Wong kang Mulyo, Ibu

Lintang Biru
[ 27 ]

ELSHA D. PUTRI

SMP Negeri 1 Sewon

Wong kang Mulyo, Ibu

Sumunar lan tentrem dening bagaskara
adem-ayem katiuping maruta
kembang kang gawe asrine taman
mung sethithik kang didarbeni wong kang mulyo
sakapike inten lan keporo luwih

Ibu,
Ibu kang kebak rasa tresna asih kang tulus
Ibu ngluwihi sakkabehe
ngopeni aku kanthi ikhlas
dikandhani kahanan donyo
dikompliti tandhon pari

Lan aku tansah kelingan
Ibu mesthi paring wewarah marang aku
saiba bungahe atiku, nek aku biso ngopeni Ibu