Kidung Megatruh

[ 53 ]TEMEN TINEMU Cinudia Yessy Sekartaji

Aku duwe rewang jenenge Yu Murtri. Yu Murtri duwe anak siji, jenenge Parno. Umure kurang luwih 14 taun, luwih tuwa 3 taun saka aku. Wiwit aku mlebu klas 1 SMP Parno senengane nangis ning kamar ora sakpengerten wong liya apa maneh Ibune dhewe. Sawijining dina, aku krungu dheweke nangisawan-awan pasaku bali sekolah.

Bapak Ibuku durung kondursaka kantor, Kangmasku lagi turu, lan Yu Murtri dhewe lagi nggosok klambi nang kamar mburi karo ngrungokake radio. Aku ngindhik saka lawang kamare Parno. Dheweke lagi lingguh karo nangis. Aku langsung mbukak lawang, mlebu kamare isih nganggo sragam SMbP-ku. Parno kaget lan langsung ngelap mripate sing kebak luh. Aku jinjit mlebu kamaramargajobinne kebak buku, ora ngerti buku apa wae kuwi kok nganti semana akehe.

“Par, kowe ngapa je kok nganggo nangis awan-awan? Awakmu lara, pa? ““Mboten mbak, kula mboten napa-napa namung kula radi kagol kaliyan gesang kula.””Lha ngapaje, Par? Mbok kowe crita karo aku. Nyantai waeora takandhakke sapa-sapa.”

Parno banjur gelem crita wiwit dheweke cilik nganti saiki. Biyen dheweke diragadi sekolah karo bapakne. Nanging pas dheweke mlebu kelas 6 SD Bapakke seda amarga kesrempet Truk. Amarga kedadeyan kuwi dheweke ra bisa nerusake sekolah maneh. Parno nyritakake karo nangis sesenggukan.

“Mbak, kula menika gadhah gegayuhan ingkang inggil sanget, kula inggih sampun janji kaliyan swargi bapak. Kula badhe ndherekaken Bapak kaliyan Ibu dhateng negara BeBelanda. Eh malah Bapak sampun disuwun kaliyan Gusti. Kula gela sanget.”

“Kuwi ateges Bapakmu luwih ditresnani karo Gusti. Gusti uwis kagungan rancangan kanggo uripmu, No, Sing sabar wae ya le ngadhepi uripmu. Koweaja gela lan nglokro ngadhepi urip iki.” “Inggih, Mbak, buku- buku menika gadhahan kula. Buku-buku kula wiwit SD kelas 1 dumugi kelas 6. Menika rapot-rapot kula. Bijinipun nggih mboten awon sanget. Kula temtu angsal rengking, mbak.” [ 54 ]Aku banjur mbukak buku-buku sing patingslebar lan ndeleng rapote Parno. Cathetaneakeh lan pepak. Biji rapote uga apik-apik lan ora ana sing abang. Bij ine kabeh luwih saka 8. Dheweke entuk rengking 3 utawa 4. Pokokeisih 5 besar ning kelase. Ora luwih lan ora kurang.


“Kowe kuwi ya klebu cah pinter lho Par.. Bijimu apik-apik, cathetanmu rapi lan lengkap, luwih rapi tinimbang cathetanku.” “Lha inggih menika kula pengin sanget saged ngejak Bapak lan Ibu kula dhateng negara Landa. Wiwit saking alit kula sampun dituturi supados sinau ingkang sregep lan gemi. Menawi Bapak taksih gesang kula mesthi sampun nganggeseragam biru pethak kados Mbak Dewi samenika, “

“Husss.. aja ngomong kaya ngana. Kabeh lelakon urip kuwi ana nang astaning Gusti Kang Maha Kuwasa” “Kados pundi nggih, Mbak, supados kula saged nerasaken sekolah? Kula menika sampun ngedol pit kula, nggadekaken ali-ali Ibu kula, mendhet sedaya celengan warisanipun Bapak. Nyelengi, nglempakaken gajinipun Ibu nanging sedaya menika mboten cekap kangge ragad sekolah kula. Lajeng kados pundi nggih Mbak?”

Aku bingung ditakoni bab kaya ngana kuwi, Eman yen parno ora nerusake sekolahe. Bocahe isih cilik ning ora ana ragad sekolah. Mangka bocahesregep lan pinter. Beda karoaku singiso sekolah manging isih wegah- wegahan, kesed sinau, kesed nyathet, sing penting mangkat sekolah lan bali saben dinane. Kamangka Bapak lan Ibuku isih bisa ngragadi aku ning kok aku malah isih kesed-kesedan. Coba Parno dadi anake Bapak lan Ibu mesthi

wis dadi pinter lan uwis duwe prestasi sing bisa marakake Bapak lan Ibune mongkog.

“Ooohhh. Ya mengko tak pikirke maneh yo, Par. Aku arep salin ndhisik. Aku sumuk banget. Bukumu diringkesi ndhisik, Ndak ketok reged banget.”

Parno manthuk kanthi manteb lan uwis bisa ngguyu maneh. Pas aku mlaku metu saka kamar dheweke ngematke nganti mentheleng nyawang seragamku sing isih mambu anyar kuwi,

Mlebu kamar aku isih mikir-mikir maneh piye carane kareben si Parno bisa nerusake sekolah maneh. Aku ndelengakejam., Saiki wisjam telu awan, mulakna wis ngantuk. Aku banjur turu lan ngimpi elek. Aku ngimpi yenaku kuwi nasibe kaya Parno. Aku dadi anake rewang, ora bisa nerusake sekolah, lan mung diece-ece karo tangga sakiwa tengenku. Aku ora kanggo [ 55 ]lan dadi uwuh ning masyarakat. Aku uga dadi sanggan wong tuwaku. Bisaku mung nangis lan ra bisa ngapa-ngapa maneh. Pokokke ngimpi kuwi ngenes banget. Uripku saben dina mung tangi turu, adus, mangan, lan resik-resik mbiyantu gaweanne Ibuku.

Pas dina Minggu aku le tangi kawanen, banjur aku digrujug banyu jarang karo Juraganku. Le ngrujug pas ning sirahku, raiku dadi abang lan mlempung-mlempung ora karuan. Aku kogel-kogel lan ujug-ujug tangi. Awakku gembrobyos lan ngos-ngosan. Tujune kuwi mung ngimpi wae, ora nyata.

Tangi turu aku banjur adus, dolan ning omahe Ratih arep ngrembug bab Parno. Ratih kuwi kanca cedhakku wiwit cilik. Sapa ngerti Ratih duwe carane. Aku mesakake karo Parno amarga dheweke duwe niyat sing gedhe kanggo nerusake sekolah masak mung amarga ora bisa ngragadi sekolah banjur mberot. Rak ya eman-eman ta...! lha dheweke isih enom, durung wektune nggolek dhuwit, Pas ning dalan, ora sengaja pit montorku nabrak kucing nganti mati.

Aku dadi kelingan mitos Jawa sing dicritake karo Budheku wingi sore. Jarene nek nabrak kucing lan mati kuwi aku utawa sedulurku bakal ngalami kacilakan. Maune aku ora percaya karo mitos kuwi. Ning ana buktine yen mitose kuwi bener. Sedulurku sak kluwarga bali saka omahe simbahku, ning dalan ora sengaja nabrak kucing lagi nyabrang. Banjur sak minggu sawiseanake karo bapakke tabrakan lan sikile tugel.

Aku nggawa bali kucing sing mati kuwi, tak bungkus kain kafan banjur tak pendhem ning lemah mburi omah, karo ndonga. Aku banjur langsung lunganing omahe Ratih, Aku ngrembug bab Parno.

“Tih, piye ya aku lagi bingung iki bab Parno”

“Lah, koweki ngapa? Tresna karo Parno pa piye?” “Ya ampun, ya ora, Tih. Kowe iki ana-ana wae. Parno kuwi pengen banget nerusake sekolahe ning dheweke ora duwe ragad. Aku pengen mbiyantu dheweke Tih” “Lha piye. Bocahe dhewe piye? Niyat sekolah ora?” “Iya. Bijine apik-apik, catetane uga runtut lan dheweke kuwi duwe gegayuhan bakal ndherekke Bapak lan Ibu menyang negara Landa. Ning Bapakke wis seda. Mangka mung Bapakke kuwi sing bisa ngragadi sekolahe”

Ratih dadi trenyuh ngrungokake critaku. Dheweke uga kepingin mbiyantu Parno nanging dheweke ya bingung piye carane le arep mbiyantu.

“Nyuwun tulung Bapakkeawak dhewe wae pa, Tih?” [ 56 ]“Yaya ...pinter kowe! Ning Bapakku lan Bapakmu priyayine rada angel ta?” “Sapa ngerti kersa”“Ning iki le ngomong ya aja serius-serius sing rada kepenak wae. Sepisanan kowe ngomongke uripe Parno ndhisik banjur sesukke kowe takon piye carane kanggo nggolekke ragad kanggo Parno!”

“Dadi sok-sok mung nyuwun pirsa ngana?” “Ho'oh sukur-sukur dikandhani utawa malah dibiyantu sisan.” “Muga-muga ya kaya ngana ya, Dew,”

Aku bali nang ngomah banjur matur bab Parno karo Bapak. Nanging kaya-kaya Bapak isih sayah sawise kondur saka kantor. Aku ora wani matur akeh. Aku uga mung crita karo lingguhan nang lincak mburi omah, ngombe teh lan maca koran karo ngancani Bapak. Iki awalan sing apik, miturut pemikiranku dalanne bakal mulus. Biyasane Bapak langsung muring-muring ora karuan yen disambati,

Ora krasa ning mburiku ana Parno lagi nguping. Aku dadi ora kepenak dhewe, aku mlebu omah banjur nelpon Ratih. Ratih uga ora wani maturakeh-akeh amarga Bapakke ya isih sayah amarga kondur saka kantor. Bapak uga crita ning kantore lagi akeh gawean dadi awake sayah kabeh. Ateges Bapakke Ratih uga akeh gawean amarga le ngasta sak kantor. Wah, ketoke rada angel ki nyuwun tulung karo Bapak. Kira-kira aku bisa ora ya mbiyantu si Parno, mangkono pikiranku,

Ning kamar aku ketemu Ibu sing lagi maos koran, Aku nyritakake yen mau sore aku nabrak kucing lan mati, Ibu banjur ngakon aku tuku kembang kanggo ngedusi motore kanggo mbuwang siyal. Ibu pancen isih ngugemi mitos Jawa kaya ngono. Aku banjur lunga tuku kembang ning Pasar cedhak omahku. Tekan omah aku ngguyang motor direwangi Parno.

Wengine aku sinau ning kamar, karo ngapalke sejarah amarga sesukke aku ana ulangan. Aku krasa ana uwong sing ngematke aku. Aku ngindhik saka jendela kamar, Parno lagi lingguhan karo ngrungokake anggonku sinau. Saben dina meneri aku sinau ning kamar, Parno mesthi ngrungokake.

Kurang luwih wis 2 minggu iki aku nggolek cara. Ning asile nihil. Aku ya ora dhewekan, dibiyantu karo Ratih. Njaluk tulung kiwa tengen ora ana sing gelem. Alesanne amarga nggolek dhuwit jaman saiki ora gampang, urip waeisih kangelan, nguripi awake dhewe durung katon bisa masak arep ngragadi wongliya. Aku dheweisih wedi matur karo Ibu utawa Bapak. [ 57 ]Jemuah iki Bapak kondur luwih cepet tinimbang biyasane. Aku uga diparingi dhuwit kanggo jajan. Ora mung aku wae ning uga Kang masku, Yu Murtri, lan Parno. Aku ora ngerti ngapa bapak kondure luwih cepet, loma, lan luwih sumeh. Ora kaya biyasane Bapak kaya ngana. Bapak banjur santun rasukan lan lenggahan ing lincak mburi karo Ibu. Aku rada nguping. Bapak lagi crita karo Ibu,

“Pak, lha ngapa ta kok ketoke seneng lan wiwit mau ngguya- ngguyu wae? Ana apa ta, Pak?” “Ngene lho, Bu. Wingi aku nggarap proyekke Pak Murdiman. Jarene sukses. Aku banjur munggah pangkat. Mesthine gaweanku luwih sethithik ning tanggung wangsulane sing gedhe. Gajiku iya mundhak. Ora papa ta pisan pindho aku loma karo bocah-bocah!”

Ketoke saiki wektune sing pas matur karo Bapak bab Parno. Aku isih rada-rada wedi lan rada ora kepenak. Soale akir-akir iki jejalukanku akeh banget. Saka njaluk sepatu tekan njaluk pit montor anyar. Ning aku duwe akal, aku arep nelpon Ratih ndhisik. Nek Bapakku munggah pangkat mesthine Bapakke Ratih ya munggah.

Aku nelpon Ratih lan nyatane bener. Bapakke lagi sumeh amarga munggah pangkat. Aku karo Ratih wis niyat arep mbiyantu Parno. Wusanane aku wani nembung karo Bapak ning isih nganggo ngiwa nengen ndhisik ora langsung to te point.

“Pak, kula mboten siyos nyuwun Pit Montor ingkang enggal mawon. Ketingale kok kula nyuwun kathah sanget, Pak.” “Lha kowe kuwi pancen akeh jejalukanne. Lha wong kowe kuwi uwonge ora isa gemi kok. Lha iya ta, Bu. Wis njaluk sepatu, mangka sepatumu durung jebol. Tas, mangka tasmu isih apik. Ha-pe, mangka ha-pemu ki isih bisa kanggo komunikasi, bisa kanggo motret barang. Dheloken nggone Bapak.” “Inggih. Inggih.., Pak, Bu. Kula nyuwun ngapunten, mboten malih nyuwun-nyuwun ingkang mboten penting. Nanging samenika kula gadhah panyuwunan setunggal kemawon, mboten kathah-kathah.”

“Apa? Nek Bapak isih bisa nyembadani apa sing dadi kekarepanmu. Bapak kersa wae.” Ibu mirsani aku wae. Aku dadi ora manteb lan rada-rada ora kepenak. Nanging aku kelingan Parno sing nelangsa uripe.

“Ngaten, Pak, Bu. Kula menika pengen sanget saged mbiyantu Parno anggonipun nerasaken sekolah. Kula mesakake mawon, piyambakipun taksih enem, sampun wajibibun sekolah, sinten ngertos [ 58 ]jaan

piyambakipun saged dados tiyang?”

“Genah nek jejalukanmu kaya ngana kuwi. Bapak uga kersa dheweke sekolah tekan perguruan tinggi, iso kuliah lan dadi wong mumpung aku isih bisa ngragadi lha wong Parno kuwi wis tak anggep kaya dudu wong liya. Sanajan dheweke kui mung rewang, nanging bocahe apik, sopan, lan ngajeni marang liyan. Aku ya wis nganggep dheweke kaya anak.” Mak pyar atiku, bungah campur lega. Ganjelan kang wus tak pendhem pirang-pirang dina wusanane bisa antuk dalan,

“Matur sembah nuwun sanget nggih, Pak, Parno mesthi nggih remen sanget.”

Seminggu sawise Parno uwis bisa sekolah maneh. Bisa nganggo sragam SMP. Bijine uga apik-apik, pas lulus-lulusan dheweke entuk

beasiswa utawa gratis anggone sekolah tekan kuliah, ateges bapak ora perlu mbayari abot-abotmaneh,

Pirang-pirang taun sakuwise, Yu Murtri ora nyambut gawe maneh ning ngomah. Aku ora ngerti nang endi. Aku uga wis nyambut gawe lan wis bisa nggolek dhuwit dewe. Aku nyambut gawening Belanda karo Ratih. Pas aku bali saka Landa Parno uwis nyambut gawe nang kantore bapak wiwit aku mangkat nyambut gawening negara Landa,

“Mbak Dewi, kula ngaturaken sembah nuwun sanget. Kula saged dados tiyang sukses inggih amargi Mbak Dewi ingkang mbiyantu kula kangge nerusaken sekolah rumiyin, Kula inggih saged ndherekaken Ibu

kula teng negara Landa. Kula teng mrika namung 3 dinten nanging kula sampun marem ”

Aku mung bisa mesam-mesem. Aku dadi kel ingan jaman biyen pas awake dhewe isih cilik, isih pada sekolah. Parng sing gaweane nangis karo macani buku-buku ning kamare. Ratih kang isih bingung nggolek cara supaya bisa entuk mbiyantu Parno kanggo nerusake sekolah, lan sapiturute.

“Kula inggih kemutan wonten bebasan ngelmu iku kelakone krana laku. Kula dados mangertos isinipun. Amargi kula sampun nglampahi piyambak, Mbak.”

Aku seneng banget amarga saiki kabeh uwis pada nyambut gawe dewe-dewe lan uwis mapan kabeh. Ora aku ora Kamasku lan ora Parno ning [ 59 ]kabeh wis dadi wongsing migunani.

Claudia Yessie Dewi Sekartaji, siswa SMA Stella Duce 2, Jalan Dr. Sutomo 16, Yogyakarta, Telepon (0274) 513129,

Lair 20 Juli 1991. Alamat omah, Jalan STM Pembangunanno. 10, Yogyakarta,

Telepon (0274) 486713