Saiyek Saeka Praya

Kidung Megatruh

[ 109 ]SAIYEK SAEFEKA PRAYA

Emiliana Jeni Kartika

Selasa esuk kuwi langite biru resik mratandani menawa donyan padhang kaya padanging atine Angga kang lagi nyiapke turnamen basket spektakuler.

“ Pokoke turnamen sesuk tim-ku kudu menang,” batine Angga. Efan lan Angga pancen kanca sak tim basket sekolah. Angga dadi ketuwa tim SMA Institut Indonesia. Tim basket SMA Institut Indonesia kondang juwara. Kekuwatane tim basket mau ora mung merga Angga, nanging kasengkuyung saka gedhene greget lan kaprigelane anggota tim. Ora mokal menawa tim basket mau wis kasil nampa pirangpirang penghargaan saka maneka warna lomba sekolah.

Wis lumrah manawa saben tim basket mesthi ana sing bisa diandelake supaya menang. Efan biyasane dipercaya dadi kapten tim amarga dheweke mumpuni lan prigel main basket, Dheweke tansah kasil menawa nglebokake bal ana ing ring.

Saka taun 2004 nganti 2005, tim baskete Angga wis entuk piala cacah 6 saka turnamen SMA ing Ngayogyakarta. Sanajan kondang, anggota tim ora banjur kumalungkung amarga isih kudu padha berjuang menangke piala Wali Kota.

Tim basket mau sregep latiyan seminggu ping papat. Anggota tim basket ora tau padha nggresulo sanajan kesel banget. Kabeh mau amarga kepingin padha nggladi supaya tim basket luwih maju lan apik, Kayakaya uripe bocahbocah mung mligi kanggo moncering tim, Anggone main basket kudu saiyek saeka praya utawa “kerja sama” antarane anggota tim siji lan liyane.

Dina Rebo, Angga entuk layang kang isine undangan turnamen spektakuler. Turmamen mau dianakake dina Minggu 12 Agustus 2007 ing GOR Balai Kota. Tim baskete Angga isih bisa latiyan telung minggu. Angga banjur ngabari Efan. Dheweke moro ing omahe Efan,

“Kulanuwun,” “Mangga. Ana apa ,Ngga,” pitakone Efan, [ 110 ]“Ngene,aku mau entuk undangan turnamen.”

“Uwis mangkat wae. Terus anggone dhewelatiyan kapan,”

“Wiwit Kemis sore wae piye?”

“Yowis, ora papa,” wangsulane Efan.

“Ngono wae, saperlune aku mung ngabari. Aku mulih dhisik,” pamite Angga. “Ngatiati, Ya. Maturnuwun,” wangsulane Efan.

Kemis sore, tim baskete Angga padha latiyan kanthi temenan supayane bisa menang ing turnamen. Kanggone tim, wektu telung minggu ora suwe dadi kudu matengake teknik-teknik maine. Efan sing dadi kapten kudu nuladani. Anggota liyane kudu sregep latiyan supayane timme bisa nuju ing tingkat Nasional,

“Kancakancaku kabeh, timme dhewe kudu bisa menang ing turnamen sesuk. Amarga turnamen sesuk sing nemtokake awake dhewe bisa klebu tingkat Nasional apa ora,” omonge Angga. “Bener, apa sing diomongake Angga. Upamane menang sekolahane dhewe bisa kondang,” Efan nambahi.

Dina kuwi bocah-bocah padha greget anggone latiyan. Kabeh padha kepingin menang ing turnamen. Sawise latiyan nganti rong minggu, anggota tim siap di tandingake. Nanging ora dinyana, dhilalah wong yen lagi cilaka, Efan sing diandelake ana ing tim nandhang kacilakan. Dheweke numpak sepeda montor tabrakan karo mobil nalika dheweke arep latiyan basket. Luwih ngenes maneh, Efan tiwas ana ing kacilakan mau.

Keprungu kabar sing koyongono, bocahbocah banjur syok. Apa maneh turnamen kari seminggu. Angga lan anggota tim liyane mung bisa delegdeleg. Esuke nalika layatan, kabeh anggota tim basket padha teka. Kabeh sedhih kelangan kapten tim. Bapak Kepala Sekolah uga rawuh ing, sareyan lan maringi pangaji-aji kanggo almarhum Efan amarga dheweke wis majokake tim basket SMA Institut Indonesia nganti tingkat spektakuler.

Dina candake, nalika latiyan, bocahbocah padha ora semangat. Anggota tim ora yakin manawa sesuk bisa menang. Weruh kahanan sing, koyo ngono, Angga nyoba nguwatake atine anggota tim basket. Nanging, amarga greget kang gedhe, tim basket mau bisa latiyan kanthi becik.

Ana kang ngganjel ing atine Angga amarga ana anggotane mesthi punjul siji. Dheweke kerep weruh Efan ana ing njeron barisan. Nanging kabeh anggotane ora bisa weruh. Nalika latiyan saben dinane, Angga mesthi [ 111 ]weruh Efan. Dheweke uga melu latiyan ing lapangan bareng kanca-kanca liyane. Nanging Angga ora ngagas kahanan kuwi. Dheweke mung yakin Efan durung bisa ninggalake tim. Efan isih bakal ngewangi tim.

Bengine, nalika Angga turu, Angga ngimpi ketemu Efan. Dheweke ngguyu karo Angga karo ngrangkul pundake Angga.

“Angga, kowe lan timmu aja nyerah anggone mbudidaya. Aku bakal ngewangi tim. Aku uga ora kepingin tim baskete dhewe kalah ing turnamen,” pesene Efan. “Insya Allah time dhewe bisa menang, Fan,” wangsulane Angga.

Nalika diajak salaman, wujude Efan banjur ilang. Angga tangi karo ngelus dhadha Kanthi ngucap Istigfar. Saiki Angga mudeng, ngapa mung dhewekesing bisa weruh arwahe Efan.

Esuke, bocahbocah isih padha latiyan kaya biyasane. Saya suwe anggota tim maine tambah apik. Amarga turnamen tinggal limang dina maneh, bocahbocah uga kudu njaga kesehatan supaya nalika tanding kabeh bisa melu.

“Umpama Efan isih urip, mesthi aku lan dheweke bisa main bareng kaya biyen. Mujudake impene bebarengan,” omonge Angga sajeroning ati. Pancen jasane Efan gedhe marang sekolah. Dheweke lan tim basket wis bisa njunjung jenenge SMA Institut Indonesia nganti kondang, ing Ngayogyakarta. Mula ora gumun menawa biyen Efan dadi kebanggaaning sekolah. Nalika dadi kapten tim basket, Efan lan anggotane bisa mujudake kekompakan kang apik.

Dina pertandingan wis kawiwitan. Angga lan timme krasa semangat banget. Bapak Wali Kota uga mirsani pertandingan. Kahanane rame kaya pasar malem. Tim baskete Angga tanding karo tim basket SMA Purna Indah lan kasil menangkanthi biji 39 32.

Nalika pertandingan kaping pindho, timme Angga main karo SMA Sekar Jaya, juwara Piala Wali Kota 2006. Sanajan mungsuhe abot, nanging ora gaweciliking ati anggota tim baskete Angga. Kabeh tetep padha semangat.

Ing babak sepisan, tim basket SMA Sekar Jaya luwih unggul bijine 19 17. Nalika Angga pemain liyane padha bingung amarga kalah angka, [ 112 ]dheweke banjur meneng nglokro. Bocahbocah wis padha lemes amarga permainane sengit. Angga banjur kelingan marang Efan. Dheweke ngundang jenenge Efan ing kjeroati.

“Efan, tulung ewangi timme dhewe. Aku njaluk tulung tenan, Fan. Amarga mung kowesing bisa nulungi. Mreneya, Fan,” batine Angga.

Dhilalah ing tengahing pertandingan ana angin kang banter. Ngobatabitake umbulumbul kang ana ing lapangan. Sawetara kahanan bali anteng maneh. Ing antarane pemain basket, Angga weruh Efan. Dheweke ngadeging sak mburine lawang. Efan nguyu lan tangane ngawe-awe.

Atine Angga bungah. Pertandingan diwiwiti maneh. Sawise Efan teka, tim basket SMA Institut Indonesia bisa madhakake biji dadi 19 19. Anggota tim uga semangat maneh. Anggone main, Efan mlebu ing awake koncone dadi ora ana wong sing ngerti kajaba Angga.

Wektune pertandingan kurang 15 menit, Ananging tim SMA Institut Indonesia durung bisa nambah biji. Ing babak keloro, kabeh pemain padha kangelan nambah biji amarga permainane imbang, padha apike.


Bale dioper mronomrene. Efan nyoba golek celah kang bisa diliwati. Angga lan timme uga nyoba ngewangi. Nanging, durung nganti tekan ring, bale wis kesaut mungsuhe. Kabeh padha ngupaya ngrebut lan nguasani bal.

Nalika wektune wis mepet, kabeh dadi kemrungsung. Nanging Efan lan Angga bisa nguwasani kahanan. Wong loro mau banjur kerja sama. Angga ngupaya ngrebut bal saka mungsuh. Bal wis pindhah ing tangane Angga banjur digiring nganti tekan ring. Ing cedhak ring mungsuh, Efan wis ngenteni operan bal saka Angga.

Angga bisa nglewati mbaka siji mungsuhe. Tekan ngarep ring, bal mau banjur dioperake Efan. Banjur Efan mlayu lan mumbul arep ngupaya nglobokake bal ing sajroning ring. Sing padha nonton mlongo nalika bal basket wis dioncalake. Bal mau durung gelem mlebu, nanging mubeng ing tengahing ring.

“ Goooo00000000000000......,” bengoke anggota timme Angga bebarengan. Wektu iku uga, wasitndamu sempritane mratandhani menawa pertandingan wisrampung,. Tim basket Angga entuk biji tambahan. [ 113 ]Anggota tim basket SMA INSTITUT INDONESIA padha soraksorak. Kabeh bungah, amarga menang 21 19. Ora dinyana manawa tim baskete Angga bisa unggul saka SMA SEKAR JAYA sing wis kondhang, kuwate. Tim basket SMA SEKAR JAYA banjur nyalami Angga lan anggotane.

Tekan wektu penyerahan hadiah, Bapak Wali Kota maju maringi piala penghargaan lan sertifikat marang Angga sing dadi ketuwa tim. Kabeh anggotane Angga uga padha dikalungi medali. Ora keri, Angga uga nyalami anggotane sing wis ngupaya kemenangan mau. Ora lali Angga matur nuwun marang pambudidayane Efan.

“Efan, aku ora bisa menehi apaapa. Aku mung bisa matur nuwun marang awakmu sing wis mbiyantu tim. Aku uga mung bisa ndongakake supaya kowe bisa tentrem ing kana lan entuk pangapura saka Gusti Kang Maha Kuwasa,” omonge Angga.

“Aku uga seneng bisa weruh tim kang wis awake dhewe bangun menang ing pertandingan. Angga, welingku siji, kabeh aja padha nyerah anggone ngupaya. Lan aja lali ing tim kuwi kudu saiyek saeka praya,” mangkono welingge Efan marang Angga.

Senen awan, kabeh anggota tim padha mara nyekar ing kuburane Efan. Kabeh ndonga kanthi kusyuk. Sawise ndonga, Angga banjur nyelehake medali lan reroncen kembang ing ndhuwur kuburane Efan,

Kabeh mau kanggo tandha panuwun marang Efan saka Angga lan anggota tim

Emiliana Jeni Kartika, siswa SMA

Institut Indonesia 1, Jalan Miliran 15, Yogyakarta. Telepon (0274) 563535.

Lair4 Januari 1990. Alamatomah, Gondlayu Lor

Jt 1219, Yogyakarta 55233. Telepon085643917648.

Hobi: renang, nyanyi.