Lintang Biru
[ 75 ]

SURATI

SMP Negeri 3 Pajangan

Urip

Uripku ana ing ngisor wit-witan
Wit kang digrogoti rayap
Nganti ambruk ana ing banyu
Sanajan ambruk
Wit iku isih bisa urip maneh
Nanging wit iku ora subur
Amarga ora duwe oyod
Sing bisa kanggo ngadeg jejeg
Bisa kanggo gondhelan
Sebab kabeh oyode
Kropos kepangan dening rayap