[ 76 ]

13
RAJAPATI

Adam ora ngreti pira suwéné ngadeg njegreg mengkono iku, nanging ora suwé uwong-uwong tamu hotèl liyané uga nusul munggah lotèng. Sing sepisan uwong setengah tuwa, manganggo piyama biru wis lawas. Banjur nom-noman laro lanang wadon. Nitik praupané sajak sedulur, sing tuwa wadon, kenya umur-umuran rolikur ngono; sing enom isih katon bocah, apa manèh manganggo kathok cekak. Tamu sing nusul kèri dhéwé pemudha nom-noman, bregas rupané lan ora gugupan, malah kepara seneng sembranan, ndhugal. Iki mau kabèh tamu-tamu sing nginep hotèl Suralaya kono bengi kuwi.

'Wèh, rajapejah punika,' celathuné wong sing nganggo piyama biru. 'Ngatas-atos tindak-tanduk kita, sampun grusa-grusu. Langkung saé kita ngentosi pulisi rumiyin, sampun nindakaken punapa-punapa. Segawonipun sinten punika?'

Wong sing bisa guneman lancar sajaké mung piyayi piyama biru kuwi. Liya-liyané bareng weruh kaanané wong maati kang gumléthak ngisor kursi kuwi padha cep meneng kabèh. Kenya kang kasebut mau nutupi rainé lan njaluk sèndhèn adhiné. Déné adhiné, pemudha sing kathokan cekak kuwi, mung bisa kethap-kethip lan bolak-balik ngulu idu, ngilangi girisé. Pemudha bregas sijiné, sanadyan uga ketara mèlu kagèt weruh mayit gumléthak iku, sajaké ora patia maèlu. Kanggoné pemudha kuwi luwih gati ngawasaké solahé kenya mau tinimbang liyané. Dhèwèké uga ora bisa kumecap apa-apa.

Segawon kula,' wangsulané Adam kanthi rekasa.
'Langkung saé dipunsingkiraken saking ngriku.'
Sarana ngati-ati Adam narik taliné Mopi sing klèwèran. Mopi ginjal-ginjal, karepé emoh ditarik ngadoh, nanging kepeksa nurut, marga Adam ngukuhi panariké.

Ora watara suwé ana pulisi loro teka, uga sanalika munggah lotèng lan mlenggong sedhéla weruh sikil ngececeng cedhak kursi iku. Nanging pulisi sijiné énggaI éling kuwajibané, mula énggal celathu marang kancané: 'Kang Daliman! Tilpunen inspèktur Surya, kang.'
'Kowé waé, Ji. Aku tak njaga kéné,' wangsulané pulisi Daliman.
Pulisi Taji mudhun nggolèki tilpun.

[ 77 ]‘Ki sanak kabèh aja padha ngowahi barang-barang kang sumèlèh ana kéné,’ celathuné Daliman kang satemené wis ora perlu manèh, marga tamu-tamu hotêl kuwi wis padha ngreti patrapé dhéwé-dhéwé.

Ing ngisor pulisi Taji tilpun: 'Hallo, pak Surya? Anu, pak, agèn pulisi Taji lapur. Wonten rajapejah, Inggih. Wonten hotèl Sura ... Suradira, èh ... Suralaya, Ngapeman. Inggih, tiyang jaler, pak. Kirang terang punika, pak. Kita namung manggihi mayitipun. Punapa? Inggih, Inggih, dèrèng éwah kinten kula. O, inggih, inggih, mangké kula préntahaken mekaten. Sinten, pak? Handaka? O, dhétèktip Handaka? Dèrèng, pak. Inggih. Dados panjenengan tilpun piambak? Sinten, pak? Dhokter? Griya sakit inggih, pak? O, inggih, inggih. Mangké kula padosanipun nomer tilpunipun.’

Sawisé kuwi Taji banjur ngolak-alik buku notesé, nuli tilpun manèh, nerangaké marang dhokter Murtihusada ——dhokter bagian prekara kriminil—— larah-larahé kaanan hotèl. Pulisi Taji banjur munggah manèh.

‘Piyé, Ji? pitakoné Daliman.

‘Dikon ngentèni sedhéla. Pak Surya ndang rawuh karo komploté.’

‘Sapa ta?’

‘Dhétèktip Handaka. Sajroné ngentèni kéné dikon ngawas-awasi, Guneman karo wong-wong waé ora pareng.’

‘Percaya aku, Pak Surya pancèn bangsa ora gelem kèthèr lan emoh ketrucut yèn nandangi prekara kaya ngéné,' wangsulané Daliman.


Inspèktur Surya teka, nggawa bala. Kejaba pulisi-pulisi kang pinatah njaga sakiwa-tengené hotèl ——diangkah aja ngetarani—— uga dikancani piyayi nom-noman kuru, ora merbawani, nanging ngawaki.

Inspèktur Surya dhéwé wis suwé ngasta ing kepulisian babagan kriminil. Uga yuswané wis ngemping pènsiyun, nanging asmané taun kepungkur dadi kalok marga mbongkar prekara kècu ing Lawéan. Déné piyayi kuru sing ngancani kuwi wong sing kerep urun pikir marang pulisi bab miyak wadiné kadurjanan. Kanggoné tlatah Jawa-tengah asmané wis dudu wong liya manèh, ya-iku kang karan dhétèktip Handaka.

‘Ora ana sing owah iki ya?' ngendikané pak Surya wiwit mriksa. Kabèh padha ngiyani.

‘Pripun? Sinten sing meruhi dhisik?' pitakoné pak Surya nganggo basa krama andhap. Sawisé padha plingukan sedhéla, Adam énggal ngacung kaya patrapé bocah sekolah.

‘Anu, pak. Babu hotèl, èh abdi hotèl, ingkang ngonangi rumiyin. Piyambakipun jelih-jelih lajeng mandhap, semaput. Saged ugi dipunupakara tukang kebon wonten ngandhap...’ [ 78 ]'Lha sing minggah mriki ḍisik ḍéwé sinten saking ki sanak sing ènten mriki niki?' celatuné inspèktur Surya nugel rembug ora sabar.

'Inggih kula, pak. Tiyang èstri wau semaput, kula lajeng minggah mriki,' wangsulané Adam.

'Wonten napa kok terus minggah?'

'Lha wang abdi èstri punika wau ketingalipun ajrih sanget, mila kula inggih kepéngin sumerep punapa ingkang ngengajrihi punika.'

'Dados sampéyan dèrèng ngretos yèn baḍé manggihi mayit niku?'

'Boten nginten babar-pinḍah, pak,' wangsulané Adam.

'Lha segawon niku, sinten sing gaḍah?'

'Inggih kula, pak.'

'Lha, sampéyan rak tamu hatèl 'ta?'

'Inggih, pak,' wangsulané Adam rumangsa ora kepénak.

'É, ya élok! Tamu nginep hotèl kok nggawa kéwan kaya ngono. Ya ra, ḍimas?' celatuné pak Surya, setengah njaluk timbangan Handaka.

Ḍétèktip nonoman iku mantuk mbeneraké.

'Anu, mas,' celatuné ḍétèktip Handaka sumela mumpung bisa nyelani, 'tak-kira luwih becik takon-pitakonan iki diurus ana ngisor waé, marga kurang prayoga yèn ceḍak mayit ngéné iki. Risi lho kanggoné wong-wong iki.'

'Aku rujuk kuwi. Nanging apa ora luwih becik kita priksa ḍisik mayit lan kaanan liyané iki?'

'Iya. Saiki disetitèkaké tanpa ngangkat mayit. Mayité mengka bèn dipriksa lan diupakara pak Murtihusada. Déné bab mriksa kaanan kéné luwih becik ngentèni wong sing ngreti kaanan kéné ḍèk wingi-winginé. Tak-kira abdi sing semaput iku bisa dikon nyritakaké barang-barang apa kang owah. Nanging sarèhné saiki ḍèwèké durung bisa, dadi bab mriksa kaanan kéné disemayani ḍisik.' Mangkono pamrayagané ḍétèktip kuru kuwi.

'Ya, ya. Mangga ki sanak sedaya mawon sami manḍap. Pancèn boten pénak omong-omong ceḍak mayit,' ujaré inspèktur Surya.

'Apa manèh mayit tanpa sirah ngono,' ḍétèktip Handaka nyambungi.

'Hèh? Tanpa sirah?'

Greg. Kabèh tumolèh marang panggonan mayit, lan nyetitèkaké pernah sirahé mayit. Persis nggon gulu ketutupan bantalan kursi, dadi saklérapan pancèn ara ketara mayit mau wutuh apa ora. Nanging yèn disetitèkaké seḍéla waé wong mesti ngreti yèn mayit kuwi tanpa sirah.

'Mayité sinten niku?' pitakoné ḍétèktip Handaka marang wong-wong.

Nanging ora ana sing mangsuli, marga kabèh tamu hotèl kamaré paḍa ana ngisor. Utawa upama ngretia ya isih paḍa wedi ngaku. [ 79 ]Sawisé ngulataké kaanan kono seḍéla, pak Surya lan ḍétèktip Handaka banjur mèlu muḍun nututi wong-wong liyané. Ana pulisi Ioro sing tetep dikon njaga ana nḍuwur. Tekan ngisor kabèh paḍa diacarani golèk papan lungguhan ḍéwé-ḍéwé ana méja-kursi sakiwa-tengené kantor hotèl.

'Sing duwé hotèl iki endi 'ta, kok ora muncul? Apa wis ditilpun?' pitakoné inspèktur Surya marang para pulisi rèrèhané sing paḍa pinatah njaga lan ngulat-ulataké hotèl kono.

'Pak Dimin wonten pawon, pak, ngupakara tiyang èstri ingkang semaput,' celatuné sawijiné pulisi jaga.

'Sing duwé hotèl kok pak Dimin! Pak Dimin sapa?'

'Ha inggih punika, pak. Criyosipun pak Dimin ingkang kagungan hotèl radèn Téjakusuma, manggèn wonten lotèng.'

'Wé lha yèn ngono rak sing dadi kurban kuwi ayaké!'

'Saged ugi, pak.'

'Ketiwasan ané! Ora ana sing kena dijaluki keterangan bab hotèl. Kejaba pak ... pak sapa mau? Dimin? Sapa sing ngreti bab rerigening hotèl iki?' pitakoné inspèktur Surya.

'Anu, pak. Criyosipun pak Dimin ingkang manḍégani bab tamu-tamu hotèl punika kapasrahaken radèn Jatmika ingkang pidalem wonten Timuran ...'

'Lha ya kuwi sing tak-butuhaké! Tilpunen ta! Ngono waé kok ya ndadak ngentèni préntah!'

'Inggih, sampun, pak. Sampun dipun petuk punika wau.'

Sawisé kuwi pak Surya maspadakaké tamu-tamu hotèl manèh. Adam rada rikuh, marga ḍèwèké katon anèh ḍéwé tinimbang wong-wong liyané.

Ḍèwèké nggawa asu. Gèk wong liyané isih pating kriyip mentas tangi turu Adam wis dandan reresik awak ḍéwé.

'Sampéyan ajeng buḍal teng pundi kok ésuk-ésuk pun dandan?' pitakoné pak Surya.

'Namung mlampah-mlampah kok, pak. Kula mboten saged tilem wau dalu.'

'Éé, boten saged tilem? Ning nggih boten mireng napa-napa?'

'Mirenga punika mestinipun inggih mboten nginten wonten kedadosan kados ngaten, pak,' wangsulané Adam.

'Mireng napa mawon?'

Adam gugup, nanging meksa ora nemu tembung sing setiti: 'Kula mboten ènget suwanten-suwanten punika kanti ceta, pak.'

'Sampéyan tiyang pundi ta?'

'Asal saking Ngawi, pak. Nanging sapunika nyambut damel berah wonten Jakarta,' wangsulané Adam. [ 80 ]Pemuḑa cilik sing nganggo katok cekak angop amba, nganggo nyuwara sajak bosen ditanggap pulisi ngono kuwi. Wong-wong paḍa nolèh marang ḍèwèké.

'Hèr, Hèr!' aloké mbakyuné ngélikaké polahé aḍiné kang kurang tata kuwi. Inspèktur Surya endang nyusuli pitakon: 'Aḍik sampéyan niku, jeng?'

'Inggih, pak. Nyuwun pangapunten, pak, radi keladuk kirang duga.'

'Enggih. Sinten naminé?'

'Suhèrwindra, pak.'

'Teksih sekolah ta?'

'Inggih, pak. Sampun S.M.A., nanging sok kados ngaten punika. Laré sapunika pancèn kirang mreduli ḍateng tatakrama ...'

'Lha sampéyan, sinten naminé, jeng?' pitakoné pak Surya munggel crita-crita sing kedawan. Kenya iku rada lingsem dipunggel ngono. Ḍèwèké uga lingsem ditakoni jenengé. Lumrah kenya isin nyebut jenengé ḍéwé.

'Wiwik, pak,' suwarané lirih.

'Sinten? Sing lengkap!'

'Wiwik Hérawati.'

'Saking pundi?'

'Saking Malang, pak.'

'Perlu napa tindak Sala katik nyipeng hotèl napa? Penting sanget napa?'

'Aḍik libur, pak. Kita kepéngin sumerep Tawangmangu. Ing Sala mriki kula boten gaḍah sanak lan tepangan. Dados inggih nyipeng ing hotèl mawon.'

'Yèn perlu teng Tawangmangu kok nyipeng hotèl mriki? Kok boten pados hotèl sing celak setatsiyun bis utawi sepur?'

Kenya iku rada bingung, nanging wekasané ya bisa mangsuli: 'Pak-lik kula maringi alamat hotèl punika, pak.'

'Sinten ta, pak-liké niku?'

'Tiyang Malang ugi kok, pak. Nanging rumiyin sampun naté tindak Sala nyipeng mriki. Pak-lik rumaos remen nyipeng mriki.'

'Sampéyan tepang kaliyan tiyang ringkang wonten lotèng wau?'

Kenya kuwi saya gugup, mangsuli rada kamisosolen: 'Bo-boten, pak.'

'Èstu?'

'Saèstu, pak.'

'Bénjing punapa tindak Tawangmangu miturut rancangan sampéyan?'

'Kala wingi sampun, pak. Nanging kajeng kula mangké dolan mrika malih, margi kala wingikirang jenak.'

'Elo. Lha mbok wingi nyaré mrika mawon? Kok prelu timen wongsal-wangsul,' pak Surya ngganter waé pitakoné. [ 81 ]'Kala wingi boten sangu kemul, pak. Kesupèn yèn paredèn punika asrep. Lan malih kula sampun kelajeng njujug hotèl mriki, dados barang-barang kula tilar mriki.'

Inspèktur Surya mantuk-mantuk karo nggagas-nggagas.

'Ning niki mengké sampéyan boten angsal késah saking hotèl,' wasana tuturé. Banjur tumuju marang wong kabèh: 'Sedaya mawon boten angsal medal saking hotèl mriki dinten niki.'

'Nanging, pak, kula kedah nyambut damel. Kula kedah manḑégani pembangunan geḑung balaikota. Kula wonten ngriki dipunḑatengaken saking Semarang prelu nyambut damel!' Sing celatu kaya mengkono kuwi piyayi setengah tuwa sing ngagem piyama biru mau.

Inspèktur Surya tumolèh: 'Sampéyan sinten?'

'Arsitèk pemborong bangunan balaikota ngriki, pak. Harjatanaya nama kula.' Suwarané Harjatanaya iku sarèh lan mantep, mratanḑani yèn piyayi kuwi bisa mbéda-mbédakaké endi sing perlu, ora perlu lan sing wigati. Sikep kang kaya mengkono mau ndadèkaké' pak Surya ngajèni lan ragu-ragu marang préntahé ḑéwé.

'Priyé iki, ḑimas?' inspèktur Surya njaluk pamrayogané ḑétèktip Handaka.

'Ora prelu ngurung wong-wong iki ana hotèl kéné ta, mas,' celatuné ḑétèktip Handaka. Bèn paḑa ngrampungaké kuwajibané ḑéwé-ḑéwé, anggeré mulihé paḑa mréné rak wis. Anggeré pulisi yèn butuh bisa ditlacak parané rak wis.' Banjur bisik-bisik marang pak Surya: 'Karo manèh, mas, yèn kita longgari polahé wong-wong kuwi bisa uga kono ya léna lan obah-mosiké wong-wong kuwi bakal nuntun kita marang wadiné kadurjanan iki.'

Inspèktur Surya mantuk-mantuk ngreti karepé Handaka, nanging uga isih kuwatir, ndulu pitakoné sing uga bisik-bisik: 'Lha mengko gèk mlayu durjanané?'

'Tak-kira ora, marga, wong-wong iki paḑa ngreti yèn pulisi wis ora luput ing pangincer yèn mung nlacak wong-wong iki waé.'

Inspèktur Surya banjur ngendika sora: 'Nah sampéyan mireng piyambak, sampéyan sedaya angsal dolan-dolan, nanging dalu mangké kedah wangsul mriki. Kejawi ta yèn kadurjanan niki mengké ndang bisa dirampungi, sampéyan saged ugi bébas kados adat saben.'

Kari pemuḑa sing bregas iku sing durung keprungu asal-usulé.

'Sampéyan sinten, ki sanak?' pitakoné pak Surya.

Sing ditakoni mangsuli, sajak wis seḑiya wangsulan yèn olèh giliran: 'Nami kula Kusmèn, pak. Padamelan kula dagang bikak toko, dados agèn sepatu Bata wonten kita Prabalingga, Jawi-wétan.' [ 82 ]'Teng Sala napa nggih ngurus dagangan?'

'Boten, pak. Kula prelu ngaso.'

'Ngaso kok teng Sala. Napa Sala kintené langkung ayem tinimbang Prabalingga?'

Kusmèn meneng ḑisik, mikir-mikir. Nalika celatu pikirané sajak durung terang: 'Anu, pak. Sala pancèn bènten kaliyan Prabalingga. Nanging mireng Tawangmangu wau kula inggih lajeng kepéngin ḑateng Tawangmangu. Kula boten gaḑah rancangan ingkang mantep pados panggènan kanggé ngaso kok, pak.'

'Mas Kusmèn! Sing ngatos-atos!' ujaré ḑétèktip Handaka mentelengi Kusmèn. Sing dipentelengi gragapan.

'Sampéyan ènten ngajengé pulisi lan kesangkut bab kadurjanan. Yèn mangsuli ampun angger mangsuli. Sing blaka! Ampun gampang-gampangan anut grubyug rembug bab Tawangmangu!'

'Lho mboten anut grubyug kok, mas. Saèstu punika. Kula pancèn baḑé ḑateng Tawangmangu énjing punika.'

'Anggèn sampéyan gaḑah rancangan niku rak mboten margi mireng saking criyosé jeng Wiwik niku!' celatuné Handaka nuduh.

'Lbo enggih margi Wiwik kok, mas!'

'Napa?'

Kusmèn ora endang mbalèni tuturé. Ḍèwèké krasa yèn ketrucut.

'Nah,' ujaré Handaka, 'sampéyan mesti empun tepung jeng Wiwik, ketara njangkar mawon.'

Kusmèn ora bisa mangsuli.

'Kusmèn 'ki lho!' ujaré Wiwik jèngkèl karo mrengut.

'Ora apa-apa ta, Wik. Anggeré kéné ora gepok-sénggol karo bab rajapati iki rak wis! Rak lumrah ta, jaka kaya aku tepung karo kenya kaya kowé?' Saya suwé, bareng wis nyata kaweḍar, swarané Kusmèn saya krasa seneng.

'Wiwit ḍèk napa sampéyan tepung jeng Wiwik?' inspèktur Surya ngetok rembug.

'Sampun dangu, pak. Sadèrèngipun kula pinḍah Prabalingga. Sadèrèngipun kula bikak toko.'

'Kusmèn, Kusmèn! Lancangé!' ujaré Wiwik.

'Kéné kudu blaka, Wik, karo pulisi.'

'Embuh, embuh! Geting aku!'

'Wong tepungan ngoten mawon kok diwadèkaké ta, jeng?' celatuné inspèktur Surya karo rada arep mèsem. Wiwik mrengut waé.

'Maklum, pak. Lha wong semayané mriki sajaké inggih boten kasumerapan keng ramané,' ujaré jaka bregas iku karo klécam-klècem. [ 83 ]'Kusmèn! Sembrana kowé! Rumangsamu aku iki wong uculan, nilapaké rama prelu nemoni kowé?! Aku sutik ketemu kowé, tak-kanḍani! Wong kok ora iḍep isin!'

'Ho-ha-hem!'

'Hèr! Karepmu ki piyé ta? Angop kok diblak waé!'

Suhèrwindra ketap-ketip waé. Kusmèn ora ketara isin dielokaké kenya kaya ngono, malah sajak arep mbéda. Weruh solahé kenya kang trengginas mau pak Surya uga banjur mèsem.


Nalika iku lawangé ruwang tengah dibukak uwong, banjur muncul ḍokter Murtihusada. Rawuhé diiringi juru-rawat lanang loro ngusung tanḍu.

'Terus waé, mas. Ana lotèng kana kurbané,' ngendikané pak Surya. Ḍayoh-ḍayoh anyar mau banjur terus munggah unḍak-unḍakan tanpa kesuwèn omong-omong lan mompar-mampir guneman liyané.


Suparto Brata, Tanpa Tlacak,
Surabaya, 1963.