Lintang Biru
[ 66 ]

RIVA FAUZIA

SMP Negeri 1 Pleret

Uripku

Uripku kaya Banyu
Banyu sing isih resik, anteng, ayem lan tentrem
Nanging godhong-godhong padha ngregeti
Bocah cilik padha ngopyak-opyak
Urip dadi pating semrawut
Banyu dadi reged lan buthek
Senajan kaya ngono
Ana sing ngancani awake dhewe
Yaikuiwak, lan kanca-kanca
Yen isa sabar lan tamba
Derajate bakal tambah
Terus urip bali anteng, ayem, lan tentrem