Babad Saka Kitab Suci/Ana Juru Nyebar Metu Nyebar Wiji

ING sawijining dina ana wong golongan padha nglumpuk marang ngarsané Gusti Yésus ana ing pinggiring segara. Mulané Gusti Yésus banjur minggah ing prau sarta pinarak, déné wong golongan padha mapan ana ing gegisik.

Gusti Yésus mirsani wong golongan mau, tuwa anom, lanang wadon lan gedhé cilik, katoné kabèh padha sumadhiya nampani wejangan warna-warna. Gusti Yésus pirsa kepriyé kaanané wong-wong mau, lan apa sing dadi gagasané, malah iya pirsa apa sing mobah mosik ana ing telenging atiné. Ing antarané wong mau akèh uga sing padha asih lan tresna marang Panjenengané lan ora bosen-bosen ngrungokaké pangandikané bab Kratoné Allah; — nanging luwih akèh manèh wong-wong sing ora tresna marang Panjenengané, malah lumuh srawung karo Panjenengan sarta éwa marang sakèhing piwulangé.

Ing kono Gusti Yésus banjur mangandikani wong golongan mungguh prakara pirang-pirang klawan pasemon. Pasemon sing didhawuhaké iku nyritakaké lelakon sing pasaja lan gampang dingertèni wong akèh.

DHAWUHÉ: "Lah, ana juru nyebar metu nyebar wiji ...." Gusti Yésus banjur nyriyosaké kepriyé kadadéyané wiji kang kasebar. Ana kang tiba ing dalan, durung nganti thukul, wis entèk dicucuki manuk.

Ana manèh kang tiba ing padhasan, ing kono ana lemahé, nanging mung sathithik; wijiné énggal thukul, nanging oyodé ngambang, ora bisa nunjem ing padhasan sing atos. Bareng srengéngé saya dhuwur, thukulan anyar mau kebrangas, banjur mati garing.

Salong ana kang tiba ing erèn. Senajan wijiné bisa thukul lan metu oyodé, nanging bareng eriné saya dhuwur, thukulan anyar ing kono banjur kelindhih nganti mati.

Salong ana kang tiba ing lemah becik; wijiné ing kono bisa thukul klawan subur, oyodé bisa olèh pangan ing sacukupé, bisa nunjem nganti jero, jalaran ora ketanggor ing padhasan; thukulan anyar ing kono bisa énggal gedhé lan dhuwur, ora ana erèn sing ngalang-alangi, temah wekasané metu wohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sewidak, lan ana kang tikel telung puluh. Bareng tekan mangsa panèn, juru nyebar mau bisa ngundhuh olèh-olèhaning kangèlané klawan bungah.

Mengkono caritané juru nyebar sing metu nyebar wiji.

WONG golongan padha klawan tumemen enggoné ngrungokaké pangandikane Gusti Yésus, nanging padha durung bisa nyandhak eliding carita. Dudu prakara anyar utawa ruwet sing dipangandikakaké, mèh saben dina ana wong lunga menyang ing pategalan utawa sawahé arep nyebar wiji. Nanging wong-wong mau wis ngerti, yèn caritané wong nyebar wiji mung digawé pasemon baé, maksudé isih kineker ana ing jeroné; wong sing ngrungokaké kudu padha pinter ngudhari kekeraning pasemon.

Wong-wong sing pancèn ndableg wataké lan éwa atiné marang Gusti Yésus, padha wegah nyuwun priksa apa maksudé pasemon mau. Saya suwé wong-wong mau saya rekasa panampané marang pangandikané Gusti Yésus, lan saya suwé iya saya ngadoh lan renggang srawungané karo Gusti kang satemené keduga lan dhangan ing galih paring pitulungan.

Déné para sekabat lan murid liya-liyané sing pancén madhep atiné marang piwulangé Gusti nyuwun supaya dijarwanana apa maksudé pasemon mau. Wong-wong mau saya suwé saya mundhak pangertiné mungguhing kaadilan lan kadarmané Allah, saya suwé iya bakal saya celak enggoné ngadhep ana ing ngarsané Allah, lan saya raket srawungané karo Gusti Yésus kang wis sumadhiya mitulungi lan nylametaké uripé saka ing pamisésané dosa.

ING kono Gusti Yésus banjur paring wangsulan, ngudhari kekeraning pasemoné wong nyebar wiji.

Sadhéngah wong sing ngundhangaké pawarta bab Kratoné Allah, iku kena kaupamakaké kayadéné wong sing nyebar wiji. Wiji sing disebar iku becik, ora ana sing gabug, nanging papan sing ditibani wiji mau sing akèh-akèh ora becik. Akèh wong sing padha seneng ngrungokaké pawarta bab kadarman lan panguwasané Allah, nanging padha ora ngerti maknané; wong-wong mau padha ora kapilih dadi para putrané Allah; padha baé karo upamané wiji kang tumiba ana ing papaning atiné, banjur sirna ilang karebut déning Iblis.

Ana manèh wong liyané sing padha seneng nampani pangandika, banjur padha marek ing ngarsané Allah, — nanging padha ora antepan. Bareng ketaman ing karubedaning ngaurip, sirna pangandelé marang sih kadarmané Allah; pangandika sing mentas ditampani klawan bungah, iku prasasat wiji kang bisa tumuwuh sedhéla, nanging ora bisa ngoyod ana ing batiné; padha alum kena ing sumuking hawa, kayadéné wiji kang tumiba ing padhasan. Wong-wong kang kaya mengkono iku énggal padha murtad.

Ana manèh wong-wong sing padha temen-temen nggatèkaké pangandika, nganti kelair kasaguhané arep ndhèrèk marang Allah lan ngéstokaké dhawuhé ing salawas-lawasé. Nanging wong-wong mau banjur katempuh ing panggodha warna-warna, ana sing kepéngin dadi sugih, ana sing ngoyak pangkat lan ana sing kaebyukan ing pakéwuhing donya, temah padha lali marang pangandika. Wong-wong mau padha ora sembada dadi putra pilihané Allah; ora béda karo wiji sing tumiba ing erèn, bareng wis thukul, banjur mati kalindhih déning eri sing thukulé luwih rosa lan rikat katimbang karo wiji sing becik.

Nanging ana uga wong-wong kang padha ngrungu lan nampani pangandika, padha sumuyud marang Allah klawan bungah, apadéné padha nyaosaké pangabekti klawan sih-katresnan marang Panjenengané lan ora ana manèh-manèh sing dirungkebi klawan gumolonging ati kejaba mung enggoné ngéstokaké sakèhing pangandikané Allah, Wong-wong mau kelakon dadi para putra pilihane Allah temenan. Wong-wong mengkono iku kaupamakaké kayadéné wiji kang tumiba ana ing papan sing becik, banjur thukul lan metu wohé. Wong-wong mau padha dadi abdiné Allah kang setya tuhu, kang bisa ngetokaké wohing katresnan, sing siji tikel satus, sijiné tikel sewidak, sijiné manèh tikel telung puluh.

KAYA mengkono iku maksudé carita pasemon sing didhawuhaké Gusti Yésus marang wong golongan bab juru nyebar kang metu nyebar wiji.