Serat Cebolek
SERAT CABOLEK
Dhandhanggula
besutPUPUH I
besut1 Wuryaning sarkara manulad sri
pinanduk ing reh angkara cipta
karti sampeka pañjore *
jujur tyas katelañjur.
Pangajarin pakarti kontit
tan tatal tinatula *
katalikeng kalbu
kombul kabul ing isti jrat.
kombul kabul ing isti jrat. *
arah ing bumi Tuban [ makin *
2 amedharken kawruhe kang gaib
ambuka rarasaning ngelmu kak
angukuhi kakekate
buwang saringatipun. *
Pan sarake den-orak-arik
saru sruh kawanguran;
warana blinawur
sebit wiwara kaweran, *
awurahan kentar kontap ing nagari
pakarti reh tan yogya.
3 Kawaureren ing tekad tan mirid
sirna senening janma utama
sasat kemat pangambile. *
Ambabarken takabur
peksi birat barata yogi
gagal tyas kateragal.
Denñambeg gul-agul *
gigal punggel kawatgata. *
Paguting reh sang nata kalulun lilih
masalah ing pangulah.
4 Destun setan sarat saji-saji *
sarjana tan sujana sinedya
mikena pasamohane
kewala les ing wuwus
ing tyasira tipis kawingkis.
Makire ring rarasan *
angirup raras rum
kayunña keh kilayuwa. *
Mula-mula ngelmune mangka
malah ulah mamala [ling-aling
5 tuhu nahen gurnita kariris
wus kajinis ing eblis sawelas
tan subasita sebute
ing musibat sabitun.
Wonten hujah kang dadi warti *
ngulami tanah Jawa
ing nalikanipun
jeng Sunan Prabu Mangkurat.
Awit dadya rarasan ambabayani
sagung kang pra ngulama.
6 Seliringan rarasan ing ngelmi
dening takluk ing kodrat iradat
kang dadya wit parbutane.
Asru asora saru
tanpa wekas tekad winangkid
temah cacad-cinacad
ajuwet kabacut.
Pasisir wetan oteran *
tanah Tuban Kaji Amad Mutadadya
lawaning katah [ makin
7 sora saru ing sarengat Nabi.
lng Cebolek padhusunan Tuban
kang dadi lok lalakone. *
Ginereg ginarumung
dening para ngalim pasisir:
'Aja angrusak sarak
duraka ing ratu;
pan ratu wenang aniksa *
wus minangka badal sang nayakeng
babaya ing ubaya.' [bumi
8 Nanging sira Kaji Mutamakin
datan keguh apengkuh agagah
tan suminggah pakewuhe
wani ngurebi kukum.
Akeh ngukih bakuh tan ngokih
katah ngulama prapta
ingkang apitutur.
Malah angingu srenggala
asu Kudus rolas langkung geng kang
ingaran Abdul Kahar. [siji
9 Papat asu kikik cilik-cilik
pangarepe 'su kikik satunggal
pun Kamarodin namane.
Kalangkung kumalungkung
Kaji Amad Ki Mutamakin.
Wus rembag pra ngulama
pantes katuripun
ing kangjeng sri maharaja,
ing katoge tan kena den-pituturi
majanani nagara.
10 Sagung para ngulama pasisir
dhinginaken iber-iber layang *
mring para ngulama kabeh
Pajang Mantaram Kedhu
ing Pagelen Mañcanagari
sarta kang nunukilan.
Ing panganggepipun
ing tekad kang ingandheman
Ki Cebolek, ngaku Muhamad
wani yen den-ukuma. [hakiki
11 Duk semana bugal mring nagari
dadya kontrag pasisir sadaya
pra ngulama kerig kabeh.
Brang wetan Kyahi Busur *
Ki Witana ing Surawesti
lawan Mas Sidasrema.
Mas 'Tib Anom Kudus
pangirit para ngulama
ing pasisir praptane Kartasureki.
Dereng prapteng bicara
12 duk kasaru gerahe sang aji
Prabu Mangkurat pan lajeng seda
kagantyan dhateng putrane.
Denmas Prabayakseku
kang wus nama Pangran Dipati
gumantya ingkang rama.
Arja nagrinipun
Sunan Sumare Nglawihan.
Ing adege añar tinutugken malih
katur ing sri narendra. *
13 Kerig malih ngulama pasisir
kabeh datan wonten kalangkungan, *
Pajang Mantaram Pagelen
Mañcanagara Kedhu.
Sipat kena lapale kedhik
tan kena suminggaha
kinerig sadarum
neng dalem Kadanmijan
akakangsen lajeng katur ing sang aji *
mupakat pra wadana.
14 lng pasisir lan Mañcanagari
tuwin wadana ing Kartasura
rempeg mupakat ature
sedheng ing kukumipun.
Pra ngulama kabeh wus prapti
kayu munggeng galadhag
saosane tumpuk
lisah kalentik jun-junan.
Meh binasmi Kaji Amad Mutaing
nalika punika. [ makin
15 Wadana jro ingkang mugareni
nenggih Rahaden Demang Urawan
lan sang nata nak-sanake
kadang estri pinundhut
dadya garwanira narpati
nama Ratu Kañcana. *
Dyan Demang puniku
langkung kanggep mring sang nata.
Duk semana tinimbalan prapteng
ing ngabyantareng nata. [puri
16 Angandika alon sri bupati:
'Heh ta Bapang iya kaya ngapa
si uwa patih ature?
Apa ta wus ngelumpuk
pra ngulama ing tanah Jawi?'
Raden Demang U rawan
sigra nembah matur:
'Inggih wus prapta sadaya
malah inggih sampun pinanggihken
leresing kang rarasan [ aris
17 menggah ngelmi kang dipun-rahosi.
Para ngulama ing tanah Jawa
kang kinerig pinanggihe
pan satus patang puluh
nenggih amung puñjul kakalih.
Punika pinilihan
sinanesken sampun.
Ingkang asor kalih duman
kang saduman punika ingkang
kawan dasa sakawan. [pineting
18 Kawandasa pinilihan malih
angsal kalih likur pinilihan.
Pinilih pepetingane
mung Sawelas pukulun.
Amung gangsal sangking pasisir
ngulami tanah Pajang
sakawan pukulun
Mañcanagari satunggal
ing Pagelen punika ingkang sanunggil
kang waged karya branta.
PUPUH II
besut1 Abdi dalem Pajang nenggih
Majasem Pengging Kemasan
sakawan ing Kedhung Gedhe.
Ngulami Mañcanagara
amung ing Pranaraga
ing Pagelen Samalangu,
abdi pasisir kang gangsal:
2 ing Surapringga kang kalih
ing Garesik kang satunggal
ing Demak Kudus kalihe
puniku ingkang pinetat
sami binakta ngiwa.
Sakawan bupatinipun
gangsal pun uwa Danurja.
3 Ing pasisir kang kakalih
Pun Dipati Jayaningrat
Dipati Citrasomane.
Ing ngriki pun Wiraguna
lawan jasad kawula.
Binakteng pakuwon pungkur
dening pun uwa Danurja.
4 Dyan ingabaraken sami
wawangkidane ing tekad *
kang winates panganggepe.
lngkang sasanga mupakat *
ingkang kalih abandhang *
pun Mutamakin pukulun
angandhemi tan suminggah.
5 Abdi dalem Pajang gusti
wonten kilayu satunggal
ngulami ing Kedhung Gedhe
tumut labuh binasmiya
nadhahi ukum tuwan.
Dhateng pun Cebolek tumut
saeka saabipraya *
6 ngaken Muhammad hakiki.
Milanipun uwa patya
sumanggeng karsa sang katong.'
Mesem sang nata ngandika:
'Ngendi gurune, Bapang
si Ka ji Gebolek iku
awani prapteng antaka?'
7 Rahaden Demang wot sari:
'Pukulun duk wonten marga
abdi dalem kañca gandhek
kang nimbali ngirit lampah
nginggalaken praptaña
pun Gentong Umos pukulun
kalawan pun Ragapita
8 pan pun Kaji Mutamakin
pukulun wonten ing marga
inggih pan sampun rumahos
yen badhe manggih duduka
ing jeng paduka nata,
tan nedya gingsir sarambut
eklas ing driya sumangga.'
9 Ngandika sri narapati:
'Iya paran duk neng marga
guneme lan bocah gandh.ek
apa solahireng marga?'
Umatur Raden Demang:
'Pukulun wicanrenipun:
"Sokur sang nata ngukuma
10 anak Ragapita mami
kinarubut pra ngulama
pasti yen sida ingohong.
Kaya mambu kukus kula
Sangking ing tanah !i arab
ngrika genningong guguru
Ki Seh Jen nagari Yahman.
11 Yen wonten pondhokan gusti
sasampuning salat ngisa
datan anendra karyane
angrepi sumawicitra *
Bima Suci kang serat *
ingkang kalih welas laku *
sami lawan madmetna. *
12 Dinamel bramara keni *
dimen apik rasa tunggal *
sami sawelas lampahe
dinamel alebdajiwa *
sengkek angayang-ngayang.' *
Alon ngandika sang prabu:
'Heh Bapang iku kayapa
13 wong micara ngelmu gaib
teka ngirip laku buda.
Ya Bapang apa pakoleh
saru manawa kasasar.'
Nembah Rahaden Demang:
'Pukulun boten kasiku
menggah rahosing ngelmi kak.
14 Pan namung dinamel tamsil
boten dinamel ing tekad.
Sami ngalap ondhe-ondhe *
katah para waliyolah
kabuka ring upama.
Kang jinujug kalanipun
Bima anggebyur samodra
15 pati badan angulati *
guru telenging samodra *
amheg pejah yen tan oleh.
Nedya pejah jro hernawa
yen tan antuk kasidan.
Prapteng teleng samodra gung
pinanggihan Dewa bajang
16 cilik mentik sapeksi mprit,
teka aken mañjingana *
Dewa Ruci talingane
langkung kagetipun Bima.
Puniku kang kinarya
pangemut-emuting laku
pun Mutamakin neng marga.'
17 Mesem ngandika sang aji:
'Lah Bapang priye si uwa
lan bocah wadana kabeh
rempeg ya nuli kukuma
neng alun-aluningwang.
Sajatine iya ingsun
tan arsa anurutana
18 mring ature uwa patih
lan sagung para ngulama
muwah pra wadana kabeh.
Wataraku iku Bapang
nedya den-anggo dhawak *
ngelmune mengkono iku. *
Yen durung angajak-ajak
19 nelukake kanan kering
wong mañca-pat mañca-lima *
mañca-nem mañca-pitune *
kabeh wus pasah den-ajak
aja na nganggo sarak
tan kena ginawe lampus.
Mung "Tirunen ngelmuningwang", *
20 sarta beleg mañjing murid
yen ta nora mengkonoa
sun kudu ngapura bae.'
Umatur Rahaden Demang:
'Leres karsa paduka.'
'Ya Bapang metuwa gupuh
dhawuhna dudukaningwang
21 ya maring si uwa patih
muwah kang para ngulama
kalawan wadana kabeh.
Den-pepak ing Kapatihan
dhawuhna dukaningwang.'
Sandika mundur wot santun
wedale Sangking jro pura
22 nimbali gandhek kakalih
ingkang kinon dhawuhena
mring Kapatihan angsung wroh:
"Lamun ingsun beñjang-eñjang
maring Kadanurejan
praptaningsun pukul wolu
an,dhawuhaken parentah.
23 Den-pepak kang pra dipati
aneng dalem Kapatihan
lan para ngulama kabeh."
Gya lajeng gandhek tur priksa
marang ing Kapatihan.
Datan kawarna ing dalu
eñjang patih Danureja
24 amepak kang pra dipati
tuwin kang para ngulama
sampun prapta ing daleme
Adipati Danureja.
Kilen para ngulama
nunggil kiyahi pangulu
ama jeng ngetan sadaya.
25 Kang wetan para dipati
majeng mangilen sadaya.
Dipati Danurejane
angidul ing ajengira
ngilen kedhik pan hurmat
maring ngulama gung agung
nggenne pan kilen sadaya.
26 Pukul wolu sareng prapti
Rahaden Demang Urawan,
kang alungguh mudhun kabeh.
Wus renggah Rahaden Demang
wangsul lenggah sadaya.
Ki Dipati nulya lungguh
asareng pandhodhokira
27 lawan Raden Demang aglis
andhawuhaken parentah.
Pan sarwi andik netrane
kumepyur kang pra dipatya
tuwin para ngulama.
Telas parentah kang dhawuh
ragi angampyak kang duka.
28 Putusña ing duduka ji
mung sumahur kalih kecap
Dipati Damuijane *
nulya anglengger kewala.
Pucet kang pra wadana
sadaya sami andhingkul
tuwin kang para ngulama
29 sami muriring murinding
prabawa dukane nata.
Liyep-liyep Ki Cebolek
kadya Wong angkat sakarat.
Wau kang kawarnaa
Mas Ketib Anom ing Kudus
kadya mañjangan katawan. *
30 Maha wikara maweroi
katangi singa wikrama
kedut-kedut walikate
lir pendah paksi garudha
ngaplak nedya ngayuda
angken Pragalba gul-agul *
lumut tyas amangun rahsa.
31 Nolih nganan nolih ngeri
sami andhingkul sadaya
kañcane ngulama kabeh
muwah kang para dipatya
dhingkul pucet sadaya.
Mas Ketib Anom ing Kudus
bangun alin-alinira. *
32 Krekerung driya mawerdi
kaimba suraning nala
tinerepaken srebane
amingkis rasukanira
mised maju rong cengkang.
Ketib Anom denña lungguh
wus moñcol sangking akatah.
33 Solah anggas tembung ririh
kadya Raden Baliputra
tatkalanira kinongkon
ing prabu Ramawijaya
angantep Dasamuka
karya cingak kang andulu
sedheng abagus taruna.
PUPUH III
besut1 'Angger, kula nuwun duka
kamipurun añelani
ing duduka sri narendra
kang dhawuh mring uwa patih.
Ragi kalintu kedhik
duduka dalem kang dhawuh.'
Kagyat Rahaden Demang
Urawan sigra anolih
ngarepaken Ketib Anom kang
(micara
2 Manteleng amalang kadhak
mangkorog remanireki
rema katah ngandhan-andhan.
Kadya putra Ngalengka ji
prawira sang Indra jid
kadi anuduk agapyuk
mring duta Baliputra
praptane digsureng krami.
Mas 'Tib Anom kalawan Rahaden
(Demang
3 dangu wawan ing bicara
bangun angrok silih-ukih
dennira angadu yasa
rame denña amrih titih
titihane akrami.
Ana wikara binangun
apupuh apureran
yen menggaha Wong ajurit
rame deder-dineder ider-ideran.
4 Dadya kang para ngulama
pandhingkule samya tangi.
Miwah kang para dipatya
tangine kagyat miyarsi
ingkang lumawan angling
Mas Ketib Anom ing Kudus
kalawan Raden Demang
Urawan ngandika wengis:
'lngkang endi sira narka kaluputan
5 dudukane sri narendra
kang dhawuh mring uwa patih?'
Mas Ketib Anom turira:
'lnggih angger kirang uwit
wiwinihing prakawis.
Mila ki Dipati matur
dene para ngulama
punika sadaya sami
kang umatur ing uwa rekyana
[patya.
6 Mila purun umatura
pun uwa rekyana patih
dene sangking pra ngulama
sayekti santoseng pikir.
Lerese kang dadya wit
dinukana ing sang prabu
tegese pan kawula
sadaya punika sami
kang tampiya dudukane sri
[narendra.'
7 Angguguk Rahaden Demang
Urawan angentrog wentis:
'Dene alega tyasingwang
iki ana kaum lañji *
wanter wani ngemasi
ambarek bisa kaluruk
cacandhang asembada.
Yen jagoa wiring galih *
mubal putih abare mindha garudha.
8 Lah iya ingong kewala
kang dadya wakil sang aji
aduduka marang sira.
Heh pagene ya sireki
aweh rubeding bumi
gawe rurungoning ratu
ujar durung sembada
sira matur mring wa patih?
Apa amrih duduning para ngulama
9 gawe rurungoning praja
gawe delajading bumi?'
Wus entek dukaning nata
Mas Ketib Anom turña ris:
'Langkung nuwun kapundhi *
duduka dalem kang dhawuh
nanging inggih sadaya
kang abdi punika sami
langkung sangking tanpa niyat tan
[anedya
10 angrubooi pañj,enengan.
Yen kaleresana sami
ing lahir batin rumeksa.
Sasaged - sagooing alit
wajibe wong ngaurip
samya rumeksa ing ratu
karahayon tulusa
angimami tanah Jawi.
Nunren wonten pratingkah saru
[katingal
11 yen upami kalajenga
sayekti amarepeki
gempal darajading praja.
Tan wande anunulari
pan inggih boten keni
ingangge pribadinipun.
Titiyang tanah Jawa
yen miyarsa ngelmi gampil
kang nebihken Sangking sunatul
ngumungah,
12 dherakalan sami rahap
palayune sipat kuping.'
Adipati Jayaningrat
mesem pan sarwi anolih
maring Ki Arya jawil:
'Metoni iku mantumu
wani abar bicara
datan ulap aprang rahi
wani nglawan mring Raden Demang
[Urawan.
13 Yen mengko manungsa Jawa
mangsa bisaa cumuwit
aningali Raden Demang
sasat malekat Jabrail
sanadyan Wong nagari.
Raden Mlayakusumeku
mesem muwus iriban:
'Kawula kerep kapanggih
tur sanaka pan inggih sami
[wadana *
14 paran dene tarataban
tyas kula lamun kapanggih
kadya aningali macan.
Sanadyan ing pañcaniti
yen nuju Senen Kemis
aglar punggawa gung-agung
yen langkung kakang emas
rep-sirep tan 'na ngalisik
nadyan manuk miwah kakayon
[sadaya.
15 Pangraos tumut marasa
sagunging panging waringin.
Puniku wong tan kejamak *
derajate angluwihi.
Kakang-mas Mangkubumi
duk wonten ing Purwalulut *
nambut gawe jro pura
bubuhane den-parani
pinariksa maring kangmas Raden
[Demang.
16 Mung sakedhap sarwi liwat
tabet mesih gegeteri
teratabe ing tyasira.
Nunten kangmas Mangkub·umi
nggen kula den-parani
angandika tutur-tutur *
marase dereng ilang
ketege maksih katawis
sumyar-sumyar angandika pegat-
[pegat. *
17 Kula ngaturi poyokan
maring kangmas Mangkubumi:
"Sampeyan kados kawula
mring rayi sampeyan ajrih
mangsa puruna inggih
andhendha mring kadang sepuh."
Sahure petak jaja:
"Lah dede pabenan, adhi
sinten wonge tan ajrih mring adhi
[Demang?
18 Adhimas Mlayakusuma,
boten ñana boten ngimpi.
Duk adhimas amariksa
marang ing bubuhan mami
kula tan darbe ati *
ñana wonten kang sinendhu
dhimas ati manira.
Kabeh wus ana ing jawi
katujune tan suwe, liwat
[kewala."
19 "Puniku kaprenah tua
kakang-emas Mangkubumi;
dede sentana langsaran *
sentana pamer sayekti
prandene liwat ajrih
dhareng kakangmas puniku.
Baya pasti ginañjar
ing derajat angluwihi
mung puniku tiyang Kudus wani
nglawan.
20 Mangke yen boten bendua
Ketib Anom ñata luwih
prasasat angrangkul macan
teka wani amadoni.
Rame rok silih-ungkih
deder-dineder mrih tanduk
upama ngadu sima
Mas Ketib Anom tan kongkih *
sinenggrangan mring Raden Demang
[Urawan."
21 Mas Ketib Anom turira:
'Angger, paduka menawi
anunutuh ing kawula
bilih boten mituturi
mring Kaji Mutamakin
punika sampeyan dangu
wonten ngarsa paduka.
Kawula kerep ·dhatengi
apitutur angger saruning pratingkah.
22 Nedha dika sumahura
lah Ki Ahmad Mutamakin
mumpung neng ngarsa bendara *
puniki nggenne toh pati.'
Ki Cebolek nahuri
liyep-liyep sarwi ngantuk:
'Inggih yektos pun anak
andhatengi mituturi
nging kawula prapteng maot tan
[ suminggah.
23 Sangking bodhone pun paman
tan nedya guguru malih
wus gaibe ajalingwang. *
Tan saged mrih mredi malih *
ati k!edah netepi.'
Mas Ketib Anom asendhu:
'Lah iku pikir apa
añañengit aperiakit *
ngendi ana asu ingaran Dulkahar?
24 Angger, asune satunggal
winastanan Kamarodin
satunggilipun Dulkahar.'
Gumer kang sami miyarsi
Raden Demang anenggih
ngembat wentis sarwi guguk.
Ketib Anom sru mojar:
'Rika ugi boten becik *
mingik-mingik gawe rungoning
(nagara.
25 Wong amrih kalokeng polah *
ameksa kudu lumuwih
aja tanggung ing pratingkah.
Alihen gunung Merapi. *
gunung Prawata nuli
tumpangena gunung Lawu
sangganen tangan kiwa.
Sabarang panggawe iki
aja tanggung ngiwakake jiwa raga.'
26 Ambekes adu arepan:
'Asune pininga nami
lawan pangulu ing Tuban
Dulkahar asune malih
pinindha jeneng ketib
pun Kamarodin pukulun.
Dudu wong tetemenan
nracak ratune, ñañengit
sajatine ing pakarti, ngudubilah. *
27 Angger, milane kawula
sru darma matur wa patih
Adipati Danureja
supaya gennga pikir
angatuma pawarti.
Pan inggih jenenging ratu
lamun aningkirana
ing sarwa sunating Nabi *
kasangsara sirna surahsaning sarak.
28 Angger kang kocap ing kitab
nenggih Akbarus Salatin *
jenenging sri naranata
ratu panata agami.
Yen wonten kang mimirid *
ñañaru amrih tinurut
lamun kalampahana
ratu doh sunating Nabi
yekti ilang memanising kang wadana.
29 Angger, kalamun wontena
ratu boten manis rahi
yekti nir aruming praja
amung arus lan ñañengid
temah surem ing bumi
tumus aruse tan putus.
Punapa tan rineksa
keratoning narapati?
Inggih angger pan ratu atining
[jagad. *
30 Ati ratuning ing badan
makaten angger upami.
Sayektine wong ngagesang
rumeksa beciking ati.
Milane wong ngaurip
wajib rumeksa ing ratu
obah osiking praja.
Pakaryane sri bupati
kadi badan molah pakaryaning
[driya.
31 Kaluputaning narendra
sinandhang wong ing sabumi
pan ratu atining jagad;
badan rusak ati serik.
Yen serik tan katarik
nempuh nalutuh ing ratu.'
Raden Demang Urawan
sedhakep aseleh keris
matur maring Ki Dipati Danureja:
32 'Wa patih kula kasoran.
Si Kudus ambebayani
mereb bisa ngabar bisa *
pendele deres patitis.
Salin dhapur puniki
duka dalem kang dhumawuh
wau dhateng pun uwa
pun Kudus kang nanggulangi
rempuh ing prang umangsah nguger
[bandera.
33 Agagah boten wiyagah
tarampil boten angruwil
pangamuke boten mamak *
atitih boten nimpahi
arespati patitis.
Gitik seru boten saru
sudibya rehing byuha
bisa nasabi ing ati
datan kenger dadekken murading
[kitab. *
34 Tinempuh murading kitab *
kinarya tis ngupiyatin (?) *
boten bisa, anerajang
tan keron ing kanan keri.
Rinupeg amerpeki
ingomberan bisa mabur.
Gawat kaliwat-liwat
amungsuh wong Kudus iki
derodosan karinget ingsun kasoran.'
35 Rahaden Mlayakusuma
umatur sarwi wot sari:
'Kakangmas, paduka - bayar
kawula ingkang nampeni.
Duk ucul, tandhing apit
mangke kangmas den-sapuluh.'
Gumer kang pra wadana
luwaran sangking prihatin.
Kerbet-kerbet cahyane para
[ngulama
36 serming-serming mawetu bang
sumilak sunar ñarengi
mawang kawareh kawangwang
bangun ngun-angun ngenani
tyasira lir kariris
myang sagunging pratiwanung.
Muñcul cahya sumilak
sumorot ameratani
rasaning tyas wus sirna maring
[was-uwas.
37 Rahaden Demang Urawan
ngandika sarwa anolih:
'Adhimas Mlayakusuma
destun kula boten ngimpi
prapta nernu papanggil.*
Ngendherek mulih ngendhuruk
uwa patih kawula.
Umatur mring sri bupati
pan sadaya kanteta dhateng
[kawula.' *
PUPUH IV
besut1 Gumerdeg sakonduripun
sangking Danurejan sami.
Rahaden Dernang Urawan
kretarta duteng nerpati *
datan kawuwus ing marga.
Sapraptanireng jro puri
2 marek ngarsanireng prabu
Rahaden Dernang wot sari
katur solahing dinuta
miwiti malah mekasi: *
'Langkung anuwun, pun uwa *
wonren nanggulang toh pati.
3 Pun Ketib Anom ing Kudus
kang waged angudakawis
barang reh inggih kawula
kasoran rebat prayogi.
Atangginas boten lanas
patitis boten angruwis.
4 Atangguh boten angutuh
ulahe langkung patitis.
Wus kadi angaben sata
abdi dalem pra dipati
sareng cul tandhing kawula
pan inggih lajeng ingapit.
5 Boten dangu den-sapuluh
kawula tan sag&! gitik.
Ginitik ngeri anganan
ginitik nganan angeri.
Yen angabar kadi gelap
sumaput angsal rarahi.
6 Satunggil paperebipun
kalangkung dene amanis
angesari sanagara.'
Sang nata ngandika aris:
'Payo endi ucapena.'
Rahaden Dentang wot sari:
7 'Kula ngalingi pukulun
dhateng Kaji Mutamakin.'
Lajeng manteleng margagah *
sarwi lambene kumitir
netra andik pari sura *
akekes amba ningali.
8 Tembunge kalangkung sendhu:
"Sampeyan angger ngajani
polah makaten punika
dhateng Kaji Mutamangkin.
Yen makarena sampeyan
angger angrisak nagari.
9 Pan inggih wajibing ratu
rumeksa sunating Nabi.
Yen ratu anebihana
kang sarwa sunating Nabi
ical manising wadana
amesumaken nagari. *
10 Sayekti nagara arus
ratu boten manis rahi
sabarang den-tindakena
amung pahit lan ñañengit.
Sang nata kaselak latah
si Kudus ambebayani.
11 Kang umatur dereng tutug
selak gumujeng sang aji:
'Yen kaya mangkono, Bapang
payo padha anglakoni.
Ingsun metoni Jumungah
warahen si uwa patih.
12 Gaweya panggonaningsun
tarañcang sajroning masjid
Jumungah ngarep sun medal
yen rembug si uwa patih.
Pan iku nu juling kuna *
awite salat mring masjid.'
13 Ngandika malih sang prabu:
'Bapang, ingsun kawit eling
mengko sun-pikire pisan
ing kalamangsane nguni
jeg ana wong cacaturan
iya aneng ngarsa mami.
14 Sira anebut Wong Kudus
ing nguni ingsun nimbali
si Dipati Jayaningrat
kalawan si uwa patih
katelu si Cakraningrat
kang padha neng ngarsa mami.
15 Si Jayaningrat karuwun *
wayang wonge sun-timbali *
lawan jurune panatah.
Iya sun-pundhut ing nguni
kalawan si Cakraningrat
duk gambuhe durung dadi. *
16 Si Jayaningrat kang matur
guguyon neng ngarsa mami:
"Sampeyan dalem punika
sahen ngarsakaken nenggih
gambuh lawan ringgit tiyang
punika kirang sanunggil,
17 tarebang tiyang pukulun.
Ingsun gumuyu tan sipi:
"Heh Dipati, apa ana
tarebang cinara ringgit?
Sun-wetara nora kaprah.
Ature si Adipati:
18 "Inggih abdi dalem Kudus
pun arya mantune santri
pun Ketib Anom wastaña
ngadegken tarehang gusti."
"Pan ingsun kaselak latah
sun-ñana anggegorohi.
19 Malah tuture maringsun
Jayaningrat si Dipati
iku dhalang ngiras wayang.
Si Ketib Anom ngawaki
kang dadi wong agung Menak *
murdeng prang surayeng bumi. *
20 Nuli arsa ingsun-pundhut
Cakraningrat angalangi
ature: "Sampun akarya
barang kalangenan gusti *
mawa krabat Rasullolah
sayekti ambucal tamsil. *
21 Pan abdi dalem rumuhun
pun bapa, dipun-awisi *
tarehang lampahan menak
ing Madunten boten keni.
Muhamad lawan Mursada *
Sapingi Asmarasupi *
22 punika lampahanipun.
Tarebang Madunten gusti
amung winaca ing serat
punika tan den-awisi
gih abdi dalem pun bapa
wasiyat saking Mantawis."
23 'Iku wurunge sun-pundhut.
Mengko ta si Kudus iki
pikirane wani kandhas.'
Demang Urawan wot sari:
'Enggih pikir brengga rowa.'
Ngandika sri narapati:
24 'Dhasar moñcol rada meñcul
sameñcul-meñculing santri
tinimbang mantri punggawa
pan mßih prayogeng santri
prabawa mantrining Allah
sayekti Wong sewu siji.
25 Apata ulese bagus?'
Rahaden Demang wot sari:
'Inggih bagus tur agagah
dedeg prakosa prayogi
pantes putra ing Wirata
Arya Seta senapati.
26 Yen sampuna dados kaum
pantes nguyunana baris *
tutungguling rananggana *
pamunahing satru sekti.
Menggah ing ngelmi wirasat *
punika ingkang ñangkepi. *
27 Kadya Pragalba gul-agul
ladak lahir ladak batin
wong kumendul kandel manah *
awanter wani prang rahi.
Pantes ika amengkuwa
ing gelar tumrecep sami.'
28 Gelar dumuk angun-angun *
miwah bajra tikna lungit; *
myang gelar mangkara byuha *
tuwin gelar kagapati *
wangun makaten punika
sadaya tumrecep sami.'
29 Ngandika malih sang prabu:
'Ya si Kaji Mutamakin
patute Wong kaya ngapa?'
Rahaden Demang wot sari:
'Kadya cantrik Wisangkata
anenggiling api pati.
30 Boten kalebet ing catur
dhapuripun ukur urip
kapala dandang punika.
Añikruk kalamun linggih
pasamuwaning akatah
kadya wong den-supatani.
31 Teka wonten antepipun
kawula boten andugi
pan sami-sami tumitah
boten wonten kang pinetik.
Gawok karsaning Hyang Suksma
makaten kinarya kaji.
32 Sinungan pepak kang rukun *
sinung wruh astana Nabi
Nabi nayakaning jagad.
Wm sampuna minggah kaji
pantes tiyang kilak merang
utawi dagang pipitik.'
33 Mesem ngandika sang prabu:
'Iku Bapang wus pinasti
tinitah dhapure ala
sinungan atine suci
dadi panggawening Suksma
pinasti atine suci.'
34 Rahaden Demang wot santun:
'Milane wahu, sang aji,
wong acilik angrempayak
akerep dipun-tudingi
kadya sakit ngangkat nañjak
dinulu amempis-mempis
35 Kadya Baladewa hendu
ambendoni mring Cumuris;
pun Mutamakin punika
dhapure kadya Cumuris.
Pabena neng jawi kadya
pun Cebolek den-jujuwing
36 dhateng Ketib Anom Kudus.
Aduka yayah sinipi
dumeh asune satunggal
winastan pun Kamarodin
sanunggalipun Dulkahar.
Milanggung anggigit lati
an accursed man.
37 kadya tinuweka gapyuk
Haji Amad Mutamakin.'
Sang nata mesem ngandika:
'Iku Bapang karsa mami
sakeh kang dadi rarasan
dhawuhna si uwa patih.
38 Sun-sirep parentahingsun
aja 'na dipun-rasani
kang luput wus sun-apura.
Kaji Amad Mutamakin
yen mindhonana pratingkah
kang nora kaprah ing bumi
39 ing kono sida sun-ukum
ya si Kaji Mutamakin.
Sun-gawe pangewan-ewan *
aneng ngalun-alun mami.
Ing mengko ngapuraningwang
iya sun-pundhut amiji. *
40 Lan malih parentahingsun
dhawuhna si uwa patih
kabeh sajroning nagara
wedana kalawan mantri
lan sagung santananingwang
den-warata undhang mami.
41 Aja na wong angguguru
ngelmu kak sajroning masjid.
Muruk kajabaning rangkah
ing kana ingsun-lilani.
Lamun ana wani nerak
ing parentahingsun iki
42 aja na takon doseku.
Sun-lunas siyasat mami
ana ngalun-aluningwang
dadiya tongtonan sami *
wong Kartasuradiningrat.
Den-kalakon undhang iki,
43 sajroning papacuhingsun.
Kalawan si uwa patih
ngupayaa wong ngulama *
pan ora ingsun-wangeni
oleha sapira-pira. *
Nuli den-pacaka sami *
44 panggonan jumungahipun
nuli den-pañciya sabin.
Mangsa bodhoa si uwa
mamantes boboting bumi
ñalawe wawangeningwang
pangarep ingkang prayogi
45 pangisore nelung ejung. *
Iku desa ingkang becik
kang kira kelar angangkat
ing Jumungah aja langip. *
Kedhu Pagelen Mantaram
ing Pajang ingsun-wangeni.
46 Oleha wong pitung puluh
ngulama kang becik-becik
sakiwa tengen nagara,
aja doh enggala prapti
kemita sahen Jumungah
ana ing panepen mami.
47 Den-becik pilihanipun
aja uwong ukur urip.
Lah poma dipun-piliha
santri ingkang bangkit-bangkit.'
Sandika Rahaden Demang
Urawan sigra wot sari.
48 Wus mijil sangking kadhatun
ing galadhag denña nitih *
turangga ñirig añongklang
kumepyur wong urut margi
anarka yen ana karya
Raden Demang wira-wiri.
49 Ing Kadanurejan rawuh
prapta tedhak sangking wajik.
Rahaden Demang Urawan
wirota duteng nrepati
wus mañjing ing paregolan
mudhun kabeh kang alinggih.
50 Wusña Raden Demang lungguh
wangsul malih pra dipati.
Dhasar wong agung wiraga
ngandika sru gegeteri
andhawuhaken timbalan
gelare amemedeni.
51 Netrandik jaid asirung *
rigma sapangkul abuntit
yen alungguh angudhaplang
awak nembaga sinangling
amandeng durung tumandang
kumepyur kang den-tingali.
52 Sahingga sang prabu Taptanus
sri naranata Yunani
duk angembani kang surat
Wong Agung surayeng bumi
mring ratu Kahos nagara
dhawuhing nerpati Jobin.
53 Duk tinampan suratipun
Ia jeng pedhange tinarik
netra gumilir amuñcar
amandeng kang mahos tulis
ing kanan kering kacahak
saking kobeting pangliring.
54 Dyan Demang Urawan wahu
mangkana lamun tinuding.
Mengkorog asalin warna
tuhu lamun angajrihi.
Wahu ta ing lampahira
asemu ngadhut mamanis.
Dhandhanggula
besutPUPUH V
besut1 Dhawuhaken timbalaning aji
maring Adipati Danureja:
'Uwa patih timbalane
pinundhut sirepipun. *
Ing samangke karsa sang aji
kang luput ingapura.
Mindhonana besuk
nerajang walering nata
yekti dadi pangewan-ewan ing bumi
siyasating narendra.' *
2 Nulya nolih mangilen netrandik
sami kumepyar para ngulama
pinandeng tab-tab driyane
keh hilang bayunipun.
Pra ngulama asalah tampi
dhawuh kang pangandika.
Asareh tur arum:
'Heh sagung para ngulama
ingkang liya Kaji Amad Mutamakin
atampiya timbalan
3 ingkang dhawuh timbalan narpati:
"Heh ta Bapang lah sira-dhawuhna
kang para ngulama kabeh
hanget tarimaningsun
rehning padha tinuweng bumi
rumeksa pari krama
maring jenengingsun
katempuh ing kabatinan;
liya iku Ki Muhkamad Mutamakin
iku wong kakandhangan *
4 angregoni pañjenengan mami
pan kalebu wong abanting kuta *
meh nora angimanake *
maring karatoningsun.
Sumajine ingkang siniwi
kalebu wong naracak
nanging wus sun-putung *
gumantung apuraningwang."
Sami nuhun sagunging para ngulami
langkung kalingga murda. *
5 Nulya ngadeg wahu Ki Dipati
Danureja andonga kabula
gumuruh gumer amine.
Gantya Kyahi Pangulu
ngadeg donga luwar prihatin.
Raden Demang ngandika:
'Ketib Anom Kudus
sang nata amundhut kojah
saanane wetokena marang mami
sun-aturne sang nata.'
6 Rekyana patih angacarani:
'Angger punapa inggih dhadharan
yen wus telas timbalane
raka paduka prabu.'
Raden Demang alon nahuri:
'Mangke angantosana
ingkang dereng dhawuh
kang dhawuh dhateng sampeyan.
Kinon damel terañjang sajroning
natarsa redhak salat. [ masjid
7 Kang timbalan: "Warahen wa
[patih
yen den-rilani maring si uwa
ing Jumungah ngadhep kiye
iya ta niyatingsun
ingsun tedhak salat mring masjid.
Dipati Danureja
wahu duk angrungu
anggero sarwi karuna
lajeng ngadeg andonga sukur lillahi.
Ki Pangulu angatag
8 sagung para ngulama belani
samya ngadeg andonga sadaya
gumer gumuruh amine.
Sagung para tumenggung
sadaya pan sami anglirik
sapolah tingkahira
Mas Tib Anom Kudus
ñamping sarung langking kasa *
apaningset kasa kemhang surat wilis
rinengga ing kalt:ngkam. *
9 Arja sarban bareci kinuning
babatokanira cara ngarab
amemet adu mañcunge.
Rasukan wungu salmur *
ragi cekak jubah sultani *
ngelahang kapipitan *
ngadeg cara intuk
tumlorong pendhok suwasa
cara Banten anggubet sarungan keris
wahu kang tasbeh marjan. *
10 Ragi megos pangadegireki
talapak aneng ngajeng kang kiwa
kang tengen aneng wurine
rong tebah tebihipun
suku ngajeng lawan ing wuri.
Tur mangsa jinaraga
nanging kang andulu
para dipati rarasan:
'Dhasar bangkit wong iku kaduk
sasolahe sembada. [ wiragi
11 Dene kaya wong anata baris
arsa mangsahaken ing payudan
Mas Ketib Anom adege.
Dhasar besus abagus
asembada wilet respati.
Kang akeh angelampra
ngadeg cara intuk.'
Sasampunira andonga
lungguh malih para ngulama lan
Raden Demang Urawan [patih
12 nolih ngetan angandika aris:
'Heh adhimas Malayakusuma
apa dadi garunenge?
Sun-rungokken wus dangu.'
Ingkang rayi matur wot sari:
'Kangmas boten punapa
gunem awon nganggur.'
Rahaden Demang Urawan
meksih ngukih: 'Heh adhimas boten
dora mring kadang tuwa.' (becik
13 Raden Arya Mlayakusumeki
lon gumujeng sarwi matur nembah:
'Inggih kang mas sayektose
Mas Ketib Anom Kudus
ingkang sami kula-rahosi.
Pangadegipun beda
duk andonga wahu
lan ngulama katah-katah
denña ngadeg kadya wong anata
arsa ngangsahken ing prang. (baris
14 Panresipun dadosa bupati
teka owel dadosa ngulama.'
Rahaden Demang gujenge
angentrog wentis guguk
matur marang rekyana patih:
'Lah uwa adhi emas
Mlayakusumeku
nalare kuwalik sumpah
pangrasane ngulama becik bupati *
boten mawi ukara.
15 Dika adhimas kula-tuturi
lagi pangrasane awak dika
santri becik bupatine
nanging sayektinipun
lan bupati abecik santri. *
Santri meri tur rucah *
tuwin santri gundhul
lan dika becik punika.
Sampun mungguh ngulama wusa bu-
punggawaning Hyang Suksma. (pati
16 Luhur pundi punggawaning widhi
lawan punggawane ratu doña
puniku dhimas pamane.
Mas Ketib Anom Kudus
dhasar bagus punika dadi
punggawaning Hyang Suksma.
Wontena sapuluh
luhur ngulamane 4ßnas. *
Ing batine beciking wong doña adhi *
inggih para ngulama.' *
17 Ana ingkang angucap bibisik: *
"Nora ñana gusti Raden Demang
tan ñana becik ha tine
kalahirane saru
tur asereng kaworan runtik
sapa kang nora maras
mulad lampahipun
sun-kira setan suminggah;
yen alangkung ulat andik gegeteri
kadi arsa ngaletak.
18 Ing wasana batine abecik
anggaligir kadya rining tañjang. *
Wong agung kawongan duren
angrangap erinipun
yen pinecah kumlewah gampil
pinangan luwih enak
alegi amumut.
Pasemone wus srawungan
lan ngulama, wus neoep ing dalil
katareng pamicara. [kadis
19 Iki silih wong landhep lir angin."
Yata Rahaden Demang Urawan
andhawuhaken malihe:
'Wa patih malihipun
kang timbalan sri narapati:
"Aja ana micara
wong nedya guguru
ngelmu ingkang kakentelan
ing ngelmu kak amuruk sajro nagari
jabane ngelmu sarak
20 amuruka sajero nagari.
Yem muruka kajabaning rangkah
sun-rilani sakarepe,
yen nerak undhangingsun
ingong-lunas siyasat mami."
Kya patih tur sandika,
malih dhawuhipun:
"Kinon sami angupaya
wong ngulama sanadyan wong ukur
lapal kalawan makna. [keni
21 Nuli padha den-pañciya sabin
sapatute panggonan Jumungah
nelung jung lan añelawe
kang becik sawahipun.
Dipun-kelar kang aja langip
ing pangkating Jumungah.
Timbalan sang prabu
ing tanah Pajang kewala
pilihana ngulama ingkang prayogi
antuka kawandasa.
22 Dene Kedhu Pagelen Mantawis
boten kinon sami amiliha
wa patih sapakantuke.
Boten kedah linuhung
nadyan inggih Wong ukur urip
waged ing lapal makna *
nuntena pinundhut.
Milane Wong tanah Pajang
pinilihan kang celak lawan nagari
ing karsa sri narendra.
23 Sahen Jumungah kemit agilir
ing panepen sajroning kadhatyan
pinanggihan ing karsane
sami rarasan ngilmu
munggeng ngarsanira sang aji."
Dipati Danureja
sandika turipun.
'Lan malih uwa parentah
Ki Cabolek puniku kapundhut miji
ginadhuhken kawula.
24 Sampun telas inggih uwa patih.'
Nulya wahu patih Danureja
angejepi mring jurune
gya pundhutane rawuh.
Kalih atus ambeng kang prapti
tan wonten kang bineda
ing pangrampadipun
lan sahosan pra dipatya
pra ngulama cinaran sami abukti.
Dipati Jayaningrat
25 angejepi panakawan alit
angubengna acare kiriman
sangking ing pamondhokane
lan wonten sesanipun
kang lorodan sangking jro puri.
Sahen pukul sadasa
inggih praptanipun
maring Kajayaningratan
kadhang pukul sawelas gennira
sadhahare sang nata. [prapti
26 Sapitan pitik wulu kemiri *
lawan dhendheng gepukan mañjangan
kang sangking Rawa angsale.
Sadhahare sang prabu
wonten kantun sisaning latri *
binakta sareng acar.
Raden Demang dulu
mesem dennira ngandika:
'Sapitane ing ngriki paman dipati
puniku kula sukak.'
27 Mesem matur sira sang Dipati:
'Sumangga ger mung kantun punika.'
Arya Mlayakusumane
andulu sigra matur:
'Kangmas paran ingkang wawadi
dene esem-eseman.
Iwak kang pinundhut
lawan paman adipatya
Jayaningrat kula kang mas andhunuwun
kucah sampeyan. [ dhumpil
28 Lawan dereng uninga ing wadi
ulam punapa dene aguna
mawi kejep parnungute ?'
Raden Demang gumuyu:
'Kaya kucing adhimas iki
tan kena tinungkulna.
Sapitan puniku
wahu latri saking pura
pan lorodan paringane man Dipati
norantek iku baya.
29 Nanging kula dhimas boten pangling
sowan kula wahu dalu dhimas
gandhek kang ngelakokake
sapitane puniku
kang marahi kula tan pangling.
Si paman Adipatya
Jayaningrat iku
sahen tekaning lorodan
boten telas sapitan sapinten
Sang diapti turira: [ nenggih.' *
30 'Inggih angger paringan kang eñjing
boten telas ulame kewala
ingkang kula ngengehake
pan kangge sontenipun
ingkang sonten pan kangge eñjing.'
Raden Mlayakusuma
amarani gupuh
maring genne Raden Demang
nora nganti panakawan kang ngladeni
tinampanan piyambak.
31 Sarwi angling dennira nampeni:
'Iki sangking tapak asteng nata
sangking pura pinangkane.'
Raden Demang amuwus:
'Ya mulane Wong anom ugi
aja hodhokken marang
ing reh kadang sepuh.'
Arame ingkang dhadharan
Ki Dipati Iagune cara pasisir
ing nalika dhaharan.
32 Ulam prapta asalin-sumalin
anget-angetan tampan-tinampan
ingkang dhahar sadayane *
abangun-bangun sekul.
Wus adangu tuwuk pra sami
linorod kang ambengan.
Kadi amamantu *
Adipati Danureja
kurmatira maring wong agung ngulami
tuwin sagung dipatya.
PUPUH VI
besut1 Pan kadya padma taruna
tyasira para dipati
tuwin kang para ngulama.
Purwaning reh mimirisi
dukane sri bupati,
wasana amanggih ranu
kentar maruta manda
asrep mawantu mawangi.
Prapta ingkang wedang lawan
[ ñañamikan
2 Rahaden Demang Urawan
pangandikanira aris:
'Lah man Ketib Anom mara
pamundhute sri bupati
kojah maring sireki.
Manira kinon angrungu
supayane dadiya
pangeling-eling ing ati
ngalap saking ibarat carita tama.'
3 Mas Ketib Anom turira:
'Raka paduka sang aji
punapa ingkang kinarsan
kojah Arab miwah Jawi?
Yen kawula pinardi
sasaged-saged pukulun
nanging mangsa pelaga
wantu dhusun ingkang abdi.'
Angandika Rahadyan Demang
[Urawan:
4 'Paman, payo ucapena
kojah ereh tanah Jawi
apa ana kuna-kuna
pañj'enenganing nrepati
Demak Pajang Mantawis
nglahirken ngilmu kak kukum ?'
Mas Ketib Anom turña:
'Pamirseng kawula ngalit
inggih angger wonten sami añapisan.
5 Kang kukum ing Giripura
Seh Siti Jenar ing nguni
kukum inggih sangking pedhang. *
Alam Pademak ing nguni
kukumipun binasmi
pan inggih Pangeran Panggung.
Dene duk alam Pajang
Ki Bebeluk dipun-warih *
sami denten traping api lawan toya.
6 Dene karaton Mantaram
Panembahan Sena Pati
lan Panembahan Karapyak
dereng wonten kang marengi.
Nunten kang wayah, gusti
pañjenengan Sultan Agung
wonten kukum satunggal
angrusak sarak anenggih
mila duka Sultan Muhkamad
[Mantaram.
7 Linabuh wonten Tuñjungbang *
wong sangking mañcanegari
padhusunan Wirasaba
dhukuh ing Wanamarteki
mantunipun Kiyahi
Bayipanurta pukulun.
Lakine Tambang Raras
Urawan said:
gustine ñahi Centini
abubuka warana Seh Among
[Raga.'
8 Angakak Rahaden Demang
Urawan apeteg wentis
miwah kang para dipatya
gujenge dene amanis
ñebut ñahi Centini
carita carang sadhapur. *
Satengah ana ngucap
Ketib Anom ñata luwih
ting barundhel denña asimpen
[ carita.
9 Bangun sukaning wardaya
wong agung kang samya linggih.
Rahaden Demang Urawan
gujenge anolih-nolih
kang tinolih ñukikik.
Arya Mlayakusumeku
sami suka miyarsa
Ketib Anom solahneki
kadi manggung ringgit carita
[jabelan. *
10 Netrane ñelaka muñcar *
sarwi lambene kumitir
sembada amariminta *
puspagung gumanda riris
sumedhep añedhepi.
kadi Seh Ngabdulah Ibnu
Mubarak ahli kojah
kocap jro kitab Nawawi
lagya yuswa salawe wus alul
[kojah. *
11 Ketib Anom aturira:
'Sunan kang sumare Tegil
Mangkurat Paku Buwana
dereng wonten kang nglampahi
mung Kaji Mutamakin
inggih ajeng sisinahu.'
Gumer ingkang miyarsa
sadaya sami ningali
Ki Gebolek kang pinandeng ing
[ngakatah.
12 Ketib Anom aturira:
'Pangeran Panggung ing nguni
milane kukum ing Demak
sarak dipun-orak-arik.
Sultan Demak jenengi
miyos munggeng alun-alun
lan sagung pra dipatya
para wali para mukmin.
Kadya gunung kayu duk kalawan
[lisah.
13 Ulade ingkang dahana
kadya anggayuh wiyati *
Pangeran Panggung ingatag
kinen mañjinga ing geni
mecat canela kalih
binuwang ing geni murub.
Kirike cinetetan
kakalih pun Iman Tokid *
kalih pisan kang kirik mañjing
[dahana.
14 Buburon mañjing pawaka
kikirik pun Iman Tokid
ngalor ngidul katingalan
guguyon sajroning geni;
wulunira tan gigrik
wonten jroning geni murub.
Wus dangu siningsotan
kirik medal sangking gern
sami ñakot ing canela siji sewang.
15 Eram kang sami tumingal
Sultan Demak ngandika ris:
'Lah paman kirang utama
inggih paduka pribadi
sampun wakil kikirik
mañjinga ing gern murub.
Pangeran Panggung mojar:
'Ki jebeng sampun kuwatir
gih manira dhewe kang mañjing
[dahana.'
16 Pangeran Panggung saksana
añangking daluwang mangsi
dennira mañjing dahana
alungguh sajroning geni
eca sarwi nunulis
ing jero pawaka murub.
Kadi wonten tigang jam
sireping kang ponang api
panganggite suluk sareng genña
[dadya.
17 Kang Suluk Malang Sumirang *
panganggite jroning geni
sinawung ing Dhandhanggula.
Sumirang amurang niti *
anerang baya westi. *
Pangran Panggung mundhut kudhung
medal saking pawaka;
Sultan Demak metuk aglis
uluk salam sawusña añjawab
[tangan.
18 Kang Suluk Malang Sumirang
ingaturken sri bupati.
Pangeran Panggung tumulya
kesah sangking Demak nagri
lelana nut pasisir
kirik kalih datan kantun
tumut saparanira
pun Iman lawan pun Tokid.
Lah puniku Ki Cebulek kang
[ den-angkah.'
19 Gumer kang sami miyarsa
sangsaya suka ing ati
arame ambal-ambalan.
Tan owah nora ningali
Ki Kaji Mutamakin
dadi titibaning guyu.
'Angger, ñana sidaa
kokume Ki Mutamakin.
Sokur wande, apan ratu
[kuwajiban
20 marasaken ing wong edan
mulyakken ing wong agering.'
Nulya wonten gandhek prapta
gandhek 'ran Darmasuteki
bekta tadhahan kalih.
'Raden Demang, dhawuhipun
angger, ingkang timbalan
raka paduka nrepati
satadhahan Ketib Anom pinaringan
21 Ki Cebolek satadhahan.'
Raden Demang angungkabi
sarebede, pinariksa
pan warni badhe kulambi
mapat tadhahan si ji.
Maring Ketib Anom Kudus
mandastop lan budidar *
renda Kling kamleja putih
ñampingipun pan inggih sami
[ñakawan:
22 Bathik mori sakebarña *
meñan-kobar lan garingsing *
sakebare ceplok-padma *
pan sami mandhala-giri. *
Badhe sarban ngangalih
kasa lewih saking alus.
Dene paringanira
Kaji Amad Mutamakin
kesting ireng grim ireng mliyo
[ sangkelat *
23 pan ireng sakawan pisan.
Nampinge salobog alit *
latar ireng kapat pisan
boten angundha-usuki
lawan paringaneki
Mas Ketib Anom ing Kudus.
Boten untap-untapan
yen pangkata kaping kalih.
Dhinawuhken maring kang tampi
[paringan
24 kalih sami marang ngarsa.
Raden Demang ngandika ris:
'Sira paman pinaringan
anuwun langkung kapundhi.'
Parigel anampani
laku dhodhok unduripun
astanira kang kanan
ginawe anapak johin
asta kiwa ingkang añangga tadhahan.
25 Kadya solahing tandhingan
ing kalangan beksa rangin. *
Mesem sagung kang tumingal
pamujine durung mari
sadaya pra dipati
maring Ketih Anom Kudus.
'Apa tate aheksa
parigeie reka ngenting ?'
Atitiron Ki Cebolek sedyanira
26 awidhung pan ora hisa
meh kongsep tumulya mari
temahan akekadhalan.
Lir sinentak pra dipati
myang panakawan alit
amhata ruhuh kang guyu.
Sasampuniralenggah
panakawan samya nglirik
sareng mirsa panakawan guyu
[latah.
27 Katut malih pra dipatya
ana kongsi mrebes mili.
Rahaden Mlayakusuma
ñukikik amereg ati
mring Kaji Mutamakin:
'Bok aja amilu-milu
upama Baladewa
Cemuris atut kikintil
karoñcalan ing tindak nora
[kacandhak
28 Wontena apunten dika
neracak amemoyoki
pan inggih maring wong tuwa
paman sampun dadi ati.
Si paman iki cilik
wong cilik teka akaku
cilik-cilik Iemesa
ana parigele kedhik.'
Gumer malih lir gambuh para
[dipatya.
PUPUH VII
besut1 Kuneng para tumenggung
diwaseng surya sareng meh surup
abubaran para nguiama bupati;
Raden Urawan puniku
ingkang andhingini bodhol.
2 Wadyanira kumerut
kang babasahan kabeh rong atus
satus panakawan ingkang añjajari
angebeki lurung agung
tan kambah liyaning kang wong.
3 Para dipati pungkur
sangking dalem Kapatihan bubui
prapteng lurung sowang-sowangan
[lumaris.
Mung kang para ngulameku
maring Kahuman agolong.
4 Kaji Gebuiek tumut
maring Demangan lumampah
[pungkur.
Sapraptane Kademangan
[Mutamakin
pinarnah kiwa gennipun
panepen pernah lor-kulon. *
5 Pinurugan yen dalu
maring Dyan Demang sahen lumaku
pinrih wutah sabarang kawruhireki.
Ki Gebolek aturipun:
'Wite angantepi kawroh
6 neng Yahman angguguru
nama Ki Seh Jen pan gurunipun
dederahe angeblegi Dewa Ruci *
puniku nujuling kawruh
Bima Suci keh kacingkok.'
7 Mas Ketib Anom Kudus
ingandikan mring Dyan Demang dalu.
Ketib Anom gawa layang Bima
dereng esah babonipun [ Suci
kaselak kecalan babon.
8 Praptane pukul wolu
kelambi pranakan kulukipun
cara Jawi langkungan rasukaneki
paring dalem kang sinuwun
salimur wungu tur kahot.
9 Berañak yen dinulu.
Raden Demang Urawan ametuk
palataran kinanti astanireki
sarwi anggu jeng angguguk
si Paman salin gon-anggon.
10 'Jengandika 'man Kudus
lamun dika dadiya wong nganggur
sayektine inggih pinundhut mariki
amomonga sang aprabu
gunem dadiya papatok.'
11 Binekta ngiwa sampun
prapteng panepen kiwa gennipun.
Dharakalan Kyahi Kaji Mutamakin
weruh yen Dyan Demang rawuh
kalawan Mas Ketib Anom.
12 Kinon tata alungguh
ingatutken mangkya wus rukun.
Ketib Anom lan Ki Amad
[Mutamakin
wus sami salaman lungguh.
Umatur Mas Ketib Anom:
13 'Angger inggih puniku
Ki Gebulek apan andelipun
rarasane jroning Serat Bima Suci.
Kawula bekta pukulun
ingriki sami winahos.'
14 Rahaden Demang jumbul:
'Punapa dika bisa 'man Kudus
maca Jawa dene bekta Bima
Mas Ketib Anom umatur: [Suci?'
'Ukur-ukur boten butoh.'
15 Dyan Demang ngandika rum:
'Pundi layange kula yun dulu.'
Ingaturken Raden Demang
dupi winiyak angungun. [ anampani
'Punika ta paman kados
16 angei kawitanipun
paran paman ing pamahosipun?'
Kang liningan matur sarwi
[angguyoni*
tur pasemon guyunipun
wahu Ki Mas Ketib Anom.
17 'Ger ukur boten butuh.'
Seratipun inguñcalken sampun
'Daweg paman dika-sawabi
[ satitik *
bangsa-patrane wong Kudus.'
Umatur Mas Ketib Anom:
18 'Dhuh angger kamipmun
yen amundhut bangsa-patranipun
adegsura yen tan sila-tumpang
Ukaranipun katekuk [nenggih.'
ukele satengah bingkok.
19 Wus katelah kabañjur
wonten ing dhusun pan nate unggul.
Mila gungan satemah meda kumaki
aneng praja dadi intuk
mantuk-mantuk yen tinotok.
Dhandhanggula
besutPUPUH VIII
besut1 Lir sarkara lingira amanis *
wahu Rahaden Demang Urawan.
'Paman sampun pindho gawe.'
Nulya mangkat anembung
sila-tumpang dennira linggih *
anembang bangsa-patra
suwaramra rum.
Duk Sena andhukar arga
pan anglebur reksasa dadi waweri.
Lagyantuk tigang pada
2 yata lajeng dipun-pardikani *
cinara tapsir sarwi anggagrag. *
Tinembung pingil-pangile *
mutada kabaripun. *
Tinaleteh tiniti-titi
kang jublah mutarilah. *
Rurujukanipun *
sangsaya awela-wela
ilang sangking tuna-tunaning mangerti
dadi ulet wiletan.
3 Langkung sangking pangungunireki
wau Rahaden Demang Urawan
jetung-jetung sadangune.
Nimbali dalu-dalu
Ki Jaraga lan Salyarini
katri Suranagara.
Katur praptanipun
katri lajeng ingandikan.
Raden Demang Urawan ngandika
'Lah padha rungokena. [ aris:
4 Man pangulu Kudus mardikani
lan lagune iya bangsa-patra
aseje kawitanane.'
Mas Ketib Anom matur:
'Angger ngalih jujuge singgih
Bima gebyur samodra.'
Dyan winaca gupuh
puniku kang rinemenan
pradikane Kaji Amad Mutamangkin
nanging korud ing murad
5 Ki Gebulek kinen mardikani;
sampun rumahos yen kahungkulan
ing darajad prabawane.
Mas Ketib Anom matur:
'Sampun keyok, pun Mutamangkin,
manawi dereng telas
angger gendhingipun *
aperang catur lan kula.
Sun-antosi wangsula mring Ngarab
mrahu sagunging kitab [ malih
6 punapa malih rasaning kawi
Bima Suci kalawan Wiwaha
pan sami keh sasmitane
ngenting rasaning ngelmu
yen patitis kang mardikani.
Kadyangga kawi Rama
punika tesawup.
Ki Gebolek madhatiya
layang kawi kerigen ing tanah Jawi
sun-anti pirang dina.
7 Angger kula boten nakaburi
sajatine ambubujung setan.
Pun Mutamakin lupute
setan ingkang nurruntun
anggegebang ing ngelmu dakik
lembut-lembuting setan. *
Pun kaki puniku
dereng katah maca kitab
milanipun gampang tinarik ing eblis
angangge cacah - cucah,
8 dadak kirik nama Kamarodin
lan asune winastan Dulkahar.
Wong agung Arab ta angger
inggih wijiling ngelmu
ngabarena siriking Nabi.
Kang wajib rumeksaa
pikukuh ing ngelmu.
Tan liya sarak Muhamad
ingkang awit winihan sakehing ngelmi
aja ana mukirna.' *
9 Rahaden Demang ngandika aris:
'Uwis kaki Mutamangkin sira
ngrungkeba delamakane
'man Ketib Anom Kudus.
Sira iku wong doseng pati
angengkel maring sarak.
Dudu timbangipun
Ketib Anom lawan sira.
Ngulamane tur wicaksana ing kawi
ang ungkuli ing sira.
10 Dadi sedheng Wong kaya sireki
lamun cinemplungena Bangawan.
Tan eñjoh kudu gagawe
pakewuh wuwuh-wuwuh
becik abar tarung tan bangkit
kuminter sariraña.'
Ki Cebolek dulu
rengune Rahadim Demang
sigra denña ngrungkebi sukunireki.
Ketib Anom turira:
11 'Angger, ngelmune puniku becik
dhasaripun sangking kurang wadhah
tumut garoboh pastine.'
Nulya tadhahan rawuh
amisalin tadhahan ñamping
lan kuluk kanigara.
Sarwi ngandika rum:
'Paman dika salin kopyah
kanigara eman baguse sayekti
anganggo kopyah Jawa.'
12 Salin kuluk pan saya dumeling
mliyo ijo ing rasukanira.
Lajeng kinen nutugake
inggih pamahosipun
mardikani Srat Bima Suci.
Puniki kang pinurwa
ing nalikanipun
Bima kinon umañjinga
nenggih maring talingane Dewa Ruci
sinawung ing sarkara.
13 Wus rinucat sekaripun kawi
tuwin basane sampun jinarwan.
Kang darbe karsa kawite
rinucat basanipun
lan tembange sampun jinarwi
sang Nata ingkang seda
añar wulanipun
Dilkijah Jimakir warsa
nenggih Pakubuwana kang kaping
Bima Suci jinarwa. [katri
14 Wuwusira Dewa Suksma Ruci:
'Payo Werkudhara dipun-enggal
mañjinga garbengngong kene !'
Wrekudhara gumuyu
pan angguguk turira aris:
'Dene paduka bajang
kawula geng luhur
inggih pangawak parbata.
Saking pundi margine kawula
jentik mangsa sedhenga.' (mañjing
15 Angandika malih Dewa Ruci:
'Gedhe endi sira lawan jagad
kabeh iki saisine
kalawan gunungipun
samodrane alase sami
tan sesak lumebuwa
guwa garbaningsun.'
Wrekodhara duk miyarsa
esmu ajrih kumel sandika tumeki.
Mengleng sang Ruci Dewa:
16 'Iki dalan talinganngong kering.'
Wrekodhara mañjing sigra-sigra
wus prapteng sajro garbane.
Andulu samodra gung
tanpa tepi nglangut lumaris
leyep adoh katingal.
Dewa Ruci nguwuh:
'Heh apa katon ing sira?'
Dyan sumahur sang Sena aturña:
tan wonten katingalan ['Tebih
17 awang-awang kang kula-lampahi
uwung-uwung tebih tan kantenan.
Ulun saparan-parane
tan mulat ing lor kidul
wetan kilen datan udani;
ngangap nginggil ing ngarsa
kalawan ing pungkur
kawula boten uninga
langkung bingung.' Ngandika sang Dewa
'Aja maras tyasira.' [Ruci:
18 Byar katingalngagep Dewa Ruci.
Wrekodhara sang wiku kawangwang
umañcur katon cahyane
nuli wruh ing lor kidul
wetan kilen sampun kaheksi.
Nginggil miwah ing ngangap
pan sampun kadulu
lawan andulu baskara.
Eca tyase miwah sang wiku kaheksi
aneng jagad walikan.
19 Dewa Ruci Suksma angling malih:
'Awya lumaku anduduluwa
apa katon ing geweke.' *
Wrekodhara umatur:
'Wonten warni kawan prakawis
katingal ing kawula.
Sadaya kang wahu
sampun datan katingalan
amung kawan prakawis ingkang
ireng bang kuning petak.' [kaheksi
20 Dewa Ruci Suksma nganclika ris:
'Ingkang dhingin sira anon cahya
gumawang tan wruh arane
pañcamaya puniku
sajatine ing tyas sayekti.
Panguriping sarira
tegese tyas iku
ingaranan mukasipat.
Kang anuntun marang sipat kang
kang sajatining sipat. [linuwih
21 Mangka tinula aywa lumaris *
awasena rupa aja samar
kawasaning tyas empane
tingale tyas puniku
anengerl maring sajati.'
Enak sang Wrekodhara
amiyarsa wuwus
lagya mesem tyas sumringah:
'Dene ingkang ireng ahang kuning putih
iku durgamaning tyas *
22 pan isining jagad amepeki.
I ya ati kang telung prakara
pamurunging laku dene
kang hisa pisah iku
pas.ti hisa amor ing gaih.
Iku mungsuhing tapa
ati kang tetelu
ireng ahang kuning samya
ingkang ñegah cipta karsa kang lestari
pamoring suksma mulya.
23 Lamun nora kawilet ing katri
yekti sida pamoring kawula
lestari ing panunggale.
Poma den-awas emut
durgama kang munggeng ing ati.
Pangwasane weruha
siji-sijinipun *
kang ireng lewih prakoswa
panggawene asrengen saharang runtik
andadra ngamhra-amhra.
24 Iya iku ati kang ngadhangi
ambuntoni maring kabecikan
kang ireng iku gawene.
Dene kang abang iku
iya tuduh nepsu tan hecik.
Sakehing pipinginan
metu sangking iku.
Panasten panasbaranan
ambuntoni maring ati ingkang eling
maring ing kawaspadan.
25 Dene iya kang arupa kuning
kuwasane nanggulang sabarang
cipta kang becik dadine
panggawe amrih tulus
ati kuning ingkang ngandhegi.
Mung panggawe pangrusak
binañjur jinurung.
Mung kang putih iku ñata
ati anteng mung suci tan ika-iki
prawira karaharjan.
26 Amung iku kang bisa nampani
ing sasmita sajatining rupa
nampani nugraha gonne
ingkang bisa tumanduk
kalestaren pamoring gaib.
Iku mungsuh titiga
tur samya gung agung
balane ingkang titiga.
Ingkang putih tanpa rowang amung
mila anggung kasoran. [ siji
- (27) :14 Lamun bisa iya
[nembadani
marang susuker telung prakara
sida ing kono pamore *
tanpa tuduhan iku *
ing pamoring Kawula Gusti.'
Wrekodhara miyarsa
sengkud pamrihipun
sangsaya birahenira
kacaryan ing kahuwusaning ngaurip
sampumaning panunggal.
(28) :15 Sirna patang prakara 'na
urub siji wewolu warnaña. [ malih
Sang Werkudara ature:
'Punapa wastanipun
urub si ji wewolu warni
pundi ingkang sañata *
rupa kang satuhu.
Wantenkadi retna muñcar
wonten kadi maya-maya angebati
weneh abra markata.' *
(29) :16 Marbudengrat Dewa Ruci
'Iya iku kejatening tunggal [angling:
saliring warna tegese
iya 'na ing sireku;
tuwin iya isining bumi
ginambar angganira.
Lawan jagad agung
jagad cilik tanpa beda.
Purwa ana lor kidul wetan puniki
kilen ing luhur ngandhap
(30) :17 miwah ireng abang kuning
iya panguripe ing buwana. [putih
Jagad cilik jagad gedhe
pan padha isinipun
tinimbangken ing sira iki.
Yen ilang warnaning kang
kabeh jagad iku
saliring reka tan ana
kinumpulken ana rupa kang sawiji
tan kakung tan wanudya
(31) :18 kadya tawon gumana
[puniki. *
Ingkang asawang puputran denta *
lah payo dulunen kuwe.'
Werkudara andulu
ingkang kadya puputran gadhing
cahya mañcur kumilat
tumeja ngunguwung:
'Punapa inggih punika
warnaning dat kang pinrih dipunkang
sayektining rupa?' [ ulati
(32) :19 Anahuri aris Dewa Ruci:
'Dudu iku ingkang sira-s&Iya
kang mumpuni ambek kabeh
tan kena sira-dulu
tanpa rupa datanpa warni
tan gatra tan satmata
iya tanpa dunung
mung dumunung mring kang awas
mung sasmita aneng ing jagad ngebeki
dinumuk datan ana.
(33) :20 Dene iku kang sira-tingali
kang asawang puputran mutyara
ingkang kumilat cahyane
angkara-kara murub
pan Permana arane iki. *
Uripe kang sarira
Permana puniku
tunggal aneng ing sarira
nanging datan milu suka lan
enggone aneng raga [prihatin;
(34) :21 datan milu turu mangan
iya nora milu lara lapa. [ nenggih
Yen iku pisah enggonne
raga kari ngalumpruk
yekti lungkrah badanereki.
Y aiku kang kuwasa
nandhang rahsa iku *
inguripan dening Suksma
iya iku sinung sih anandhang urip *
ingaken rahsaning dat.
(35) :22 Iku sinandhangaken sireki*
nanging kadya simbar neng kakaywan
aneng ing raga enggonne.
Uriping Permaneku
inguripan ing Suksma nenggih.
Misesa ing sarira
Permana puniki.
Yen mati milu kaleswan.
(36) :23 sirna iku, iya kang
[pinanggih
uriping Suksma ingkang sañata.
Kaliwat tan upamane
lir rahsaning kamumu.
Kang Pramana anersandhani *
tuhu tunggal pinangka
jinaten puniku.'
Umatur Sang Werkudara:
'Inggih pundi warnine dat kang
Dewa Ruci ngandika: [sayekti?'
(37) :24 'Nora kena iku yen
[ sira-prih
lawan kahanan semata-mata *
gampang-angel pirantine.'
Werkudara umatur:
'Kula nuwun pamejang malih
inggih kedah uninga
babar pisanipun.
Pun patik ngaturken pejah
ambebana anggen-anggen kang
sampun tuwas kangelan. [ sayekti *
(38) :25 Yen mekaten kula boten
[ mijil
sampun eca neng ngriki kewala
boten wonten sangsarane
tan niyat mangan turu
boten arip boten ang'elih
boten ngraos kangelan
boten ngeles linu
amung nikmat lan manpangat.' *
Dewa Ruci lingira: 'Iku tan keni
yen nora lan antaka.'
(39) :26 Sangsaya sih sira Dewa
[Ruci
marang kang kaswasih ing panedha:
'Lah iya den-awas bae
mring pamurunging laku
aywa ana karemireki,
den-bener den-waspada
penganggepireku.
Yen wus kasikep ing sira
aja umung, den-nganggo parah yen
yeku reh pipingitan. [ angling *
(40) :27 Nora kena yen sira-rasani
lan sesama-samaning manungsa
kang nora lan nugrahane.
Yen ana ñedya padu
angrasani rerasan iki
ya teka kalahana.
Ywa kongsi kabañjur
aywa ngadekken sarira.
Yen karaket marang wisaning ngaurip
balik sikepen uga.
(41) :28 Datan waneh Sangkanira
[nguni*
tunggal sapakertining buwana
pandulu pamiyarsane
wus aneng ing sireku.
Pamyarsane Yang Suksma Jati *
iya tan lawan karna
ing pandulunipun
iya tan kalawan netra,
karnanira netranira kang kinardi
anane aneng sira.
(42) :29 Lahiring Suksma aneng
[ sireki
batinira kang ana ing Suksma,
kaya mangkene patrape:
kadya wreksa tinunu
ananing kang kukusing geni
iya kelawan wreksa.
Lir toya lan alun
kadya meñak lawan puhan. *
Raganira ing reh mobah lawan
sarta lawan nugraha. [ mosik
(43) :30 Yen wruh pamore kawula
[gusti
sarta Suksma kang sinedya ana
de warna neng sira gonne.
Lir wayang sarireku
saking dhalang solahing ringgit
mangka panggung kang jagad.
Liring hadan iku
amolah lamun pinolah
sapolahe kumedhep myarsa ningali
tumindak lan pangucap.
(44) :31 Kawisesa amisesa sami
datan antara pamoring karsa *
jer tanpa rupa rupane
wus aneng ing sireku.
Upamane pahesan jati
ingkang ngilo Ywang Suksma
wayangan puniku
kang ana sajroning kaca
iya sira. Jenenge manusa iki
rupa sajroning kaca.
(45) :31 Luwih gengña kalepasan
[iki *
lawan jagad ageng kalepasan
kalawan luwih lemhute.
Salembutaning bañu
mapan lembut kamuksan ugi.
Luwih alit kamuksan
saaliting tengu
pan maksih alit kamuksan.
Liring luwih amisesa ing sekalir,
liring lembut alitña
(46) :33 hisa nuksma ing agal
[ myang alit *
kalimputan kabeh kang rumangkang
kang gumermet ya tan pahe.
Kaluwihan satuhu
iya luwih dera nampani
tan kena ngandelena
ing warah lan wuruk.
Den-sanget panguswanira *
hadanira wasuhen pragñana
wruha rungsiding tingkah. [ ngungkih *
kang winuruk upamane papan.
Pama kacang lan kedhele
sinebarna ing watu
yen watune datanpa siti
kodanan kepanasan
yekti nora tukul.
Lamun sira bijaksana
tingalira sirnakna ananireki
dadi tingaling Suksma.
(48) :35 Rupanira swaranira nuli
ulihena mring kang duwe swara
jer sira ingaken *
sisilih kang satuhu.
Nanging aja duwe sireki
pakareman kang liya
marang Sang Ywang Luhur
dadi sarira betara
obah osikira wus sah dadi siji
ja roro anggepira. *
(49) :36 Yen duweya anggep sira
ngrasa roro dadi maksih uwas [kaki
kena ing rengu yektine.
Yen wus siji sawujud
sakarenteging tyasereki
apa cinipta ana
kang sinedya rawuh.
Wus kawengku aneng sira
jagad kabeh jer sira kinarya yekti
gegenti den-asagah.
(50) :37 Yen wus mudheng prating-
[ kah kang iki
den-awingit sarta den-asasab
andhap-asor penganggone. *
Nanging ing batinipun
sakarenteg tan kena lali
lahire sasabana.
Kawruh patang dhapur
padha anggepen sadaya
kalimane kang siji iku permati
kanggo ing kene kana
(51) :38 liring mati sa jroning
[ngaurip *
iya urip ing sajroning pejah *
urip bae selawase.
Kang mati iku nepsu
badan lahir kang anampani
ketampan badan ñata
pamore sawujud
'pa gene ngrasa matiya.' *
Werkudara tyasira padhang nampani
wahyu prapta nugraha *
(52) :39 lir sasangka katawengan
[ riris. *
Praptaning wahyu ngima nirmala
sumilak ilang regede.
Angling malih turña rum
Dewa Ruci manis aririh:
'Tan ana aji paran
kabeh wus kawengku
tan ana ingulatana.
Kaprawiran kadigdayan wus
kabeh rehing ngayuda.' [kawingking *
(53) :40 Telas wulangira Dewa
[Ruci
Werkudara ing tyas wus tan kewran
wus wruh ing anane dhewe.
Ardaning swara muluk
tanpa elar añjajah bangkit
sawengkon jagad raya,
angga wus kawengku.
Pantes prematining basa *
saenggane sekar maksih kudhup lami
mangke mekar ambabar
(54) :41 wuwuh warnane lan
[gandaneki.
Wus kena kang pañca-retna,
saking ing guwa-garbane. [ medal *
Wus salin alamipun
angulihi alame lami.
Dewa Ruci wus sirna.
Mengkana winuwus
tyasira Sang Werkudara
lulus saking gandane kesturi jati *
pepanasing tyas sirna. *
(55) :42 Wus leksana salekering
[bumi
ujar bae wruh patakanira *
nir ing wardaya malane *
mung panarima mungguh. *
Kadyanggane nganggo sutradi *
maya-maya kang srira
rehña kang sarya lus
sinukma mas ingemasan *
arja sotya-sinutya manik-minanik. *
Wruh pakenaking tingkah,
(56) :43 mila sumping bra puspa
[krena 'di *
winarnendah kinteki sumekar *
kesturi jati namane
pratandha datan korup *
kang pangwikan. Kenaka lungid *
angungkabi kabisan
kawruh tan kaliru.
Poleng bang bintulu lima *
pan winarna uraga milet tulya
lañcingan kampuhira [ sri *
(57) :44 mangka pangemut katon
[ ing nguni
titiga duk sajroning kang garba
Dewa Ruci pamengete
bang kuning ireng iku *
pamurunge laku ngadhangi;
mung kang putih ing tengah
sidaning pengangkuh.
Kalimeku kang ginambar
wus kahasta sanalika aywa lali.
Ulun tuhu ambekña
(58) :45 saking sangete karya
[ ling-aling
pambengkase sumengah jubriya *
kahesti siyang dalune.
Pan katah genña ngrungu
pratingkahe para maharsi
kang sami kaluputan
ing pangangkuhipun.
Pangañcabing kawruhira
wus abener wekasan mati tan dadi
kawilet iing tatrapan.
(59) :46 Ana ingkang mati dadi
[peksi
amung milih peñcokan kewala
kayu kang becik warnane
angsana naga-santun
tañjung ana bulu waringin
kang ana pinggir pasar.
Engkuk mangkruk-mangkruk
angungkuli Wong sepasar
mindha-mindha kamukten sapele
kesasar kabelasar. [pinrih
(60) :47 Ana ingkang anitis para
[ji *
sugih raja-brana miwah garwa.
Ana kang milih putrane
putra kang arsa mengku.
Karemane wong siji-siji
samyantuk kaluwihan
ing panitisipun.
Yen mungguh Sang Werkudara
dereng arsa amung amrih ing
Sedayeku ingaran [pribadi. *
(61) :48 titaning kang wadaka kang
[pesti *
durung jumeneng jalma utama
ingkang mengkono anggepe.
Pengrasane anemu
suka sugih tan wruh ing yekti
yen uga nemu duka.
Kebañjur kalantur
saenggon nitis kewala
tanpa wekas kangelan tan nemu
tan bisa babar pisan. [hasil
(62) :49 Karemane wong sawiji-
[wiji
durung weruh sampurnaning tunggal
ing pati sanggon-enggonne.
Anitis dadi kuwuk
kuru gucpg pileren mising
matane karo wuta
tan weruh delanggung.
Ngrungu ana pitik sata
pinaranan kang duwe ayam ningali
ginitikan ing doran.
(63) :50 Ana ingkang añakraba-
[wani *
iya pakareman duk ing doña
ing pati maring tibane;
ing kono karemipun
nora kuwat pareng ing pati
keron pan kesamaran
mangsah wowor sambu.
Abote ulah kamuksan
nora kena toleh anak lawan rabi
sajrone mrih wekasan.
(64) :51 Yen luputa patakaning
[bumi *
leheng siyen aja dadi jalma
sato gampang pratikele
sirnane tanpa tutur.
Yen wis aris bener ing kapti
langgeng tanpa kerana
angga buwaneku;
umeneng tan kadi sela
enengira apan ora kadi warih
wrata tanpa tuduhan. *
(65) :52 Len ing pandhita ana
[nganggepi
ing kamuksan nenggih peksanira. *
Añjungkung kasutapane
ñana kena den-angkuh. *
Tanpa tuduh mung tapaneki
tanpa wit puruhita.
Suwung angaruwung
mung temen kaciptanira
durung antuk wuruk pratikel
pengangkuh lalawora. [ sayekti
(66) :53 Tapanira kongsi ngraga
[ runting *
wus mangkana genña mrih kamukdatanpa
tutur sirnane [ san
kematengen tapa wuk.
De pratikel ingkang lestari *
tapa iku minangka
reragi pan amung
ngelmu kang minangka ulam.
Tapa tanpa ngelmu iku nora dadi
yen ngelmu tanpa tapa
(67) :54 cemplang-Cemplang nora
[ wurung dadi.
Angsal sampun wudhar ing tatrapan
kecagak sagung bekane
sayekti dadosipun.
Apan akeh pandhita sandi *
wuruke sinatengah
marang sabatipun.
Sabate landhep priyangga
kang linempit winudhar rahose nuli
ngaturken gurunira. *
(68) :55 Pamudhare sung grahita-
[neki *
nguni-uni durung mambu warah.
Saking tan eca manahe
katur ing gurunipun
langkung ngungun milu nga:nggepi
sinemantakken lawan *
pandhita gung-agung.
Wus pasti anggep kang ñata
iku wahyu nugraha dhawuh pribadi.
Sabat ingaken anak
(69) :56 sinungga-sungga anggung
[tinari
maring guru yen arsa memejang
tan tebih sinanging gonne.
Sabat kang temah guru
guru dadya sabat ing batin.
Lepas ing panggrahita
nanduk sarta wahyu
iku utama kalihña.
Kang satengah pandhita durung
kaselak piyangkuhña [ sayekti
(70) :57 kudu tinut saujarereki
dene akeh lumaku sinembah.
Neng pucaking gunung gonne
swaranira manguwuh
angebeki patapaneki.
Yen ana wong amarak
wekase abikut
lir gubar-beri tinemhang *
kumerampyang binubak datanpa isi
tuna kang puruhita.
(71) :58 Aja kaya mengkono
[ngaurip.
Badan iki dipun-kadi wayang
kinudang neng panggung gonne
arja tetali bayu
padhanging kang panggungereki
damar aditya wulan.
Kelir ngalam suwung
kang anangga-nangga cipta *
gebog bumi tetepe adeging ringgit
sinangga ingkang nanggap.
(72) :59 Kang ananggap aneng
[jroning puri *
datan mosik pangulah sakarsa.
Ywang Pramana dedhalange
wayang pengadegipun
ana ngidul angalor tuwin.
Mangkana kang sarira
ing sapolahipun
pinolahaken ki dhalang.
Lumaku yen linakokken lembyalinembehken
ing dhalang, [ neki
(73) :60 pangucape ingucapken
[nenggih
yen kumilat kinilatken iya *
tinutur anuturake
sakarsa- karsanipun.
Kang anonton pinolah sami
tinonaken ing dhalang.
Kang ananggap iku
sajagad mangsa 'na wruh
tanpa rupa kang nanggap aneng jro
tanpa warna Ywang Suksma. [puri
(74) :61 Sang Permana dennira
[ angringgit *
ngucapaken ing sariranira
tanpa aji sesanane *
wibuh, pan ora tumut *
ing sarira. Upamaneki
kang meñak munggeng puhan
geni munggeng kayu.
Andrepati tan katedah *
Sang Permana lir gesenging kayu
landhesan sami wreksa. [panggrit
(75) :62 Panggritane polah dening
gesenging kayu kukuse medal. [angin
Datan antara genirre
geni kalawan kukus
saking kayu wijile sami.
Wruha eling duk kala
mula-mulanipun
kabeh iki kang gumeiar
pan saking heb, manusa tinitah
apan ingaken rahsa * [luwih *
(76) :63 mulya dhewe saking kang
[ dumadi.
Aja mengeng ciptanira tunggal
tunggal saparibawane
isining buwaneku.
Anggep siji manungsa jati
mengku sagung kaanan.
lng manusa iku
den-wruh wisesaning tunggal
anuksmani saliring jagad dumadi *
tekad kang wus sampurna.'
(77) :64 Wus mangkana Werku-
[dara mulih
datan mengeng ing batin gumawaij
nora pangling sarirane
panuksmaning sawujud.
Nanging lahir sasab piningit
reh-sareh kasatriyan
linakon, winengku
pamurwaning jagad raya. *
Kalahiran batine nora kasilib
satu munggeng rimbagan. *
(78) :65 Werkudara lampahira
jroning kita Ng amartadipura
wus panggih kadange kabeh.
Langkung sukaning kalbu
Darmaputra lan para ari
ngluwari punagiña
bujana anayub.
Tanbuh sukane tyasira
dene ingkang rayi praptane basuki
sirna subrangtanira.
Asmarandana
besutPUPUH IX
besut1 Mas Ketib Anom ngling aris:
'Kiyahi Suranegara
kados punapa murade
miwah Kyahi Jayaraga.
Sami den-pradikaa.
Dewa Ruci semonipun
inggih ta sinten punika?
2 Atenapi Ki Salyrini
daweg dika-pradikaa.'
Titiga sami wuwuse
dereng kadugi narbuka.
Raden Demang nglingira:
'Sun-wetara durung nemu
pituduhe iku padha.
3 Kajaba si kaki Kaji
Mutamakin, jarwanana.
Lah payo kaki Cabolek
prayogane iya sira
kaki añjarwanana.'
Ki Mutamakin.andheku
nuwun apunten bendara.
4 Mas Ketib Anom turñaris:
'Angger pengrahos kawula
inggih pun kaki Cabolek
wangsula malih mring Arab
ambahitaa kitab
den-kongsi angundhung-undhung
mangsa kawula iripa. *
5 Angger boten nekaburi *
pan sedya bubujung setan *
kang wonten Kyahi Cabolek,
setane baris apantan
ngadjak mring panasaran.
Punika kawula-bujung
supados nunten tebiha.
6 Ngelmine puniki becik
angger mung kirang wewadhah
pramila luber beleber.
Dereng katah mahos kitab
kaselak piyangkahña *
ngemba-emba Pangran Panggung
kang sampun abadan suksma. *
7 Mila Kyahi Mutamakin
sampun uga sok gegampang.
Kang ngelmu luwih rungsite
sanadyan silih sampuna
ñata ing tekadira,
becik-becike den-samun
aja kongsi kawendaka. *
8 Yen kongsi miyak wewadi
pasti nemu siya-siya.
Dadi Wong anakirake *
ing sarak jeng Rasulullah
puniku pan larangan,
dadi Wong wani ing ratu
kokum wong ngrusak nagara.
9 Sabab ratu sampun pesti
dadi badaling panutan *
panutan dadi badale
Ywang Suksma ingkang wisesa.
Jeng Nabi Rasulullah
punapa laranganipun
wajib dene tiyang-tiyang.' *
10 Raden Demang angling wengis:
'Iya lamun mengkonoa
ingkang kaya Ki Cebolek
sedheng cemplungna Beryawan
lan bandhulana sela.
Gawe angkuh durung eñjuh
iku wong ngrusak nagara.'
11 Kaji Ahmad Mutamakin
sareng wau amiyarsa
Rahaden Demang dukane
tumungkul gennira lenggah
ing tyas madhep ing karsa.
Raden Demang malih muwus:
'Daweg paman tutugena.'
12 Jayaraga lan Salyrini
tiga lan Suranagara:
'Andika-jarwani kabeh
jer dereng wonten unirya
Iakune kang pangiwa *
tepunge kalawan ngelmu.
Milane dika-wulanga.'
13 Mas Ketib Anom ngling aris:
'Daweg, priyayi titiga
dika-jarwani murade
Dewa Ruci kang kapisan
lan malih Werkudara
aningali cahya murub
wewolu suwarnanira,
14 lawan aningali malih
kang kadya puputran denta
ingkang kumilat cahyane.
Andika-damel upama.
Yen mungguh para dewa
sinten namane puniku ?'
Ki Jayaraga nglingira:
15 'Kados boten wonten malih
kajawi Ywang Giri Nata
Batara Guru wiyose.'
Mas Ketib Anom nglingira:
'Malah silih punapa *
dene teka salang surup *
kiyahi ing muradira.
16 Duk punapa Ywang Pramesti
tumurun mring ngarcapada *
pan boten wonten adate.
Miwah lagi Bomataka
Rama lan Bratayuda
Y wang Pramesti tan tumurun
kajawi Sang Ywang Nerada.
17 Wonten dene Dewa Ruci
kang kapisan inggih uga
puniku dadi badale;
Dewa Ruci ping kalihña
inggih kang darbe dalan
Ywang Guru, puniku rasul.
Kang mengku swarga neraka
18 inggih Sang Ywang Otipati. *
Dewa Ruci ping kalihña
Sang Ywang Wenang kejatene *
gih puniku dhalang purba.
Dene puputran denta
Sang Ywang Tunggal ñatanipun
panggonane pakumpulan.
19 Dewa Ruci ingkang dhihin
ñatane Wisnu Batara.
Dene kang rupa meñcorong
puniku jatining damar.
Dene kang rupa warna
gih puniku wayangipun
mila arebut negara.
20 Dene lawane ajurit
maharaja Dasamuka.
Rerebutan putri kahot
kang dadi sotyaning praja
punika kang den-rebat
Rama Wisnu jatinipun
punika lawane aprang.
21 Natane Dasamukaji
punika nepsu luhamah *
amarah Kumbakarnane *
supiyah Surpakenaka *
mutmainah punika *
Wibisana ñatanipun
mila mbalik marang Rama.
22 Sang Ywang Nerada wus pasti
milane dadi kongkonan
Wahdanijad sejatine. *
Kalah menang ing ngayuda
pasti wonten ing kaca.
Ing kelir sajinipun
kalah menang genne ñata.
23 Kang tengen puniku napi *
isbate inggih kang kiwa *
tengen wangsul mring musbate.
Puniku den-rahosena
sampun kandheg amaca.
Milane kang sampun luhung
wite amanti sarira. *
24 Ywang Guru amung peparing
gegamane ing ngayuda
Ywang Nerada kang kinongkon.
Ywang Endra upami praja
panggenaning sosotya,
kang minangka sotyanipun
inggih retnayu Supraba.
25 Suralaya sampun sepi
Supraba sampun añjalma
Dewi Esri sejatine
Dewi Sri ñatane Sinta.
Mila temah ayuda
wadya reksasa pan gernpur
sentana ratune sirna.
26 Saprandene maksih ngukih *
anukma maring Kurawa
tempuh ing prang meksa kawon.
Pandhawa inggih sampuna
den-mong Wisnu pan janma
pasti asor yudanipun
Kresna kang darbe wisesa.
27 Marmane Bima puniki
langkung sanget pinacuhan *
Dewa Ruci pamengete.
Aja sira anggegampang
den-bener den-waspada
marang pamurunging laku
kang narik ing penasaran.
28 Yen kawileta upami
ing nepsu tigang prakara *
dadi wong kalah yudane,
dadine sawiyah-wiyah
ing tekad tanpa warah
pangrasane nora luput
nora weruh yim kejarah.
29 Nora xnikir dalil kadis *
pinikir gawene apa
"dalil kadis wis aneng ngong,
batal karam nora nana *
pan wus kaduwe ingwang."
Tan weruh yen budhug mumuk *
puniku wong salah cipta.
30 Milane kang dhingin-dhingin
para wali lan olia
sami manekung lampahe.
Yen wong amrih ing kasidan
sampumaning panunggal
añimakaken pandulu.
Natane sira kinarya
31 sisilih ingkang sayekti.
Samak basar miwah kalam *
kodrat lawan iradate *
kawula boten kaguryan;
osik budi tan pisan
kabeh panggahotanipun, *
uripe datan rumarysa.
32 Irygih lamun andarbeni
sima panggahotanira
den-antukna kang adarbe.
Yen sampun mantuk sadaya
apa kang winicara
pasti atemahan suwung
mantuk kadya mulanira
33 dadosa lahir lan batin
pan inggih boten prabeda
kang minangka lantarane
datan lyan Sang Ruci Dewa.
Sabab kang kasedhahan *
Sang Ywang Wenang kang atuduh
amengku sagunging karsa
34 lahir batin den-kawruhi.
Yen boten amarganana
Ywang Nerada juru regol
pasti yen marysa dhaterya
ryarsane Ruci Dewa.
Puniku kyahi den-weruh
sampun kandheg ing rerasan.
35 Kyahi andika puniki
dados jamhuring nagara *
sampun papeka ing gawe.
Wondene tegesing karya
dede anggarap bata
dede karya ndhudhuk lumpur,
punika gampil kewala.
36 Pakarya ameres budi
dene kang budi punika
pamilih inggih tegese
kang becik lawan kang ala.
lnggih kedah waspada
sampun dumeh yen tumanduk
yen tan wruh becik lan ala.
37 Dene wong ngulati becik
wit saking duga prayoga
inggih punika enggenne.
Senadyan kang sedya ala
tilar duga prayoga
dadi jenenge wong ngamuk
boten kenging winicara.
38 Kados nggennira angabdi
angladosi ing bendara
inggih punapa karsane
kang tan prayogi lan sarak
dika matur kang panggah.
Tan wonten prabedanipun
angen budi lan kawula.
39 Bendara yen saupami
punika darbeya karsa
kang tan pantes lan sarake
yen dika boten matura
panggah dhateng bendara
dadi tiwas temahipun
tan tresna dhateng bendara.
40 Den-wruh sangkaning bilahi *
wruha sangkaning utama.
Mekaten kyahi artine
inggih dhapuring panedya.
Melik kang siya-siya
dadi ngungkuraken kukum
ing lahir batin duraka. *
41 Dene kang nama utami
lumampah sarta lan sarak
anglampahi cegah paken. *
Pengati-ati tan pegat
siyang dalu den-awas
budine prang lawan nepsu
margine swarga neraka.
42 Melik kang anggendhong lali *
punika marga neraka,
kang siningkirken benere.
Puniku wong anggegampang
dumeh-dumeh kaduga.
Gih puniku jenengipun
Wong wani ing kokum Allah.
43 Jenenging luput puniki
inggih wong kang anggegampang.
Sebarang ing penganggepe
puniki kedah waspada
pangulahe ing karsa.
Yen tan awas pasti korup
dhateng tekad siya-siya.'
44 Raden Demang merhes mili
sareng wahu amiyarsa
kojahe Mas Ketib Anom.
W aspa dres kadi turasan
ing tyas nutuh sarira
rumasa gung luputipun
ing tekad kang wus kaliwat.
45 'Ya pagene ingsun iki
nora ngaji lagi bocah
sun-sidhep nora mengkono .. *
Liwat ewuh ing ngagesang
tan kena dim-gegampang
yen nora weruh ing surup
ing pati sanggonne tiba.'
46 Mas Ketib Anom turñaris:
'Mila angger ing ngagesang
sampun ugi dumeh-dumeh.
Sinungan kamulyan doña
yen lepat dados loba. *
Yen Ieres pratikelipun
ing doña ngakerat mulya. *
4 7 Kula sampun amarengi
angger ing karsa sampeyan
tan sulaya lan ngelmine.
Sampun kantos kalimputan
wibawa ing kamulyan.
Punika mumurung laku
satemah amegat ñawa.
PUPUH X
besut1 Barang lampah ngger sampun
[kantos kelimput
punika marga kang yekti
kahestiya siyang dalu.
Ing solah muna lan muni
pasrah mring Kang Darbe Manon. *
2 Den-rumahos yen kapurba
[ wonrenipun
yen rumahosa ndarbeni
sayektine salang-sambut
kejarah temahaneki *
punika ngger den-waspahos.
3 Ing ngagesang den-awas
[pakewedipun
katah sangkaning bilahi *
kang dados pamurung laku.
Wanten mooal sangking langit
miwah mooal Sangking kebon.
4 Wanten medal sangking ler wetan
[lan kidul
wonten mooal sangking bumi.
Satengah medal ing ranu
wonten medal saking angin
wonten medal saking kayon.
wonten medal saking kulit.
Yen tan awas pesti korup
puniku kedah udani
kang dados beñcana ñangkol.
6 Wonten dene beñcana kang
[ sangking ranu
dhapure sinungan sakit
ing badan myang rayatipun. *
Yen lepat genña nampani
dados bilahi sayektos.
7 Lan malihe beñcana saking ler
kilen wetan saveng prapti. [kidul
Kemlaratan boten cukup
sinandhang lan kang binukti.
Yen ngersula temah jebot.
8 Beñcana kang saking plahara
[puniku
tinggal doña yen tan eling *
pundi ugi dhapuripun.
Yen sinung kamulyan sugih
sadermi boten rumahos *
9 yen gañjaran supe agawe
[ piyangkuh.
Yen dulu Wong pekir meskin
amengo sarwi aidu
lir andulu kirik gudhig.
Yen mengkaten pesti bojod.
10 Wonten dene bencana kang
[ saking luhur
puniku satengah kibir *
ngegungaken sugih ngelmu:
"Sapa ana kaya mami
ateguh prawireng atos."
11 Tan uninga yen kajarah wong
Punapa samining urip [puniku.
kejawi titah Ywang Agung?
Sugih bodho mulya miskin
pan wus gañjaran Ywang Manon.
12 Lan bencana kang saking angin
[puniku
yen manggih susah ing galih
prakara barang pinadu.
Yen tinurut ngrusak batin.
Lan bencana saking kebon
13 anak brayat gih puniku
[ dhapuripun.
Beñcana kang saking nglangit
rusake kang tanem tuwuh
utawi busana misis.
Yen supe angrisak batos.
14 Beñcana kang saking berkasakan
setan kang amindha jalmi [ wahu
anasar pengajakipun.
Samubarang ing pakarti
yen tan awas temah jongor.
15 Mung den-awas angger sidaning
teberi angati-ati [pengangkuh
ing sarak genne lumaku
siyang dalu den-kahesti
anglampahi cegah pakon. *
16 Kang sayektos kang sarak
[ werana agung:
angger yen boten aretib *
remah risak batinipun.
Tatrapan margine dadi
siyang dalu den-waspahos.
17 Kang satengah ngelmune den-
[gawe ngutuh
tan wonten kang den-singgahi
batal karam kang den-ulu
nginum sajeng tur madati *
pengrahose tan pakewoh.
18 Tan uninga yen kajarah iblis
nginum sajeng lan madati [satus
sarwi amumulang ngelmu.
Rumasa sampurna pasti
tan wrung bakal dadi jrangkong. *
19 Gih puniku angger satrune jeng
ingkang pantes den-jujuwing. [Rasul
Wong nakiraken satuhu *
ing sarak andika Nabi
gih puniku setan katon.
20 Mila angger kedah awas barang
yen lepat ambebayani. [laku
Mengsahing prang sabil agung *
prawira mañjing ing ati.
Ing jawi nglebet añjanggol.'
21 Raden Demang dheleg-dheleg
[getun ngungun
rumasa lupute dhingin
wekasan mijil kang eluh
kerantan-rantan ing galih
lupute kang wus kelakon.
22 Ketib Anom angling mring
[priyayi telu:
'Milane inggih Kiyahi
ing laku linggih amuwus
sampun pegat ngati-ati.
Yen luput nandhang pakewoh.
Dhandhanggula
besutPUPUH XI
besut1 Milanipun Kyahi ing ngaurip
yen dereng wruh prayoga tetaña
inggih puniku margine.
Sampun amanah punggung
wite bisa saking angaji
kang den-aji punapa
inggih warah-wuruk.
Wite wruh becik lan ala
saking pundi pasti yen ataki-taki *
tetaña kang wus bisa.
2 Kang wus bisa inggih saking pundi
dalil kadis punika kang marah *
saking jeng Nabi sawabe.
Punika kang pitutur
mring sekabat lan para wali
dhateng mukmin sadaya.
Pan wus wajibipun
tetaña samining gesang.
Mung jeng Nabi tan wonten
[lantaran malih
saking haibing Suksma.' *
3 Mas Ketib Anom turira aris:
'Suwawi angger asalin lampah
Malang Sumirang anggite
inggih Pangeran Panggung
nalikane mañjing ing geni.
Suluk Malang Sumirang
duk penganggitipun
wonten sajroning pawaka
sabab Pangran tekade sampun
ingaran badan tunggal. [ winangsid
4 Sampun piangkuh dinamel dhingin
pasti tiwas lamun mekatena
risak ing lahir batine. *
Kang kados Pangran Panggung
hab ing tekad sampun winangsid
wus kalimput nugraha.
Mañjing geni murub
dahana malih wonrena
sima luluh wamane sawiji-wiji
tan wonren kang rinasan.
5 Mangka Kyahi Kaji Mutamakin
kapiluyu kang sampun tumeka.
Wong lagi ngrungu tuture
arep alebu awu
wani kokum, tan wande pesti
dadi pangewan-ewan. *
Yen ta ugi durung
Kiyahi abadan suksma
sampun gañcang awani kokum ing
tan wande kateteran. [geni
6 Punika ngger penganggite dhingin
inggih kang Suluk Malang Sumirang.
Kawula kanggenan angger.
Priyayi kang retelu
daweg ngriku dika-tingali.'
Kyahi Suranagara
anampani Suluk
winiyak nulya winaca.
lngkang Suluk rinakidan
[ ngandhanggendhis
tuhu Malang Sumirang.
7 Malang Sumirang amurang niti *
anrang baya gennira mong gita *
raryanom akeh dudune. *
Anggelar ujar luput
tan wrin baya tan wruh ing westi; *
angucap tan wruh ing trap
kaduk kadalurung
pangucape lalaluya
ambelasar dahad amalang-ateni *
tan kena winikalpan. *
8 Andeluya andedawa angling *
datan patut lan ujaring sastra
asulaya lan wong akeh
ambawur sasar-susur *
tan nut marga añangkirangi. *
Anasar ambelasar
amegat kukuñcung *
tan ana lampah den-riwa *
darma aji kawingking tan denliwung
kadya wong edan. [ rasani *
9 Angrusak sarak ujar sarehing
acuwengah lan sabda pandhita *
asulaya lan wong akeh.
Winangsid andalurung
kooah anut lampah tan yekti
anasar ambelasar.
Anenggih wus antuk *
jatine apuruhita
marmanipun tan wonten winalang
sakehe pringgabaya. * [ ati
10 Pangucape wus tanpa kekering
nora nana baya den-wicara *
wus wikan kawruh jatine.
Tan ana baya ketung
dene wus wruh ingkang sejati.
Sejatining kawula
tan roro tatelu.
Kadyangganing reringgitan *
duk ing Putra susupan lunga don
kesah saking nagara. [ resmi
11 Amindha dhalang lumaku cermin *
ngalih aran Ki "Dhalang Jaruman.
Amendhem kula jatine *
tan ana ingkang weruh
anging dhewekira ngawruhi
yen sira jati Putra.
Ujare kang dulu
padh.a ngarani dhadhalang.
Dahat tan wruh yen iku Putra ing
kang amimdha dhalang. [Keling
12 Adoh kadohan tingale katir *
aparek reke tan kahuningan *
yen Raden Pañji jatine.
Den-senggih iku dudu
yen Sang Pañji reke angringgit
baloloken ing rupa.
Pan jatining kawruh
lir Wisnu kelawan Kresna
ora Wisnu anging Kresna Dwarawati
amumpuni nagara.
13 Wisesa Kresna Jati siniwi
kang pinuji jagad pramudita *
tan ana wruh ing ulahe
mung Kresna jati Wisnu;
tan amanggih datan pinanggih
pan iya dene tunggal
kajatene iku.
Karane aglar ing jagad
ametokken kawigñan Sang
[Wisnumurti
ñateng Sang Arya Kresna.
14 Pan mengkana kang wikan ing
[jati.
Kang minangka jatining pangeran
anging kawula jatine.
Kenger ingkang tan weruh
pan kebangang tingale katir
katemper dening sastra.
Kelu kapiluyu
wartane ing wong ngakatah.
Pangestine den-senggih wonten
kang amurba-misesa. [kakalih *
15 Yen ta añiptaa kang kadyeki
angur baya matiya duk jabang
durung ana sangsareke.
Aka!ah wong ngrempelu
tata lapal kang den-rasani;
sembayang lan puwasa
kang tansah den-gunggung
den-senggih añelamena
sumbalinga awuwuh andurbalani *
akeh dadi brahala. *
16 Brahalane den-gengong
[ den-ingit *
malah kabotan dening dandanan
tan wruh jatining awake.
Ing karsa tanpa guru
ngamungaken unining tulis
anutur bawaning lyan.
Den-tutur den-galur
den-urut kadi dedalan.
Kejatene geweke nora den-lingling
teka pijer mimilang.
17 Dosa gung alit kang den-ajrihi
ujar kupur kapir kang den-gulang *
kalal karam kang den-ame *
sembayange tan surud
puwasane den-ati-ati
tan ayun kaselapan
karingkes ing ukum,
kaya uga tumekaa *
sembah puji sembayange rina wengi
pengrasane wus ñata.
18 Daluwange ana rong pe,dhati
dene mangsine rong gentong ana.
Nora nana wekasane
den-alir dipun-urut. *
Anggung gawe pating barigi *
arebut mumuradan
tan ana kang mundur.
Kupur-kinupurken samya
dangu-dangu salang gepyok ing
dadi pinisah katah. [kulambi
19 Pupurikan datan arsa tunggil
amembayang pan samya amisah
tan wruh yen luput karone.
Dene kang sampun luhung
nora nana kang den-singgahi.
Osik lan enengira
aturu lumaku
panguc.ap paningalira
iya kabeh nora ñimpang dadi puji
iku kang wus utama.
20 Ujar kupur kapir den-leboni
tan angrasa dosa yen dinosan
tan angricik tan angrenteng
tan etang tan aetung.
Kalal karam tan den-rasani
wus mañjing ambirawa *
liwung tanpa tutur
anganggo kawenang-wenang.
Wus tumeka ing alame kapir
tan ana sinantaha. *
21 Dudu rasa kang kerasa ngati
dudu rasane apepasiyan
dudu rasa kang ginawe
dudu rasaning guyu
dudu rasa rasaning lati
dudu rasa rerasan.
Raseku amengku
amengku sakehing rasa *
rasa jati tan karasa jiwa jisim
rasa mulya wisesa.
22 Kawula reke tan wruh ing westi
mantep kawula ingkang wus awas
wus teka sembah pujine.
Pamujine kang weruh
nora pegat rahina wengi.
Madhep marang kang awas,
yen tan wruh aluput.
Ari kaki takokena
ing tegese kupur kapir dipun-jati
aywa kandheg uerasan.
23 Yen tan wruha ujar kupur
[kapir
pasti Wong iku durung sampuma
maksih mentah pangawruhe.
Pilih tumekeng kupur
kupur kapir ananireki
pan wekas ing kasidan.
Kupur kapir iku
iman sadat iya salat *
iya idhep iya rasa iya urip
iya rasaning salam.
24 Salam iku iya kang ngaurip
urip iku iya kang wisesa
agesang anging anane
iku pan ora wu jud
pan kekasihira Ywang Widhi.
Suksma pan ananira
iku antepipun.
Kaanan lan ananira *
yen durung wruh sira angguruwa
sampumaning ngagesang.' [ malih
25 Wus rahina Ketib Anom pamit
mantuk marang pamondhokanira.
Datan winarna lamine
para ngulama sampun
pamit marang rekyana patih
katur ing Sri Narendra.
Kalilan wus mantuk
mangulon ngalor mangetan.
Tan winarna gumantya kang Suluk
rinakidan asmara. [ Antih