Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,
Asma Paduka mugi kasucèkaken.
Kraton Paduka mugi rawuh.
Karsa Paduka mugi kalampahan
wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
sacekapipun ing dinten punika.
Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula,
kadosdéné kawula inggih ngapunteni tetiyang
ingkang kalepatan dhateng kawula.
Punapa déné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodha,
nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.
[Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton
saha wisésa tuwin kamulyan ing salami-laminipun.
Amin.]
|
꧋ꦝꦸꦃ꧈ ꦫꦩꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
ꦲꦱ꧀ꦩꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦏꦱꦸꦕꦺꦏꦏꦼꦤ꧀
ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦫꦮꦸꦃ
ꦏꦂꦱꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦏꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀
ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
ꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦏꦮꦸꦭ
ꦱꦕꦼꦏꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ
ꦱꦲꦥꦢꦸꦏꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦠꦼꦤ꧀ꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭ
ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦠꦼꦠꦶꦪꦁ
ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦥꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦮꦸꦭ
ꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦏꦮꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦁꦒꦺꦴꦝ
ꦤꦔꦶꦁꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦶꦥꦢꦸꦏꦲꦸꦮꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦮꦺꦴꦤ꧀
ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦢꦸꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀
ꦱꦲꦮꦶꦱꦺꦱꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦄꦩꦶꦤ꧀
|