Tumindak kang Becik

Kidung Megatruh

[ 27 ]TUMINDAK KANG BECIK Tofan Santoso

Toi, anak soleh sing ngabekti marang wong tuwa lan sregep, uga seneng tetulung marang wong liya. Toi duwe kakang jenenge Harry sing kuliah semester enem, Fakultas Hukum. Toi dhewe isih SMA kelas telu. Bapake ora nyambut gawe lan ibune bukak warung ana omah. Keluwarga iki uripe mung saanane.

Dina Minggu awan Toi dipasrahi ibune kon nunggu warung amarga Ibu lan Bapakne arep tilik wong lara. Mas Harry lagi ana kompetisi bal-balan neng lapangan Sinduadi, dadi ora isa nunggu warung,

“Ora rame kaya wingi pas tak tunggu. Njuk kon ngapa iki?” pangucapane sebah. Saka kidul katon Ali mara menyang warung.

“1, tuku ndokke sekilo karo bakmine loro.”

“Arep ngemi, po? Ndokke sekilo kok bakmine mung loro,” pitakone Toi karo njupukke barang sing arep dituku. “Ho... 0, Ha ming aku sing mangan. Ndokke dienggo masak ibuku sesuk-esuk.”

Sawise didoli, Ali banjur lunga bali. Warung dadi sepi maneh, Toi dadi nglanggut maneh. Warung ditinggal dolanan komputer ning njero kamar. Mengkonek ana wong tuku lak ya bengok-bengok, pikire Toi. Ora let suweana wong bengak-bengok.

“L.. Toi...Tol.” “Sekedap, Bu,” wangsulane Toi. “Tumbas napa?””Ana obat bodrek, Le?” pitakone Bu Wiwit Kula padoskerumiyen.”

Wadhah obatdiabul-abul ning ora ketemu. Bu Wiwit banjur lunga. Toi bali mlebu omah maneh neruske dolanan komputer. Wis sakjam luwih Toi dolanan komputer rasane wis bosen. Dheweke dadi ngantuk, banjur keturon nganti magrib, Mripate melek sithik-sithik karo angop, lampu kamare wis murup lan_jendela kamare wis ditutup. Toi banjur ngadeg mlaku menyang kamar mandi.

“Wis tangi, 1?” pitakone ibu alus sinambi nutup warung, “E... Ibu. Kapan kondur?” “Wis kawit mau. Tak delok kowe wis turu, yo wis tak nengke wae.”“Ha mboten wonten sing tumbas, Kula tilem mawon. Karepe sekedap nanging kebablasan.” [ 28 ]Banjur Toi tumuju kamar mandi arep wudhu lan salat maghrib. Rampung neng kamar mandi, Toi manasi sego lan jangan kanggo mangan bengi. Ora let suwe, Mas Harry bali saka bal-balan. Wengi kuwi, keluwarga kuwi padha rembugan kanggo persiapan wisudane Mas Harry.

“Har, sesuk kancamu padha teka mrene ora?” pitakone ibune. “Paling rencang griya, Bu,” wangsulane Harry “Mbak Lina melu ora, Mas?” pitakone Toi. “Muninearep melu,” wangsulane Harry,

Jam sepuluh esuk iki sak keluwarga ditambah Mbak Lina arep nang kampus. Nang kana mung foto-foto lan ngenei ijazah. Sawiserampung sak keluwarga padha bali nang omah nglesanaake syukuran. Ndilalahe nangarep omah ana wong nunggu yaiku kancane mas Harry arep ngucapke slamat. Wusanane kancane padha mlebu omah lan mangan sega kuning bareng-bareng.

Sawise rampung kanca-kancane mas Harry isih dolan nang omah. Toi ora melu ngomong-ngomong nanging ngrewangi ibune nang mburi ngasahi piring lan gelas sing dianggo syukuran. Rampung asah-asah, Toi pamit karo ibune arep dolan nang kanca cerake,

“Bu, kula dolan nggih,” pamite Toi.” Arep dolan nang Mbak kae, ya?” pitakone ibunesumeh. “He... he,” wangsulane Toi karo ngguyu.

Limolas menit Toi teka nang omahe Ningrum. Ndilalahe Ningrum anaing terasomah lagi maca buku. Ningrum bocah wadon enem belas taun, saiki dheweke SMA kelas loro. Toi kenal Ningrum wis setaun luwih, dadi saiki kanca cerak. ToinangomaheNingrum arep ngajak dolan.

“Assalamualaikum,” Toi uluk salam, “Waalaikumsala,”

wangsulane Ningrum. “Lagi ngapa, Dek?” “Njki lagi maca cerkak karyane Pak Bambang.” “Kadingaren Mas Toi mrene?”

Durung nganti mangsuli pitakone Ningrum, Bu Lia, ibune Ningrum njedul. Gragapan,Toi banjur nyauri Bu Lja,

“E...Nak Toi, kok suwe ora mrene?” pitakone Bu Lia. “Badhe nyaosi pirsa. Benjing wonten griya badhe ngadani sukuran, Bu,” wangsulane Toi. “Duwe gawe apa?” “Sukuran kangge mas Harry ingkang sampun wisuda” “O... wisuda, njuk arep nglamar kerja nang ngendi?” “Badhe nglamar dados PNS,” “Apik kuwi ya wis salam nggo Masmu. Gek kana diteruske.”

Banjur Bu Lia ninggalake bocah loro, Toi langsung nerusake [ 29 ]omongane karo Ningrum.

“Aku mrene arep ngajak kowe metu, ana sing arep tak omongke,” pangajake Toi. “Yo wis, ayo. Kayane penting. Mas, nunggu dhisik aku arep ganti klambi.” Sawise ganti klambi Toi lan Ningrum pamit marang Bu Lia. Limang menit Toi lan Ningrum tekan Tamansari. Cah loro padha ngomongkesekolah.

“Dek, saiki Mas wis kelas telu. Mas njaluk dongane adek supaya Masbisa lulus ujian,” jawabane Ningrum.

Let sakjam nang Tamansari, Toi lan Ningrum bali. Saka Tamansari Toi lan Ningrum mampir warung padha mangan soto nang daerah alkid. Sawise padha rampung mangan Toi lan Ningrum banjur bali.

“Assalamualaikum.”

“Waalaikumsalam,” wangsulane Bu Lia. “Seka endi, Rum?” pitakone Bu Lia. “Kula saking maem ten warung,” wangsulane Ningrum. Tekan omah, Toi lan Ningrum ngomong-ngomong saperlune, banjur pamit.

“Bukula badhewangsul rumiyin.”

“Ati-ati, I,” wangsulane Bu Lia.

“Dek, Mas, bali sek, ya.”

“Ati-ati mas.”

Jam lima sore, Toi tekan omahe. Motor dileboke nang jero omah. Toi banjurnemoni Mas Harry.

“Saka endi, 1,” pitakone Mas Harry ““Aku saka dolan nang kancaku, Mas,” wangsulane Toi. “Ya wis, lekadus kana aja lali salat maghrib karo mangan.”

Toi banjur tumuju kamar mandi adus. Rampung adus, Toi njupuk banyu kanggo wudlu arep salat maghrib. Toi njaluk donga Gusti Allah supaya bisa ngarap ujian sesuk lan lulus kanthi apik. Sawise rampung salat, Toi tumuju nang pawon arep mangan. Wes rampung Toi nemoni ibune njaluk donga supaya bisa lulus ujian.

Wengi iku Toi njekut sinau nang kamar. Ujiane telung dina. Sing diujianke yaiku Basa Indonesia, Basa Inggris, lan Ekonomi/ Akuntansi. Telung dina Toi nggarap soal ujian, alhamdulilah Toi isa ngrampungke. Toi banjur dek-dekan soale lulus ora. Ditunggu-tunggu pirang dina ndilalahe guruneToi teka nang omahe nggawa surat kanggo Toi. [ 30 ]Surate banjur dibukak karo ibune. Ibune langsung kaget lan atine seneng bangetamarga Toi lulus ujian. Ibune langsung ngekekke surate nang Toi. Toi banjur kaget lan nduwe rasa seneng banget amarga lulus ujian. Toi langsung maturnuwun kaleh Gusti Allahamarga lulus ujian.

Tofan Santoso, siswa SMA Taman Madya. Jalan Pakuningratan no.34A,, Yogyakarta. "Telepon (0274) 517522, | Lair; 15 Januari 1990. Alamat omah, Nandan, Jetisharjo, Ngaglik, Sleman, Telepon 08180273944.