Serat Wulang Tatakrama

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦸꦭꦁꦠꦠꦏꦿꦩ

Serat Wulang Tata Krama 1829/1944

Dhandhanggula

1. kang kariyin pêrlune wong ngabdi /
bisa basa tanggap lan trêpsila /
parigêl laku bokonge /
dhadhap lan mundhuk-mundhuk /
ulat ajèr sarta dèn aris /
têmbung tatas dèn cêtha /
dèn saguh dèn kukuh /
aja kamèrèn mring kănca /
dosa gêdhe marang Hyang Kang Maha Suci /
duraka gêng pinanggya //

2. kaping kalihira dèn ngawruhi /
marang karsane ing Gustinira /
dèn tiru ing bêbudène /
gusti anggêpên guru /
ingkang trêsna lan dipun wêdi /
aja angrusak sanak /
nglêbur padha batur /
yèn dinangu ing bêndara /
dèn ablaka aja dhêmên matur silip /
tan kandêl pandhuwurnya //

3. kaping tiga dèn amrih abêcik /
maring rowang kănca-kancanira /
mêmuruka sabisane /
dene ingkang winuruk /
dianganggêp lan dinglakoni /
yèn padha wêwuruknya /
lan gustinirèku /
poma dèn eling-elinga /
barang karya aja nglakoni kacêlik /
wong anom nastitia //

Sinom

1. kaping pat sira elinga /
tingkah ala lawan bêcik /
iku pawitan utama /
anggonên ati kang bêcik /
kang ala dèn simpêni /
kinarya pangemut-emut /
supaya aja pisan /
kagêpok panggawe sisip /
aja sira polah saru lan digsura //

2. kaping lima yèn bêndara /
kadhayohan gêng lan alit /
sira aglis asebaa /
ajakên kancamu sami /
lamun ana kang lali /
utawa yèn ora wêruh /
mring têkane dhayohnya /
aglis ngadhêpa ing gusti /
dadi nora gawe lingsêming bêndara //

3. lan tingkahmu wuwuhana /
kang rikat kang ngati-ati /
dèn rungon lawan dèn awas /
mring watak karsaning gusti /
dèn eling ingkang wadi /
mênawa sira kaladuk /
bukak wadining kănca /
miwah wêwadining gusti /
dadi pantês ingaran turuning kompra //

Durma

1. têmbang durma bab kaping nêm kang winarna /
saru nisthaning abdi /
cacading acacad /
ala-alaning ala /
wong saru digsura pasthi /
ingkang cinacad /
ingkang tinampik-tampik //

2. yèn dinangu sumaur ngadêg kewala /
iku polah tan bêcik /
patut singkirana /
aja sêja atelad /
yèn linggiha mangkrik-mangkrik /
bêndara liwat /
tan nêdya angudhuni //

3. yèn dinukan marêngut bêkis uninya /
kokum dinulang tai /
nèng ngomah winêkas /
gustine lagi lunga /
tinakonan api lali /
yèku turunya /
wijile wong tan kawin //

Mijil

1. lamun tămpa timbalaning gusti /
dèn enggal linakon /
barang karya lamun suwe-suwe /
mundhak ras-arasên tanpa dadi /
wuwuh abot kaki /
cacad têmahipun //

2. aja cidra anggorohi gusti /
alane katonton /
aja ngetung tuna kangèlane /
pirabara ta gustinirèki /
yèn misih basuki /
malês sih satuhu //

3. sira ingutama wong angabdi /
dèn manut sapakon /
apan lingsêm cinacad lupute /
dèn narima dèn niyat marèni /
lupute ing nguni /
tama têmahipun //

4. aja anglali-lali ing kardi /
ngribêdi tyas abot /
anênandho prakara abote /
yèn tinakon kapengin sathithik /
tabêri kang dadi /
kumambanging kayun //

Maskumambang

1. bab kapitu satêngah ana wong ngabdi /
lawas saya luwas /
grêsahe kapati-pati /
kancane kang anyar mubyar //

2. kayu tyase anênutuh marang gusti /
gusti nora salah /
gone asih kandêl tipis /
salusurên ing tyasira //

3. kang sawênèh angarani pilih kasih /
jatine ta sira /
durung wruh karsaning gusti /
tirunên pêsthi yèn padha //

Asmaradana

1. kasmaran kang kaping kalih /
ingaran jodho punika /
kang têtêp pêsthi linakon /
kawruh bênêr lawan tata /
jodhone wong ngawula /
ewa mangkono satuhu /
ana pêsthi saprakara //

2. ingkang aran băngsa pêsthi /
nora marang rong prakara /
sakêna-kênane bae /
bênêr luput kaparêngan /
lan karsaning bêndara /
iku pêsthi têgêsipun /
nanging tan kêna tinulad //

3. karana waton bilai /
lêlakone kang mangkana /
aja tiniru lakone /
têgêse ingkang mangkana /
gustine kang tan yogya /
karsane tan nganggo kukum /
karya têruhing agama //

Mêgatruh

1. têgêsipun têruhing agama khukum /
tanpa wangên walêrnèki /
angèl linakon ing wadu /
lêlakon mangkono iki /
bubuhane ingkang tabon //

2. kang wus manjing rinêngkuh kulawargèku /
lupute yogya ngalingi /
iku uga sababipun /
kalamun runtiking gusti /
pêsthine uga kabobot //

3. lawan abdi kang anyar-anyar puniku /
lire seje saupami /
kang anyar adosa lampus /
kang lawas dinosan sakit /
kang duwe bubuhan kono //

Pocung

1. sêkar pocung kawula ingkang durung wruh /
wataking bêndara /
yogya telad kang wus lami /
nanging sarat waspada ing sabên dina //

2. agêmia sapêpêkan anèng ngayun /
lan ing gustinira /
anging yun winêdhar liring /
supayanya samangsane ana karya //

3. bisa rikat sarèh kalamun tinantun /
nging aja lumancang /
sabab sira misih cilik /
palungguhmu beda kang wus gambuh karsa //

Gambuh

1. yèku lakuning batur /
wêdi nastiti bêkti dèn gupuh /
rikat awas sarèh kaping kalih gêmi /
panggarape maring kagung- /
ane ing gusti dèn batos //

2. iki caraning lungguh /
ingaran silakrama trapipun /
dhingin dhadhap têgêse dhadhap sayêkti /
ngungkrêd dêdêg laku tanduk /
manising ulat dèn katon //

3. yèn mèh pêrêk ing ngayun /
ngungkrêd dêdêg maning ngêmbat dhêngkul /
walikate dèn jakining ngêmbat cêthik /
iku aran mundhuk-mundhuk /
mêndhêk nêmbah laku bokong //

Kinanthi

1. kanthine wong mundhuk-mundhuk /
yèn wis laku bokong nuli /
êndang jèngkèng lon manêmbah /
ririh aris dera linggih /
wiwit dhêngkul tangan ngarsa /
kang kiwa tumulya ririh //

2. aywa daya-daya muwus /
yèn durung atrap wastrèki /
mênawa ana kang nglingkab /
satêmah andigsurani /
yèn wus atap silanira /
gya sikut anumpang wêntis //

3. ngapurancang jarijwalus /
lênggakna cangklakannèki /
lambung kang têngên êmbatna /
kang kiwa rada mring wuri /
jăngga manglung mènglèng ngiwa /
amrih karna amiyarsi //

4. pandênge netranirèku /
tumanduk jajaning gusti /
supaya nora digsura /
wêruha netraning gusti /
yèn kapisor pandulunya /
lena tan wruh ngulat liring //

5. sêmbah ta lamun dinangu /
dèn awas ros-rosan angling /
yèn wus tutug kang timbalan /
dèn cêtha sira mangsuli /
dèn samêkta rowangira /
lungguh umarêk ing gusti //

6. lêmês tudingira tuduh /
miwah jêjêmpol dariji /
kalamun durung patrapnya /
nêmbah jèngkèng nêmbah maning /
ungkurira mingêr ngiwa /
laku bokong marêp maning //

7. nêmbah mingêr mundhuk-mundhuk /
nuli dhadhap dèn rêspati /
iku uga sila patrap /
arêp ora bêcik ngaji /
basa uga wong cinacad /
kagêdhene wirang isin //

8. yèn wus bisa barang laku /
laku-laku kang abêcik /
ywa nganti cinacad kathah /
para sasamaning janmi /
poma dèn ngati-atia /
ywa nganggo budining bayi //