Tresna kang Langgeng

Murkane Ibu

[ 114 ]Tresna Kang Langgeng

Muhammad Isnaini SMA Negeri 1 Samigaluh, Kulonprogo

kd

N ore-sore aku ketemu karo bocah wadon. Bocah mau jenenge,

ika. Omahe sakdeso karo aku. Asline aku wis kenal. Maklum, jenenge wae sakdesa. Nanging, pas ketemu dina iku aku rasane saya cedhak karo dheweke. Awit saka acara syukuran sing nganak- ake pakdheku. Nanging, aku biyen durung wani mblakakake rasa tresnaku marang Mika. Dina ganti dina, aku setuju kanggo nyam- bung rasa. Dina-dina kang nyenengake tak lakoni kanthi seneng lan bungah.

Nanging, dina Senen iku, aku dikagetake saka omongane kanca akrabku. Mika kuwi wis duwe pacar liya. Aku rasane ora percaya. Mula aku ngajak Mika dolan-dolan menyang grojugon Widodaren. Durung ana 30 menit, Mika ngajak mulih. Nanging, nalika isih ana dalan ana wonglanang ngganthengnyegat pit onthel kang tak tum- phai aku karo Mika. Aku mandheg, greg. Wong lanang mau lang- sung takon marang Mika.

“Sapa wong lanang sing mboncengke kowe?” pitakone kanthi mripat mlirik marang awakku.

“Iki kancaku” jawape Mika kanthi swara lirih.

Sakwise Mika njawab, aku banjur takon marang Wong lanang mau.

“Sapa jenengmu? Ana sesambungan apa karo Mika.”

Nanging, durung nganti njawab pitakonku, bocah mau lang- sung nggeblas lunga.

“0, dadi kowe seprene ngapusi aku?” pitakonku kanthi rasa jengkel marang Mika.

114 = Antologi Crata Cekak ee. [ 115 ]Sakwise kedadeyan mau, Mika saben dina mara menyang omah- ku kanggo njaluk ngapura. Aku rasane melas marang dheweke. Amarga aku isih nyimpen rasa tresna marang Mika, lan aku ngapura lupute dheweke.

Sak wulan sakdurunge pengumuman kelulusan SMP, Mika ban- jur pengin nerusake sekolah menyang SMA. Mika pengin sekolah ana ing njaban kutha, yaiku kutha ing Magelang. Aku rasane ora bisa adoh karo Mika, lan aku ora bisa nglalekake dheweke sing wis rumaket ning atiku. Mbokya akeh wanita kang luwih ayu lan manis. Nanging, atiku ora bisa nglalekake rasa tresnaku marang Mika, kang wis dadi pepujaning atiku.

Sajroning setaun ora ana kabar seka Mika. Amarga aku anak wong ora duwe. Radhio wae ora duwe apa maneh telepon (HP). Na- nging, rasa tresnaku ora bakal ilang lan tetep kanggo Mika wanita kang tak tresnani.

Tahun iki aku munggah kelas 2 SMA, aku ora bisa nglalekake Mika seka atiku. Aku ora ngira bakale ana bocah anyar maneh kang mlebu anaing kelasku. Aku krungu bocah mau pindahan seka Mage- lang, papan kang dienggo pepujaning atiku ngluru ngelmu.

DinaSenin, bocah anyarmau wiwit mlebu sekolah. Aku ora nyana bakal ketemu maneh karo Mika, amarga tak pikir wis ora mbalik neng asale. Tenan, cah anyar mau Mika! Wanita kang tak idham-idham- ake kawit biyen. Aku seneng banget bisa ketemu karo Mika neng panggonan kang ora tak nyana. Pengarep-arepku kanggo nduweni Mika metu meneh saka atiku.

Sawijining dina, aku dolan marang omah Mika kang ora adoh saka omahku. Aku crita-crita pengalamane dhewe. Aku ora sadhar yen saka ilatku metu ukara

“Apa sakiki kowe wis nduweni priya kang tok tresnani? Gan- dheng kowe tambah gedhe lan ayu.”

Mika ketok isin rupane, malah dadi pucet amarga krungu apa sing tak takokake mau kanthi swara lirih.

“Durung ana” jawape Mika.

Atiku tansah sumringah amarga krungu apa kang diomongke Mika.

Aku ngrasakke kaya duwe daya anyarkanggo nyedhaki Mika, amarga dheweke isih dewe durung ana sing nduweni.


> “Murkane Ibu” ee 115 [ 116 ]Awan klawan bengi aku tansah mikir kepiye carane ngetokake rasa tresnaku kang ana ing atiku marang Mika. Aku kelingan nalika nonton teve anaing omahe tanggaku lan weruh acara kang nggam- barake kepiye carane ngetokake rasa tresna marang wanita sing ditresnani. Aku pengin rembugan karo Mika kanthi cara kang neg- semake supaya nduweni rasa kang ora bisa dilalekake.

Sak wijining dina, aku ngajak Mika dolan menyang papan kang aku karo dheweke tau dolan bebarengan. Papan kang bakal tak tuju, yaiku Grojogan Widodaren.

Neng tengah ndalan tumujaning grojogan Mika kepleset. Ora sengaja dheweke ngranggeh tanganku. Iku pengalaman sepisanku gegandhengan tangan karo Mika kang ora bisa tak lalekake.

Tekaning grojogan ora ana papan kang owah, isih akeh kembang- kembang ing sak pinggir grojogan. Aku jagongan ana ing ndhuwur watu gedhe ing sak pinggiring grojogan. Aku mikir, iki wektu kang pas kanggo ngetokake apa kangdadi uneg-uneging atiku. Aku ban- jurmethik kembang Srunen, nyedhak marang Mika lan aku meneh- ake kembang,

“Apa kowe gelem dadi gegantilaning atiku? Rasa tresnaku ma- rang kowe kaya kembang Srunen iki, kang tetep ana lan ora bakal mati naliko rendheng lan ketiga.”

Ukara iki kang metu saka ilatku naliko bareng karo menehake kembang marang Mika. Atiku tansah deg-degan ngenteni jawabane Mika. Ora suwe anggonku ngenteni jawaban, Mika banjur “manthuk” tandha menawa dheweke gelem dadi pepujaning atiku. Atiku tan- sah seneng lan lali yen aku isih ngadeg ana ing ndhuwur watu, se- hingga aku kepleset lan kecegur ing kedhung sak pin ggjring grojogan.

Ora krasa aku wis nglabuhake atiku marang Mika nganti aku kelas 3 SMA. Lan sedelo maneh aku bakal Ujian Nasional. Aku pe- ngin mbuktekake marang Mika yen aku pantes dadi gegantilaning atine. Aku pengin lulus kanthi biji kang apik lan Mika ora kuciwa marang aku.

Telung tahun kapungkur, kanthi sinau kang temen supaya bisa lulus kanthi biji kang apik. Dina iki wiwitane kanggo ujian. Se- minggu iki aku bakale nglaksanakake ujian.

Ujian Nasionalrampung. Aku mung kari nunggu pengumum- an ujian. Aku tansah bingung mikirake kasile ujian.

116 = Antologi Crata Cekak ee. [ 117 ]Dina iki aku pas sewulan anggonku ngenteni kasile ujian. Aku pengin mbuktekake marang Mika, menawa apa kang tak sinau ora sia-sia.

Aku lulus kanthi biji apik. Aku pengin nuduhake kasile ujian marang Mika. Mika uga lulus kanthi biji kang apik.

Ora krasa wis telung tahun aku lulus SMA. Aku isih nggan- tungake atiku marang Mika. Aku pengin rabi marang mika. Aku banjur nyiapake apa kang dibutuhake kanggo persiapan anggonku rabi karo Mika.

bana

Muhammad Isnaini, lair rikala tanggal 15 September | 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Negeri 1 Sami- galuh, Tanjung, Ngargosari, Samigaluh, Kulon Progo, agamane Islam, mapan ing Separang, Pagerharjo, Sami- | galuh, Kulon Progo, hapene n085292 749039, senenge olag raga.


> “Murkane Ibu” ee IT