Sumunar

[ 75 ]SRI PAMULATSIH

Slamet Nugroho

Sore iku Pak Pana katon sayah banget Sayah ragane ya sayah penggalihe. Lungguh ana kursi tamu dikancani garwane, Sedhela-sedhela watuk, Ambegane kaya seseg senpkil sanadyan bola-bali wis diunjal, Limang dina maneh Pak Pana arep duwe gawe mantu putrine wuragil kang aran Sri Pamulatsih,

“Mbok sampun, Pak. Le menggalih boten sah lebetlebet Empun kajenge yen pancen karepe putra njenengan kados ngoten Dituruti mawon,” ature Bu Pana marang garwane,

“Ora bisa, Ba Sing kudu manut iku malah anakmu wadon kuwi, Awake dhewe dadi wong tuwa anggone nguja kaya wis ora kurang-kurang. Wiwit saka cilik nganti tumekaning dewasa iki, Wiwit saka bab sekolah nganti anggone milih jodho, Aku mung kepingin si Sri iku netepana anggone dadi wong Jawa. Sing j "wong salaki rabi iku ora baen-baen Iho, Bu, Biyen bab

pamilihe dina aku wis manut. Ora ora ag ianh Pinang nganggo petunganku ya ora apa-

“Pak ..., si Sri niku pun lare sakniki, Nek ken manut kalih kersane Bapak sing kados ngoten mbok bilih nggih boten saged sebab jamane niku pun beda, Pak”

“Tki dudu perkara jaman sing wis beda, Bu, Iki bab Je netepi dadi wong Jawa. Yen wong Jawa iku lumrahe yen mantu omahe ya ditarubi, ya kendhurenan kanggo nyuwun keslametan, lan sapiturute.”

“Ning miturut si Sri, niku boten enten tuntunane.”

“Sing kandha sapa? Sing kandha sapalif Yen pelem mara buku bab kabudayan kaya ngono kuwi pirang-pirang, Bu, Kae, neng rak buku kae dijupuk, diwaca. Ana Serat Tata Cara, ana Primbon, sing kabeh mau ngemot piwulang-piwulang bab kabudayan Jawa, Bu.”

“Bu, aku ngesti kok apa sebabe si Sri kuwi ora gelem nindakake sawernaning kabudayan Jawa, luwih-luwih bab anggone arep dadi manten iki, Dheweke iku wis kena pengaruh budaya liya, Anggone ubyang-ubyung karo kanca-kancane sing jarene padha ngudi ilmu apama kae, iku sing nyebabake.”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 75 [ 76 ]“Pak, Penjenengan ki ampun ngendika ngoten, Wong nyatane putrane niku padha ngaji, ngangsu kawruh agama kok njenengan wastani kados ngoten. Mangke ndhak ndadoske kirang prayogi kalih kanca-kancane Sri.” Bu Pana nyoba ngleremake garwane,

Wiwit lulus saka SMA, Sri Pamulatsih iku pancen sregep ngaji lan ngangsu kawruh agama, malah saiki dheweke klebu pengurus sawijining pergerakan klam, Lulus saka SMA, Sri Pamulatsih kuliah ana ing IAIN Sunan Kalijapa, Yogyakarta. Dheweke njupuk jurusan Pendidikan Bahasa Inggris. Ya ing kampuse iku Sri ketemu karo calon bojone kang aran Mohamunad Shodikin, bocah saka Brebes, Sanadyan klebu bocah jaman saiki, si Sri tetep nduweni tata krama kang genep. Solah bawane tansah nuduhake kurmat marang, sapa wae luwihluwih marang wong tuwane sakloron Dheweke ora tau mbantah dhawuhe wong tuwa. Nanging, yen wis nganti tekan bab kang magepokan karo syarat agama, dheweke emoh kalah sanadyan karo wong tuwane. Sri Pamulatsih nduweni panemu yen kabeh kang bakal dilakoni kudu ngenut Kawan apa kang kaparak ing Akyuran lan Hadis, Kanggone Sri, upacara- upacara adat lan pangibadahan-pangibadahan kang ora tinemu ana ing Alguran lan Hadit iku kalebu bidah, haram ukume menawa katindakake. Kalebu reroncening tata cara mantu kang, tharik-tharik ing kabudayan Jawa. dheweke ora gelem nindakake tata cara Jawa rikalane didadekake manten nindakake tata cara Jawa,

Dina terus lumaku. Rong minggu sadurunge dina kang wis pinilih, Pak duwe gawe ewuh mantu, Ing kono Pak Pana ngrancang samubarang kang magepokan karo ewuhe, ngenut klawan tata cara Jawa. Bab iku Sri ora mangerteni amarpa rikalane nglumpukake tangga teparo iku Sri lapi lelungan ana ing Semarang, Malah dening Pak Pana, Sri aja nganti ngerti.

Bu Pana kang raket banget karo putra rapile iku ora kuwat nyimpen

Pirsa putrane lagi lungguhan, maca buku dhewe ing kebon mburi Bu kepriye wae sesuk iku resepsine ya pedhen, Rak kanca-kancamu ya wis dha ko- umdhangi ta, Ndhuk?”

“Nggih sampun, Bu. Nanging kula boten ngaturi kanca kathah kok, Bu. Paling nggih namung kanca-kanca organisasi kaliyan kanca ngaji”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 76 [ 77 ]“Lha kira-kira ana pira Ndhuk, priyayine?”

“Watawis pitung ndasanan, Bu.”

“Oya sithik yen mung semono wae, Dadi tamumu karo tamune Bapak lan Ibu yen digunggung ana watara limang atusan”

“Nanging anu Iho, Bu, Benjang menawi wonten resepsi tamunipun menika kedah pun piyambak-piyambakaken, lho, Ingkang kakung kaliyan ingkang kakung, dene ingkang putri kaliyan ingkang putri. Tur antawisipun tamu kakung kaliyan tamu putri mangke kedah wonten warananipun ingkang milahaken.”

“Lho, Kak ngiri Apa cra Niyah nang klas Mu? T ba mêngko yen ani tamu sing rawuh sarimbitan apa ya lenggahe terus diaturi pisah ngono:

NAN a a a ai

une,

Bu Pana bingung nggagas panemune putrane iki. Apa ya pancen kudu ngono ana ing piwulang apama? Pitakone Bu Pana sajroning batin. Bu Pana sangsaya bingung maneh anggone bakal ngandhani anake yen sesuk iku anggone mantenan kudu nggunakake tata cara Jawa,

“Ya bab kaya ngono kuwi kowe matura dhewe marang Bapak. Wiwit dina iki becike kowe rasah lelumpan adoh-adoh Kanggo ngawekani samubarang apa wae kang ora dikarepake!”

“Lho, Ibu kok penggalihipun taksih kados ngaten? Sadaya ingkang kalampahan lan ingkang, badhe kalampahan menika sampun ingkang ngakur inggih menika Gusti Allah. Sauger kula kaliyan panjenengan menika pitados makaten boten wonten menapa-menapa, Bu.”

“Aku omong mangkono mau kanggo ngawekani, Ndhuk. Awake dhewe rak ora ngerti kepriye lelakon kang wis ditakdirake Gusti Allah. Tur ta manungsa iku titah kang nduweni kuwajiban kudu usaha, dimen kabeh mau tinemune becik,” ngendikane Bu Pana marang putrane sing babar blas ora nggugu marang wewalere para leluhur,

Bu Pana nyedhaki lungguhe putrane wadon, banjur disikep lan dielus- Tus rambute, Katon banget tresnane Bu Pana marang Sri Pamulatsih. Dikaya ngapa wae Sri iku bocah kang becik, tansah mituhu marang dhawuhe wong tuwa. Mula Bu Pana nyoba ngrimuk putrane.

“Ndhuk, ing piwulang agama mesthine rak ya ana ta sing ngandhakake yen anak iku sabisa-bisane mikul dhuwur mendhem jero, Lire, bisa njaga wirange wong tuwa lan ngatonake becike wong tuwane”

“Lha nggih wonten ngaten, Bu, Boten, kok ibu ngendika kados ngaten menika wonten menapa ta, Bu?” pitakone Sri kebak rasa cubriya marang; apa kang sumimpen ing penggalihe Ibune.

SUMUNAR Artobgi Crita Cekak, 77 [ 78 ]“Bu, prasaja kemawon sejatosipun wonten menapa?” pitakone Sri saya

Kang ditakoni sajak kewuhan. Ing penggalihe Bu Pana wis bisa ngira yen putrane iku mengkone ora bakal marima marang apa kang bakal dingendikakake mengko.

“Ngene lho Ndhuk, kowe ngerti yen bapakmu iku priyayi kang wis sepuh. Mula banget anggone ngugemi kabudayan Jawa. Bapakmu ya ora kersa tenan yen diaturi ninggal kabudayan Jawa. Aku kandha kaya mangkono mau magepokan karo apa sing arep dakkandhakake marang kowe iki. Bapakmu wis ngrarcang kabeh kanggo acara mantenanmu sesuk kuwi. Mula saka kuwi dakjaluk kowe bisaa nampa lan gelem nglakoni sawernaning acara kang, wis dirancang dening Bapakmu sesuk...”

“Lho, mangke rumiyin, Bu. Ingkang dipunrancang Bapak menika acara ingkang kados pundi? Cocog, kaliyan paugeranipun agami menapa boten?” pitakone Sri miterang,

“Aku mau rak wis kandha ta Ndhuk, yen Bapakmu iku ora bisa ninggalake kabudayan Jawa. Mula saka kuwi mesthine anggone ngrancang acara ya miturut tata cara budaya Jawa. Lan ngene ya Ndhuk yen miturut aku, agama. Cengkah lan ora kuwi gumantung, marang kepriye anggone ngonceki, Kaya ngendikane Bapakmu kae, yen sejatine kabeh adat tata cara Jawa iku ngemu surasa piwulang, kang, becik kanggo urip iki. Luwih-luwih ing upacara manten. Kowe rak sok melu resepsi ta, Ndhuk? Lumrahe pranata carane kae ngendikakake bab werdine upacara-upacara kang nembe dilakoni. Keneng apa yen manten iku kudu nganggo janur, kudu gawe gapura kang kedadeyan saka maneka warnane gegodhongan lan sapiturute? Janur iku yen ditepesi kanthi kerata basa rak sejatining Nur. Dadi wong sing arep omah-omah iku kudu tansah eling marang sejatining Nur, Cahya, ya Gusti Alah kang nitahake jagad taya saisine iki. Nggon gapura kae kudu ana alang-alang, godhong kluwih gek malah tebu barang melu ditemplekake, Iku kabeh mengku karep, Ndhuk. Anane alang-alang iku supayane anggonmu urip kekluwargan ing mengkone Gora ana alangan Anane godhong; Kluwih iku nduweni panyuwunan marang Gusti Allah muga-muga sira sakloron ing mengkone nduweni kaluwihan kang bisa kanggo tepa tuladhane tangga teparomu lan masyarakat umume, Semono uga tebu iku ana tegese, Yen anggonmu kekluwarpan kuwi kudu dilandhesi kanthi antebing kalbu. Lan isih akeh pitutur-pitutur kang kakandhut ing tata cara Jawa iku, Dadi yen kowe pelem nyurasa kang temenan, mesthi ora nduwe pikiran yen tata cara Jawa iku kebak ing, tumindak syirik, nyekuthokake Allah. Kowe rak ya ngesti dhewe ta, apa Bapakmu kae tau ninggalake salat limang

nj

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 78 [ 79 ]wektu? Rak ora ta? Apa Bapakmu kae ora nindakake agama Islam? Rak ya ora ta? Senadyan mengkono, Bapakmu iku uga ngugemi banget marang budaya Jawane. Mula ya Ndhuk, kowe bisaa nampa.”

Sri meneng wae. Dumadakan mripate kembeng-kembeng kebak eluh. Banjur netesi pipine kang nduren sajuring iku. Kanthi kesesep Sri matur marang, ibune.

“Bu, sinaosa kathah sanget ingkang, Panjenengan ngedikakaken wau wonten suraos piwucalipun, menika boten wonten tuntunanipun. Kapadosana wonten ing Alguran kaliyan Hadis menika sadaya boten badhe Mila, tumindak kados makaten kalawau dipunwastani bih, Bu. Kula ajrih dosa dhateng Gusti Allah, Bu. Mila kula nyuwun kanthi sanget, benjang menika mangke wonten pengaosanipun. Ngaten kemawon, Bu, Lan menika rumiyin rak inggih sampun kula aturaken dhateng Bapak, ta?” Sri mbeguguk ngutho waton, panggah kekarepan lan panemune,

“Nanging, rancangane Bapakmu kuwi wis mateng, Ndhuk. Tangga teparo lan sedulur-sedulur wis padha priksa. Sesuk-esuk kuwi wiwit padha diterusake bengine nindakake tebus kembar mayang”

“Dados sampun ngaten menika, Bu. Asinghfirullah,” Sri sangsaya ndadi

Jroning batin Sri ora kepingin dadi anak duraka, nanging yen nuruti kersane wong tuwa, mengkone luwih duraka marang Kang Kuwasa. Rancangane wong tuwane kaya wis ora bisa dicabarake maneh. Sri bingung, kuwur pikire,

“Bu, kula matur dhateng, Ibu, Bokbilih mangke ugi saged dipunaturaken dhateng Bapak. Saestu, kula nyuwun pangapunten dhateng Ibu saha Bapak menawi sampun damel sengkel penggalih Panjenengan kekalih, Kula boten kepingin dados lare ingkang duraka dhateng tiyang sepuhipun.”

“Alhamdutilah, Ndhuk .... Aku mongkog tenan karo kowe. Aku ngesti yen kowe kuwi bocah kang sholehah, mbangun turut marang bapak ibu, Seneng aku, Ndhuk. Dadi kowe gelem nampa lan nglakoni rancangane Bapakmu, ta?” pasuryane Bu Pana katon sumringah krungu ature putrane,

“Nyuwun pangapunten, Bu. Atur kula dereng rampung, Kula inggih ajrih dados titah ingkang duraka dhateng Gustinipun,” Sri mimbuhi ature.

Pasuryane Bu Pana kang mau wis katon sumringah saiki bali dadi

maneh,

“Lha, terus karepmu priye, Ndhuk?”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 79 [ 80 ]“Menawi Bapak panggah dhateng kersanipun, aluwung ... aluwung seer” êkure Sri kesandhet-sandhet dening tangise. Luh pating dlewer nelesi pipi senajan sedhela-sedhela wis diusapi. Kaya-kaya tuk-e luh iku tansaya gedhe.

“Aluwung apa, Ndhuk?” pitakone Bu Pana kanthi rasa kuwatir,

“Aluwung kula cabar boten estu nikah kemawon”

Mangsuli mangkono Sri mlayu mlebu ngomah, banjur mlebu ing kamare, Lawang ditutup, banjur dikunci rapet.

Nganti sore Sri durung gelem metu kamar. Dheweke metu kamar amung amarga saperlu wudlu bakal nindakake salat Luhur lan Asar,

Ya kahanan kaya mangkono kang gawe Pak Pana sayah raga lan penggalihe.

“Pak, gandheng awake dhewe niku empun ngaturi tangga teparo, sedulur kathah, tinimbang cabar kados pundi yen dituruti mawon karepe putrane?”

“Bu, aku mau rak wis kandha, ta Sing kudu manut kuwi anakmu wadon. Wong cetha ora dikongkon tumindak ala, malah becik, Iha kok ora gelem, Dakkira ki yen anakmu kuwi wis dhiwasa tenan, jebul ya pikirane isih pikiran bocah, Buktine, ana bab kaya ngene kok ora gelem rembugan karo aku Langsung, Malah saiki ndadak nganggo ngunci kamar barang, Aku gumun, sing ngracuni pikirane anakmu kuwi sapa ngano Iho, Bu? Kok dheweke bisa duwe panemu kang kaya mangkono?” Pak Pana ngunjal ambegan dawa kaya- kaya dhadhane kebak, seseg anggone ngrasakake. Ora ket suwe Pak Pana merusake ngendikane,

“Apa yen wis duwe panemu kaya panemune anakmu kuwi wis kalebu waong suci? Dadi ahli swarga? Durung mesthil Swarga lan neraka iku sing wenang ya mung Gusti Allah piyambak. Rak ngono ta, Bu?”

“Pun ta Pak, Panjenengan boten sah ngala-ala keyakinane tiyang sanes, Mangke ndhak boten prayogi kedadosanipun. Sakniki sing kedah dirembag Bik kades pundi Ja padon daa, gupadios anggana ninis awake dhewe nika

cabar!”

“Genah cetha kuncine kuwi neng anakmu ngono kok, Yen anakmu kuwi gelem kaya caraku, awake dhewe sida mantu. Ning yen ora, embuh. Ra weruh kedadeyane!”

Bu Pana sangsaya bingung ngrasakake anake sing ora pelem nurut dhawuhe Bapakne. Upa ngrasakake garwane sing kenceng nggondheli marang budaya Jawane.

“Pak, mbok dipenggalih malih. Kados pundi yen mangke anggene mantu niku cabar, Napa boten mbabar wirang tenan? Lan kula nyuwun dipenggalih langkung lebet malih, ngijabaken anak wedok niku dados

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 80 [ 81 ]kuwajiban bapakne. Yen ngantos Panjenengan boten kersa, napa Panjenengan sampun siap nampi bebenduning Pangeran?” Bu Pana ngerih-erih garwane supaya anggone mantu tetep ditindakake sanadyan tanpa tata cara Jawa,

Amarga saking tresnane marang putrane wadon, Pak Pana kersa ninggalake kabudayan Jawa, mligine anggone bakal duwe pawe mantu,

“Bu, aku kepingin omong marang anakmu. Sri undangen mrene!” dhawuhe Pak Pana marang parwane, Sing didhawuhi enggal jumangkah tumuju kamare putrane wadon,

Ora let suwe, Bu Pana wis bali ana ruang tamu maneh karo nganthi Sri Pamulatsih. Sirahe Sri tansah tumungkul, telapukane mripat bithu-bithu katon yenbubarnangis.

“Sri, Bapak takon Keyakinarenu kuwi wis ora bisa owah maneh?” pitakone Pak Pana marang anake wadon,

“Pak, kula boten sah matur kathah-kathah malih, bokbilih Panjenengan wi ., iku wis dadi keyakinanmu, Bapak ora bisa Sesuk

yen iku wis Nu, ora apa-apa. acarane dipawe kaya kekarepanmu!”

Krungu ngendikane bapakne kaya ngono, Sri banjur lungguh nyeraki

Pak Pana Sungkem lan ngambung astane bapakne.

“Matur sembah nuwun, Pak,” ature Sri marang bapakne sinambi ndhodhok banjur ngarasi bapakne,

Dina a aenak kang bakal aweh pambiyantu tarub padha rawuh, Deni Wong-wong mau banjur amung disuwuni supaya reresik omah wae. Tarub dicabarake, Mung anggone pasang tratag ing latar ngarep wae tetep ora owah,

Pak Pana ngijabake Sri Pamulatsih, Tamu-tamu sing rawuh didhewekake sayah banget. Pasuryane pucet lan sedhela-sedhela unjal ambegan,

Watara jam rolas acara rampung, Tamutamu padha kondur. Mung

“Bapaaaaaak.... 1!”

Wong wong padha kaget krungu swara panjerite Sri Pamulasih ngundang, bapakne. Wong-wong sing isih lungguhan ing ngarepan padha mlayu mlebu ngomah nanjihake apa sing kedadeyan. Jebul...

Prambanan, Juli 2006 25L me Nu g) a.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 81