Swarga Nuswantara

Kangen Sekolah
[ 45 ]
Swarga Nuswantara
Dening : Azzahra Pramitha Wiantasya (9B)


Srengenge katon mletek saka cakrawala wetan
Kluruk jago gugah turune para widadari
Embun esuk wiwit nelesi suket
Awan katiyup angin sumilir kang lumaku sesliweran

     Gunung anggambar dhuwur
     Katon gagah saka kadohan
     Mayuta-yuta wit njajar nganti jejeg
     Senadyan ngenteni tekane srengenge

Endahe asil karyane Gusti Kang MahaAgung
Salah sawijining mukjizat kanggo Indonesia
Muga bisa awet nganti generasi sebanjure
Supaya lestari lan dieling selawase