Kangen Sekolah
[ 16 ]
Spenesaku
Dening : Renata Ariella (9A)

Bagaskara jumedhul saka wetan
Tandha aku kudu semangat
kanggo ngudi ilmu
ing sekolahku kinasih

Tasku takdeleh pundhak
Sinambi mlaku nyusuri sekolahku kinasih
Yaiku Spenesa
Sekolah paling apik ing Kutha Kediri

Ing Spenesa,
Ilmu tak tuntut
Prestasi tak ukir
Budi pekerti dadi pakulinanku

Spenesaku, maturnuwun
Wes dadi panggonku nuntut ilmu
Telung tun ing Spenesaku
ora bakal tak lalikue
Bakal tak ukir Spenesaku
Kanthi kesuksesanku....