Urip (Anie Soemarno)

[ 103 ]

18
URIP

yèn urip mung dadi siksaning pangimpèn
kreteg marang sabrang pepesthèn
ya bèn ta manéka warna tansah nggodha
ya bèn 'ta petengé wengi nyebar sepi-sepi

ora ana néndra nganti ilangé wengi
uga yèn ta awan mengko kari wewayangan
teka mbaka siji ,lan ngilang
kahanan bakal dak-sinau dak-sandhang
lan aku terus lumaku lan mbandhang

tenèh apa, apa manèh sing mesthi diranti
tenèh apa, apa manèh sing perlu ditunggu
kabèh wis dadi awu uga omahku kelawu

aku sing pinasthi urip lan mati
ngupaya jarwa antaraning urip lan mati
jroning urip ngubaya pati

Anie Soemarno
(in: Jaya Baya no. 42, June 1964).