Sekar Melathi
[ 55 ]
NUR SUSANTY
SMP Negeri 1 Turi
PRIHATIN

Lumrahe siswa saiki,
sinau mung sakedheping netra
kepara malah ora sinau
yen nggarap senenge mung nyonto
tumindak mangkana iku
wong kang pikirane landhep
ananging salandheping dhengkul
amarga sepi kawruh

Nyata lan ora,
ananging menawa sugih polah
polahe anteng kitiran
besuk bakale ngemut driji

Yen dipituturi,
guneme pating clemong
wangsulane saur manuk
ora ngrewes pituture wong tua

Pra kanca,
kawula mudha iku sangganing Nagara
yen para mudha asor
arep digawa menyang ngendi
Negara iki?
jaman sangsaya tuwa sangsaya maju
ngudi ilmu kalakone kanthi laku
ora cukup njagakake endhoge si blorok

[ 56 ]

Pra kanca,
ayo dipungkasi kabeh laku ala
aja mung nggegem tangan
ayo
ambuka babaran anyar
wekel anggone nggilud kawruh

Aja meneng wae
ibu pertiwi sungkawa
mati raga mring kawula mudha.