Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 69

Alihaksara

besut

/kaca 069/ emoh lara lan emoh mati ; mangka raga kang katempuh ; kena ing lara pejah, manna kaki kang awas tibaning semu ; nanggulang karseng murkengrat, wit raganta kang nglakoni ; ana dené kang hudara, jagad geḍé kalawan jagad cilik, yekti tanna bedanipun ; napas metu ing grana, nupus metu tutuk abad aranipun,

tenapas metu ing karna ; ampasing netra umijil ;

;  hanpusa kumetyeng raga,

rengganganing kanang swanita mijil, wuta tuduh marga tuhu ; pangambuwan tuk ganda, katampan ing ati weruh dunungipun ; sinidikken datan cidra ; yekti gandaning memanis ; kang aran talining gesang, swasananta tan kanḍeg rina wengi, tanpa pakon lampahipun ; iyeku aran nyawa, balik sapa iya ingkang ngajak turu, lawan ingkang ngajak gesang ; tunggalé kang ngajak mati ; sapa kang karya ambegan, wit hudara meneng datan lumaris, obahé iku ketunḍung ; déning maujud liyan, iya iku tunggalé kang ngajak lampus ; ngebut henenging hudara ; dadyambegan manjing mijil ; lira liru datan pegat, hu umanjing allah wedalireki ; salat dadaim ranipun ; puji tan keneng pegat, ceḍak lawan susuh