Prasasti Singhasari 1351
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Prasasti Singhasari, ingkang saking taun 1351, dipunpanggihi wonten Singasari, kabupaten Malang, Jawa Timur kaliyan sapunika dipunsimpen wonten Museum Gajah, Jakarta.
Prasasti punika dipun serat kangge pepenget gedhong sawijining caitya utawa candhi pakuburan kang dipun pandhegani dening Mahapatih Gajah Mada. Sepalih pisanan ing prasasti punika sawijining penanggalan ingkang rinci, wonten ugi katrangan samubarang ing langit. Sepalih salajengipun njelasaken prasasti punika kanggo punapa. Inggih punika, kangge pariwara dedamelan sawijinipun caitya.
Alihaksara
besut- / 0 / ‘i çaka ; 1214 ; jyes.t.a mâsa ; ‘irika diwaçani
- kamoktan. pâduka bhat.âra sang lumah ring çiwa buddha /’ ; /’ swa-
- sti çri çaka wars.atita ; 1273 ; weçaka mâsa tithi pratipâ-
- da çuklapaks.a ; ha ; po ; bu ; wara ; tolu ; niri tistha graha-
- cara ; mrga çira naks.atra ; çaçi dewata ; bâyabya man.d.ala ;
- sobhanayoga ; çweta muhurtta ; brahmâparwweça ; kistughna ;
- kâran.a wrs.abharaçi ; ‘irika diwaça sang mahâmantri mûlya ; ra-
- kryan mapatih mpu mada ; sâks.at. pran.ala kta râsika de bhat.â-
- ra sapta prabhu ; makâdi çri tribhuwanotungga dewi mahârâ
- ja sajaya wis.n.u wârddhani ; potra-potrikâ de pâduka bha-
- t.âra çri krtanagara jñaneçwara bajra nâmâbhis.aka sama-
- ngkâna twĕk. rakryan mapatih jirn.nodhara ; makirtti caitya ri
- mahâbrâhmân.a ; çewa sogata samâñjalu ri kamokta-
- n pâduka bhat.âra ; muwah sang mahâwrddha mantri linâ ri dagan
- bhat.âra ; doning caitya de rakryan. mapatih pangabhaktya-
- nani santana pratisantana sang parama satya ri pâda dwaya bhat.â-
- ra ; ‘ika ta kirtti rakryan mapatih ri yawadwipa man.d.ala /’
Jarwa
besut- Ing warsa 1214 Saka (1292 Masehi) ing wulan Jyestha (Mei-Juni) nalika kuwi
- Sinuwun kang wis manunggal karo Siwa Buddha.
- Sugeng Sentosa! Ing warsa Saka 1273 (1351 Masehi), wulan Waisaka
- Ing dina pisanan paruh terang wulan, ing dina Haryang, Pon, Rebu, wuku Tolu
- Nalika sang rembulan iku Dewa Utama ing griyane lan (bumi) ing sisih antara lor-kulon.
- marang yoga Sobhana, wektu Sweta, ing andahane Brahma amarga
- Kistugna, ing rasi Taurus. Nalika sang mahamantri kang mulya. Sang
- Rakryan Mapatih Mpu (Gajah) Mada kang kaya dadi antara
- Pitung Raja kayata Sri Tribhuwanotunggadewi lan Sri
- Maharaja Rajasa Jaya Wisnuwarddhani, kabeh putu-putune Sinuwun
- Kang wus seda Sri Kertanegara kang uga duwe jejuluk Jñaneswara Bajra
- Lan uga ing wektu kang padha sang Rakryan Mapatih Jirnodhara kang mbangun sawijining candhi pekuburan (caitya) kanggo kaum
- Brahmana kang agung1 lan uga kanggo kang muja Siwa lan Buddha kang padha pralaya.
- Sesarengan swargi Sinuwun (=Kertanegara) lan uga kanggo para Mantri pinunjul kang pralaya bareng-bareng karo
- Sinuwun swargi. Alesan digawe candhi pekuburan iki dening sang Rakryan Mahapatih iku supaya kanggo bekti
- Para keturunan lan para pambyantu cedhak Sinuwun swargi.
- Lan iki gedhong sang Rakryan Mapatih ing bumi Jawadwipa.
1Bisa uga sing dimaksud yaiku sawijining priyayi kanti jeneng kuwi.