para sepuh anggenipun dandos-dandos nagari, saha anggentosi ingkang sami sampun djompo kanggé kabetahanipun Nusa lan Bangsa.

Pantjèn punika kekudangan kita sedaja, tijang sepuh ing djaman sapunika. A m i n.

P a m o n g P r a d a p a.

[ 163 ]
XXXVII. MALEM BAKDA RIJADI


Pétruk :  „Wah, mangga, mangga, bakju, utawa kowé, kang, Garèng, lenggah, lenggah !"
Garèng :  „Wis mateng-matengan apa kuwih-kuwihé ?"
Bijang Nala :  „Hara, lungguhé baé durung mapan, kaṭik wis nakokaké kuwih-kuwih."
Pétruk :  „Adja kuwatir kang Garèng, tjekaké arep mangan kuwih apa baé, sagenḍingmu. Sepèk kuk, ora ana; luwih tar, ora ana; kuwih blèg, ora ana; kuwih teles, ora ana; kering-keringan, ora ana."
Garèng :  "Ajo buné, mulih baé."
Bijang Kampret :  "Jah, pakné kuwi lé sok sembrana, boten ḍing, Mas Nala, keng raji namung ngapusi kémawon. Sampun kundur rumijin, tijang kula sampun seḍija ḍahar, nadyan namung sawontenipun.
Pétruk :  „Wong kang Garèng kuwi lé sok kesusu baé ngono. Rak ija linggih ḍisik, seḍeng daharé dienget-engeti, dadi mengko lé ḍahar kabèh sarwa anget, tjara pjaji setitik, kang Garèng. Timbangané ngentèni karo nganggur, kaja-kaja luwih betjik paḍa main bridj. Aku karo bakju, déné kowé karo adimu, makné Kamprèt."
Garèng :  „Bagus, mengko aku sing tak-kletj (ngotjok), kowé, makné Kamprèt, sing ambagi. Ajo buné, kowé saikinė sing kupir (ngetok). Tjèm, ajo, makné Kamprèt, kowé saiki sing kol (aba)."



Bijang Kamprét :  „Mangké rumijin, ta. Kertuné kok tanggung temen, inggih sampun, harten (kowok)."
Pétruk :  „Tjengkèh loro!"
Garèng :  „Adja wedi makné Kamprét; pir harten (kowok papat)."
Pétruk :  „Keprijé bakju, bisa mbantu aku ora. Wani, lima tjengkèh ?"

[ 164 ] Bijang Nala : "Ora ḍi, wong kertuku mung goḍong-goḍong kabèh. Aku tak pas baé. Wis, ḍi, saiki kowé wiwit."
 Pétruk: "Mengko sik, wong ija kowok papat, betjiké dublir (didobel). Saiki takngetokaké iki baé : as (tjengkèh)."
 Bijang Nala : "Bener, bener, terus ḍi! Ajo, kertuné kuwi dibukak kabèh, Sing main rak ija makné Kamprèt. O, samber gelap, kudu tak kruwes baé irungé. Mulané udjug-udjug wani kowok papat. Wong ora duwé tjengkèh, lagi arep metu sepisan baé, wis di.........trup !
Garèng : "Wé — wé — wé — wèh, Irung kaṭik ditjènèng sakepénakiranèki ngono, apa rumangsané irung saka karèt apa?”

 Pétruk: "Wis, tjilaka, sing kula-nuwun-kula-nuwun kaé, kaja-kaja kaumé. Buné, buné, énggal pada kukutana kabèh, nèk nganti kaumé weruh paḍa main bridj, rak ija muring-muring temenan. Hla wong malem bakda pantjèné kudu. tebiran, djebul, njekel kertu mengkéné; mengko baé, bakju, nèk kaumé wis lunga manèh, paḍa dibandjuraké,

DINTEN LEBARAN

 Garèng ḍateng supir taksi: "Bang, bang; taksi tiḍak dipaké? Bagus, brenti sebentar! Brapa, bang, séwa taksi dari sini sampé dirumah bapak saja? Lo, kok ketawa, sembrana, ditanjaki prijaji kok ketawa-ketawa, aku tidak mau gegujon, sèh. Tidak ngerti, buwat apa,

ḍong, djadi sopir taksi ? Aku dadi tanjak : Ongkosnja taksi dari sini kerumah bapak saja, berapa? Lo, kok ketawa lagi, wé, lah, mémang sembrana betul, kowé itu, supir, Ini prijaji, prijaji!” [ 165 ]Pétruk: „Wé, hla, kaé kenang apa, kang Garèng, sadjaké mentjak-mentjak nesu njang supir. Ajo, bakju, utawa makné Kamprèt, kang Gareng paḍa diparani. Kang Garèng, kang Garèng, sadjaké kok nesu temenan, kenang apa, kenang apa ?"

Garèng: „Sing ora nesu baé sapa, sopir kaṭik kurang adjaré ngentèk ngono! Hla wong ditakoni betjik-betjik, kaṭik anggejuju. Apa dikira jèn aku ora duwé ḍuwit apa? Ing mangka pitakonku tjara Mlajuné rak ija tjeṭa, ta, mara, rungokna, apa Mlajuné kurang ganep: Bang, séwanja taksi dari sini sampé dirumah bapak saja, berapa .... ?"

Pétruk: „O, ija mèmper nèk si sopir mau gumuju, ora sabab tjara Mlajumu kurang djangkep, nanging pitakonmu kliru. Sebab si sopir rak ora sumurup omahé ramak, teka ditakoni „Pira séwané taksi saka kéné tekan ing omahé bapak, mesṭi baé ḍèwèké bandjur gumuju. Wis paḍa nunggang baé kabèh, mengko bajarané taksi, tak urusé ḍéwé baé."

WONTEN ING GRIJANIPUN SEMAR

Sadumuginipun ing grijanipun Semar, Garèng lan Pétruk sasémahipun udjug-udjug ladjeng sami andum damel. Bodjonipun Pétruk anggoreng-goreng, Petruk ingkang dados tukang itjip-itjip, bodjonipun Garèng lelados, Garèng ngampiraken.

Semar: „E, laé, suwargané wong tuwa kuwi ora kaja wong kang isih rinubung ing anak putu. Jèn nudju ing dina lebaran ngéné iki tansah dipunḍi, diadji-adji, diemi-emi, mung tansah mangan énak, nganti kaja sepur kilat, dur-duran, ora ana lèrèn-lèrèné. Aḍuh, mantuku tuwa, anggoné ngladèni mula ija prigel, lakuné ḍoḍok nganti kena diwilang, iramané alon. Jèn ora kebeneran, tekané ing ngarepku, mung kèri piring tok."

Garèng: „Rama iki mesṭi njemoni aku, diarani aku ngelongi redjeki ana ing dalan. Nijatku rak ora ngono. Tinimbang pating klaprèt, rak betjik diresiki ḍisik. Déné katutan sing ana tengah, iku rak djalaran [ 166 ] [ 167 ]Ing batin aku rada ḍeg-ḍegan, Truk, mengko gèk kanḍa : Ija, wis, njang ngomah baé, ora perlu lunga. Nanging djebul ora, malah saja marah-marah, kanḍané : "Apa, emoh lunga, wong lanang gawéné mung arep gawé isin wong wadon baé, daran-daranana aku sing menging, aku sing ngélikaké. Ora kena ora mesṭi mangkat, hoor !. Hla kuwi Truk, karo mingseg-mingsegaké aku bandjur muni mengkéné : "Ija karo, kowé ta buné?” Kuwi karo tjekak aos, bakjumu kanḍa mengkéné : "Ora susah kakèhan omong, kowé mangkat ḍéwé, habis prekara.”

Pétruk : "Wé, hla metu kadigdajané, kang Garèng, dadi tjekaké bakju diapusi melèk-melèkan ané, Wis, wis, kang. Garèng, saiki wis tekan ing panggonan sing kanggo ambukak. Ajo paḍa golèk papan lungguh.”

Garèng : "Wis, kono lungguha ḍéwé, aku arep golèk panggonan sing tjeṭa kanggo ngotrèk.”

Pétruk (grundelan): "Wèh, njamari ṭok baé, kang Garèng kaé. Wong ḍèwèké kuwi sok ora ngerti duga prajoga, mengko gèk ........hla, lidok........"

Garèng : "Ḍijem — ḍijem — ḍijem.”

Pétruk : "Wis, tjilaka temenan, motrèt wong akèh, kaṭik dipaḍakaké motrèt wong sidji loro baé nganggo ngabani. Mara, tuwan ber[ 168 ]gemister anggoné ..........lèngseng nganti lèrèh. Bokmenawa jèn di..........selop pulisi.”

Welandi djèdjèripun : "Sèh, menir, itu orang siapa ...... betul-betul tidak tahu aturan !”

Pétruk: "Wah, wong saja djuga tiḍak tahu. Kenal-kenal ija tjuma disini sadja. Malah tadinja saja kira orang rada sakit kentjlung........."

Garèng : "Sapa, Truk, sing kentjlung........?”

Pétruk : "Set, Landa djèdjèrku iki, wong sampanje duwèkku djaré ditenggak wani. Ora, kang Garèng, anggonmu motrèt olèh pira, lan kira-kirané apa ija dadi ?”

Garèng : "Anggonku ngotrèt rambah kaping nem, Truk, nanging dadi utawa orané, hla, kuwi embuh. Wong-wongé obah kabèh, karo manèh wong ija ......... ora ana pilemé.”

Pétruk: "Wé, hla, anggonmu motrèt-motrèt kuwi mau mung kanggo gagah-gagahan ṭok baé, Lo, kang Garèng, sadjaké wis rampung tata-tjarané ambukak Pasar Gambir, tanḍané wong-wong wis paḍa ngadeg kabèh. Lo, lo, èprèt-èprèté wis labuh muni, arep diwiwiti bebarengan keliling ana ing papan Pasar Gambir. Ajo kang Garèng, paḍa milu”.

Garèng : "Nèk milu kliling aku ora mupakat, Truk, kang sepisan lakuku mesṭiné kiṭal, Sebab lija-lijané anggoné paḍa mlaku, temtuné manut genḍing, dadi nèk genḍingé : todjing, todjing, lakuné ija: ṭoprak, ṭoprak, balik aku........" [ 169 ] [ 170 ] [ 171 ]ting karebet pating karèbèt, kados pepindaning tangan maéwu-éwu sami pating kelawé, asung pahargjan widada dateng ingkang saweg tampi nugrahaning Pangéran, pinilih dados pepundèning tetijang ing Ngajogjakarta.

Ing kala punika ing salebeting kraton kèbekan para abdi dalem ingkang sami sowan. Ing tratag Bangsal Kentjana tuwin Prabajasa kèbekan sekar bokèt pisungsung saking pundi-pundi ngantos mlabar. Djam 9.25 kagungan dalem gangsa kratos Kjai Hardjanegara dipun tabuh gending Sri Mataram, suwaranipun araos anenangi dateng manah grengseng. Sasuwuking gangsa Kjai Hardjanegara dipun sambet ungeling kagungan dalem gangsa Kjai Hardjamulja. Para abdi dalem ingkang sami sowan wonten ing ngriku sampun samapta sedaja, amadjibi dateng padamelanipun pijambak-pijambak.

Djam 9,58 K.G.P.A.A. Mangkunagara sekalijan G.K.R. Timur sowan mlebet, kinurmatan ungeling gending Puspawarna. Ing ngriku G.R.M. Daradjatun, ingkang badé djumeneng nata, sampun mangagem keprabon mapang K.G.P.A.A. Mangkunagara, kaatjaran lenggah wonten ing bangsal Kentjana.

. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
PASAMUAN DJUMENENGAN DALEM INGKANG SINUHUN H.B.IX


Semar : ,,Mas bekel Nala, sampun gedigrag-gedigrug, suwawi radi disengkakaké, mangké mindak boja komanan papan."

Garèng : ,,Wèh kjainé, kijé, nedya ngadjak bagongan terus. Babo Ma, manira ladosi, ngadjak pinten dinten. Manira punika, menawi namung diadjak ropjan-ropjan besaos, lah mbok enggèh dumugi pungkasaning djaman......... sagah sanget, ki Lurah."

Semar: ,,Anu mas bekel, manira waru sajektos ragi kagèt. Kinten manira, adi pakenira mas gebajan Kantong-bolong boja sowan ningali, déné wingènané taksih ridong-ridong pareman beras kentjur, lah kok ladjeng andjèhèh wonten wingking manira."

Garèng : ,,Leres di gebajan. Tjara Djawiné : ngalap berkah. Saboja-bojané ngarsa dalem saweg tampi kanugrahan ageng, sawab dalem mesti enggèh tumular dateng tetijang alit. Apesé, manira sami saged ningali tetinggalan warna-warni, tur boja susah tjutjul ragad."

Semar : ,,Enggèh menawi namung nijat nglurug seneng-seneng presasat ébah sedaja, tumplak satjindilé abrit sami tumut manira raosaké, salebeté sowan ningali punika, manah manira wontené namung gumun-ngungun ples mindu. Ingkang manira gumuni puniku, ombjaking tijang Ngajogja, lah kok semanten hébaté. Tijang sa-Djogja presasar ébah sedaja, tumplak satjindilé abrit sami tumut mahargja. Mangka sedaja ketingal sami gembira, upami tjara kempalan, ing batos saèstu sami surak ,,hidup-hidup-hidup !"

171
[ 172 ]Garèng : "Pakenira punika anèh, ki lurah. Sampun ingkang tijang alit Ngajogjakarta boja sami gumuna, tijang manira ingkang sampun dados warga geminte Batawijah-Centrum enggèh tumut gembira sanget."

Pétruk :"Puniku sampun saleresé, kang bekel. Tjobi pakenira raosaké. Manira rak mentas kétjalan pepunḍèn, mangka ladjeng angsal lelintu, lah rak mesṭi bingah sanget. Nalika surud dalem ingkang Sinuhun séda kondur, kados punapi besaos gogragé tetijang ing Ngajogja ageng alit.

Sapunika sampun pinaringan panglipur, angsal pepunḍèn énggal, Loh, sinten tijangé boja mongkok, enggèh boja kang bekel?”

Garèng : "Enggèh ḍi gebajan. Raos pakenira pantjèn djoḍo kalijan manira. Anamung menawi manira, ingkang manira mantepi sanget puniku namung saebab."

Semar:"Bab tetingalan kalijan bab kenḍurèn, rak enggèh ta?

Garèng : "Hijah mbok sampun ngaten, ki lurah, Prekawis seneng-seneng puniku, manira anggep nomer kalih, Ingkang manira mantepi puniku, déné ingkang sami ngrenggani pradja Kedjawèn puniku terus menerus moḍèren, inggih penggalih dalem, inggih djembaring pangawikan dalem. Mekaten puniku, saking panginten manira, mesṭi ageng sanget dajané ḍateng wontenaning pradja dalah tijang-tijangé alit.”

Pétruk: "Saja sageḍagan puniki kang bekel. Ngarsa dalem sapuniki ḍasaré sampun mentjit sanget pasinaon dalem, sebab tjara tijangé alit nganten : sampun angsal ḍiḍikan pamulangan luhur, dados wawasan dalem temtu wijar sanget, Mangka sampun priksa Eropa ingkang [ 173 ]modèren, dados boja kétang sakedik, pangawikan dalem wau mesti wènten ingkang kaebèraké kanggé njaèkaké panggesanganing tijang alit. Kedjawi punika, manira sitingarah purun mestèkaké, jèn kawontenaning pradja sarta tetijang alit ing Ngajogja mesti badé mindak saeé."

Semar : ,,Mila, kados manira, tijang sampun sepuh puniki wèntené namung tumut ngadjeng-adjeng, sageda meningi, sukur bagé saged tumut ngraosaké berkah dalem ingkang sumrambah dateng tetijang sapradja. Manira sampun kerep meningi djumenengan nata. Saènget manira, uger wènten nata énggal, mesti ladjeng wènten barang énggal."

Gareng : ,,Pantjèn mekaten ki lurah. Barang énggal wau, sok ugi boja damel bingunging tijang alit besaos, kados prajogi sanget. Djalaran pangadjeng-adjengé tijang alit, sapamireng manira, boja wènten sanès kedjawi sami saged minak sekétja. Tetijang ingkang sami nganggur, sami ngadjeng-adjeng sageda tumunten katah pedamelan. Tetijang pekampungan ingkang radi kètèr anggèné betak, sageda ladjeng sregep sanget anggèné mangsak-mangsak. Prijantun ingkang sami ngabdi ing kraton, sami ngadjeng-adjeng sageda lestantun ngantos dumugi ing saadjalé. Tetijang ingkang taksih sami magang, ngadjeng-adeng supados tumunten tampia beslit".

Semar : ,,Gadah pangadjeng-adjeng puniku saé, mas bekel. Namung langkung prajogi, menawa pangadjeng-adjeng mawi dilambari panuwun dateng ingkang Murbéng Gesang sarta disranani tumandang."

Gareng : ,,Jèn mekaten, salebeté sami djalan-djalan puniki, suwawi sami sesarengan salat-kadjat, nenuwun mugi-mugi Ingkang Sinuhun, sumrambahé dateng tetjang Ngajogja sedaja, ageng miwah alit."

Pètruk : ,, Amin, amin ja robilngalamin."

XXXIX. DJERMAN PADOS ANGIN

Peperangan ing Eropah lèr taksih adjeg ramé sanget. Sampun wongsal-wangsul Ruslan badé nasak Mannerheim-lini ing Karelie, nanging adjeg tanpa damel. Anggènipun ndadal barisan Finlan ing saelèring tlaga Ladora, ing pangangkah sageda ladjeng nggebag Mannerheim-lini saking ing wingking, inggih adjeg boten angsal damel. Wartosipun, katah pradjurit Ruslan ingkang tiwas wonten ing peperangan, sarta katah dadamel Ruslan ingkang dumawah ing tanganipun pradjurit Finlan. Prekawis punika, Ruslan kèndel. Pawartos saking Moskow kalebet awis-awis monten. Menawi monten, inggih namung awudjud katranganipun pengagenging pradjurit Ruslan, suraosipun ,,ing peperangan boten wonten lelampahan ingkang wigatos,"

Miturut katranganipun djuru gegana Amerika, ingkang tumut ngemudèni wadya ing gegana Finlan, pradjurit gegana Ruslan punika pantjèn kirang prigel anggènipun ngéguhaken montor maburipun. Le[ 174 ]res montor maburipun ageng-ageng, nanging ingkang katah modèl kina, sampun boten mitadosi kanggé mengsah perang mesin-mesin gagrag énggal.

Mekaten ugi pradjuritipun lautan, wartosipun inggih boten patos nggegirisi, kawon sanget menawi katanding kalijan wadya lautan Inggris, Perantjis, Itali, Djerman tuwin Djepang. Margi saking punika anggènipun njumpet Finlan tuwin anggènipun badé ndarataken wadya lautan wonten ing pesisir Finlan inggih adjeg tanpa damel.

Inggih leres Ruslan ing panginten boten badé tilar nglanggang, oten badé mundur, nanging, pangaribawaning pradjuritipun meksa lajeng suda. Gampilipun negari-negari sanés ladjeng boten patos éring.

Djerman in semu sampun mangertos, menawi anggénipun memitran kalijan Ruslan punika boten kénging dipun endelaken sanget-sanget. Pitulunganipun Ruslan dateng Djerman ing babagan ékonomi, boten saged njampeti kabetahaning Djerman. Senadjan mekaten, wontenipun samangké Djerman taksih perlu memitran kalijan Ruslan, nanging inggih sampun grunak-grunuk badé mangsuli mitranipun lami, inggih punika Itali kalijan Djepang. Enggal mangké wonten wartos taksih wudjud kabar angin-njarijosaken bilih ing kalangan pamarétah Djerman wonten raosan badé ndandosi inden Roma-Berlin-Tokijo, perlu kanggé djagi-djagi, semangsa pitulunganipun Ruslan mlendék, sesampuna gadah mitra ingkang mitadosi.

Ing selebeting peperangan punika, Djerman terang taksih betah memitran kalijan Ruslan, nanging inggih betah memitran kalijan Itali tuwin Djepang. Mangka Itali tuwin Djepang, tangkebipun dateng Ruslan taksih tetep kados toja kalijan lisah. margi saking punika. Djerman tansah ngempakaken daja badé ngrukunaken Djepang kalijan Ruslan. Saking pangangkahipun Djerman, Djepang sageda malik tingal, amastani bilih mengsahipun ingkang sedjati dédé Ruslan, nanging Inggris. Réka dajanipun Djerman boten angsal damel. Djepang boten purun dipun dikté Djerman, tetep ngugemi kaantepanipun pijambak. Inggih kados pundi kémawon gelaripun, Ruslan taksih tetep dados satrunipun Djepang, djalaran taksih katah prekawis-prekawis ingkang ageng boten gampil dipun itjali. Tumraping Djepang, Ruslan punika kamanah langkung mutawatosi katimbang kalijan Inggris.

REDI MERAPI NGEDALAKEN LATU MALIH

Ing tanggal 24 Djanuari (1940) malem Rebo kapengker, wantji djam 12,08 dalu, redi Merapi ngedalaken kukus malih. Wonten bledosan kalih rambahan dipun sarengi ing swara mbengung. Saking padjagén ketingal djeblosan latu kalih rambahan. Ing satjelaking papan sanés-sanésipun ketingal méga ingkang nggembuleng. Ing éndjingipun nalika dipun tingali saking Krindjing, redi Merapi namung ketingal sakedap. Ing kapernah sisih elér ketingal ngedalaken uwab. Ing dinten Rebo tuwan Neumann bidal dateng Merapi. Ing Surakarta djawah awu. Ing Madiun ugi djawah awu, nanging tipis. Ing Bajalali

174 [ 175 ]djawah awu katutan ingkang kasar. Ing laladan Klatèn ugi djawah awu, nanging papan ingkang tjaket kalijan redi Merapi, kados ta ing kabudidajan Sukabumi, malah boten wonten djawah awu.

BOTEN MATUK DATENG DANSAH

Ing Bandung mentas wonten parepatan saking bebadan pakempalan 44 warni, ingkang wosipun ngrembag boten najogjani dateng tindak dansah kados karemenanipun para muda ing djaman sapunika. Katah wewaton-wewaton ingkang adedasar ngrisak dateng kasusilan punapa déné agami.

PADALANGAN ING SURAKARTA

Ing wekdal punika kursus padalangan Radya Pustaka ing Surakarta wiwit nampèni murid énggal, saha wontenipun murid ingkang lami malebet saja katah, boten ngemungaken saking Surakarta kémawon, wonten ingkang saking pasisir punapa. Tumrap ingkang tebih, wonten ingkang dipun ladjo sipeng sedalu, éndjingipun ladjeng wangsul malih.

(Kabar-warna-warni. Kadjawèn Pebruari 1940). [ ToC ]PRATÊLAN ISINING SERAT.



NE a a aka abanaeanaranaa tanganan amana paka aaa aaa |








Namaning. waosan makang nganggit A Bebuka. saanane aaa = 3 I. [Kjai Ageng Wanabaja (Babad Mangun): seni aia a bana e aa R. Ng. Suradipura 5

11. | Kumpeni ndesek tanah pasisir.

(Babad Gijanti) ....... NA R. Ng. Jasadipura 1 9 |

Ana ing Kabupatèn Madijun. | (Serat Pèngetan. Pusaka Dja-|. Ki San NA G. | R. Sasrasuganda 15

111.

IV.

Pamarsudining | kawruh” basa Ki Ka mlèsèd. (Pusaka Dja-


Busananing. basa, (Serat iji

tjaran warni-warm ing dja- sn

man sapunika, Ingkang ngim- : :

pun R.L, Mellema) ..;..... Dalil Prawiradihardja | 20

Pèngetan_ ngadjalipun_ Mas Ngabèi Wirapustaka, (Pusaka : Djawi) asana a aana 4 — 25

VI.

Wulangan maos ing abad ka- | ; ki ping KIK. (Serat gantjaran warni-warni ing djaman sa- punika. Ingkang ngimpun R.

VII. | Ts Mellema) 5 anis asinan R. Ng.Tjitrosentono 27

Wawasan bab mekaripun basa Djawi (1). (Sajembara karang- an. Djawatan Kebudajaan/ Tjabang Bagian Bahasa-Kem. | P.P. bek. Jogjakarta 1958) .. | M. Sastrawirja 30 ||

IK. | Wawasan bab mekaripun basa

Djawi (Il). Sajembara karang- |

an. Djawalan Kebudajaani

Tjabang Bagian Bahasa-Kem.

P.P. be K. Jogjakarta 1958) .. | R.T. Jasawidagda 85 K.I Kasusilan Djawi (Kelawarti ||

Pradhah keanaan gan 4 — 46 | NI, | Keranta-ranta, (Kalawarti | |

Pradapa) sana aaa ana S. Poedjowardojo 48 N

VIII.

176 IN [ ToC ]ai

KVI. KVII. KVIII.

KITA.

KK.

KAL

KAIN. KAKI.

KKN, KKVI,

ANKNVII,

,| Kabenan. (Mrodjol seling

.JOto mogok. (Ngulandara) ..

-[ Taksih salebeting pepeteng.

|| Prihatos. (Kirti ndjundjung

, | Dongèngip

N amaning waosan ingkang nganggit



kan mamangan aan A kan amanah an aka naa aan

eni WAE E nana : ra NG ah as R. Sasraharsana

Margana” Djajaat- madja

(RajOnka). san a as R. B. Sulardi

TIUdJOh ig a “Jasawidagda Sangkan - Paran. (Mitra. Napa Kn < ME) a Ka aaa | Jasawidagda. Randa djulig. (Durtjara ar dja) ea ae eaaa E a aee pa Lelampahanipun Radèn Uda- kawimba. (Rangsang Tuban). Pituturipun Njai Bujut Tjem- porèt dateng Rara -Kumenjar; (Tjemporèt) <... sasak Adeging wira utama. (Wira wijata) sasasi ip ma Tijang ingkang. tinakdir mla: rat (Dongêng_tijarijoswun. t2- jang sepuh ng djaman kana). un. dalang ringgit urwa dipun tanggap ng = lembat, (Dongèng wWarni-war- BAN a gg a a Tjilaka ané. (Simpan) Radèn Rangga (Serat Kas sastran Djawi) se --e Bab Grahana. (Serat! Kasusas- Iran Djawi) an gp a NB NEBAR Bagawan Téga-ing-rat Lah ngêng sato kéwan) ::: pedjah, dé- a. (Djagal

Ki Padmasusastra K. Padmasusasira KGP; A. Mangku : Nagara IV ki

M. Pudja Ardja

R. NG. Suradipura

Pak Prijana” Win- duwinata

Adipati Kéntjaka ning Djagal Bilaw


R. Ng. Ranggawarsita



52

56 68

72 80 87

“98 908

103

105

107 111

1138

115

ndhalaa) nide an 177 [ ToC ]Namaning waosan ingkang nganggit 5 kh

. |










NKNIII. | Muter Taman Sriwedari (Ar-] | djuna Sasrabahu) .........: R. Ng. Sindusastra 197 KKINK. [Kang tetep mantep ing sedya : widada kang sinedya. (Bima ; DUTA) aan a a Ga NA a [Dri M. Prijohoetomo | 181: KAKAK. Batara Éndra tedak dateng patapanipun begawan Minta- a I

raga. (Mintaraga gantjaran).| Dr. M. Prijohoetomo | 137: KANTI. | Arja Kumbakarna mangsah djurit. (Serat Rama)...

KMKKIL. | Batu Gadjah lan Batu Gan- tung. (Késah lajaran dateng pulo Papuwah) ...... an :

R.Ng. Jasadipura 1 144

M. Jitfnasastra 149.

KAKI. | Bagus_Burham wonten ing Panaraga. (Serat babad tjari- jos lelampahanipun suwargi R. Ng. Ranggawarsita. Kawe- dalaken déning Komité Rang-

gAWarsitan)i. asa aaa KKNKIV. | Patamanan, (Serat _gantjaran warni-warni me djaman sa- punika. Ingkang. ngimpun R. gi 1 MBIEN) a aa aa Suhawi 156

KAN. [Ngantjik_ing laladan Mesir. (Kekésahan saking tanah Dja-

wi dateng negeri Welandi) .. R. M.A. Surjasuparta 158

Fi

KUKKWVI. | Halal Bihalal (Pradapa) ..... — 162 | KA KNIL | Malem Bakda Rijadi, (Rem-

bagipun Semar Garèng Pé-

truk, Kadjawèên) gga gadang ; — 168

KKKNWVILI. | Djumenengipun_lIngkang_ Si- nuhun H.B, IK. (Kadjawên).

KUNIK. | Djerman pados angin. (Kabar warni-warni, Kadjawèn. Pe- brani 1940): aana ks ge

GAE MAE NK

178




GANACO - BANDUNG