ꦢꦺꦴꦚ꧈ sarta: ꦱꦺꦴꦚ sami kaserat nganggé taling-taroeng, boten nganggé soekoe.
Temboeng ngamantja ingkang sampoen kanggé ing temboeng Djawi, panjeratipoen mitoeroet paketjapanipoen temboeng ngamantja waoe, kadosta: ꦧꦒꦱꦶ꧈ saking Bagage.
Seselan: ꦤ꧈ kadosta: ꦥꦶꦤꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ poenika kaserat tanpa pasangan: ꦤ꧉
IV. TEMBOENG ANḌAHAN INGKANG MAWI PANAMBANG.
Panambang ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi toemrap ing wanda sigeg: ꦲ nipoen malih dados aksara sisigeg waoe, kakosta: ꦲꦮꦤ꧀ꦤ꧈ ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺ꧈ ꦊꦊꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦤꦁꦒꦥ꧀ꦥꦶ꧈ ꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀ ꦫꦲꦧ꧀ꦧꦤ꧉
Panambang ꦲ h. Manawi wonten sawingkingipoen wanda menga nglegena, kaserat tetep: ꦲ꧈ kadosta: ꦧꦶꦱꦲ꧉ [ 7 ]
Temboeng ingkang poerwanipoen: ꦲ꧈ sarta wandanipoen wekasan sigeg, manawi kadamel dwi-lingga, poerwanipoen temboeng ingkang wingking boten éwah dados sisigeg waoe, kadosta:
ꦲꦭꦸꦤ꧀ — ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ boten: ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦤ꧀꧈
ꦲꦭꦁ — ꦲꦭꦁꦲꦭꦁ ” ꦲꦭꦁꦔꦭꦁ꧉
VII. TJAMBORAN.
Boentoetipoen akalijan bab VI. (Dwi-lingga), temboeng tjamboran ingkang temboengipoen ing ngadjeng wandanipoen ing wingking sigeg, sarta temboengipoen ingkang wingking apoerwa: ꦲ꧈ poerwa: ꦲ waoe boten éwah, kadosta:
ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀ boten: ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦤꦫꦸꦩ꧀꧈
ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦲꦧꦺꦴꦤ꧀ ” ꦱꦥꦶꦠ꧀ꦠꦧꦺꦴꦤ꧀꧉
h. Aksara swara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧈ kanggé njerati temboeng mantja, manawi soemedya katjeṭakaken. n. ꦉ꧈ kalijan: ꦊ꧈ lastantoen kanggé ing seseratan. [ 13 ]
13
ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦈ꧈ ꦎ꧈ Boten wenang dados pasangan, mila sisigeg ing ngadjengipoen kapangkoe, kadosta: ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈ ꦊ꧈ manawi dados pasangan kawangsoelaken: ꧀ꦭꦼ꧈ kadosta: ꦲꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦔ꧈ ꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀꧈ ꦉ꧇ pasanganipoen lastantoen ꧀ꦉ꧉
XII. AKSARA RÉKAN.
Aksara rékan kanggé njerati temboeng mantja manawi parloe baḍé katjeṭakaken
Aksara rékan ingkang soemambet ing wanda sigeg, manawi pasanganipoen aksara rékan waoe boten kaleres kaserat wonten sawingkinging sisigeg, aksaranipoen sisigeg kedah kapangkoe, kadosta: ꦩꦸꦏ꧀ꦠ꦳ꦶꦂ꧈ ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀ꦒ꦳ꦤꦶ꧉
Aksara rékan manawi angsal sanḍangan: woeloe, pepet, tjetjak oetawi lajar, tjetjakipoen tiga wonten ngadjeng (kiwa) sanḍangan, kadosta: ꦢ꦳ꦶꦏ꦳ꦶꦂ꧈ ꦥ꦳ꦂꦭꦸ꧉
XIII. ANGKA DJAWI.
Angka Djawi amoeng kénging kanggé oeroet-oeroetaning bab sarta kanggé titi-mangsa.
XIV. ANGKA ROEM.
Angka Roem kénging kaanggé wonten ing seratan sastra Djawi, inggih poenika kanggé oeroet-oeroetan, angka taoen, sasaminipoen, déné aksara Latin kénging kasamboet kanggé oeroet-oeroetan. [ 14 ]
14
XV. AKSARA LATIN DALAH ANGKANIPOEN.
Aksara Latin dalah angkanipoen manawi kaserat amor kalijan aksara Djawi: kadjèdjèr, dados toemoet kaserat sanganḍap garis.
XVI. AKSARA ARAB DALAH ANGKANIPOEN.
Aksara Arab dalah angkanipoen, manawi kaserat awor kalijan aksara Djawi, kadjèdjèr, dados toemoet kaserat sanganḍap garis.
Panambang: ꦲꦤ꧈ manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga, kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ roemijin, katranganipoen kados panambang: ꦲꦶ꧈ amargi panambang: ꦲꦤ꧈ poenika dados rimbag: sambawa (agnja)ning i-krija.
h. Tétéla saking paketjapan, temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga manawi kapanambangan: ꦲꦏꦺ꧈ kapitoeloengan ing sisigeg: ꦏ꧈ roemijin, oepaminipoen: ꦭꦫ — ꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧉ Panjerat: ꦔ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈ poenika njoelajani traping panambang, déné: ꦲ꧈ poerwaning panambang boten malih dados sisigeging wanda wekasan, nanging
wonten perloenipoen, inggih poenika kanggé mbédakaken kalijan temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg ing aksara: ꦏ꧈ soepados nggampilaken panjoeraos, damel paḍanging oekara.
n. Sisigeg: ꦤ꧈ poenika asring kalintoe ing: ꦏ꧈
ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ — ꦠꦺꦏꦺꦴꦏ꧀꧈
ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ — ꦏꦺꦠꦺꦴꦏ꧀꧈
ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ — ꦮꦺꦢꦺꦴꦏ꧀꧈
Wonten temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg: ꦤ꧈ manawi dipoen-panambangi: ꦲꦏꦺ꧈ sisigegipoen: ꦤ꧈ éwah dados: ꦏ꧉ Sarèhning sisigeg: ꦤ꧈ asring kalintoe ing: ꦏ꧈ mila traping panambang inggih kados manawi roemaket ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan sigeg: ꦏ꧉
Panambang: ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ trapipoen kados panambang: ꦲꦺ꧉ Manawi toemrap ing temboeng ingkang wandanipoen wekasan menga ing paketjapan kados kapitoeloengan panambang: ꦲꦤ꧀ nanging panjeratipoen boten.
Temboeng ingkang apoerwa aksara: ꦲ꧈ manawi kadamel rimbag: dwi-lingga, sanadjan paketjapanipoen aksara: ꦲ꧈ poerwaning lingga ing temboeng ingkang wingking malih dados sisigeging wanda wekasan ing temboeng ingkang ngadjeng, nanging panjeratipoen kalastantoenaken aksara: ꦲ꧈ preloenipoen soepados katingal tjeṭa manawi poenika temboeng dwi-lingga. Makaten oegi aksara: ꦲ꧈ poerwaning temboeng ingkang wingking temboeng tjamboran.
IX.
Gemboeng poenika kala kinanipoen kalebet sanḍangan, ananging ing djaman sapoenika sampoen limrah kaanggep pasangan, mila boten kénging kaserat roemaket ing pasangan ingkang doemoenoeng wonten sanganḍaping aksara, amargi baḍé awoedjoed aksara soengsoen tiga.
X.
Aksara moerda kanggé ing seseratan, kadosta: ꦏꦂꦟ꧈ ꦏꦂꦰ꧈ ꦏꦟ꧀ꦛꦶ꧈ ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ ꦲꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈ poenika noelad tjara [ 24 ]
24
Sanskrita, nanging kirang sampoerna, amargi kaṭah ingkang boten katoelad, mila prajogi kaitjalan kémawon, makaten oegi namaning redi, lèpèn, kéwan sasaminipoen, inggih boten kaserat mawi aksara moerda, amargi ingkang makaten poenika tiroe-tiroe panganggénipoen aksara moerda ing sastra Latin, dados aksara moerda amoeng kantoen kanggé ing tata-proenggoe.
XI.
Anggènipoen aksara: ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ꧈ boten kénging kanggé pasangan, amargi woedjoedipoen salong sampoen kados mawi pasangan, dados bilih kanggé pasangan, woedjoed soengsoen tiga.