Mayangsumirat

[ 40 ]pumpung


titènana was ubeng ingering alam kalir

cathetana sing grafiking janji sing semu kibir

saléndra bawana sing ngondar-andir

aja dumèh mung dumèh mumpung

akèh bengawan banjir pangungsining yuyu rumpung

bésuk kapan marining tresna sing kedarung wuyung

awit alam kalir sing dianggep koncatan wahyu wingit

tresna asih asihé janma karoban langip

ora susah mèlu ngajap lurup sing sutra wungu

kijing pupu-pupu rupa kuning

putu-putu sing kasèp jinuwing-juwing

lan ora susah mèlu ngrempelu nggagapi impèn ndaradasihi

kirimaning kembang setaman ing plataraning maésan

wong kowé dudu pahlawan

najan sing tanpa tandha jasa pisan [ 41 ]ayo bareng mukti ing jagading pangèpi-èpi

pumpung aku kowé isih bisa éling nguliri budi


-0-


karanggeneng, 28 januari 1985


Djaka Lodang, No. 650 Th.XIV

Sabtu Pon, 2 Maret 1985, Kaca 35