Panjurung

[ 133 ]SAREMBUG Suci Hadi S.

Prawan nggunung gantilaning ati Ayune mencorong

Gandhes luwes saparipolahe Bebarengan ayo nyambut kardi Ben uripe becik

Sarwa sarwi lowung

Mangkono swarane Karno rengeng-rengeng nembang mijil karo ngarit suket kanggo pakan wedhuse. Sisihane, Suminem, ndhaut ora adoh saka kono. Mesthi wae swarane bojone iku kabeh bisa dirungokake. Batine Suminem mbedhedheg krungu pangaleme bojone. Eman dene dheweke ora bisa genti mangsuli nembang.

Ewa semono Suminem meksa cluluk, “Peyek kang kecemplung lendhut, aja ngenyek, ngalem kok kebacut.”

“Ngalem sing kepiye, sing perlurak olehe kowe dakajak nyambut gawe.” Karno mangsuli.

Wong sing padha ngrungokake ana kono mung padha ngguyu seneng. Pancen Karmo mono swarane apik. Dadi yen nembang mijil sulastri ing awan kang panas ana tengah sawah ngono iku marakake nyuda kesel. Wong-wong uga padha ngerti yen sing dikarepake “prawan nggunung” iku Suminem, bojone. Suminem wektu iku lagi ngandheg patang wulan.

Dina iku ora kaya sabene. Suminem ninggal mulih ndhisiki kanca- kancane, Suminem wis ora perduli maneh marang ijone godhong pari sing wis sadhengkul dhuwure, Dheweke selak kepengin ngrampungake gaweyan ngomah jalaran bengine arep perlu melu kumpulan kejar paket

A ana daleme Bu Karja. f Omah cilik resik sapinggiring sawah iku ngresepake pandeleng.

Sing manggon isih enom-enom, padha sregepe. Ngarep omah E wite kembang sokarong uwit lagi padha megar kembange, ana wit bayem raja enem minangka pasren sing dhuwure ngungkuli lawang. Wit bayem

133 [ 134 ]raja iku jan kena kanggo janganan tenan. Ngiringan omah ana blumbang isi lele, sing ndhuwure dianggo kandhang pitik sing isine mung sethithik. Kebone ana wit gedhe-gedhe werna-werna, kambil, gedhang, pelem, lan liya-liyane. Ing kebon ana kandhang wedhuse.

Suminem cekat-ceket, olah-olah, nutupi jendhela, ngurupke lampu, kabeh ditandangi kanthi trengginas lan seneng.

“Kok olehe bikut ki arep ngapa ta, Sum, kok beda karo adate?” Karno takon karo bojone.

“Arep neng nggone Bu Karja, Kang!” Semaure Suminem, “didhawuhi Bu Er We nekani kumpulan kejar paket A.”

“Kejar paket A! Ora kleru pangrunguku, Sum?” Pitakone Karmo karo sajak gumun. “Kelompok belajar paket A iku rak kanggo sing durung duwe ijasah Es Dhe, ta? Kamangka kowe wis duwe ijasah Es Em Pe. Kanggo apa kowe melu kejar paket A kuwi?”

“Karang iya je, Kang. Dhek emben kae neng kumpulan PKK ya wis dirembug ngono. Rame je Kang. Lha wong sing durung duwe ijasah Es Dhe kuwi mung telu, lha kok kon gawe kelompok belajar paket A sing sakelompok anggotane sepuluh uwong,” Suminem njlentrehake.

“0 ..., ngono ta, njur kowe dienggo tombok. Ben Bu Er We dialem ngono, pa?” pitakone Karno.

“Ora mung kuwi Kang. Er We kene dikon gawe rong kelompok. Harak nganakake wong rong puluh ta. Pokoke dhaftarke mlebu,” semaure Siminem karo mlerok.

Plerokane Suminem kuwi sing marakake ati lanange Karno obah.

“Aeng Sum, olehe tombok wae saka ngendi. Kok ngawur ya. Lha banjur olehe gawe kelompok ndadak loro barang ki ya ben apa?”

“Karang kuwi ben Pak Dikmas Kecamatan dialem pendhuwure je, Kang. Ana dhuwit binaan Rp60.000,00 kanggo sakelompok. Dadi Er We kene entuk dhuwit Rp120.000,00 ta! Kuwi kena kanggo paitan usaha bebarengan kejar paket A,” wangsulane Suminem kaya menehi ceramah.

“Dadi genahe kabeh-kabeh a-be-es ta, Sum. Asal bapak senang.” Kandha ngono kuwi Karno karo nyruput wedang jae senengane sing dicawisake Suminem.

“Ya ngono kuwi, Kang. Yen aku iki rak mung duwe ijasah Es Em Pe. Lah Bu Murtiman sekaliyan kae wis padha lulus Es Em A. Piye

134 [ 135 ]hara!” kandhane Suminem.

“Mangkata Sum, idhep-idhep kanggo ganti hawa lan tambah seserepan,” cluluke Karno kaya wong menehi idin, “mengko bali jam pira, dakpethuk?”

“Jam setengah sanga, aku dipethuk tenan ya, Kang!”

Mak plong rasane atine Suminem entuk idin lunga saka sisihane. Saparipolahe Suminem sing perlu mesthi dikandhakake bojone, ora ana tumindak kang kanggo wadi. Mula jejodhoan iku yen linambaran katresnan lan padha ngertine jan penak tenan, Suminem rumangsa beja entuk bojo Karno.

Pas tabuh pitu sing diundang wis padha teka. Sing kumpul ana wong wolulas. Guru Es Dhe ana loro minangka tutor, sing tau melu Pe BeHa ana telu, dene liyane lulusan Es Dhe, Es Em Pe, lan Es Em A, Bu Er We sing miwiti pangandikan, banjur ana wejangan saka petugas pendhidhikan masarakat kecamatan. Sing padha rawuh diwenehi buku- buku seri A-23, A-24, A-30, lan A-31, Bengi iku sing disinau buku seri A-30, Air Minum dan Air Bersih. Buku banjur diwaca gentenan lan pitakone diwangsuli. Bereng jam wolu seprapat pasinaon dilereni, diterusake nyanyi bebarengan lagu Telaga Biru kaya kang ana ing bagian mburi buku A-30 mau.

Wiwitane kumpulan sinau bareng iku pancen nyenengake jalaran apa sing dirembug kuwi racake dingerteni para warga. Bubar kuwi banjur nyanyi bareng kanthi maca sing ana buku wulangan. Ana dina kang mligi kanggo ngrembug ngrembakakake dhuwit saka Dhikmas, Nanging suwe- suwe ya ana wae sandhungane.

Kaya dene kancane kumpulan Suminem sing wis duwe anak loro, bojone lunga bara neng Jakarta, kena godha karo wong sing uga duwe anak bojo. Bengi sepi, lampu pelik-pelik saka emper-emper omah, lan swara angkup nangka sing ajeg iku marakake dadi setan kang nggodha wong kurang jejeg imane. Mula ora aneh yen njur ana kedadeyan kang gawe geger desa,

“Kowe mengko gek njur melu ngono kuwi Sum? Apike ora usah melu kumpulan kejar paket A wae!” Karna nyaruwe sing wadon sabubare

kedadeyan kuwi, “Kang ..., wong kuwi dhewe-dhewe pakartine. Karo maneh

135 [ 136 ]mangkatku barengan Yu Parji, neng kono barengan wong akeh, gek mulihe ya kok pethuk. Karo maneh digodhoa aku ya emoh,” sumaure Suminem,

Karno meneng wae, batine ngakoni yen Suminem ora gampang digodha uwong. Biyen wae, luwih setaun dheweke lagi bisa nelukake atine Suminem.

Wetenge Suminem saya gedhe. Ana kalane bayine wis njejaki wetenge biyunge. Suminem mrisakake olehe nggarbini ana Puskesmas Kecamatan. Kajaba entuk obat uga entuk imunisasi Te Te kaping pindho, jarene ben bayine mbesuk ora kena lelara tetanus sing marakake bocah lumpuh.

Karno katon tambah gemati karo sing wadon. Suminem ora entuk ngangsu lan njunjung sing abot-abot. Yen mangan bareng biasane Karno banjur ngalah karo bojone. Yen esuk Karno nyambut gawe ana perusahaan swasta, dene yen sore malih dadi wong tani. Awake katon pengkuh, kulite abang nyawo mateng, polatane padhang, sanajan ora klebu wong bagus. Anggone nyambut gawe pethel tenan. Kawit cilik wis kulina macul utawa nyambut gawe apa wae ngrewangi bapake. Olehe sekolah tekan EsEmA, ya ragat dhewe, Mula isih jaka wis bisa duwe omah dhewe, sanajan cilik. Mesthi wae omah mau didegake ana pomahan warisan bageyan saka bapake.

Bareng olehe ngandheg wis wolung sasi, Suminem wis ora entuk lunga bengi maneh karo bojone, Sidane wong-wong padha ngalah, olehe sinau kejar paket A kuwi manggon omahe Suminem.

Ana kabar yen rong sasi maneh bakal dianakake ujian persamaan Es Dhe. Mula bab kuwi banjur padha dirembug. Akeh-akehe sing melu kumpulan iku mung kanggo seneng-seneng, mula krungu kabar ujian iku padha pandeng-pandengan karo mesem. Ujian iku kanggo sapa, lan apa paedahe, mula ana sing banjur kawetu guyune cekikikan.

“Kowe ya arep melu ujian pa Sum?” pitakone Karno nalika wong loro padha arep mapan turu.

“Yaiyano, Kang,” wangsulane Suminem, “aku melu kumpulan kejar paket A iku rak ora nggo aku dhewe.”

“Banjur kanggo sapa, Sum? Kanggo nyenengke Bu Er We lan Pak Dhikmas Kecamatan ben dialem pandhuwure ngono, pa?” Karno takon maneh.

136 [ 137 ]“Aja ngono, Kang, pisan pancen kanggo aku dhewe, kanggo mbaleni pasinaon sing lali lan nambah seserepan. Pindhone kanggo ndhidhik anak sing ana njero weteng, ben besuk sregep sinau.” Wangsulane Suminem karo mbenakake bantal kang didokok ana pernah wetenge.

“Ndak ora merga ngapusi pemerintah, ben dikira kene wonge isih padha 3 buta,” Karno nyelani.

“Ya ora ngenyek ngono, Kang,” Suminem mangsuli, “aku rak mung manut dhawuhe bu Er We, tur aku ya mundhak pinter to, Kang. Disik aku mung bisa gawe besek karo tompo, saiki bisa gawe kap lampu, yen didol payu larang lo, Kang. Celenganku meng Kas Kejar Paket A suk rak ya kena kanggo tuku popok.”

“Lha nek olehe nglairake ngarepake ujian piye, Sum?” takon ngono Karno karo ngelus-elus wetenge bojone sing tansah penjelat-penjelut dianggo bal-balan anake.

“Muga-muga wae bisa kanti, bayine lair sabubare ujian,” wangsulane Suminem ngemu pangarep-arep, “ayo, Kang, padha nyenyuwun muga-muga anake dhewe bisa lair kanthi slamet sakabehe, nurmal, lan dadi bocah sing apik.”

Sidane ujian persamaan Es De dianakake ana gedhung Es De Inpres ing wayah sore, Sing melu ana wong 40 saka telung Er We. Suminem lungguhe ana mburi. Marga wetenge wis nyengkal, bola-bali Suminem tansah ngadek. Ana kelase Suminem ujiane gayeng, ger-geran lan takon-takonan, Ana kalane sing nunggoni ujian malah ngandhani. Saya ana wulangan IPA sing suwe ora kesrambah, pengawase akeh olehe ngandhani.

Tekan ujian sing keri dhewe, wetenge Suminem krasa slemet- slemet, pegele boyok ndadi, mula olehe nggarap wis ora jenjem. Andekna dheweke meksa n grampungake garapane, banjur age-age mulih ndhisiki. Tekan ngomah srok, dheweke inggal tata-tata lan kon ngeterke bojone menyang omahe bu bidhan.

Selapan dina saka anggone ujian, omahe Suminem rame. Wong wadon padha olah-olah ana pawon, bocah prawan duwe ayahan ngeterake tonjokan lan ulih-ulih. Wong lanang reresik omah ngarep, ana kang nyilih klasa lan bala pecah saka panggonane Pak Dhukuh. Bengi iku arep ana tirakatan selapanan bayi wadon anake Karno karo Suminem.

137 [ 138 ]Pak Dhukuh lan Karno sakulawarga wis sarembug, yen bengi iku arep dianakake acara ngedum ijasah persamaan Es De, dibarengake karo acara selapanan bayi. Dhana cumpen sing kanggo ngedum ijasah-ijasah, disumbangake Suminem, ngiras ngirus. | Bareng wis jam sanga bengi banjur dianakake macapatan. Wong- | wong genti genten maca tembang kidung. Ngarepake metu dhahar Karmo ngetokake kepekan banjur kawaca. Suarane kung, tembange dhan- dhanggula:

1. Iman lan takwa Kang Maha Asih Bayiku kang lair sepisanan Utama luhur budine Sumanggem kabeh laku Cithakane bocah kang lantip Ha ywa ngucireng karya Dimen tansah unggul Sumeh jiwa raga waras Wicaksana ndhisike kang perlu dhisik Tatanan ditindakna

2. Sang bagaskara nyunari bumi Garing godhong ana tengah wana Sasmita ketiga kiye Trawaca yenta iku Jagat rendheng bakal dumadi Walik waliking mangsa Yoga kula niku Gya tumapak padhang hawa Karsanipun tangguh tanggon angadhepi Tata gelar kahanan.

138