Weddha Tama Jinarwa

[ 4 ]
[ 5 ]

Miturut babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta kaya-kaya isih cedhak karo babone kang asli Pangkur.

  1. Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ‘ilmu luhung, kang tumrap ing tanah Jawa agama ageming Aji. 1)
  2. Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun, samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. 2)
  3. Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning manis. 3)

Surasane mung rong pada bae.

    1) Mingar-mingering cara reroncening tetembungan sabab sangka kasengsem mulang putra, rinengga asrining tembang, dibebungah lan diarubiru, murih putus pangulahing kawruh kang pinunjul, kang kelaku ana ing nusa Jawa, miturut agama kang dadi agem-agemaning Narendra.
    2/3) Dijejerake ana ing pakem kang utama, murih ora suda kamempenganing pambudi, iya sanadyan wong tuwa thiklu pisan, yen ora mangerteni marang rasa, sayekti sepi tanpa rasa kaya dene sepah kang wis sepen sarine, manawa pinuju ana ing pajagongane wong akeh, patrap jan pangucape benyunyak-benyunyuk temahan angisin-isini. (R. Tanojo).
  1. Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.
[ 6 ]
  1. Mangkono 'ilmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati, bungah ingaranan cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.
  2. Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadita guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha kandhane si mudha, prandene paksa kumaki.
  3. Kikisane mung sapala, palayune ngandelken yayah wibi, bangkit tur bangsane luhur, lah iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, ring artining tatakrama, nggon-anggon agama suci.
  4. Socaning jiwangganira, pan katara lamun pocapan pasti, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran, yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawira, nora enak iku kaki.
  5. Kekeraning 'ilmu karang, kekarangan saka bangsaning gaip, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, yen kapengkok pancabaya, ubayane mbalenjani.
  6. Marma ing sabisa-bisa, bebasane muriha tyas basuki, puruhita kang patut, lan traping angganira, ana uga angger uger ing kaprabun, abon-aboning panembah, kang kambah ing siyang ratri.
  7. Iku kaki takokena, marang para sarjana kang maratapi, mring topaking tepa tulus, kawawa nahan hawa, wrehanira mungguh sanyataning 'ilmu, tan pasti neng janma wredha, tuwin mudha sudra kaki.
  8. Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ilmu bangkit, bangkit mikat reh mangukud, kukudanganing jiwangga, yen mangkono kena sinebut wong sepuh, lire sepuh sepi hawa, awas roroning atunggil.
  9. Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping aluyut, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.
[ 7 ]
  1. Sajatine kang mangkana, wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi, bali 'alaming asuwung, tan karem karameyan, ingkang sifat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.

SINOM

  1. Nulada laku utama, tumraping wong tanah Jawi, priyagung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati, kapati amarsudi, sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing siyang ratri, amemangun karyenak tyasing sasama.
  2. Samasane pasamuwan, memangun marta-martani, sinambi ing saben masa, kala-kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas, sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dahar lawan nendra.
  3. Saben mendra saking wisma, lelana laladan sepi ngingsep sepuhing sopana, mrih pana pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulús, mesu reh kasudarman, neng tepining jalanidhi, sruning brata kataman wahyu jatmika.
  4. Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamoting driya, rinegem sagegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kangjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan priyagung Ngeksiganda.
  5. Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanthi, jroning 'alam palemunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anyanggemi, ing karsa kangwus tinamtu, pamrihe mung ameminta, supa'ate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
  6. Prajangjine abipraya, saturun turuning wuri, mangkono trahing awirya, yen amaksih mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, Priyagung Ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe padha wibawa.
[ 8 ]
  1. Ambawani tanah Jawa kang padha jumeneng Aji, Satriya dibya sumbaga, tan liyan trahing Senapati, pan iku pantes ugi, tinulad labetanipun, ing sakuawasanira, enake lan jaman mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
  2. Lowung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manelad nulad Nabi, Nayakengrat Gusti Rasul, anggung ginawe umbak, saben seba mampir masjid, ngajap ajap mukjijat tibaning drajat.
  3. Anggung anggubel sari'at saringane tan den wruhi, Dalil Chadis lan ljemak, Qiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bangkrak aneng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone Dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok Palaran.
  4. Lamun sira paksa nelad, tuladhane kangjeng Nabi ongger kadohan panjangkah, wateke tan betah kaki, rehne ta sira Jawi, sathithik bae wus cukup, aja guru aleman nelad khas ngepleki Pekih, lamun pengkuh pangankah yekti karamat.
  5. Nanging enak ngupaboga, rehne ta tinitah la'if, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agami, mangkono mungguh mami, padune wong dahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawane bae tan ngenting, parandene paripaksa mulang putra.
  6. Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni aberag marang agama, maguru anggering khaji, sawadine tyas- mami, banget wediku ing besuk, pranatan akhir jaman, tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tinimbangan.
  7. Marang ingkang angsung pangan, yen kasuwen den dukan, abubrah kuwur tyasingwang, lir kiyamat saben ari, bot Allah apa Gusti, tambah tambuh solahingsun, lawas-lawas nggrahita, rehne ta suta pariyayi, yen mamriha dadi kaum temah nistha.
[ 9 ]
  1. Tuwin kotib suragama, pan ingsun nora winaris, angurbaya ngantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angleluri, aluraning pra leluhur, kuna-kumunanira, kongsi tumeka samangkin, kikisane tan lyan mung ngupaboga.
  2. Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe lan tri pakara, wirya arta tri winasis kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.
  3. Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wusana wosing jiwangga, melok tangga aling-aling, kang ngalingi kalingling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman, angalangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma.
  4. Mangkono janma utama, tumanem jroning asepi, ing saben rikala masa, mangsah amemasuh budi, laire anetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anorraga, wiknya met tyasing sasami, yeku aran wong bareg berag agama.
  5. Ing jamana mengko pan oraa, arahe para taruni, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, panditaning proja sidik, tur wus manggon pamucunge mring mari'fat.

PUCUNG

  1. 'Ilmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan khas, tegese khas nyantosani, setya budya pangekesing dur angkara.
  2. Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.
  3. Beda lamun wus sengsem reh ing asamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martotama. [ 10 ]
    1. Tuman limut durgameng tyas kang weh limput kareming karamat, karana karoban ing sih, sihing suksma ngrepda sardi gengira.
    2. Yeku patut tinulad tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pra mudha mundhi dhiri lafal makna.
    3. Durung pecus kasusu kaselak besus, amaknani lafal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
    4. Kang kadyeku kalebu wong ngaku aku, akale alangka, elok jaman den emohi, paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.
    5. Nora weruh rosing rasa kang rinuruh, lumeket ing angga, anggere padha marsudi, kana kene kahanane nora beda.
    6. Uger lugu denta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kangwus winahyeng sekar Srinata.
    7. Basa 'ilmu mufakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakara.
    8. Lila lamun kelangan nora gegetun, trima yen kataman sak serik sameng dumadi, tri legawa nalongsa srah ing Batara.
    9. Batara gung, inguger graning jejantung, jenek Hyang Wisesa, pan sesedhah-sedhah suci, nora kaya simudha mudhar angkara.
    10. Nora uwus kareme anguwus uwus, uwuse tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta buteng betah nganiaya.
    11. Sakeh luput ing angga tansah liniput, linimputing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala ardane ginawe gada.
    12. Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

6

Weddhatama

[ 11 ]GAMBUH
  1. Samengko ingsun tutur, sembah catur supaya lumuntur, dingin raga cipta jiwa rasa kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
  2. Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, sesucine saranane saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wewaton.
  3. Ing nguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa khas metokken anggit, mintonken kawignyanipun sari'ate elok-elok.
  4. Titik kaya santri dul, gajeg kadi santri brata kidul, saurute pacitan pinggir pasisir, ewon wong kang padha nggugu, anggere padha nyalemong.
  5. Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep arep kurup arsa den kurebi, tan weruh yen urip iku, akale kaliru enggon.
  6. Yenta jaman rumuhun, tata titi lumraha tumaruntun, bangsa sri'at, tan winor lan laku batin, dadi nora duwe bingung kang padha nembah Hyang Manon.
  7. Lire sari'at iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mrih kaot.
  8. Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, lumrahing rah memarah antenging ati, nenungku angruwat ruweding batos.
  9. Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne sampun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
  10. Nanging ta paksa tutur, rehne tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantarane ring utami, sing sapa temen tinemu nugraha geming kaprabon.
[ 12 ]
  1. Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis teteping kawruh, meruhi marang kang momong.
  2. Sucine tanpa banyu, amung nyenyuda ardaning kalbu, pambukane tata titi ngati-ati, atetep telaten atul, tuladan marang waspaos.
  3. Mring jatining pandulu, panduking don dedalanan satuhu, lamun lugu legutaning reh maligi, lagiyane tumlawung, wenganing alam kinaot.
  4. Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng ening eling, ilange rasa tumlawung, kono adil ing Hyang Manon.
  5. Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
  6. Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Suksma, suksmanen saari-ari, arahen dipun kacakup, sembahing jiwa sutengong.
  7. Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuwan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan awas emut, mring alaming lama maot.
  8. Ruktine ngangkah ngukud, ngiket ngruket tri loka kakukud, jagad agung ginulung lan jagad alit, den kandel kumandel kulup, lan kalaping alam kono.
  9. Keleme mawa limut, kalamatan jroning 'alam kanyut, sanyatane iku kanyatahan kaki, sajatine yen tan emot, sayekti tan bisa amor.
  10. Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
  11. Nging aywa salah surup, kono ana sajatining urub, yeku urub pangarep uriping budi, sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.
[ 13 ]
  1. Yeku wenganing kalbu, kabuka ta kang wengku winengku, wewengkone wus kawengku ing sireki, nging sira uga winengku, mring kang pindha kartika byor.
  2. Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah rasa karasa rosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan khasing batos.
  3. Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena uga wenang muluk, kalamun wus padha melok.
  4. Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel ngandel ing takdir, trima lila ambek sadu, weruh wekasing dumados.
  1. Sabarang tindak tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami, sumimpango ing laku dur, ardaning budi kang ngrodon.
  2. Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, ingkang mbuka ing kijabu'llah gaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
  3. Rasaning urip iku, krana momor pamoring sawujud, wujudu'llah sumarambah 'alam sakalir, lir manis kalawan madu, andi anane ing kono.
  4. Endi manis ndi madu, yen wus bisa nuksmeng pasang semu, pasamuwaning Hep Ingkang Maha Suci, kasikeping tyas kacakup, kasatmata lair batos.
  5. Ing batin tan kaliru, kedhap kilat liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widdhi, widadaning budi sadu, pandak panduking lirwenggon.
  6. Nggonira mamrih tulus, kalaksitaning reh kang ginuruh, nggyanira mrih wiwal warananing gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
[ 14 ]
  1. Putih lan kuningipun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair, bisa aliru wujud, kadadiyane ing kono.
  2. Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dening jro wekasane dadi jawi, rasakena kang tuwajuh, aja kongsi kabesturon.
  3. Karana yen kabanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi wong ina tan weruh, dheweke den anggep dhayoh.

KINANTI

  1. Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadya wiryaning dumadi, supadi niring sang saya, yeku pangreksaning urip.
  2. Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak panduking dumadi, mbengkas kaardaning driya, supadya dadya utami.
  3. Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samasa wis kawistara, lelandhepe mingis-mingis, pasah kukir reksamuka, kekes srabedaning budi.
  4. Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitani sakarsa, gumelar'alam sakalir.
  5. Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwusireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sambadeng sedya, wawasen praptaning uwis.
  6. Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saking sathithik, pamothahing napsu hawa, linalatih mamrih titih.
  7. Aywa mematuh nalutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing rubeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira sambekala den kalingling.
[ 15 ]
  1. Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendhet ing ri, apese kesandhung padhas, babak bundhas anemahi.
  2. Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wus bucik duweya kawruh sabodhag, yen tan nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
  3. Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
  4. Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib-gaib, kasliring thithik tan kena, mancereng alise gathik, apa pandhita antiga, kang mangkono iku kaki.
  5. Mangka ta kang aran laku, lakune 'ilmu sejati, tan dahwen patiopenan, tan panasten ora jail, tan ujurungi ing kaardan, amung eneng amrih ening.
  6. Kaunang ing budi luhung, bangkit ajur-ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener kawruh ira, yen ana kang nyulayani.
  7. Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki tyas ing liyan, aywa esak aywa serik.
  8. Yeku ilafating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuhing nugraha, saking Hep Kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
  9. Mangkono kang tinamtu, tampa nugrahaning Widdhi, marma ta kulub den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
  10. Pantes tinulad tinurud, laladare mrih utami, utawa kembanging mulya kamulyaning jiwa dhiri, ora ta yen ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
  11. Ananging ta kudu kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tetuladhan, lamun tan mangkono kai, yekti tuna ing tumitah poma kaestokna kaki.
[ 16 ]
OREYAN BAB

WEDDHATAMA JINARWA

Bebukane Sarjana Kang Amardeni

Iki layang Weddhatama, tegese pepathokane Putra'wijange, weddha tegese pepakem, pepanggeran purba saka ing : awet. Tegese Weddha, ana njarwani memulen, purba saka ing: awet, seksine wis ana tembung kang ginelarake ing Pustakaraja, kaya ta Pustakaraja Weddya, jarwane layang pepakeming ratu.
Ana maneh memulen sebab ana tembung aswaweddha, tegese memulen jaran, jaran mau anggone memule kaeculake, dadi ora diparagat. Ana maneh tembung weddha, kang anyampuri, kayata suweddha tegese dariji bokmanawa kapirid saka ing reregeman, sarta dariji iku kanggo memakem.
Ana maneh weddha kategesan: cacad tuwin boreh iku saka ing wewenanging sastra : beda, weda, dene weddha boreh tegese disesaras anjupuk tembung awet, mulya, mula ana tembung widada teges: slamet. Ana maneh tembung midadareni, iya iku memule arep temuning panganten, memuleni malem bengi ing karepe tembung: midadareni tegese nylameti wadon, wijange midada iku nylameti, reni iku wadon, amarga temuning panganten ana panggonaning wadon. Saweneh ana njarwani, tembung midadareni iku benere: midada dareni, kajarwan: nylameti barep, wijange midada iku nyalameti dayani iku karep dadi memule mau supaya salameta karep.

[ 17 ]Dene tembung: Tama tegese: luwih saka ing wancahan tembung utama. Tegese maneh, tama iku anak, saka ing wewenanging sastro: kama. Tegese maneh, tama iku tancep utawa tanem, mula ana tembung kataman tegese katancep, pepadhane maneh kaya ta tamanan, taneman, tanduran, tanceban. Ana maneh tembung kawi: tan andahane kadi: datan utawa timan, kasebut ana ing layang Paramasastra.
Dene layang weddhatama mau ora mawa asmane kang nganggit, saweneh ana kang ngarani anggitan-dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kang kaping pat, uwis kanyatakake marang Mangkunagaran (jebule) dudu wasana saka caritaning para sepuh, saka ing karsa dalem Ingkang Sinuhun swarga kaping Sanga dhawuh marang Pujangga Raden Ngabei Ranggawarsita, abdi dalem kaliwon Kadipaten Anom, supaya kagem wewulang para putra, anetepana kasatriyane, angagem 'ilmu kang sabener, dene bebuka ngarep anganggo awak-awak sarira dalem, awit saka angestokake dhawuh pangandika dalem, mungguh titikane manawa dadi duta iya ana Utawa layang Weddhatama mau ana kang di jarwani, supaya dadi seksi manawa ana kang owah sastrane, utawa tembunge, amarga sarehne akeh para bijaksana, utawa akeh para taruna anurun kurang satiti, nganti ora tulen talering tetelane, wekasan parebutan padha ngaku benere dhewe-dhewe ora ana kang mekasi, saya lawas saya owah saya bubrah, nganti lebur pathokane, ing mangka tembung kawi, saka 'ilmu iku ana pathokane, banjur kagelarake ing ngisor iki lupiyane, kang mawa Kawi kawardenan, kang uwis Jawa kawantah bae, urute mangkene : (Mirsanana Weddhatama Jinarwa). [ 18 ]
WEDDHATAMA JINARWA

Tembunge karengga tembang Pangkur
Jarwane kawantah gancaran
1a. Mingkar mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining 'ilmu luhur, kang tumraping tanah Jawa, agama ageming aji.

1b. Sumingkir (ora karsa) mungkur ing (tumoleh) nepsu (duka), asabab (jalaran) kademenan angrih (marentah) putra kaembanan (karengga) karesepan ing lelagon tembang, kabebungah kabecikake, supaya putus pangulahing kawruh dhuwur, kang kaanggo ing tanah Jawa, tatakrama ageming Nata.

2a. Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi, mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rahsa, yekti sepi sepa lir sepah asamun, samasane pakumpulan, gonyak ganyuk nglelingsemi.

2b. Binuka ana paugeran putra, murih ora kemba kembenganing panggalih, dadi utawa sanadyan tuwa ciklu, manawa ora nyumurupi rasa, sayekti sepi sepa kaya sepah garing, peparengane pakumpulan, tanpa deduga amirangake.

3a. Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman manjing janma, ingkang wus waspadeng semu, sinamuning samudana, sesadoning adu manis.

3b. Anggugu karepe dhewe, ora mawa tetakeran manawa ngandika, lumuh ingaranan bodho, ugere mung kaburu ing pengalembana, ananing wong kang wis awas ing pasemon,

kailangake samudanane, dipasah ingadu memanisan. [ 19 ]

4a. Sipengung nora nglegewa, sangsayarda denira cecariwis, ngandhar-andhar angendhukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging.

4b. Wong bodho ora anyana, saya banget anggone umuk ing pangucap, ngandhar-andhar nganti mengger, pangucape ora mufakat ora jimrah, banget mokal kamokalan antarane, wong pinter putusing rasa ngalah, ngalingi marang wong busuk.

5a. Mangkono 'ilmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati, bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.

5b. Mangkono kawruh sajati, sajatine mung suka resepe ing ati, bungah ingaranan bodho, bungah manawa diina, ora kaya wong bodho tansah gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkon wong urip.

6a. Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi guwa gung asirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumunggung, pindha padhane si mudha, prandene kudu kumaki.

6b. Uripe sapisan rusak, ora dawa nalare pating saluwir, kaya guwa gedhe singid, katrajang dening angin, gumarenggeng anggereng tansah gumrunggung, upama pepadhane wong bodho, paran dene kudu kumaki.

7a. Kikisane mung sapala, palayune ngandelke yayah bibi, bangkit tatabasa luhur, telesih tatakrama, balik sira sarawungan bae durung, wruh atining tatakrama, nggon anggon agama suci.

7b. Kikisane mung sapele, palayune ngandelake bapa biyung rama ibu pinter tatabasa dhuwur, resik marang tatakrama, beda kowe sarawung bae durung, sumurup ing tembung satata (ing mangka tegese tatakrama iku, obahing badan kedaling lesan, dadi anak anan-anandakake solah demes tembung manis), pangageman tatakrama prayoga becik. [ 20 ]

8a. Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasti, lumuh kasor dudu unggul, sumungguh sesongaran yen mangkana kena ingaran katungkul, kareming reh kaprawiran, nora enak iku kaki.

8b. Cacading nyawa lan raga, iya katara manawa ngandika mesthi lumuh kalah kudu menang, kumanggep ngebarake, manawa mangkono kena ingaran kalimpud kandhih marang panggawe 'ilmu jaya, ora enak iku, angger.

9a. Kekerane ilmu karang, kekarangan saking bangsaning gaib, yeku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, yen kapengkok pancabaya, ubaya-ne mbalenjani.

9b. Simpenane 'ilmu anggitan, gegaweyan saka ing bangsaning kawadi, iku mung upama boreh, ora manjing sarira, mung ana sajabaning daging, angger manawa kapepet ing limang pakewuh (kang katembungake limang pakewuh mau : 1. pesating rasa, 2. pesating ganda, 3. pesating pangrungu, 4. pesating pandulu, 5. pesating napás), ing janjine onya utawa malesed.

10a. Marmo ing sabisa bisa, bebasane muriha tyas basuki, puru-hitaa kang patut, lan traping angganira, ana uga angger ugering kaprabon, abon-aboning panembah, kang kambah ing siyang ratri.

10b. Mula ing sabisa-bisa bebasane muriya ati prayoga magu-ruwa kang pantes, utawa trepe ing badane, ana uga angger ugering karaton, pirantine ing panembah kang kalakon rina wengine.

11a. Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapa, mrih tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, wruhanira mungguh sanyataning ilmu, tan pasti neng janma wreda, tuwin mudha sudra kaki. [ 21 ]

11b. Iki angger! kadangokena marang wong pinter kang mratapa amurih tilasing ukuran rahayu kuwawa anahan hawane, sumurupa mungguh sajatining ilmu ora mesthi ana wong tuwa utawa enom apadene mlarat, angger!

12a. Sapa entuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah 'ilmu bangkit, bangkit mikat reh mangukud, kukundang jiwangga, yen mangkana kena sinebut wong sepuh, lir ing sepuh sepi hawa, awas roroning atunggil

12b. Sapa kang oleh wahyuning Allah wahyuning rasa banjur padhang angulah 'ilmu bisa-bisa anyipta angrih kukudane, kukudaning jiwa jasad, manawa mangkono kena sinebut wong tuwa, tegesing tuwa sepi hawa anyepaki ing pangangsa tuwin deduka, awas loro loroning atunggal.

13a. Tan samar pamoring suksma, sinuksmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping aluyut, pincha pesting supena, sumusuping rahsa jati.

13b. Ora samar panunggaling rasa, rinasakake linairake ing asepen, kaenebake ana sajroning panggalih, wewenganing aling-aling ora luwih saka ing anteng pangrasaning pamepet, kaya pesating supena, sumusuping rasa ing dalem rasa

14a. Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widdhi, bali 'alaming asuwung, tan karem paremeyan, ing kang sifat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.

14b. Sajatine kang mangkono, wis kakenan wahyune ing Pangeran, bali marang 'alaming kasuciyan, ora karem marang parameyan, kang sifat wenang utawa kawasa (iya iku nepsu) uwis diuwisi bali witing sakawit, mulane wong anom kabeh. [ 22 ]Tembunge Karengga Tembang Sinom
Jarwane kawantah gancaran
1a. Nulada laku utama, tumrapinh wong tanah Jawi. Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati kapati amarsudi, sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, nenepi ing siang ratri, amemangun karyenak tyas ing sasama.

1b. Tuladha lakon becik, tumrape priyayi Jawa, Wong Gedhe ing Mataram, Kangjeng Panembahan Senopati, abanget mesugalih, sudane hawa deduka, dipesu kalayan laku tapa, anyenyepen ing rina wengi, anamur gawe enaking atining sapadha.

2b. Samasane sarasehan karsa, amangun sarembug wirasa kasambi ing saben wayah, saben peparinganing asepen, akesah tetapa, anggayuh gandhulaning karep, (iya iku poke), kepencut enenging galih, ora pegat diprihatinake, santosa tekat cegah dhahar lan sare.

3a. Saben mendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngingsep sepuhing sopana, mrih pana pranaweng kapti, titis tyas mamarsudi, mardawaning budya tulus, mesu reh kasudarman, neng tepining jalaniddhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.

3b. Saben kesah saka padaleman, lelampah ing ambah ambahan ing asepan, angingus sepuhing bebener, murih awas sucining karep, melenging galih amesu, lestarining panggalih rahayu, mesu panggawe prayoga, ana pinggiring sagara, bantering laku kakenan lairing batin. [ 23 ]4a. Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot ing driya, rinegem segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kangjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan wong agung ngeksiganda.

4b. Sumurup wewengkoning sagara, kaubengan saubenge dirakit, kamot ing ati rinegem dadi segegem, dadi banjur angratoni, iyo Kangjeng Ratu Kidul, sumebut nggayuh langit seba marak ngasih asih, kasoran prabowo karo wong agung Mataram.

5a. Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanthi jroning 'alam palemunan, ing pasaban saben sepi, sumanggem anyanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta sapa'ating teki teki, nora ketang teken janggut suku jaja.

5b. Banget anggone anenuwun, rinaket dadi pangkatan garwa, ing dalem alam kebatinan, ing pambahan saben pasepen, saguh sarta anyanggemi, ing karep kang wis maton, paedah mung nenuwun, bebrekahing maratapa, ora etung laku ambarangkang.

6a. Prajanjine abipraya, saturun turuning wuri, mangkono trahing awirya, yan amaksih mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah darahe padha wibawa.

6b. Prajanjine anunggal karep, saturun turune ing mburi, mangkono darahe ing aluhur, manawa isih marsudi anglakoni meres panggalihe, dadi gelis tumeka, iya ing sakarepe, wong agung ing Mataram, wahyune tumeka saiki, run tumurun turune padha amengku luhur.

7a. Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng Aji, satriya dibya sumbaga, tan liyan trahing senapati, pan iku pantes ugi, tinulad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman man mangkin, sayektine tan bisa ngeplegi kuna. [ 24 ]

7b. Amengkoni tanah Jawa, kang padha jumeneng Nata satriya luwih luhur (misuwur), ora liya darahe Kangjeng Panembahan Senapati, iku uga pantes, ditelad panggalihane, ing sakuwasane, enake karo lelakon saiki, sayektine ora bisa ngepleki biyen.

8a. Lowung kalamun tinimbang, gaurip tanpa prihatin, nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, anelad nulad Nabi, Nayakengrat Kangjeng Rasul, kanggep ginawe umbag, saben seba mampir masjid ngajab ajab mukjiyad tibaning drajad.

8b. Lowung manawa katimbang, ngaurip iku ora mawa prihatin, ananging ing jaman samengko, para nomnoman kang dikarepi, angenut enut ing Nabi nayakaning jagad Kangjeng Rasul dianggep kagawe umbag, saben seba mampir marang masjid, angajab ajab pamuja ing kanugrahan.

9a. Anggung anggubel sariat, saringane tan den wruhi, Dalil Chadis lan Idjemak, Qiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bingkrakan mring masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone Dhandhanggendhis, swara arum ngumandang cengkok palaran.

9b. Tansah angkraket sariat, syarae oradi sumurupi 1. Dalil pangandika tuduh, 2. Chadis seksi, 3. ljemak mufakat, 4. Qiyas-kanyatahan, ora nyumurupi (1. tuduh iku Kur'an pangandikaning Allah, 2. seksi iku kitab pangandikaning Rasul, 3. mufakat iku surat-surat pangandikaning para 'ulama, 4. kanyatahan iku 'ilmu pangandikaning para pandhita, sabab Kur'an iku 'ilmune kadapuk carita, dadi kanggo syara, kitab iku carita pepanggeran: surat iku petikan donga kang nganggo rasa: Qiyas mau kabeh ginulang kakeblat 'ilmu nganti kacekel kabeh) katungkul padha mungkul, songaran marang masjid gedhe, manawa maca kutbah, lelagone tembang Dhandhanggula, suwarane arum muluk acengkok Palaran. [ 25 ]

10a. Lamun sira paksa nulad, tuladhane Kangjeng Nabi, ongger! kadohan panjangkah, wateke tan betah kakil, sarehne sira Jawi, sathithik bae wus cukup, aja guru aleman nelad khas ngeplegi Pekih, lamun pengkuh pangangkah yekti karamat.

10b. Manawa angger peksa aneniru, tuladhane Kangjeng Nabi, aduh angger! kadohan panjangkah, watake ora betah, angger! sarehne angger iku priyayi Jawa, sathithik bae wus cukup, aja dadi guruning Pangaleman, angger gelem, telad para wanter netepi kaya para alim, manawa kukuh pangarahe sayekti katarima dhewe.

11a. Nanging enak ngupa boga, sarehne tinitah la'if, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi gegrami, mangkono mungguh mami, padune wong dahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku bae tan ngenting, parandene paripaksa mulang putra.

11b. Mung enak ngupaya pangan, sarehne tinitah apesan, apa angabdi sang ratu, tetandur tuwin dedagang layar, mangkono mungguh yen aku padune wong luwih bodho, durung sumurup tembung, Arab Jawaku bae durung ngentek, parandene kumapeksa memulang anak.

12a. Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggere khaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan akhir jaman, tan tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tinimbalan.

12b. Saka nalika isih anom, sadhela wis anglakoni, birahi marang agama, saben khaji den ginuron, wadine atiku, banget wediku ing besuk, pangkataning jaman akhir, durung tumeka kabanjur wis ngawula, ora kober sembahyang banjur tinimbalan.

13a. Marang ingkang angsung pangan, yen kasuwen den dukani, abubar kuwur tyasingwang, lir kiamat saben ari, bot Allah apa Gusti, tambah-tambuh solahingsun, lawas-lawas nggrahita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nistha. [ 26 ]

13b. Marang kang aparing pangan, manawa kasuwen didukani, abubar kuwur atiku kaya kiyamat saben dina, abot Allah apa Gusti, salahku ora karuhan, lawas-lawas mudheng, sarehne aku anak priyayi, manawa maedah dadi kaum temah asor.

14a. Tuwin ketip suragama, pan ingsun nora winaris, angsur baya ngantepana, pranatan wajibing urip, lampahan angleluri, aluraning pra leluhur, kuna kumunanira, kongsi tumekeng samangkin, kikisane tan liyan mung ngupaboga.

15a. Bonggan kang ora merlokke, mungguh ugering ngaurip, ajine saka ing telung prakara, luhur (darajat) arta (dunya) pinter, manawa nganti sepi, saka ing wilangan katelu, entek tilasing manusa, aji godhong jati garing, ngadhepi sepi anjejaluk kaya ula nalosor.

16a. Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing jiwangga, melok tanpa aling-aling, kang ngalingi kalingling, wenganing rasa tumlawung, kaeksi saliring jagad, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma.

16b. Kang wis waspada marang patrap, ngimpuni karep ora kewran, putus marang uwosing badan nyawa, ceta ora mawa weweranan kang ngalingi katon, wenganing rasa gumawang, katon sakehing lelakon, angalangi tanpa antara, iya iku ingaran tapa labeting Pangeran.

17a. Mangkono janma utama tuman tumanen ing sepi, ing saben rikala masa, mangsah amemasuh budi, laire anetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anur raga, wignya met tyasing sasami, yeku aran wong barek berag agama.

17b. Mangkono iku wong linuwih, matuh manggon marang pasepen, ing saben kala masa, mangsah amemasuh budi, laire netepi, ing panggawening kasatriyan, tetep ngasorake sarira bisa ngupaya panggalihing liyan, iya iku wong barek birahi agama. [ 27 ]
18a. Ing jaman mengko pan ora, arahe para taruni, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni, banjur njujul ken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitaning praja sidik, tur wus manggen pamucunge mring ma'rifat
18b. Ing waktu mengko pan ora, pangarahe para nom-noman manawa oleh pituduhan kang sajati, ora pisan dilakoni, banjur njujulake ati, kakekne arep winulang, ngandelake gurune, pandhitaning nagara bener, tur wis manggon pamecane marang mari'fat.

Tembunge karenggo tembang Pucung
Jarwane kawantah gancaran

1a. ‘imu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan khas, teges khas nyantosani, sedya budya pangekese dur angkara.
1b. ‘Iimu iku kalakone kanthi laku, lekase karo khas, tegese khas iku bisa nyantosani, panggalih wening pamlepese nepsu ala.
2a. Angkara gung neng angga tansah gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda.
2b. Mulat-mulat banget, ana ing badan tansah ubengan, gegolongane telung dunungan nganti ngaleker, (iya iku-nepsu Luwamah, Amarah, Sufiyah), manawa kaumbar ambabar dadi rubeda.
3a. Beda lamun wus sengsem reh ing asamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martotama.
3b. Beda karo wis kasengsem panggawe karep nastapa, semune angapura, (iya iku jatmika), sagunging bangsa kaluputan, anganggo sareh saka mardi kaluwihan.
4a. Taman limut durgameng tyas kang weh limput,kerem ing Karamat, karana karobani ings sih, sibing suksma ngabda saardi gengira.
4b. Waskitha marang lelungidan tata alaning cal kang aweh kalalen, kelem marang kamulyan, sabab kaebekan ing seneng, peparinging Allah kabeh sagunung gedhene.

[ 28 ]
5a. Yeku patut tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pra mudha mundi diri lafal ma'na.
5b. Iku pantes tinulad-tulad sarta tinurut, sapituduhe, aja kaya jaman saiki, akeh wong anom mundhi kumaanggep sumurup lafal ma'na.
6a. Durung pecus kasusu kaselak besus, ama'nani lafal, kaya sayid weton Mesir, pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
6b. Durung terang kasusu kaselak birahi, anjarwani tembung 'Arab, kaya dene sayid weton tanah mesir, saben-saben angendhakake kapinteraning wong-wong.
7a. Kang kadyeku kalebu wong ngaku aku, akale alangka, elok Jawane den mohi, paksa langkah angangkah kawruh ing Mekah.
7b. Kang kaya mau kalebu wong ngaku aku, akale mokal, gumaib Jawane ora di arepi, paksa langkah angarah kawruh ing Mekah.
8a. Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana kene kenyatahane ora ana bedane.
8b. Ora sumurup rosing rasa kang digoleki, mulet ing sarira, janji padha amnggalih, ing kana kene kanyatahane ora ana bedane.
9a. Uger lugu denta mrih pralebdeng kalbu, yen kalbu kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang wus winahyeng ing sekar sinom.
9b. Uger temen anggone amrih pakolehing panggalih, manawa katarima kawengakake, ing nugraha karepe ing ngaurip, kaya kang wus kalairake ing tembang sinom.
10a. Basa 'ilmu mufakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri pakara.
10b. Basa 'ilmu mufakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri pakara.

[ 29 ]
11a. Lila lamun kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sak serik sameng dumadi, tri legawa nalangsa srah ing Bathara.
11b. Lila manawa kelangan ora gegetun, tarima manawa kakenan, sak serik padhaning titah, telu murah ngasor pasrah, ing Bathara.
12a. Bathara gung inguger nggraning jejantung, jenek Hyang Wisesa, aneng pasenedan suci, nora kaya si mudha mudhar angkara.
12b. Dyadmika pindha Batara Agung, kauger jroning jantung, ngeningake angen-angen, ana paseo suci, ora kaya wong anom mudhar murka.
13a. Nora urus kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta buteng betah nganiaya.
13b. Ora meneng kareme muni-muni, rasane ora ana mung mesthine deduka, kaya danawa buteng tur betah gawe pangrenah.
14a. Sakeh luput ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, ala ardane ginawe gada.
14b. Sagung kaluputan ing badan tansah kalingan, kasingidake ing pangandika, ngira ora ana sumurup, lumuh ala murkane kagawe gegebug.
15a. Durung punjul ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawe cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya Anggambuh mring Hyang Wisesa.
15b. Durung linuwih ing ‘ilmune kaselak kebak, kaisen dening hawa, cupet dening kapepetan paedah, tangeh anedya anglantihake ing dyatmika.


[ 30 ]Tembunge karengga tembang gambuh
Jarwane kawantah gancaran

1a. Samengko ingsun tutur, sembah catur supaya lumuntur, dingin raga cipta jiwa rasa kaki, ing kono lamun katemu, tandha nugrahaning Manon.
1b. Samengko aku wewarah, sembah papat supaya ambrekahi, 1. sembah jasat afal, 2. ati asma, 3. roh sifat, 4. rasa dzat, angger! ing dhuwur iku padha karo tembungan: 1. sari'at, lakuning badan, 2. tarikat lakuning ati, 3. hakikat lakuning nyawa, 4. ma’rifat lakuning rahsa, lakuning badan iku aneng suci, lakuning ati iku ening, lakuning nyawa iku awas, lakuning rahsa iku enget, ing kono manawa ketemu, tandha nugrahaning Pangeran.
2a. Sembah raga puniku, pakertine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, kang wus lumrah limang waktu, wantu wataking wawanton.
2b. Sembah jasat iku, panggawe wong amagang laku, resike sarana saka ing banyu, kang wis mufakat limang waktu, waktu ajegning pangeran.
3a. Ing nguni uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa ngetogken anggit, mintoken kawignyanipun sari'ate elok-elok.
3b. Biyen-biyen durung, amethuki wulang kang piningit, lagi iki bangsaning khas ngandhakake anggite, amitongtonake kapinterane, tata carane gaib-gaib.
4a. Tik-tik kaya santri dul, gajeg dadi santri brahi kidul, sauruting Pacitan pinggir pasir, akeh wong kang padha nggugu, anggering guru calemong.
4b. Saben-saben kaya santri kang aran Dul, gajeje iku santri brahi tanah kidul, saurute desa Pacitan pinggir sagara, akeh wong kang anggugu saujare, anggering guru pating calemong.

[ 31 ]
5a. Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep kurup arsa den kurebi, tan weruh yen urip iku, akale kaliru enggon.
5b. Kasusu arep sumurup, cahyaning Pangeran kinira manawa genah, ngarep-arep kliru sedya arep dianggepi, ora sumurup manawa urip iku, akale kaliru panggonan.
6a. Yen ta janma karuhun, tata titi tumrap tumaruntun, bangsa sri'at tan winor lan laku batin, dadi nora duwe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
6b. Manawa janma dhihin, patrap karesikake turun tumurun, golonganing sari'at ora kacampur karo laku batin, dadi ora duwe bingung, kang anembah pangerane.
7a. Lire sari'at iku, kena uga ingaranan laku, dingin ajeg kapindhohe taberi, pakolehe putraningsun, nyenyeger badan mrih kuat.
7b. Tegese sari'at iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindho taberi, pakolehe angger anakku! nyenyeger sarira murih kuat.
8a. Wong seger badanipun, kulit daging otot balung padha sungsum, tumrah ing rah memarah antenging ati, anteng ing ati nenungku, angruwat ruweding batos.
8b. Wong seger badane, kulit daging otot balung padha tungtum, tumuruh marang getih marakake antenging panggalih, antenging ati amesu, anyampurake rendheting batin.
9a. Mangkonu munggah anggun, ananging ta sarehne ansapun, beda-beda panduk panduming dumadi, sayekitine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
9b. Mangkono munggah karepku, ananging ta sarehne warna-warna beda-beda kakenan bagiyaning dumadi, kang tamtu ora sarujuk, tekad kang padha linakon.

[ 32 ]

10a. Nanging ta kudu tutur, rehne tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lelantaran murih linuwih, sapa temen tinemu, nugraha geming keprabon.

10b. Ananging kudu wewarah, rehne tuwa tuwase mung pangan-dika, bok ngelingi lelantaran murih linuwih, sapa kang temen-temen ketemu, wahyu gedhe agem agem ing karaton.

11a. Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagunan Narapati, patitis teteping kaweruh, meruhi marang kang among.

11b. Samengko sembahing ati, manawa lumintu uga dadi laku, laku gedhe kang kagungan Sang Ratu, patitis tetep ing ilmune nyumurupi marang kang ngemong.

12a. Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda kaardaning kalbu, pambukane tata titi ngati-ati, atete talaten atul tuladan maring waspaos.

12b. Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda kamurkaning ati, pambukane tata ngentakake pangati-ati, atetek talaten kulina, tuladan marang waspada.

13a. Mring jatining pandulu, panduking don dedalan satuhu, lamun lugu legutaning reh maligi, lageyane tumalawung, wenganing alam kinaot.

13b. Maring sajatining pangawruh, raketing don marganing kajaten, manawa temen-temen kulina oleh panggawe temen, lageyane gumawang wenganing 'alam kang linuwih.

14a. Yen wus lampah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone eneng ening awas eling, ilanging rasa tumlawung, kono adiling Hyang Manon.

14b. Manawa wis laku kaya mangkono, sarate ati sareh samu-barang laku, kalakone wijange mangkene : 1. eneng, kang diakoni jasad ora pradulen kang dudu wajibe, 2. eneng, kang dilakoni ati, darbeaya panggalih sabar tawakal, 3. awas kanga dilakoni roh nyawa, nyumurupake ala beciking sifat, 4. eling, kang dilakoni rahsa, engeta marang ala beciking karsa, ilanging rasa gumawang, ing kono adile Pangeran. [ 33 ]

15a. Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi, marmanta den awas emut, mring pamurunging lelakon.

15b. Wurunge angunggar karepan, ora kepencut marang beciking karepan, bangsa anggit manawa disarakake ora dadi, (kaya ta yen pawarta goroh, pangathik-athik), mula di awas enget, marang wurunging lelakon.

16a. Ing mengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, maring Hyang Suksma karasa sadina dina, arehen supaya kacakup, sembahing nyawa, sutaku!

16b. Sayekti luwih prelu, diarani pepuntone ing laku lelabetan kang tumrap bangsaning batin, sucine karo awas enget, marang alaming lawas bisa kalebu.

17a. Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuwan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan awas emut mring 'alame lama amot.

17b. Sayekti luwih prelu, diarani pepuntone ing laku lelabetan kang tumrap bangsaning batin, sucine karo awas enget, marang alaming lawas bisa kalebu.

18a. Ruktine ngangkah ngukud, ngiked ngruket tri loka kakukud, jagad agung kinukud lan jagad cilik, den ngandel kumandel kulup! ming kelabang 'alam kono.

18b. Pratikele angarah ngukud, agawe ruked ngukud jagad telu, jagading kabir dikukud karo 'alam gaib dingandel kumandel angger ! marang kumandaping 'alam kono.

19a. Kaleme mawa limut, kalamatan dening 'alam kanut, sanyatane iku kanyataan kaki, sajatine yen tau emut, sayekti tan bisa amor.

19b. Kaleme mawa lali, katengeran dening 'alam sir sajatine iku kanyataan, angger! sajatine manawa ora enget, sayekti ora bisa kumpul.

20a. Pamete saking luyut, sarwa sareh saliring pangayut, lamun yitna kayitnan kang mitayani, tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono. [ 34 ]

20b. Panjupuke saka ing memet, sarwa sareh sakabehing kasengsem, manawa yitna (prayitna) kareksa kang sejati, ora liya mung dheweke, kang katon tinonton ing kono.

21a. Nanging ywa salah surup, kono ana sajatining urub, yeku urub pangareb urubing budi, sumirat-sirat narawung, kadya kartika katongton.

21b. Ananging aja ana salah panampa, ing kono ana sajatining urub, yaiku urub pangareb urubing budi, (sajatine abramarkata), sumirat sirat sarawungan, kaya lintang katon, (iya iku urub wolu, sawiji kang warna, bokmanawa kang dikarepake: urub siji wolu kang warna, kaya kang kasebut ing dalem layang Dewa Ruci).

22a. Yeku wenganing kalbu, kabuka saka wengku winengku, wewengkone wus kawengku neng sireki, nging sira uga winengku, mring kang pindha kartika byor.

22b. lya iku wenganing panggalih, kabukane saka wengku winengku, wewengkone wis kawengku ana ing sira, ananging sira uga winengku, maring kang mimba lintang abyor.

23a. Samengko kang sun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah rasa karasa rosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan khasing batos.

23b. Samengko kang tak warakake, genti sembah kang kaping pat, sembah rasa karasaning kawula, dadine wis tanpa pituduhan, mung kalayan khasing batin.

24a. Kalamun durung mengku, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku, kaki ! kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.

24b. Manawa durung mengku, aja pisan wani ngaku-aku, oleh sesiku kang mangkono iku, angger ! kena uga wenang ngregem, manawa wis padha panyatan.

25a. Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel ngandel ing takdir, marmanta den awas emut, den memet yen arsa momot l.

25b. Meloke ujar iku, manawa wis ilang semelenging panggalihe, mung kang kandel kumandel ngandel marang takdire, mulane diawas enget, dimemet manawa arep momot. TITI. [ 35 ]
PANUTUPE SARJANA KANG AMARDENI

Tembunge karengga tembang Gambuh
Jarwane kawantah gancaran

  1. Tamat panitranipun, ari Soma kacaturing tengsu, ing jumadilakhir Be sangkaling warsi, luhur-catur-kesthi-sunu, rumojong puji kasarjon I.
  2. Entek panulise, ing dina Senen tanggal kaping pat, ing sasi Jumadilakhir taun Be, angka 1840 (wijange: luhur - 0, catur - 4, kesti -8, sunu - 1) jumurung atur pepuji kacandongan, I.