Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 24

Alihaksara besut

/kaca 024/

nḍerek ; cinenḍak ; pasuwitanipun ; sang pangéran kanggep ; rinten dalu ; tansah wontĕn ngarsanipun sang prabu ; sarta tansah adamel pirenaning galih ; kaṭah kekaranganipun sang nata ingkang karampungaken ḍateng sang pafigeran warihkusuma ; salebeting galihipun sang prabu ; kamokalaken yen raden warihkusuma ; dedeya teḍaking kusuma ; katitik ; saking alusing bebudenipun ; wicaksana ; berbudi bawa leksana ; mumpuni kasagedanipun ḍateng wewadining tulis ; sarehning wontĕn perlunipun ; ing atasing sariranipun sang prabu kedah nguningani aluraning leluhuripun sang pangéran ; raden warihkusuma kadangu ; "warihkusuma ; aja adadekaké kageting atinira ; ingsun kepengin sumurup ; wong atuwanira kang yoga marang sira ; awit nalika sira ingsun dangu asal kamulanira ; mung ngaturaké kaki sarta biyungi•a bae" ;

sang pangéran ; sakalangkung kaget ing galih miḍangetaken pangandikanipun sang prabu ; ngantos dangu ; kendel ngangenangen salebeting galih ; baḍé matur kumbi ajrih ; baḍé matur prasaja bokmanawi saged adadosaken jalaran boten sayogining sariranipun ; wusana pinanggihing pambudi ; namung baḍé matur