[ Cover ]Wasis Maca 6 (page 1 crop) [ Title ]
Wasis Maca


6

Kanggo Sekolah Dasar
klas VI




Pangripta
M.Ng. Sastrosukoco lan R.Ng. Sastrodiharjo dkk.



Sampun angsal pengesahan saking

Direktorat Pendidikan Dasar, Prasekolah lan
Pend. Luar Biasa ing Jakarta tg. 8 Juni '73

No.: C. 712. B/Set/Prasar-X/'73



Penerbit & TB “TIGA SERANGKAI” SOLO
[ 2 ]
PURWAKA

  Nuwun, pandhapukin bab-bab ing Buku-buku Wasis Maca punika dipun larasaken kaliyan Kurikulum enggal lan Modes ( Modernisasi Desa ). Wosipun dipun-angkah sagede saben wulungan ngewrat bab-bab ingkang saged nggigah manahipun lare-lare. Remen dhateng kamajengan, remen dhateng sadhengah karya. Karya punapa kemawon, sauger khalal lan ambekta kamajangan tumprap pribadhinipun saha bebrayan, ingkang saged ngirangi cacahing panji klanthung.

  Makaten ugi sageda nanamaken mental enggal dhateng lare-lare, liripun sageda lare-lare kadunungan greget lan semangat nggayuh majeng, boten marem manawi tnasah nrimah lan mlempem saha dheleg-dheleg kemawon.

  Wusana kita sumanggakaken dhateng kanca-kanca Guru, ingkang sampun wasis lan trampil pundi sagedipun mingunaken Wasis Maca punika ingkang saged murakabi. [ 3 ]
1. Manuk Cendrawasih


 Dhek taun 1551, Raja Bacan ngirimake tandha-mata marang Raja Karel V ing Spanyol. Yaiku wit cengkeh 200 lan manuk cendrawasih 2. Ditipake kapal Spanyol Magelhaen.

Manuk Cendrawasih sing dikirimake mau wis digaringake.

 Nalika taun 1556, pedagang-pedagang Portugis kang nukoni cengkeh lan pala saka Maluku, uga nukoni manuk-manuk cendrawasih garing kang asale saka Irian lan kepulowan Aru.

 Sing dialap wulune sing endah banget iku. Saking apike, manuk mau diarani manuk syorga utawa suwarga.

Sing wulune apik yaiku manuk sing lanang. Sing wadon ora pati apik warnane. Wulune manuk cendrawasih lanang mau, ing awake warna sawo mateng lan endhase kuning emas. Gulune biru campur gilap.

 Ing gegere ana elare loro warnane sawo mateng. Iku dadi elar buntut kang dawa nglewer, babarengan karo elar-elar buntut liyane kang warnane kuning emas.

Manuk cendrawasih mau pirang-pirang jinise. Ana sing wulune warna kuning camour ijo, swo mateng campur ijo, ana sing biru babar pisan.

Ana sing jambule enem. Kabeh jinis katon endah.

Papane ing Irian Jaya lan kepulowan Aru sakulon Irian. Wong Eropah lan Amerika seneng banget marang manuk cenderawasih sing wis digaringake. [ 4 ] Wiwit taun 1556 nganti taun 1900, atusan ewon manuk cendrawasih kang ditukoni dening pedagang-pedagang Eropah lan Amerika. Sangsaya wiwit taun 1910, nalika nyonyah-nyonyah padha seneng-senenge ngaggo topi kang direngga nganggo wulu manuk cendrawasih. Luwih akeh maneh sing diekspor saka Irian Jaya lan Ternate.

 Nalika taun 1911 ana 50.000 kang diekspor saka Manokwari. Pasar lelangane ing London lan New York. Ing pasar lelang mau ora kurang saka 5.800 manuk cendrawasih kang kagolong apik-apik.

 Manuk-manuk cendrawasih iku uripe nggrombol ing pucuking wit gedhe-gedhe. Pakane bangsane kepik kang manggon ing pang-pange wit-wit gedhe mau.

 Gamane wong Irian Jaya lan kepulowan Aru kanggo mbebedha sing akeh tulup dawa.

Esuk-esuk wis padha ndhelik ing pang-pang. Sing padha mbebedhag mau, tukang tulup pilihan.

 Mulane dipilih tulup, sabab ora nywara. Grombolan manuk liyane ora kaget dening swaraning tulup. Isih kena dicedhaki.

 Saanadyan sing ditulup mung sing lanang-lanang, ewa semono yen setaune nganti atusan ewon sing dipateni, suwe-suwe manuk cendrawasih iku bisa cures.

Tujune modhe topi nganggo wulu manuk cendrawasih iku wiwit taun 1925 wis suda.

 Nalika taun 1915, pamarentah Hindia Belanda wis nguwatirake uripe manuk cendrawasih. Mula dianakake undhang-undhang kang ngayomi manuk-manuk cendrawasih ing Irian lan kepulowan Aru. uga pamarentah Republik Indonesia iya nglestarekake undhang-undhang mau.

 Eman banget yen manuk kang endah iku mau nganti cures.


 ----=oOo=----
[ 5 ]
2. Kali Asahan
Wasis Maca 6 (page 7 crop)

 Indonesia sugih kali gedhe-gedhe. Kayata : Kali Kapuas, kali Barito, Kali Mahakam, Bengawan Sala, Kali Berantas, Citarum, Cimanuk, Kali Musi, lan Kali Asahan.

 Kali gedhe samono kehe iku lagi Citarum sing wis bisa ditelukake dening manungsa. Kekuwatane banyu Citarum bisa dibendung ing wadhuk Jatiluhur.

 Banyune Citarum saka wadhuk mau bisa digunakake kanggo nggerakake mesin-mesin listrik. Bisa nganakake kekuwatan listrik 900 yuta KWH (Kilo Watt Hour). KWH iku ukuran kekuwatan listrik.

  900 yuta KWH iku yen wis digunakakke tenan bisa kanggo madhangi kabeh kutha sa Jawa Kulon.

Kajaba kanggo nggerakake mesin-mesin listrik, banyune kali Citarum saiki kena ditata kanggo ngoncori sawah pirang-pirang atus hektar.

 Wadhuk raksasa Karangkates kang mbendung kali Berantas uga wis dadi. Pernahe ana sakidule kutha Malang. Wadhuk Karangkates mau bisa nganakake kekuwatan listrik pirang-pirang atus yuta KWH. Kena kanggo madhangi kabeh kutha ing Jawa Wetan.

 Sing hebat dhewe mbesuke yaiku Kali Asahan.

Kali Asahan ora perlu digawekake wadhuk, amarga kali iki ngilekake banyu saka Tlaga Toba menyang segara. [ 6 ] Wadhuk raksasa Kali Asahan ya Tlaga Toba iku kena diarani wadhuk raksasa kang gedhe banget. Awit jembare 1100 km2, dhuwure 905 meter.

 Tlaga Toba iku banyune tetep akeh. Dadi setaun muput mesin-mesin listrik kang digerakake dening banyune Kali Asahan bakal mubeng terus, non stop, tanpa leren.

 Kali Asahan iku njebol "Bukit Barisan," banjur mili ngalor-ngetan. Anjloge saka pegunungan Bukit Barisan iku nganakake grojogan sing dhuwure 200 meter, yaiku grojogan Sigura-sigura. Ana grojogan liyane maneh, yaiku grojogan Tangga, kang dhuwure 150 meter. Iya grojogan iki kang bisa nganakake kekuwatan listrik.

 Asile kekuwatan listrik 3.200 yuta KWH. Sing ¾ bakal dienggo nggerakake pabrik alumunium kang arep dibangun ing sacedhake pelabuhan Belawan.

 Sing seprapat, yaiku 800 yuta Kilo Watt Hour kanggo madhangi Sumatra Lor wis turah.

 Pembangunan mesin listrik iku ditindakake dening perusahaan Jepang sing gedhe. Ragade 80 yuta dollar AS. Wiwite mbangun taun 1972, rampunge taun 1977.

 Sawise Kali Brantas lan kali Asahan, kali-kali gedhe liyane kaya: kali Mahakam lan kali Kapuas mesthi ya bakal oleh giliran.

 ----=oOo=----
[ 7 ]
Thomas Alva Edison


 Thomas Alva Edison misuwur sadonya amarga bisa nemokake lampu listrik. Iku kedadeyan dhek sasi Oktober 1879. Nemokake lampu listrik iku piye ta tegase ?

 Mardi nemu dhuwit ing ratan. Minem bisa nemokake ali-aline ibune sing tiba ing suketan. Apa Edison nemokake lampu listrik padha karo Minem nemokakae ali-aline ibune ? Mesthine ora.

 Edison ahli ilmu bab listrik, kepingin bisa nggawe lampu sing murube ora marga diiseni lenga, nanging bisa murub marga dayane utawa kekuwatane setrum listrik. Mulane banjur cancut taliwanda karo pembantune, jajal-jajal, nyoba-nyoba gawe lampu listrik.

 Sajrone rong taun olehe nganakake coban-coban nganti ping 3.000. Awan, bengi terus-terusan. Dicritakake, Edison dhewe kadhang-kadhang nganti lali mangan, lan lali turu. Edison wis prasetya, sajrone 2 taun kudu wis ketemu.

 Dadi nemokake ing kene tegese bisa nggawe, bisa nyipta barang anyar kang maune durung ana. Lan nyatane, bisane ditemokake iku sawise terus-terusan mikir. Anggone mikir lan nyoba-nyoba iku suwene nganti 730 dina luwih.

 Dicritakake, nalikane lampu coban bisa mengangah yaiku nalika tanggal 21 Oktober 1879 bengi, Edison lan pembantu-pembantune ndomblong. Ndheprok nyawang kasil karyane. Bungah, gumun, [ 8 ]ora kedhep-kedhep.

Bengkel kang maune peteng dadi padhang njingglang. Saking bungahe nganti ana sing mbrebes mili, netesake eluh. Ana sing jengkeng matur nuwun marang Gusti Allah kang Maha Agung.

Edison lan sawetara mitrane isih kuwatir apa mesine listrik bisa mlaku terus lan lampune bisa murub suwe. Ditunggu terus, sa-jam, rong jam, 4 jam, 5 jam. Mesine tetep mlaku, lampune tetep murub Ora kedhep-kedhep. Saking bungahe, Ora bisa ngampet rasaning ati. Wong-wong padha jingklak-jingklak, rangkul-rangkulan.

Bengi iku Edison karo pembantu-pembantune ora ana sing mulih. Kabeh padha melek terus, nunggoni "jabang bayi" kang lagi miyos lan mencorong mau. Lampu listrik kang kapisan bisa murub nganti 45 jam.

Edison dalah pembantu-pembantune gedhe atine.

Yen lampu kang sepisanan murub. 45 jam, mesthine bisa gawe sing bisa murub 100 jam utawa sing luwih suwe maneh. Edison saya sengkut olehe nyambut gawe ing bengkel. Ora kena dikandhakake sapa-sapa dhisik, ora kena bocor, sadurunge luwih sampurna.

Nalika tanggal 20 Desember 1879, dadi suwene lampu kang kapisan murub wis rong sasi, Edison lagi wani ngundang wartawan koran New. York Herald. Diaturi mriksani urubing lampu anyar, yaiku lampu listrik kang ditemokake dening Thomas Alva Edison ing Menlo Park.

Bareng esuke dicritakake ing koran New York Herald, rakyat Amerika geger. Gumun, akeh kang ora pracaya. Bengine tanggal 21 lan 22, atusan wong kang padha mbanjiri Menlo Park, bengkele Edison.

Tamu-tamu atusan mau diaturi kondur, diaturi sabar dhisik. Diumumake yen bengi malem tahun baru 1880, Edison arep nganakake pameran lampu listrik sing luwih gedhe.

Tanggal 31 Desember 1879, Edison lan pembantu-pembantune nganakake pista Tahun Baru ing Menlo Park, kang durung tau dialami ing Amerika. Tamune nganti 3.000 luwih, saka New York lan kutha-kutha sakubenge Menlo Park.

Sepur pungkasan kang nggawa tamu ewon saka New York tekan ing stasiyun wis wayah peteng, Wektu iku mbarengi anggone Edison nglakokake mesine listrik kang gedhe lan ngurubake lampu[ 9 ]

lampu listrik.

Tamune pirang-pirang ewu saka kutha kang agem-agemane sarwa bregas, kaget, Padha ndomblong, gumun. Maune peteng, banjur ujug-ujug mak byar, padhange kaya raina, Dalan saka stasiyun menyang bengkele Edison, kiwa tengene dipadhangi nganggo lampu listrik.

Latare kang ketutupan salju putih nambahi padhanging dalan. Wit-witan sakubenge digantungi lampu listrik akeh banget, kaya-kaya wit-witan mau padha metu kembange kencana lan woh kencana.

Para tamu ora kendhat-kendhat Olehe gumun. Mula pancen lagi sepisan kuwi weruh listrik. Ora ngukus, ora mambu lenga patra, lan urube ajeg.

Edison tansah cedhak mesin-mesine listrik. Sing diagem klambi bengkel kang akeh gemuke lan akeh bolong-bolonge, marga kepletikan geni.

Nalika nerang-nerangake marang para tamu bab lakuning mesin lan setrum listrik kang liwat kawat kang mlebu ing plenthong lampu, wong-wong ora ngira, yen sing nerangake kanthi alus lan sopan iku Fdison dhewe.

Umure Edison nalika semana lagi 33 taun.

Sawise kedadeyan ing Menlo Park tahun baru 1880 Edison tambah misuwur.

 ----=oOo=----
[ 10 ]
-10-
4. Thomas Alva Edison (tutuge)

 Sawise kedadeyan mau Edison ora ngaso, ora nganggur. Sing diudi, kepriye bisane gawe plenthong sing luwih awet, luwih padhang lan luwih murah. Pabrik plenthong kang mangkono mau banjur diedegake.

 Edison uga ngedegake pabrik mesin-mesin listrik sing luwih kuwat, awet nanging regane murah. Pabrik kabel listrik kang kuwat lan regane luwih murah uga dianakake.

Yen lampu listrik mau ora bisa murub ing saben omah, nanging mung ana omahe wong sugih ora gedhe gunane.

 Awit saka iku Edison pindhah menyang New York. Nata perusahaan listrik sing arep masangi kawat listrik ing omah-omah. Niyate arep gawe sentral mesin listrik ing New York. Sawise nyambut gawe tenanan sajrone 2 taun, perusahaane Edison kelakon bisa ngurubake lampu pirang-pirang ewu ing kutha New York.

 Nalika pista gedhe, kanggo ngramekake urube lisṭrik kapisan ing kutha New York, Edison uga menganggo bregas kaya priyagung-priyagung liyane. Sawise lampu murub kabeh lan pidato-pidato rampung, Edison digoleki ora ana. Jebul wis mlayu menyang sentral mesin listrik.

 Nalika wartawan nemokake Edison, dheweke wis nganggo pakaian kerja maneh, Ndandani mesin kang durung sampurna lakune.

 Tujune Edison kuwat awake. [ 11 ]Yen mangan ora akeh, turune sithik banget, Menawa ora nyambut gawe ya maca buku bab ilmu warna-warna. Sing disenengi banget bab listrik. Ewa samono nganti umur 60 taun prasasat ora tau lara, tetep waras,

 Ing antarane taun 1869 nganti taun 1910 alat-alat anyar kang ditemokake Thomas Alva Edison cacahe 1.328 warna.

 Sadurunge nemokake lampu listrik, wis nemokake telepon lan gramapon. Sawise nemokake listrik, isih nemokake sepur listrik lan gambar hidup utawa bioskup.

 Dhek cilik kepriye Edison iku ?

 Edison lair tanggal 11 Pebruari 1847 ing Milan, Amerika Tengah. Dheweke anak ragile keluarga Edison. Ibu Nancy Edison tresna banget marang Al, yakuwi undang-undangane Edison.

Bareng wis umur 3 taun lan bisa guneman, apa-apa ditakokake. Ibu lan Bapake nganti kesel mangsuli.

 Pitakone marang bapake : “Angin iku kok terus ngidid bae, geneya, Pak ?”

 Wangsulane bapake : “Embuh Al, aku ora ngerti.”

 Takon maneh : ”Bapak kok ora ngerti geneya, Pak ?”

Lan pitakon-pitakon liyane isih akeh banget. Bareng umur 5 taun arep disekolahake, dumadakan lara gabagen rada nemen. Anjalari Al rada suda prungon.

 Bareng umur 8 taun lagi sekolah.

Anggone mlebu sekolah lagi 3 sasi, wis emoh sekolah maneh. Ora seneng, amarga gurune ora tau gelem mangsuli yen disuwuhi priksawarna-warna. Saben dina mung dikon ngapalake bae.

 Mula banjur diwulang ibune dhewe ana ing omah. Ibu Nancy duwe ijazah guru. Al seneng diwulang ibune. Yen Al diwenehi buku, dikon maca, Al dikon ngudi kepriye bisane ngerti sing diwaca. Kudu sregep takon, Al ora tau dikon ngapalake.

 Umur 11 taun wis berdikari. Dodol panganan, buah-buahan lan koran. Kepingin duwe kaya dhewe, kang kena dienggo tuku buku-buku bab ilmu alam.

 Kang disenengi dhewe maca buku-buku bab listrik, lan nyoba-nyoba ilmu alam nganggo alat-alat lan bahan-bahan kimia.

 Umur 16 taun wis bisa gawe alat telegrap dhewe, kaya sing dienggo ing stasiun-stasiun kereta api.

Bakat dadi ahli nemokake alat-alat-anyar iku wiwit umur 12 taun [ 12 ]wis ketara.

 Mangkono riwayate Thomas Alva Edison dhek isih enom. Ngancik umur 30 taun, wis nemokake telepon. Yaiku sawise 7 taun nemokake utawa nyempurnakake alat-alat telegrap.

 Nalika yuswa 75 taun, disuwuni paring wejangan kanggo cekelan urip para nom-noman. Dhawuhe mangkene :

 I. Yen ora wiwit sinau mikir nalika isih cilik, isih enom, nganti tuwa ya ora bakal bisa nyinau apa-apa.

 II. Urip iku nyambut gawe keras. Terus nggoleki wadining alam. Nganti ketemu lan ngerti, Yén wis ketemu banjur udinen bisane kawruh mau kena digunakake kanggo nyenengake uripe manungsa.

 III. Urip ing donya iku sing penting, dudu kasugihan kang dikumpulake nalika isih urip, Nanging sia pangAn marang umat manungsa.

 Thomas Alva Edison seda tanggal 2 Oktober taun 1931, yuswa 84 taun, peputra enem.

 ----=oOo=----
5. Ki Hajar Dewantara


 Tanggal 2 Mei ditetepake dening Pamarentah kita dadi Hari Pendidikan. Kersane Pamarentah saben taun nganakake pengetan Hari Pendidikan iku ngajak supaya bangsa Indonesia kersa melu menggalih bab pendidikan.

 Aja kok kabeh-kabeh dipasrahake marang Pamarentah. Banjur bapak-bapak lan ibu-ibu mung borong weruh becike thok.

 Ora ana warga negara Indonesia sing bisa nyelaki, yen pendidikan iku perlu lan penting. Gelem ora gelem kudu nyekolahake putra-putra[ 13 ]ne, kareben ing besuke bisa dadi wong sing berdikari. Lan dadi warga negara sing becik.

 Sing ora kagungan putra, aja ngarani yen pendidikan ora penting tumraping kemajuan negara lan bangsane.

 Mulane yen pinuju nganakake pengetan Hari Pendidikan kejaba pista kanggo murid-murid, uga dianakake ceramah-ceramah bab pendidikan. Uga kalawarti-kalawarti lan surat-surat kabar ngemot karangan-karangan bab pendidikan.

 Sing dadi rembug yaiku bab kemajuan utawa kemundurane pendidikan kang diparingake marang putra-putra. Apa usahane Pamarentah lan Departemen P dari K kanggo ngajokake lan mbecikake pendidikan lan pengajaran ing taun-taun kang bakal teka.

 Pameran-pameran dianakake, yaiku pameran hasil karyane murid-murid, buku-buku anyar, alat-alat pelajaran lan liya-liyane.

 Wigatine Hari Pendidikan ditibakake tanggal 2 Mei, yaiku dina wiyosane Ki Hajar Dewantara. Ora liya Pamarentah kagungan karsa njunjung asmane Ki Hajar Dewantara. Marga gedhene lelabuhane ing bab pendidikan tumrap putra-putri Indonesia wiwit jaman penjajahan nganti seprene.

 Ki Hajar Dewantara, nalika isih timur asmane RM Suwardi Suryaningrat, putrane KPH Suryaningrat, priyagung Paku Alaman. Idham-idhamane Ki Hajar Dewantara ora liya ya kaya pemimpin-pemimpin kita liyane dhek jaman samana. Yaiku Indonesia Merdeka.

 Kerep dredah karo Pamarentah penjajahan Walanda. Wekasan nalika tanggal 6 September 1913: dibuwang menyang negara Walanda. Ing Nederland RM Suwardi Suryaningrat nyinau babagan Pendidikan.

 Nalika taun 1919 bali menyang Indonesia. Tanggal 8 sasi Juli panjenengane ngedegake Perguruan Taman Siswa.

 Wiwit yuswa 5 windu yaiku ing taun 1928 tanggal 3 Pebruari, asmane ganti Ki Hajar Dewantara.

 Beda banget karo sekolahan Pamarentah Penjajahan kang dhasare kecerdasan thok, kang nguntungake Pamarentah Walanda. Nanging Perguruan Taman Siswa dhasare Panca Darma, yaiku :

  1. Dasar kodrat hidup.
  2. Dasar kemerdekaan. [ 14 ]
    3. Dasar kebangsaan.


4. Dasar kebudayaan.
5. Dasar kemanusiaan.

 Pamarentah Hindia Belanda mesthi bae ora seneng marang Perguruan Taman Siswa. Larangan warna-warna dianakake. Nanging anehe Perguruan Taman Siswa saya suwe saya ngrebda sumebar sa-Indonesia.

  Ing jaman iki dhasare pendidikan ing kabeh sekolahan sa-Indonesia Pancasila. Perguruan Taman Siswa isih tetep madeg ing ngendi-ngendi. Mesthine Pamarentah menggalih dhasare Perguruan Taman Siswa ora cengkah karo Pancasila. Meh kabeh cocok, kena diarani “Saling isi mengisi.” Para sepuh olehe mastani : ”Kaya suruh lumah lan kurepe, Nadyan katone beda, yen digigit padha rasane.”

 Nalika taun 1958 Ki Hajar Dewantara diparingi pisungsung saka Perguruan Tinggi Gajah Mada gelar Dokter Honoris Kausa. Tegese Doktor Kehormatan.

 Wis mungguh lan samesthine gelar mau, Asmane mula banjur katambahan titel : Dr. Ki Hajar Dewantara.
Nalika pasamuwan wisudhan mau Dr. Ki Hajar Dewantara ngendika :

 "Mangke manawi masyarakat Indonesia gesangipun sampun tertib lan damai, wontenipun Taman Siswa kinten kula sampun boten perlu malih.”

 Roncen mutiara utawa sesanti kang disumbangake dening Dr. Ki Hajar Dewantara marang Pendidikan ing Indonesia, yaiku :
Ingarsa asung tuladha,
Ing madya mangun karya,
Tut wuri handayani.

 Dr. Ki Hajar Dewantara seda dhek tanggal 25 April taun 1959. Disarekake ing Ngayogyakarta yaiku ing pasareyan gotrah Taman Siswa "Taman Wijaya Baru.”


 ----=oOo=----
[ 15 ]
6. Raden Ajeng Kartini

 Nalika sasi Juni 1966 aku nunggang bis saka Semarang menyang Jepara. Saka stanplat bis Jepara terus nunggang becak menyang pasanggrahan ing pinggir segara, cedhak kampung nelayan. Olehku nginep ing pasanggrahan mau pancen tak sengaja, arep ngematake alam kang endah, ing pesisir Jepara.

 Sawise ngaso sedhela, adus, banjur lungguhan ing Taman Kartini, patamanan ing ngarep pasanggrahan.

 Sinambi ngombe es limun, aku nyawang tekane ombak gedhe-cilik mawantu-wantu. Aku setengah ngalamun.

 Swarane ombak lan siliring angin marakake aku liyer-liyer ngantuk. Rumangsaku ombak segara mau nywara : Jepa-ra, Je-pa-ra, Je-pa-ra, Karti-ni, Kar-ti-ni,.........

 Mak thekluk, aku gragapan tangi. Ndeleng jam wis wayah jam 5 sore. Aku ngeling-eling swara ing impenku. Pancen cocok karo angen-angenku.

 Jepara iku kondhang amarga RA Kartini. Jepara-Kartini pancen dadi loro-loroning atunggal kang misuwur sa-Indonesia.

 Tekaku ing Jepara, amarga aku oleh uleman ngrungokake ceramah ing pendhapa Kabupaten Jepara bab Pramuka lan Pembaharuan Pendidikan. Kang bakal sesorah nalika samana Bapak Inspektur Daerah Perwakilan Departemen P dan K.

 Senadyan wiwite sesorah jam 7 bengi, aku enggal mangkat, Amarga kepingin weruh pendhapa Kabupaten kang disebut-sebut ing buku ”Habis gelap terbitlah terang,” kang nyritakake gegayuhane RA Kartini.

 Tekaku ing Kabupaten lagi setengah enem, dadi isih padhang. Aku nyuwun palilah marang sing. jaga, arep ndeleng-ndeleng pendhapa Kabupaten sing bersejarah iku.

 Wangsulane sing jaga : ”Kok radi gasik rawuhipun, mangga sakersa manawi badhe mirsani.” [ 16 ]
-16-

 Ngancik ing pendhapa, tuwuh rasa kurmaltku marang bangunan dalem kang sarwa jembar iku, Yen dak gandhengake karo riwayale RA Kartini, saya mandhes olehku ngajeni.

 Ing dalem Kabupaten lan pendhapa iku tuwuh pikiran-pikiran lan ilham-ilham kang mulya ing penggalihe “pendekar putri timur RA Kartini.” Putrane Bupati Jepara kang asmane Raden Mas Adipati Sasraningrat.

 Gegayuhan kang luhur-luhur lair ing dalem Kabupaten iki nalika RA Kartini-dipingit wiwit taun 1891 tekan 1895.

 Sanajan nalika taun 1891 durung tamat sekolahe, rehning wis umur 12 taun, dipunggel anggone sekolah. Banjur dipingit, ora kena metu-metu saka dalem,

 Sawuse dipingit mau, tuwuh pikiran-pikiran sing santer. Priye bisane ngowahi adat kang ngalang-alangi kemajuane kaum wanita. Kepriye bisane kelakon ngedegake sekolahan-sekolahan kanggo bocah wadon, Kanggo ndhidhik supaya bocah wadon bisa maju.

 Kursi wis ditaṭa jejer-jejer kanggo lenggah para tamu kang bakal mirengake ceramah bah Pramuka Jan Pembaharuan Pendidikan.

 Mendah gedhene penggalihe RA Kartini saupama anjenengi pepanggihan bengi iki. Pepanggihan ban pendidikan keng dirawuhi putri-putri pramuka dalah pemimpin-pemimpine putri lan guru-guru SD putri, kang cacahe luwih akeh tinimbang guru-gurune kakung.

 Tanpa dak weruhi ujug-ujug kursi-kursi wis kebak tamu, aku banjur enggal-enggal melu lungguh ing antarane tamu-tamu mau.

 Sajrone ngrungokake sesorah, pikiranku tansah ora bisa uwal saka riwayate RA Kartini. Ing khayalku, aku weruh gambare RA Kartini lamat-lamat ing pojok pendhapa. Putri Timur kang wanten banget penggalihe. Ora maido, sabab RA Kartini iku wayahe Bupati Demak RM Adipati Arya Candranegara.

 Ing taun 1846, nalika ing tanah Jawa durung ana sekolahan, panjenengane wis nekakake guru saka negara Walanda. Didhawuhi mulang putra-putrane.

 "Wong Jawa kudu padha pintere karo Walanda,” mangkono kang dadi penggalihe lan idham-idhamane Bapak Bupati Demak RM Adipati Arya Candranepara mau.

 Raka-rakane RA Kartini diparengake mbacutake pasinaone ing HBS, yaiku sekolah menengah tinggi ing jaman Walanda. Malah ra[ 17 ]kane kang asmane RM Sasrakarta bisa mbacutake pasinaone ing Negara Walanda nganti bisa oleh titel Drs.

 Apa RA Kartini “brontak” banjur miyos saka pingitan, nuli pidato menyang endi-endi ?
Ora, Nanging kabeh isine penggalih disokake ing layang-layange kang tumuju marang mitra-mitrane, penggedhe-penggedhe Walanda sing wis nyambut gawe ing Jepara utawa kang wis rawuh ing Kabupaten Jepara. Sing akeh dhewe layange RA Kartini katur marang Mr. Abendanon sekaliyan.

 Mr. Abendanon ngasta direktur Departemen P dan K ing jaman Penjajahan Walanda. Taun 1911 Mr. Abendanon ngumumake layang-layange RA Kartini awujud buku, jenenge : “Habis gelap terbitlah terang.”

 Marga saka buku mau RA Kartini asmane dadi misuwur lan gegayuhane diweruhi wong akeh. Ora mung ing Indonesia lan Negara Walanda bae, nanging uga ing Eropah lan Amerika. Jalaran saka anane buku mau, para Ibu-ibu ing Indonesia wiwit padha gumregah. Uga marga anane buku iku Pamrentah Penjajahan Walanda nambahi cacahe sekolahan-sekolahan kanggo Rakyat Indonesia.

 Dumadakan aku gragapan. Eling saka anggonku ngalamun, marga krungu keplok-keplok mawantu-wantu, ceramahe wis rampung.

 Sadurunge bubaran, guru-guru putri cacahe 62, padha menyanyi lagu Ibu Kita Kartini.

Ibu Kita Kartini Wahai Ibu kita Kartini
Putri sejati Putri yang mulia
Putri Indonesia Sungguh besar-cita-citanya
Harum namanya. Bagi Indonesia

 Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879 ing Mayong Tanggal 17 September 1904 seda. Disarokake ing Bulu cedhak Rembang.


 ----=oOo=----
[ 18 ]
7. Disiplin Birkenhead



 Nalika taun 1954 kapal pengangkutan tentara Inggris Empire Windrush (Ampaie Winros) Jagi lelayaran ing Laut Tengah, 50 mil saka pasisir Aljazair.

 Pinuju wayah esuk nalika wong-wong lagi ngematake nyawang mletheking Sang Bagaskar ing Cakrawala wetan, krungu swara gumuruh saka ngisor.

 Disusul metune kukus ireng saka njero kapal.
Ana mantros metu liwat andha kamar mesin, rambut lan alise entek kobong. Pipine tatu amba.

 Karo megap-megap dheweke kandha : ”Kobongan ! Kobongan ! Sawuse muni mangkone, ambruk mati.
Kancane, masinis-masinis kang isih ana kamar mesin wis mati kabeh. Genine ngamuk.

 Kapal bagiyan tengah wis murub.
Perwira-perwira kapal lan anak buahe wis tumandang sakatoge nyoba nyirepake geni utawa ngalang-alangi aja nganti ngambra-ambra. Ananging tanpa guna. Geni saya suwe saya gedhe.

 Sawatara perwira lan mantros padha nuntun wong-wong. Dijak unggahi menyang gladhag. Padha diaturi sáreh, dierih-erih, aja cilik ati.

 Kapten kapal William Wilson mutusake supaya wong-wong mudhun kabeh saka kapal Empire Windrush. [ 19 ] Kaya apa rasane atine wong-wong kang padha krungu prentahe Kapten Wilson mau, Yen ora beja, ya mesthi katut kerem bareng karo kapal iku.

 Kapal Empire Windrush mau pinuju ngangkut tentara 1498 saka Timur Jauh. Jumlah semono mau sing 125 wanita, 87 bocah, lan 17 wong cacat.

 Sekocine penolong mung ana 12. Ora cukup kanggo nulungi penumpang samono kehe mau. Ewa samono kahanane ora ribut. Ora ana sing rebutan, ora dhisik dhisikan anggone padha mlebu menyang prau sekoci.

 Pemimpine tentara, Kolonel Robert Scott ngumumake nganggo corong kanthi sareh: “Tentara anak buahku kabeh ! Kita kabeh kudu tundhuk marang Disiplin Birkenhead. Tetep ngadeg jejeg ing gladhag. Mlebune ing prau sekoci penolong ngenteni giliran. Wanita-wanita lan bocah-bocah didhisikake !”

 Kelasi-kelasi lan para perwira kapal tetep nindakake kuwajibane dhewe-dhewe. Ora ninggalake papan tugase kang wis dadi tanggungane, senadyan rasane kaya ana neraka. Amarga kukus kandel lan panasing geni.

 Jam 4.20 kabeh wanita, bocah lan sing padha cacat wis oleh panggonan ing prau sekoci.

 Salah sijining perwira takon marang Kolonel Scott : "Kados pundi anggenipun nata giliran, numpak sekoci selajengipun?”

 Wangsulane Pemimpin : “Tetep kados disiplin tentara. Ingkang nem-nem langkung rumiyin.”

 Para perwira milihi sing enom-enom ing barisan. Yen ana sing nolak, lowongan mau ora dadi rebutan. Liyane tetep ngadeg jejeg, nganti tiba giliran dipilih.

 Bareng kabeh sekoci wis kebak, banjur dikerek mudhun alon-alon, Ora ana sing nggoling utawa miring. Saben sekoci dikemudheni kelasi loro.

 Jam 7.30 kabeh sekoci wis mudhun ing segara, Sing keri ing kapal yaiku tentara 300, kabeh kelasi lan perwira-perwirane.

 Kapten kapal Wilson, kang klambine rowak-rawek, lan sepatune jebol marga kobong, isih mriksa sepisan maneh, apa ana sing isih keri ing kamar-kamaring kapal.

 Kapten Wilson banjur mimpin kelasi-kelasine, nguncal-uncalake [ 20 ] kothak-kothak kosong, blabag-blabag lan kabeh kang bisa kumambang ing segara. Kampul-kampul kena dienggo gondhelan wong-wong sing isih ana ing segara.

 Prentahe Kolonel Scott kang pungkasan : "Nyegur segara !” Kelasi-kelasi mau banjur padha ambyur. Bareng kabeh wis ninggalake kapal, Kolonel Scott lan Kapten Wilson lagi nyegur ing segara. Netepi drajating Perwira sing prewira.

 Lete kang padha nglangi karo prau sekoci ora adoh. Yen ana sing arep ngrebut sekocine, mesthi ya bisa kelakon. Nanging disiplin tetep ditaati.

 ----=oOo=----
Displin Birkenhead (tutuge)



 Kira-kira jam 8.15 wong-wong kang ana ing sekoci padha surak-surak.
Ing cakrawala katon ana kapal barang gedhe kang marani prau-prau sekoci mau. Disusul kapal 3 maneh kang uga arep tetulung.

 Jam 10.15 kabeh kurban Empire Windrush wis ketulungan. Uga sing padha nglangi lan kampul-kampul ing segara. Ora let suwe kapal Empire Windrush kang mengangah kobong ambles ing segara.

 Korban kacilakan Empire Windrush mung 4. Yaiku sing kobong ing kamar mesin. Kurban mung sethithik, amarga disiplin Birkenhead ditaati. [ 21 ] Mungguh mula bukane ana disiplin Birkenkenhead sing dadi pedomane kabeh kapal Inggris iku mangkene:

 Nalika taun 1852 kapal angkut Tentara Inggris “Birkenhead” lelayaran saka Inggris menyang Afrika Kidul.

 Patang puluh mil saka Cape Town (Kipton); kapal Birkenhead numbuk karang sing durung tau digambar ing peta.

 Sajroning 10 menit wong-wong padha geger. Barang-barang ing kapal akeh sing morak-marik. Durung lerem gegere, kapal numbuk Karang maneh banjur pecah dadi loro. Tugelane sing ngarep amblas ing segara. Wong-wong sing isih bisa mlayu padha menyang kapal bageyan tengah lan buri. Tentara sakulawargane cacahe 630, klebu 170 wanita lan bocah-bocah. Praune sekoci kari télu.

 Prau sekoci telu mung cukup. kanggo momot wanita-wanita, bocah-bocah lan saperangan penumpang liyane kang, cacahe 194. Iya wong kang ana ing sekoci telu mau sing bisa dislametake.

 Dene para serdadu liyane kalebu Kolonel Sedney Seton kang isih keri ana kapal tugelan kepeksa ora bisa ketulungan. Amarga ora watara suwe kapale banjur ambles ing segara.

 Disiplin kang ditindakake. Kolonel Sedney Seton ing kapal Birkenhead mau sateruse diarani: Disiplin Birkenhead.

 Sadurunge lelakon Birkenhead, yen ana kapal kacilakan ing samodra semboyane ya: “Singa dhisik nylametake uripe dhewe-dhewe.”
Semboyan: “Wanita lan bocah-bocah didhisikake” Kaya sing di- praktekake dening Kolonel Sedney Seton ing Birkenhead durung ana.

 Kanthi cara mangkono mau, mula dhek taun 1954 disiplin Birkenhead bisa nylametake wong 1494 saka kapal Empire Windrush sing ngalami kacilakan kobong. [ 22 ]
9. APOLLO 11

 Ing jaman kang saya maju kaya sing kita alami iki, saben-saben negara padha mbudidaya ngudi kaweruh supaya ilmu kapinterane bisa ngluwihi karo negara-negara liyane. Luwih maneh ing negara gedhe kaya dene Amerika, Rusia lan liya-liyane. Kabeh padha lelumban ngudi ilmu kepengin mangerteni kepriye kahanane alam saliyane bumi. Upamane Rembulan, planet Mars, lan liya-liyane.

 Dene Amerika salah sijine negara kang dhisik dhewe bisa ndharatake manungsa ing rembulan, kanthi piranti sing diarani Apollo.
 Nalika tanggal 16 Juli 1969 Apollo kang kaping 11 (Apollo 11) wus dipasang ngadeg jejeg. Diapit-apit menara waja 2, sing dhuwure 120 meter.
 Saturnus V, yaiku rokete Apollo 11 kang dhuwure 110 meter, dadi bagiyane Apollo 11 ing sisih ngisor kang diperang dadi 3 roket.
 Jam 20.30 W.I.B. Roket I, yaiku bagiyane Saturnus V sing ngisor dhewe wiwit disumed. Cleret, saka Roket I metu genine. Sajrone 3 sekon Roket I nyemburake dahana, gedhene sanaga raksasa. Swarane gumludhug, gumleger, mbledhos bola-bali. Saturnus V kang bobote 2718 ton wiwit mumbul alon-alon nyurung Apollo 11 menyang gegana.
Roket I kang kekuwatane ngedap-edapi iku, wujude kaya mercon sreng kang gedhe banget. Abuntut geni mengangah lan ngukus.
 Saya suwe mumbule saya rikat. Swarane tetep gumleger.
 Atusan ewu wong Amerika padha mbanjiri Cape Kennedy (keep [ 23 ]kenedi). Padha ndeleng mangkate Apollo 11, yaiku kapal ruang angkasa sepisanan kang bisa kasil nggawa manungsa menyang rembulan. Apollo 11 nggawa astronot 3 yaiku: Neil A. Armstrong (pemimpine), Edwin E. Aldrin lan Michael Collins.

 Telung jam sadurunge Saturnus V disumed, astronot-astronot mau wis munggah ing kamar putih. Panggonane kamar putih ing menara tingkatan dhuwur dhewe. Ing kono dianggoni penganggo ruang angkasa kang putih warnane. Sarwa rapet, rumit lan kebak piranti ”penyelamat” warna-warna.

 Saka kamar putih mlebu ing ”Comando Module; yaiku kapale ruang angkasa sing arep nggawa astronot-astronot menyang rembulan.


 Loro setengah menit sawise Apollo 11 mumbul, dhuwure wis 60 km saka bumi.

 Roket 1 wis entek bahan bakare, ucul dhewe saka Roket II, tiba ngleyang menyang bumi. Roket II wiwit murub, mbacutake nyurung Apollo 11.

 Sangang menit sawise mangkat saka bumi, Apollo 11 dhuwure

wis 177 km. Roket II ucul dhewe saka Roket III. Roket III mbacutake gaweyane Roket II, sing diuripake mung mesin pendorong I, nyurung Apollo 11 tekan 186 km sandhuwure bumi. [ 24 ]


 Apollo 11 iku satemene uga dikendhaleni lan diprentah saka bumi, yaiku saka Pusat Komando ing Houston (Juston) Teras ing Amerika. Sawise dhuwure 186 km saka bumi ana prentah saka Houston sarana siaran radio, kang bisa ditampa ing Apollo 11, sing unine “Maju.”
Mesine Apollo dhewe wiwit diuripake. Apollo 11 banjur wiwit marani rembulan kang bakale 3 dina suwene.

 Pusat Komando ing Houston isine kebak alat-alat televisi lan radio kang namipa lan ngirimake gambar, uga ngirimake komando saka Pusat Komando menyang Apollo 11 bola-bali.

 Kajaba iku isih ana alat-alat listrik elektronik pirang-pirang kanggo ngukur warna-warna lan melu ngendhalekake Apollo 11. Bareng wis adoh banget saka bumi, Apollo 11. wis ucul babar pisan saka daya panggandhenge bumi. Sajroning nglayang utawa mabur menyang rembulan mau, astronot-astronot ngalami lelakon kang lucu-lucu. Para astronot lan kabeh barang ing ruangan kang ora dicencang padha ngleyang-ngleyang marga wis tanpa bobot.

 Pangane diwadhahi gendul plastik. Kaya wadhah tapel gigi, nganggo tutup uliran. Yen mangan kari nyedot bagian cucuke gendul lan mejet bongkote kaya mejet tapel gigi. [ 25 ] Wadine, aja nganti ana gogrogan pangan sing ngleyang ing ruangan, amarga bisa gawe rusake alat pirang-pirang sing ana kono.

 Isih ana gaweyan sing angel kanggo Armstrong kang ngemudeni “Pesawat Komando” (CM). Buntute isih digandheng karo CM “Pesawat Pendarat,” lan ing burine isih ana roket III.

 Cucuke “Pesawat Komando” kudu diwalik lan digandhengake ing “Pesawat Pendarat” (L.E.M). Saka CM “Pesawat Pendarat” lan Roket III kang manggon ing buntuté Pesawat Pendarat banjur nglayang-layang.

 Aldrin ngrewangi Armstrong metu saka cendhela CM, nggawa tali kang gandheng karo CM. Banjur ditalekake ing “Pesawat Pendarat.” Aldrin isih tetep nggoceki “Pesawat Pendarat.”



 Armstrong muter cucuke CM. Diadhepake menyang pesawat pendarat kang bisa ditarik alon-alon. Banjur digandheng karo cucuke CM. Sawise nemplek kenceng, Aldrin terus mlebu CM manèh liwat cendhela.

 Roket III banjur diculake saka “Pesawat Pendarat” (LEM). Saiki sing nuju menyang rembulan kari CM lan "Pesawat Pendarat” manggon ing cucuke CM.

 Nalika Aldrin nglayang marani "Pesawat Pendarat” mau, me[ 26 ]sine "pendorong ” cilik kang ana geger diuripake banjur nyurung awake.

 Astronot tetelu saka cendhela bisa weruh rembulan saka cedhakan. Kaya bal gedhe sing warnane soklat. Adohe saka rembulan kari 160 km. Para Astronot wis wayahe tata-tata.

 Collins saiki sing ngemudheni CM. Armstrong lan Aldrin pindhah mlebu ing “Pesawat Pendarat” (LEM). “Pesawat Pendarat” banjur diculake saka CM. Mesine LEM diuripake, “Pesawat Pendarat” terus diudhunake nganti dhuwure mung kari 16 km. saka rembulan. Lan kanggo nyuda rikate, Armstrong nyumed rokete LEM sing bisa nahan mudhune.

 Akhire LEM bisa ndharat alon-alon lan empuk ing rembulan. Bareng mesine wis dipateni LEM terus ngadeg jejeg lan meneng. LEM bisa ndharat ing rembulan nalika tanggal 21 Juli 1969 jam 3.57 menit wektu Amerika. Banjur dikabarake marang Komando Houston: ”LEM Garuda wis ndharat kanthi slamet.”


 ----=oOo=----
[ 27 ]
10. APOLLO 11 (tutuge)


 Armstrong lan Aldrin ora enggal mudhun. Sawise mangan wareg lan ngaso 6 jam 39 menit, dina Senen 21 Juli 1969 jam 3.57 wektu Amerika, Armstrong wis kelakon mudhun saka LEM kang uga dijenengake Garuda.

 Sadurunge mancik ing rembulan, Armstrong mbukak sawijining tutup ing andha, kang anjalari kamera televisine mlaku, lan 500.000.000 manungsa ing bumi bisa ngetutake pendharatane Armstrong ing rembulan. Mancike ing rembulan nganggo sikil kiwa dhisik, banjur sikil tengen.

 Kang diucapake Armstrong ing mikropun 12 tembung, sing isine uga sejarah pendharatan manungsa sepisan ing rembulan. ”Sejangkah cilik tumraping manungsa nanging jangkah kang gedhe banget tumraping kabeh umat.”



 Armstrong mlaku kanthi ngati-ati, amarga bobote awak entheng banget. Dikandhakake yen dhasare rembulan iku ditutupi bledug lembut banget.

 Tapak sepatune Armstrong dadi tapake wong sing dhisik dhewe ngidak rembulan.

 Sesawangan ing rembulan beda karo ing bumi, nanging uga endah.

 Armstrong njupuk conto-conto watu lan lemah rembulan nganggo cidhuk dawa. Barang-barang mau diwadhahi kothak aluminium.

 Sawatara menit sawise Armstrong, Aldrin uga mudhun, Armstrong banjur mbukak plakat kang ana ing sikile LEM (Garuda) kang unine :

 “Ing kene wong-wong saka bumi ngancikake sikile kang sepisanan; Juli 1969. Kita teka kanthi damai atas namane umat manungsa.” [ 28 ]
-28-

 Jam 4.42 astronot loro mau nancepake gendera Amerika saka plastik ing rembulan.

 Kajaba nglumpukake sawernaning watu, lemah lan bledug kang diwadhahi rapet ing kothak, astronot-astronot mau uga masang alat-alat ilmiah warna-warna kanggo ngukur panase srengenge, lakuning angin, oreging rembulan lan liya-liyane maneh.

 Sawise ngaso setengah jam, Eagle diuripake mesine. Jlagrag lan suthang-suthange Eagle didadekake pancadan. Gembunge Eagle bisa munggah ing gegana. Jlagrag lan suthange ditinggal.

 Eagle munggah ndedel nyedhaki CM kang ngubengi rembulan kaping 14 karo ngenteni tekane Eagle. Sawise Eagle bisa nyedhak, Collins ngati-ati banget olehe nggandhengake cucuke karo Eagle.

EDWIN ALDRIN
MIKHAEL COLLINS

 Sawise kelakon kanthi slamet, Armstrong lan Aldrin enggal-enggal mbrangkang mlebu ing CM nggawa kabeh oleh-olehe saka rembulan.

 sawise astronot-astronot bisa kumpul maneh, lan lungguh kepenak ing kursine dhewe-dhewe, Eagle diculake. Ya eman banget, nanging tiwas ngebot-eboti lan bisa kobong sawayah-wayah.

 Bongkote CM uga diculake saka CM. Marga bahan-bakare wis entek, sawise telung dina nyurung CM. saka rembulan menyang jagad. [ 29 ]

 Nalika Columbia (jenenge CM tanpa bongkot) mlebu ing tlatah atmosfir jagad, banjur mengangah saking panase. Tujune ora suwe, banjur nyegur ing Samodra Pasifik, cedhak Samoa tanggal 24 Juli 1969.

 Enggal-enggal diparani helikopter Angkatan Laut Amerika, Astronot-astronot wis bisa metu saka Columbia. Enggal-enggal tutupe sirah dibukak. Kepingin enggal ngrasakake segere hawa bumi, sawise pirang-pirang dina ambegan nyerot hawa gaweyan.

 Astronot-astronot dikerek munggah ing Heli. Oleh-olehe saka rembulan ora keri. Satekane ing kapal lan dharatan isih kudu dipingit suwene 18 dina. Diresiki saka kuman-kuman sing bisa katut saka rembulan.

 Lakune Apollo 11 saka bumi menyang rembulan bola-bali suwene 8 dina. Adohe rembulan saka bumi ana 381.171 km. Panase ing rembulan yen awan luwih saka 1170 C, yen bengi kurang saka 137⁰ C.

 Sadurunge Apollo 11 diangkatake menyang rembulan, Apollo 1 tekan Apollo 10 sajrone 8 taun wis dicoba. Golek pengalaman kanggo nyampurnakake cara lan alat-alate.
Ragade kanggo gawe Apollo 11-700.000.000 dollar AS.

 Saiki kayal kita, kang nggambarake yen blentong-blentong ireng [ 30 ]
-30-

ing rembulan iku wit ringin gedhe, lan ing ngisore ana widadarine lagi lungguh mangku kucing, wis bakal ilang. Manungsa wis kelakon ndharat ing rembulan.

 Rembulan iku ya kaya bumi. Nanging luwih cilik, ora ana thethukulane, ora ana hawane kang kena dienggo ambegan manungsa. Isine gunung lan kawah-kawah. Ya gunung lan kawah-kawah mau sing katone saka bumi kaya wit ringin lan widadari.

 Astronot-astronot kang kapisan mau warganegara Amerika.

 Kapan astronot-astronot Indonesia uga darmawisata menyang rembulan?

Sing bisa netepake wangsulane ya mung pemuda-pemuda Indonesia dhewe.

 Anggere saya mempeng olehe nambah kawruh bab Ilmu Alam, Ilmu Pasti, Kimia, Electronica lan Ilmu ngenani Ruang Angkasa mesthi ya kelakon.

 ----=oOo=----
[ 31 ]
13. KOPERASI


 Nalika tanggal 7 Juli taun 1967, bapak Pengawas rawuh ing SD Sukamaju. Perlu mriksa koperasine murid-murid. SD Sukamaju kang klebu apik dhewe sa-Banyumas.

 Bapak Pengawas wis paring kabar sadurunge, bab dina rawuhe. Nalika Landrovere bapak Pengawas jam setengah sanga mandheg ing ngarep sekolahan, bapak Kepala Sekolah, bapak Penilik lan Bapak Inspeksi Kabupaten Banyumas wis siyaga ing sekolahan.

 Bapak Pengawas lan Pembantune diaturi lenggah ing kantore bapak Penilik kang uga ana pekarangane SD Sukamaju.

 Ing kantore pak Penilik ana lemarine loro sing disedhiyakake kanggo koperasi.

Buku-buku cathetan sing ana lemari dipundhut pak Pengawas, Sijine buku induk, liyane buku harian.

 Uga bukune cathetan mlebu metune dhuwit dipundhut pak Pengawas. Sawise buku-buku mau diteliti, pak Pengawas ndangu, endi bocah-bocah sing dadi pengurus koperasi.

 Penguruse koperasi didhawuhi ngadhep. Ditepungake marang bapak Pengawas.

Hartana murid klas VI pangarsa, Sutarti murid klas V dadi wakil [ 32 ]
-32-


pangarsa (wakil ketua).

Pemegang lemari induk: Kartini, klas VI, lan pembantune Darmin klas V.

Pemegang lemari harian; Jaka, klas Yi pembantune Sumarti klas V.

Hartaka (keuangan): Sumantri, klas VI Pembantune Saleh, murid klas V.

Bocah-bocah warga pengurus dipasingi salam dening bapak Pengawas.

 Ngarepake jam sanga pak Bank lan Pembantune diaturi pindhah menyang bangsal. Ing kono wis akeh sing padha lungguh ing kursi-kursi sing wis disedhiyakake.

 Pak Penilik ngendika: "Kula matur nuwun dene Bapak Pengawas sampun kalampahan rawuh saestu ing SD Sukamaju. Samangke sadaya pengurus koperasi SD ing wilayah kula, sampun kula klempakaken. Cacahipun gangsalwelas, kalebet pamongipun inggih punika guru-guru klas V lan klas VI sarta para warga POM.

 Panyuwun kula boten sanes, mugi Bapak Pengawas kersa ma[ 33 ]ringi wejangan dhateng sadaya lare-lare kaliyan tiyang sepuh ing wilayah Sukaraja ngriki ingkang sami gancrung dhateng koperasi, Wasana sumangga !

 Bapak Pengawas jumeneng, ngendikane: "Anak-anak Kula sadaya, ibu-ibu, bapak-bapak warga POM, bapak Penilik, bapak-bapak Guru SD, Bapak Kepala Inspeksi Kabupaten ingkang kula kurmati. Kula matur nuwun dene panjenengan sampun sami kersa ngempal ing bangsal ngriki perlu mbagekaken dhateng kula ing Sukamaju.

 Dhateng kula ing SD Sukamaju pancenipun namung badhe ningali kemajenganipun koperasi ingkang dipun tindakaken dening anak-anak kula murid-murid SD. Jebilipun Bapak Penilik mundhut supados kula ugi nyaosi ular-ular dhateng sedaya warga POM.

 Kula malah bingah lan matur nuwun dhateng Bapak Penilik. Amargi kula lajêng saged nerangaken dhateng bebrayan, bab wigatosipun ngawontenaken koperasi dipun wiwiti wonten ing SD. Keparenga kula wiwiti. Kula tujokaken dhateng lare-lare.

 Putra-putraku kabeh, Bapak mau wis merlokake mriksa lan niti lemari loro kang ana ing kantor. Sijine lemari “Induk.” Sijine maneh lemari “Harian.”

Bapak seneng banget ngerti carane nata buku tulis, buku gambar, potlot, bolpoin, garisan, setip, potlot gambar, notes lan liya-liyane. Bapak bisa rikat ngetung cacahe tumpukan buku tulis, marga olehe numpuk nglima-nglima, diselang-seling biru putih, geger, weteng. Tak cocokake karo "buku Induk” cacahe bener.

 lehe nggarap buku Induk setiti, tulisane resik lan apik. Sabendina Senen ajeg ditutup, ditanda tangani dening pemegang lemari Induk, pembantune, Ketua lan diparingi parap pak Kepala Sekolah.

 Lemarine Harian olehe nata uga rapi. Bukune Harian saben dina ditutup. Seminggu sepisan difutup minggon, sawise entuk jogjogan barang saka lemari Induk. Uga tulisane sing padha nyekel lemari Harian resik lan apik.

 Saben minggu buku Harian uga ajeg ditanda tangani dening Pengurus lan diparingi parap bapak Kepala Sekolah.

 Anggone nyatheti mlebu metune dhuwit uga teliti banget, Sa[ 34 ]
-34-

ben dina ditutup, seminggu sepisan tutupan minggon. Dhuwit sing kena dicekel Hartaka, paling akeh mung Rp. 150,-. Saluwihe kudu dititipake ing pethi besine pak Penilik.

 Kabeh cathetan kang tinemu ing buku-buku mau penting banget tumraping koperasi. Buku-buku mau dadi jantunge koperasi. Yen buku-buku mau resik, teliti lan ajeg tegese jantunge waras, koperasine apik. Iki pokok. Yen wegah gawe cathetan-cathetan, aja nganakake koperasi.

 Yen emoh gawe cathetan sing rapi, resik lan teliti, aja gawe koperasi. Barang-barang wis metu, wis payu, emoh nyathet. Wekasane ruwet. Barang iku ya dhuwit. Tegese barang mau anane amarga dituku nganggo dhuwit. Yen nyeler buku tulis siji, padha karo nyolong limalas rupiyah. Yen ngisruhaken buku tulis 4 tegese ngrugekake warga-warga koperasi 60 rupiyah.

 Yen Bapak arep mriksa kahanane koperasi, cukup mriksa buku telu mau yaiku sing dadi jantunge koperasi. Banjur ngetung cacahe dagangan kang ana, ngetung dhuwit kang disimpen sarta mriksa cathetan. Kajaba ngetung dhuwit, kabeh wis tak tindakake. Tinemune becik, lan aku marem banget.

 Bocah-bocah pinter olehe milih pengurus. Kabeh sing dipilih tulisane rapi lan resik. Lumrahe bocah kang tulisane rapi lan resik iku jujur, sregep, setiti. Pak Kepala uga tlaten lan ajeg olehe nuntun putra-putrane,”

 ----=oOo=----
[ 35 ]
14. Koperasi (tutuge)

 "Para pamiyarsa, makaten koperasinipun putra-putra panjenengan satleraman. Putra-putra panjenengan salebetipun nem taun dipun-gladhi, dipun-kulinakaken ngregeni yatra. Tegesipun tinimbang tumbas buku seratan regi Rp. 15,—ing wande rak aluwung dipun-tumbasaken_ing koperasi sekolahan, reginipun namung Rp. 13,-. Tur.taksih angsal bathi Rp.1,- dipun-simpen ing koperasi. Ing tutupan taun dipun-sukakaken wangsul, sareng kaliyan celenganipun. Makaten punika ngengingi sedaya barang ingkang dipun-sade. Langkung mirah tinimbang ing toko, tur taksih angsal bageyan bathinipun.

 Putra-putra kula Hartana lan Sutarti, pangarsa lan wakilipun ingkang ngrangkep dados juru kilak, ngertos dhateng reregenipun barang-barang.

 Nanging Hartana lan Sutarti ngertos ugi, manawi anggėnipun kilakan boten mawi yatranipun piyambak, Nanging yatranipun kanca-kancanipun sasekolahan ingkang cacahipun 300. Saben lare nyelengi wonten ing koperasi Rp. 50,-.

 Piyambakipun boten purun lan boten wantun mbathi, lajeng dipun pek piyambak. Amargi makaten punika sami kaliyan nyolong. Koperasi tegesipun nyambut damel sesarengan, adhedhasar sami pitadosipun. Ajak-ajakan nyuda reginipun barang-barang ingkang dipun betahaken saben dinten. Sarana tumbas sesarengan [ 36 ]
-36-

reginipun langkung mirah tinimbang tumbas piyambak utawi eceran.

 Lampahing pikir pancenipun prasaja sanget. Sadaya warga bebrayan, punapa ing dhusun, ing kitha punapa ing sekolahan, saten dintenipun temtu betah barang warni-warni, Punapa lisah patra, lisah klentik, gendhis pasir, sabun, sarem lan taksih kathah malih, Menawi bebrayan ing sekolahan mbetahaken buku, potlot, setip, garisan, lan sanes-sanesipun.

 Sanajan kaotipun namung sekedhik, setengah utawi serupiyah, perlu sanget dipun-ajeni. ”Sedikit-sedikit bisa menjadi bukit.” Nglempakipun setaun dados kathah.

 Miturut katranganipun Jawatan Koperasi, ing Indonesia kathah koperasinipun. Nanging ingkang kathah gesang boten pejah boten. Kabaripun boten sekedhik. pengurusipun ingkang nyleweng. Warganipun koperasi ugi boten sekedhik ingkang ngemplang, boten purun nyaur sambutanipun, Dados menawi makaten niyatipun namung ngedegaken perkumpulan korupsi, plang-kinemplang lan weng-nyleweng.

 Kula kengetan nalika taun 1956. Kula cobi-cobi badhe ngedegaken koperasi ing Kecamatan Lendah. Lendah punika celak Brosot Ngayojakarta.

 Nalika kula nerangaken bab koperasi, wangsulanipun wakilipun rakyat ing dhusun makaten :

 “Nuwun sewu pak, Manawi koperasi, trimah mopo, trimah boten kemawon. Sampun kapok. Amargi sampun kaping 23 kita dipun-jak ngedegaken koperasi, Nanging tansah mawut kemawon. Amargi pawitanipun wongsal-wangsul dipun keprasi utawi dipun korupsi pengurusipun, Wiwit jaman Landi, Jepang lan jaman merdika punika sami kemawon. Dipun keprasi, nuwun sewu tegesipun dipun korupsi.”

 Manawi koperasi ing negari-negari sanes saged dados sumbering kemakmuran rakyat, kula boten pitados manawi koperasi boten saged gesang ing bebrayan kita. Kula boten pitados manawi cacahing tiyang jujur ing Indonesia kawon tinimbang cacahing tiyang ingkang boten jujur. Kangge bukti putra-putra panjenengan ing SD Sukamaju punika.

 Tigang taun urut-urutan tansah dados juara koperasi SD sa-Banyumas. Kinten kula boten namung saking sawabipun nami [ 37 ] Sukamaju utawi Banyumas kemawon. Saupami naminipun dhusun Sukangantuk lan dhaerahipun Banyuseng, putra-putra panjenengan kinten kula benjing tetep dados kader koperasi ingkang. pengpengan. Bregas-bregas, jejeg-jejeg sikapipun. Makaten wau boten sanès, ugi saking bimbingan lan bombonganipun para tiyang sepuhipun. Kula ngaturaken hormat dhateng Ibu-ibu lan Bapak-bapak warga POM.

 Bapak-bapak lan ibu-ibu !

Atas naminipun Bapak Kepala Inspeksi SD lan Bapak Kepala Perwakilan P dan K, kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, Dene panjenengan sedaya sampun nindakaken pendidikan mental ingkang sanget wigatos. Inggih punika : Mental saged ngregeni yatra. Mental gemi, tertib, lan-jujur, Mental remen ngabdi dhateng kabetahanipun lare kathah. Boten sarana pidato, nanging tumindak ing koperasi.

 Mental tigang bab wau dadosa sangu ingkang ipakos, kangge lare-lare ingkang badhe wangsul dhateng mental bebrayan.

 Matur nuwun.”

 ----=oOo=----
[ 38 ]
-38-
15. R. Ng. Ranggawarsita

 Sinuwun Paku Buwana kaping VII ing Surakarta, kagungan abdi dalêm Pujangga, asmane R.Ng. Ranggawarsita. Pujangga yaiku wong kang ahli marang kasusastran.

 R.Ng. Ranggawarsita nalika timure kekasih Bagus Burham, Wiwit ngancik umur 12 taun wis kaperdi lunga ngaji menyang Panaraga, nyantri marang Kyai Imam Besari.

 Bagus Burham ana Panaraga ora netepi kuwajiban dadi santri.

Ora mungkul anggone ngaji, nanging malah seneng nglakoni panggawe maksiyat. Dhemen klambrangan, urakan, adu jago, sarta ngabotohan warna-warna.

 Kyai Imam Besari judheg atine, rumangsa kuwalahan-anggone mulang muruk marang Bagus Burham. Kuwatir manawa nulari watak ala marang santri-santri liyane, Mulane Bagus Burham banjur ditundhung lunga saka pondhok pesantren Panaraga.

 Bagus Burham ora wani mulih menyang Sala, banjur nglambrang saparan-paran. Kalunta-lunta nganti tekan Mediun lan Kediri.

 Suwe-suwe Kyai Imam Besari tuwuh welase marang Bagus Burham. Mangsa ta, Guru santri kang wis misuwur jenenge teka orabisa nelukake kanakalane bocah mursal, Kyai Guru banjur utusan santri-pinituwa supaya nggoleki Bagus Burham.

 Sawise ketemu, Bagus Burham dijak bali menyang pondhok Panaraga. Sabanjure Sang Bagus Burham bisa kabuka atine lan mempeng sinaune.
Watara 4 taun Bagus Burham wis paseh maca Qur'an sarta wasis marang maknane kabeh.

 Nalika semana sing jumeneng Nata ing Surakarta Hadiningrat [ 39 ]ingkang Sinuwun Paku Buwana kaping VII. Panjenengane Nata kang ambek Pinandhita. Ing taun 1844 Sang Prabu karsa misuda Bagus Burham dadi Kliwon Carik ngiras dadi Pujangga Kraton, kapatedhan sesebutan R. Ng. Ranggawarsita.

 R. Ng. Ranggawarsita saya suwe saya misuwur asmane marga saka awas paningale.
Bisa maca kahanan kang durung kelakon. Ngarang buku jangka warna-warna, Kayata : Kalatidha, Jakalodhang, Sabdajati, Wedhatama-piningit lan sapiturute. Ngarang carita kuna kanggo nuntuni watak budi luhur, kayata : Pustaka Raja Purwa, Cemporet lan sapanunggalane.

 Kacarita ing sawijining dina ana manuk pagak mencok ana wuwungan Kraton karo ngalup tanpa leren : gaok, gaok, ga.....ok, ....ok.....

 Sang Prabu banget eram ing panggalih, dene ana gagak ngalup sing nyalawadi. Apa ana ngalamat sing ora becik tumrap marang Kraton.

 Sang Prabu banjur utusan Mantri Gandhek, nimbali Kaliwon Pujangga R. Ng. Ranggawarsita. Mantri Gandhek banjur mangkat. Ora antara suwe Mantri Gandhek bali ngadhep Sang Prabu, sarta munjuk atur, yen ki Pujangga matur sendika. Mung wae sarehne panganggo prabot pasowanan ora ana, dadi durung bisa marak.

 Sang Prabu mesem sarta dhawuh : ”Hm, mentas bae ingsun patedhani sandhangan sapangadeg. Kena apa saiki wis ora ana ?”

 Mantri Gandhek munjuk : ”Nuwun Gusti, bab punika ugi sampun kawula welehaken. Nanging Ki Pujangga nerangaken, bilih sadaya panganggenipun telas kangge dedana tiyang kecingkrangan.”

 Dhawuhe Sang Prabu : ”Iya, iya ..... ingsun wis mangerti kabeh. Pancen kakang Rangga wong becik atine. Yen tetulung nganti ora ngelingi kemlaratane dhewe. Wis bocah Gandhek, saiki baliya maneh nimbali kakang Rangga. Sarta nggawaa panganggo sapangadeg,”

 Mantri Gandhek tumuli mangkat kanthi nggawa panganggo sapangadeg, Reroncene laku ora kacarita. Enggale carita R. Ng. Ranggawarsita wis marak ing ngarsane Sang Prabu, Lan banjur tampa dhawuh bab kaanane manuk gagak kang muni ngalup tanpa leren. [ 40 ]
-40-

 Unjuke R. Ng. Ranggawarsita : “Nuwun Gusti, ungelipun gagak boten teges ngalamat punapa-punapa. Awit sampun limrah gagak mencok ing panggenan ingkang inggil kaliyan mungel. Amung sarehning gagak punika damelipun mangsa bathang, dados ungelipun wau sambet kaliyan bathang kere ingkang kumambang ing benawi Sala. Kaprenah wonten ing kedhung sabrangan Bacem.”

 Sang Prabu banjur utusan Mantri Gandhek niti priksa kaanane kedhung Bacem. Tinemune papriksan ing Bacem nyata ana batirang jisime kere, kumampul ing banyu.

 Manut paniti priksa, kere mau wong sing prasasat abdi mitrane Sang Prabu. Kerep tampa ganjarane Sang Prabu wujud dhuwit lan sandhangan.

 Dene lelabetane kere mau, dhek Sang Prabu isih jumeneng Pangeran, kerep lalangen watangan utawa sodoran ing alun-alun.

 Nalika samana Sang Prabu dhawah saka titihane nganti oŗa emut. Bareng wungu jebul dumunung ana ing gendhongane kere mau.

 Bab mau enggal kalapurake marang ngarsadalem Sang Prabu.

 Sang Prabu enget wewentehan marang pitulungane kere mau. Banjur dhawuh marang Bupati Gedhong supaya ngrukti jisime kere mau nganti paripurna.

 ----=oOo=----
[  ]