Pustaka Marta

[ 2 ]
Ditampa saka Gudang buku nalika tanggal
Wiwit dianggo ing tahun sekolah 19......../ 19----
- Saben I wulangan dangunipun 15 menit, 10 menit maos tuwin 5 menit nerangaken tjekak-aos.
- Sedijan wulangan kangge I minggu kedah tetep, boten kenging kaulur.
- Perangan A utawi B kawulangaken ramgpung I dinten, dangunipun 15 menit x 4 = 60 menit = 1 djam. Kawewahan malih 30 menit kangge wulangan nurun utawi dikte, kenging kasuda 10 menit kangge pitakenan. Perangan A kewulangaken dinten Slasa, perangan B ing dinten Kemis. Utawi milih dinten sanesipun. Wosipun I minggu mlebet kaping kalih.
- Sadaja wulangan, guru kenging mewahi saprelunipun, waton njorok wekdal saking 15 menit.
- Kursus Sambetan P.B.H. (Landjutan) dangunipun katemtokaken 3 wulan tamat, Ladjeng kawontenaken pandadaran (udjian).
- Antjasipun Kursus Landjutan, ingkang baku mulangaken maos tuwin njerat.
- Sarehning pengetjapan dereng wonten aksara ḍ ( ) kalijan ţ ( ) pramila namung kaserat lugas d.t. Manawi guru nimbang prelu, kaparenga mewahi ing saprajoganipun.
[ 4 ]
Dina A | suwene | Dina B | suwene |
1. Tjarita, Babad | 15 | 1. Kuwarasan | 15 |
2. Etung | 15 | 2. Etung | 15 |
3. Ngelmu bumi | 15 | 3. Neka-warna | 15 |
4. Bahasa Indonesia | 15 | 4. Bahasa Indonesia | 15 |
5. Dikte | 30 | 5. Dikte | 30 |
6. Pitakonan | 6. Pitakonan |
DINA A.
- Tjarita lan babad.
-
Dewi Sri iku putri Medangkamolan. Putrane Sri Mahapunggung. Karemenane lelana ndjadjah desa. Nuntuni tetanen rupa-rupa. Gamelan lesung, kotekan, iku anggitane Dewi Sri. Tekan saprene Sang Dewi isih diadji-adji wong akeh. Kamar tengah, didjenengake Krobongan utawa Patanen. Djare iku enggon paleremane Dewi Sri.
Njata akeh lelabetane marang wong tani. Hara saiki sapa sing duwe lelabuhan kaja mangkono?
- Etung.
5 + 5 = 10. |
|
Ngapalna mlumpuke angka: 6 + 9.5+ 8. sateruse.
Ngapalna pamisahe angka: 16-9. 12-8. sateruse.
Nagara Ngajogjakarta dadi pusere Paprentahan. Bung Karna, Sri Paduka Sultan lan Kangdjeng Gusti Paku Alam ija dedalem ing kono.
Wong desa sing diprelokake nekani pasare. Tukang mlantjong sing digatekake Hotel Merdeka. Ora lali karo dalan Maljabara karo sega gudeg. Hem, kesel suk-sukan ana Maljabara, wetenge ngelih. Ngaso metongkrong ing lintjak. Ngiras sega gudeg, telung pintjuk djablas.
IV. Basa Indonesia.
Bertjakap-tjakap hal nama benda.
Ini apa?Ini pajung.
Itu apa?Itu pisang.
Selandjutnja: kerosi, bangku, kapur, kotak, bola, kerandjang, gelas, sendok, sawah, gunung dll. perkataan jang serupa dengan bahasa daerah.Ini siapaIni ibu.
Selandjutnja: bapak, adik, kakak, Sumini, Kartadjaja dll. nama orang.
[ 7 ]
I. Waras-sehat.
Pak Djaja wong tani, wekel ing gawe. Pekarangane djembar. Kebone kebak tanduran. Sukete ora rungkud. Latare resik gumrining. Tukirah, anake wedok, sregep njapu esuk-sore. Wong resikan kedjaba ngresepake, ija kalis ing lelara. Wong lelaranen, mesti kuru bengkring, tur sugih sambat. Kadjaba iku ja ngentek-entekake wragad.
II. Etung.
14+ 8 = 20 + ..=.. 12-8= 10 - ..=..
26 +9=65 - 7 =
45 +7=91-8=
68 +4 =35 - 7 =
36 +8=56-8=
75+9=43-5 =
54 +7 =21 - 7 =
17 +7 =84-6 =Ngaranana tjatjah 25 – 95, undakane 7.7.
Ngaranana tjatjah 100 – 20, sudane 8.8.
[ 8 ]
- Tembang.
Kewan galak tengah kedung,(baja)
- Ngaja-aja awak mami,
Mulwa rengka saupama, (Srikaja)
- Ngaja-aja awak mami,
Dewa panutaning dina,(Hjang Surja)
- Sida ngaja awak mami.
- Bahasa Indonesia. Membatja, menjalin.
aku, saja = aku |
engkau, tuan = kowe |
Aku makan pisang.
Ibu minum teh.
Bapak duduk dikerosi.
Adik terus menangis.
Adik makan daging ajam.
Kakak duduk dibangku.
Aminah tidur dikerosi.
Siapa nama adikmu.
[ 9 ]
Kami minum dan makan.
|
(aku kabeh)
|
[ 10 ]
DINA A.
I. Tjarita
Angger wong seneng nonton wajang. Luwih maneh botjah-botjah. Sing disenengi Paiman Gatutkatja, ketarik saka gotote. Katidjah seneng Srikandi, saka trampil lan trengginase. Jen bapak sing disenengi dewe Ardjuna. Bagus tulus, anteng lurus, ngentasi gawe. Demene tetulung. Tur digdaja, jen perang mesti menang. Semar, Gareng lan Petruk mantep marem olche kekintil. Lha wong duwe djago patohan. Pradjurit linuwih.
Etung.
Pitik 6 sikile 2 x 6 = 12.
Mentong 8 matane 2 x 8 =
Banjak 9 swiwine 2 x 9 =
Gadjah 10 kupinge 2 x 10 =
2 djinah ana 10 x 2
2 minggu ana 7 dina x 2 =
2 pasaran ana 5 dina x 2 =
tangkep ana ...... idji x .... =
[ 11 ]
Endog 10 diparo = 10 : 2 =
Djambu 12 diparo = 12 : 2 =
18 sen dibagi 2 = 18 : 2 =
14 rupiah dibagi 2 = 14 : 2 =Ngapalna tangkaran x 2 : 1 x 2, 2 x 2, 3 x 2,
4 x 2, 5 x 2 sabandjure.
Walikane tankaran dadi paran: 2 : 2, 4 : 2, 6 : 2,
sabandjure.
III. Meruhi panggonan lija.
Hasil bumi rupa-rupa pada mili menjang Nagara, ndjudjug pasar gede. Kabeh iku saka akale bakul lan sudagar.
Saka lor digawa bakul Sleman. Saka kidul bakul Bantul. Saka wetan bakul Prambanan. Saka kulon, bakul Sentolo. Saka Gunung kidul, bakul Wanasari.
Jen arep mantu blandjaa menjang pasar gede. Apa-apa mesti ana.
[ 12 ]IV. Bahasa Indonesia.
Bertjakap-tjakap hal: warna, rasa, bau, bangun.
Bagaimana warna kertas ini?
Bagaimana warna melati itu?
Bagaimana warna arang?
Bagaimana warna kunjit (kunir)
Bagaimana warna daun (godong)?Merah (abang).
Putih.
Hitam (ireng).
Kuning.
Hidjau.Bagaimana rasa gula?
Bagaimana rasa pujang?
Bagaimana rasa daging goreng?Manis.
Pahit.
Sedap (Enak, gurih).Bagaimana bau tjempaka?
Bagaimana bau bangkai (batang)?Harum.
Busuk (batjin).Bagaimana bangun medja ini?
Bagaimana bangun bola?
Bagaimana bangun botol?
Bagaimana bangun papan tulis?Persegi.
Bundar.
Bulat.
Persegi.- Djeruk itu hidjau-kuning warnanja. Bangun bulat rasa manis. Lagi berbau segar.
[ 13 ]
DINA B.
I. Waras-sehat.
Laler iku kewan mbeler. Digusah lan diojak-ojak, mung klinteran wae. Bur mentjok ing irung. Bur ngalih ngrubung koreng. Bur maneh mentjok ing panganan. Jen mentjok ing panganan kang legi lan amis, saja djenak banget. Panganane bandjur dakemplok. Wah prasasat mangan tilas koreng lan batang. Rak ija ngeneg-enegi banget ta? Isih begdja, jen ora ketularan patek.
II. Etung.
a. 2 × 6 = 20 × 6 = 200 × 6 = 8 × 2 = 80 × 20 = |
6 × 2 = 60 × 2 = 600 × 2 = 80 × 2 = 20 × 80 = |
5 × 2 = 50 × 2 = 500 × 2 = 800 × 2 = 50 × 20= |
2 × 5 = 2 × 50 = 200 × 5 = 8 × 200 = 20 × 60 = |
b. 12 : 2 = 16 : 2 = 16 : 8 = 14 : 2 = 14 : 2 = |
120 : 2 = 160 : 2 = 160 : 8 = 140 : 2 = 140 : 7 = |
1200 : 2 = 1600 : 2 = 1600 : 8 = 1400 : 2 = 1400 : 7 = |
c. Baleni ngapalake tangkaran x 2.
Baleni ngumpul lan pisahe angka.
[ 14 ]III. Neka-warna.
Djibar-djibur, pagunungan murah banju,
Sawah, pakarangan,
Kilenan banju kumriwik,
Paman tani saja sengkud nggarap lemah.
IV. Bahasa Indonesia.
- Aminah memetik bunga melati. Warna bunga melati putih.
Ditjium harum baunja. Bunga itu diminta adik.
- Ibu mengambil daging kerbau. Daging itu dipotong-potong. Warna daging itu merah. Daging itu digoreng. Aduh, berbau sedap. Bapak mengambil sepotong. Daging digoreng dimakan. Tentu sedap rasanja.
1. diambu.
2. didjaluk.
3. ndjupiuk.
- tjium―mentjium―ditjium―kutjium―kau tjium.
- ambil―mengambil―diambil―kuambil―kau ambil.
- pinta―meminta―dipinta―kupinta―kau pinta.
- potong―memotong―dipotong―kupotong―kau potong.
[ 15 ]
DINA A.
I.
Dewa Galuh Tjandrakirana demen lunga njlamur. Dadi wong desa, njandang sarwa lungsed, gegombalan. Pa- rabane Limaran utawa Timun-emas. Dahar lan sare mung trima saanane. Ing saenggon-enggon, mulang muruk tja- rane ngantih lan nenun. Akeh prawan-prawan ing desa sing pinter nenun lurik. Lurik limarketanggi, wanabadra, kepjur lan lijane. Djaman saiki ja akeh prawan kuta adjar nenun.
II
a. Kulakane R8,- pajune RII,-, Batine RII,-
- 8 = 3.
Kulakane R90,— payung R150,— batine
R150,- 90 =
Endog 140, paju sing 80. Isih 140-80 =
Beras 120L, paju sing 50L. Isih 120 - 50 =
Djeruk 50, kulak maneh 70. Dadi 50 + 70 =
Djagung 37, panen maneh 60. Dadi 37 +60 =
Gawe bata 500, gawe maneh 800. Dadi 500+800=
b. Djarit | lembar rega R2000,-. Djarit 9 rega
R2000, x 9.=
Wedus I rega R700,-. Wedus 2 rega R700,- x2=
Gedang I rega R2,- Gedang 6 rega R2,- x 6 =
Tjangkir I rega R200,- Tjangkir 8 rega R200,- x 8
Beras 1200L, dibagi 2. Tampa 1200:2 =
- Panggonan lija.
- Lor, wetan kidul lan kulon diarani keblat papat. Jen kita ndeleng gambar bumi (kaart) kudu niteni keblat. Tatanane mengkene:
- Sing pener sirah, keblat lor.
- Sing pener sikil keblat kidul.
- Sing pener tangan tengen, keblat wetan.
- Sing pener tangan kiwa, keblat kulon.
Gambar negara Ngajogjakarta iki sinaunen.

- Bahasa Indonssia.
- Bertjakap-tjakap ulangan.
- nama benda: barang jang terdapat dalam rumah: gendi, lampu, tjangkir, topi dll.
- Warna barang.
- Bangun barang.
I. Kawarasan.
Prajogane wong iku adjeg ketjeneng otote. Kabeh ros-rosan kudu obah. Tangan lan sikil adjeg dipolahake. Jen wong tani wajah bangun esuk wis mluku. Sing bebakulan mangkat menjang pasar. Para ngulama pada sembahjang.
Mung wong lembon turu, isih pada wegah ninggal bantal. Botoh kretu tangine kerinan. Padang ngentang-entang lagi tangi. Ulate ndjabrut medeni botjah.
II. Etung.
a. 6 + 7 5 + 3 + = 13 + 5 + 3 = 18 + 3 = 21.
6 | 9 | 4 | 7 | 8 | ||
7 | 8 | 5 | 7 | 8 | ||
5 | 6 | 9 | 7 | 8 | ||
+3 |
+8 |
+8 |
+7 |
+8 | ||
___ | ___ | ___ | ___ | ___ | ||
b. | 9 | 8 | 10 | 40 | 100 | |
-5 |
-6 |
-4 |
-7 |
-6 | ||
___ | ___ | ___ | ___ | ___ | ||
c. | 6 | 7 | 5 | 4 | 2 | 8 |
x2 | x2 | x2 | x2 | x9 | x2 | |
___ | ___ | ___ | ___ | ___ | ___ | |
12 |
[ 18 ]
Gr. „Pada slamet, Truk".
Ptr. „Se-la-mat, bung".
Gr. „Wah, muni slamet wae didawakake. Kok kaja tjara singkek".
Ptr. „Kowe mengerti? Aku sudah beladjar bahasa Indonesia".
Gr. „Olehmu sekolah ngendi?".
― „Dari buku Pustaka Marta".
― „Kowe saiki tak takoni, angel banget. Hara keprije djawane basa Indonesia: entah?".
― „Embuh!"
― „Hore ora bisa. Ha-ha-ha!".
IV. Bahasa Indonesia, (membatja dan menjalin).
Ajam makan padi.Padi dimakan ajam.
Engkau mengambil roti.Roti kau ambil.
Saja minta lampu.Lampu kupinta.
Aminah mentjium bunga.Bunga ditjium Aminah.
Adik memetjahkan gelas.Gelas dipetjahkan adik.Bapak duduk dikerosi. la menghadap medja persegi. Bapak menulis surat. Kertasnja putih dan bersih. Surat itu dibawa kekantor pos. Surat itu dikirimkan kepada paman. Rumah paman dikota Djakarta.
DINA A.
I. Tjarita lan babad.
Pak Kasim ing Bibis mlarat banget. Pagawejane saben dina ngarit alang-alang. K.G. Mangkunagara IV paring gandjaran duwit emas. Karo sesideman dislempitake ing pring pikulan. Pak Kasim ora ngreti babar pisan. Alang- alang dalah pikulane diedol ing pasar. Dudu salahe sing lampa. Salahe sing maringi gandjaran.
II. Etung.
a. 80+50 = 85+50 = 76+60 = 49+90 = |
80+5 = 85+5 = 76+6 = 49+9 = |
140-80 = 146-80 = 128-30 = 111-70 = |
140-8 = 146-8 = 128-3 = 111-7 = |
b. 12 x 2 = 20 + 4 = 24
14 x 2 =
15 × 2 =
13 × 2 =
16 × 2 =
22 : 2 = 10 - 1 = 11
24 : 2 =
26 : 2 =
28 : 2 =
30 : 2 =
Ngapalna tangkaran x 3. [ 20 ]III. Ngelmu bumi.
Daerah Istimewa Ngajogjakarta diperang dadi 5 Kabupaten lan Haminte.
Kabupaten Gunung Kidul mengku 12 Kapanewon lan 141 kelurahan.
Kabupaten Bantul mengku 16 Kapanewon lan 60 kelurahan.
Kabupaten Sleman mengku 17 Kapanewon lan 86 kalurahan.
Kabupaten Kulon Praga mengku 8 Kapanewon lan 47 kalurahan.
Kabupaten Adikarta mengku 4 Kapanewon lang 41 kalurahan.
Haminte mengku 12 Kemantren Pamong Pradja.
IV. Bahasa Indonesia.
- Bertjakap-tjakap nama tanam-tanaman dalam kebun: ketela, katjang, lombok, pepaja, pisang, katjang, djambu, mangga, rumput, bajam dll.
- Nama bahagian tumbuh-tumbuhan: pohon, ranting, daun, bunga, buah kulit, bidji dll.
[ 21 ]
DINA B.
- Kuwarasan.
-
Akeh wong lan botjah pada lara untu. Katane mung sepele, ning larane tenan. Malah ana sing nangis ringik-ringik. Gunggung kumpul ja saka lupute dewe. Kurang mresudi marang pangupakarane untu.
Prajogane saben mentas mangan apa-apa, kudu kemu lan sikatan untu. Adus esuk sore ija kudu disikat.
- Etung.
1 kg = 10 ons.
1 kg = 1000 g.
1 km = 1000 m.
1 km = .... hm.5 kg= ....ons.
8 kg = ....g.
7 km = .... m.
4 km = .... hm.- 1 djam mlaku 3 km, 6 djam mlaku ..... km.
1 dina entek beras 8 L, 3 dina entek ..... L.
endog 1 paju 2 ketip, endog 9 paju rega ....... kt.
pitik 1 rega 3 rup., pitik 7 rega ........ R.
- Djeruk 2 rega 18 sen, djeruk 1 rega........ sen.
Salak 3 rega 18 sen, salak 1 rega ... sen.
Beras 3 L rega 12 ketip, beras 1 L rega ...... kt.
Rokok 9 rega 18 sen, rokok 1 rega ........ sen.
[ 22 ]
- Tembang midjil.
Tuwa anom pada dadi murid,
Ngumpul angarompol,
Wong sinau tan ana kasepe,
Dimen bisa melu ngetut buri,
Ombjake saiki,
Ndjembarake kawruh.
- Bahasa Indonesia.
Pohon pisang.
Pohon pisang mudah ditanam.
Buahnja manis dan harum.
Daun pisang dibuat¹ membungkus penganan.
Tiap-tiap² kebun tentu terdapat³ pohon pisang.
1. digawe. 2. saben. 3. ketemu.
[ 24 ]