Kangen Sekolah
[ 63 ]
Tunas Bangsa
Dening: Mara Elim (9C)

Tunas bangsa,
Nemtokake nasib bangsa
Generasi emas bangsa kang gemebyar
Menehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepan
      28 Oktober 1928 puncake
      Para mudha Indonesia ngumandangake
      Sumpah Pemuda
      Ikrar kang sekti mandraguna
      Para pemudha bersatu,
      Ngorbanake jiwa raga tanpa sisa
      Miguna tumprap bangsa lan nagari
Aku bakal njaga teges nyata Sumpah Pemuda
Guyup rukun marang kabeh manungsa,
Nduweni budi pekerti luhur,
Bisa dadi tepa tuladha,
Sregep sinau,
Kareben ngesuk dadi wong kang aji